Anda di halaman 1dari 6

SDN 4 KARANGPATIHAN

SOAL LATIHAN PENILAIAN AKHIR SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

MATA PELAJARAN :BAHASA JAWA NAMA SISWA : .................................................


KELAS :VI ( Enam) No. Induk : .................................................
WAKTU :90 MENIT
NILAI : .............................

Wacanen kanthi premati!


lr. SOEKARNO
Ing saben kitha mahargyo Hari Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia tanggal 17
Agustus, ngelingake kita marang tokoh Pahlawan bangsa kang uga karan Bapak Proklamator,
yaiku Ir. Soekarno.
lr. Soekarno sing luwih kondhang katelah Bung Karno miyos ing Surabaya tanggal 6 Juli
1901. Ramane asma Raden Sukerni Sosrodiharjo, ngasta guru Sekolah Rakyat. Ibune asma
Ida Ayu Nyoman Rai, putri Bali saka kasta Brahmana.
Nalika isih alit Bung Karno katelah Kusno, kagungan kesenengan memaca lan
ngrungoake crita pahlawanan pewayangan kayadene Raden Gatotkaca, Raden Werkudara,
Kumbakarna lan Adipati Karna. Kesenengan mau gedhe banget pigunane kanggo jembarake
kawruh sarta ndhapuk jiwa kepahlawanane.
Wiwit sekolah Bung Karno wis kagungan kaluwihan antarane pinter sekolah, pinter
mimpin sarta pinter ing babagan politik.
A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep paling bener!
1. Bung Karno miyos ing kutha Surabaya. Tegese miyos ing ukara iki, yaiku ...
a. lair b. metu c. tindak d. rawuh
2. Lumantar sesorahe Bung Karno bisa ngurupake semangate rakyat. Sesorah tegese ...
a. surak-surak b. giyaran c. pidato d. perjuangan
3. Ibu senengane mangan sega jagung, Yen di kramakna inggil dadi ...
a. Ibu remenane nedha sega jagung c. Ibu remenanipun dhahar sekul jagung
b. Ibu remenane nedha sekul jagung d. Ibu senenganipun dhahar sega jagung
4. Tujuan dianakake koperasi sekolah yaiku kanggo nggampangake murid golek kebutuhan
sekolahe, nglatih ketrampilan lan rasa tanggung jawab.
Surasane wacan ing dhuwur yaiku ...
a. Murid golek kebutuhan sekolahe c. Koperasi golek bathi
b. Tujuan Koperasi Sekolah d. Nglatih keterampilane murid
5. Dhek jaman penjajahan, uripe rakyat pada ... .
a. sengsara b. mlarat c. sara d. nelangsa

Hal. 1
6. Luwih becik kowe matura gurumu kanthi blaka ... wae!
a. cintraka b. sara c. suta d. nelangsa
7. Mas Budi pantes dadi Polisi amarga awake ...
a. ayem tentrem b. kuru aking c. gedhe bagus d. gagah prakosa
8. Amarga bubar lara rong Minggu, awake Sukardi kari ... .
a. glinggang b. balung thok c. lunglit d. kulit thok
9. Bahasa kramana tangan ...
a. Asta c. suku
b. Grana d. racikan

10. Diwaca dadi unine ...

a. Gilang tuku jamur c. Gilang tupu semur


b. Gilang luru jamur d. Gilang nemu sepur
11. Jaka Kendhil wong kang paling begja, nalika mbatang cangkrimane sang putri, wong
lumrah ora bisa mbatang nanging tumrape Jaka Kendhil mung sepele. Ringkese crita, ing
sarehne Jaka Kendhil bisa mbatang cangkrimane sang putri, Jaka Kendhil didhaupake karo
sang putri. Cuplikan dongeng ing dhuwur nyritaake kang nampa kabegjan …
a. Jaka Kendhil c. Sang putri
b. Joko bodho d. Galuh Candra Kirana
12. Gegayuhan bakal yen wis dikersakake dening sing murbeng dumadi ...
a. ilang b. muspra c. kelakon d. ana pigunane
13. Perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa diarani perang Bratayuda ing Kurusetra.
Ancase perang rebutan negara Ngastina. Negara Ngastina kuwi kratone Prabu Pandhu
bapake Pandhawa. Kurawa ala atine, negara Ngastina dikuwasani dhewe. Mula Pandhawa
perang ngrebut negara mau.
Perang Bratayuda dumadi ing ...
a. Ngamarta b. Ngastina c. Dwarawati d. Kurusetra
14. Pandhawa kuwi cacahe ana ...
a. sepuluh b. lima c. satus d. sewu
15. Telung atus seket tahun
Dijajah bangsa manca
Wargane urip wara lapa
Uripe kelunta-lunta
lndonesiaku ...
Saiki wus mardika
Gumregah ambangun praja
Nggayuh urip kang sampurna

Hal. 2
Cukup sandhang lan boga
Tata tentrem raharja
Adhe dhasar Pancasila
Irah-irahan geguritan ing dhuwur kang trep yaiku ...
a. Indonesiaku b. Kasangsaran c. Ketula-tula d. Pancasila
16. Bebasan Cebol nggayuh lintang, yen lamarane Joko Kendhil ditarripa dening Ratu lan
dipundhut putra mantu.
Cebol Gayuh Lintang tegese ...
a. Wis ora ana ajine c. Kekarepan kang bakal mokal
b. Gegayuhan ora imbang karo kekuatan d. Wong asor tumindak kaya wong luhur
17. Layang kang biasa digunakake tumrap acara pribadi lan keluarga,diarani layang ...
a. kitir c.lelayu

b. ora resmi/non formal d.resmi/formal

18. Bapak pucung, tanpa untu darbe suing


Dawa kaya ula,
Tutukira pan pesegi
Yen makarya pucung nguntal buntutira
Tembang ing dhuwur dumadi saka gatra …
a. 5 b. 6 c. 7 d. 4
19. Tembang soal no. 18 isine babagan ...
a. cerito b. cangkriman c. kewajiban d. pitutur
20. Maneh-maneh welingku
Ngabektia rama ibu
Uga guru kabeh paring suluh becik
Kanggo niti urip mbesuk
Kanggo teken miwah obor
Tembang gambuh ing dhuwur isi bab ...
a. cangkriman b. cerita c. kewajiban d. pitutur
21. Lawa lima kalong telu dadi ....
Jawabane cangkriman iki ...
a. 8 b. 2 c. 3 d. 5
22. Mira : Ibu, kula badhe matur
Ibu : Ana apa ta Mir, kok sajak perlu?
Mira : Anu bu ...................
Ibu : Kayane dhek wingi wis diparingi bapakmu ta, kanggo opo maneh?
Bapak : lya bu, Mira mau atur yen arep tuku buku.
Ukara kang trep kanggo njangkepi cecek-cecek ing dhuwur yaiku ...

Hal. 3
a. aku arep njaluk duwit c. kula badhe nyuwun arta
b. kowe njaluko dhuwit d. kowe tak jaluki dhuwit
23. Sing kelebu ukara kandha (langsung) yaiku ...
a. Simbah ngendika "Aku tukokna gedhang ing pasar.
b. Simbah ngendika : Aku tukokna gedhang ing pasar.
c. Simbah ngendika "Aku tukokna gedhang ing pasar."
d. Simbah ngendika, "Aku tukokna gedhang ing pasar."
24. Ukara ing ngisor iki sing kelebu ukara crita (ora langsung) yaiku ...
a. Ibu ngendika aku munggah kelas kudu sregep sinau.
b. Ibu ngendika, yen kepengin munggah kelas kudu sregep sinau.
c. Ibu ngendika menawa aku sregep sinau.
d. Ibu ngendika sregep sinau, aku munggah kelas.
25. Ibu tindak peken mundhut menapa? Tembung mundhut ngokone ...
a. tuku b. njupuk c. njaluk d. lunga
26. Bapak dipunaturi dhahar rumiyin. Tembung dipunaturi ngokone …
a. diutus b. diajak c. dikongkon d. lunga
27. Mak ljah dodol jamu beras kencur.
Wasesane ukara kasebut yaiku ... .
a. dodol b. mak ijah c. beras kencur d. jamu
28. Bapak nandur lombok ing pekarangan. Yen diudhal manut kalungguhane tembung lombok,
diarani ...
a. jejer b. wasesa c. lesan d. katrangan
29. Ibu lagi masak sayur lodeh ana pawon. Tembung lagi masak kalungguhane ... .
a. jejer b. wasesa c. lesan d. katrangan
30. Layang salah sawijining alat utawa sarana kanggo komunikasi utawa sesambungan antarane
wong siji lan sijine..Dene layang duweni paugeran,yaiku...
a. adangiyah c. surasa basa
b. satata basa d. titi mangsa
31. Teks informasi nduweni ciri – ciri utawa titikan mligi.Bisa katitik saka informasi sing
diandharake uga bisa kang digunakake. Titikane teks informasi yaiku...
a. teks pawarta c. teks narasi
b. teks persuasi d. Pariwara

32. Akbar dipun utus Bu Guru mundhutaken buku wonten meja. Yen didadekake basa ngoko
dadine ...
a. Akbar dikengken bu guru mendhetaken buku wonten meja.
b. Akbar dikengken bu guru njupukake buku ana meja.
c. Akbar dikongkon bu guru njupukake buku ana meja.
d. Akbar diutus bu guru njupukake buku wonten meja.
33. Pak Sutarno penggaweane saben dina gawe barang saka wesi.
Tukang gawe barang saka wesi diarani ...
a. empu b. pujangga c. montir d. pandhe
34. Nalika Prabu Dasamuka lan abdine kang aran Manca mbebedag ing wukir Dandaka ketemu
Hal. 4
karo Prabu Rama, Dewi Sinta lan Lesmana. Weruh kasulistyane Dewi Sinta, Prabu
Dasamuka duwe niyat nyolong Dewi Sinta. Mula Dasamuka utusan Manca malih dadi
kidang kencana lan nggodha Dewi Sinta. Sang Dewi kepincut nyuwun dicekelake. Prabu
Rama nguber kidang menyang tengah alas, dene Dewi Sinta dituggoni Lesmana adhine
Rama. Ora let suwe ana swara sambat-sambat. Dewi sinta utusan Lesmana nggoleki,
kuwatir yen Prabu Rama kang sambat. Nalika Dewi Sinta ijen disaut Dasamuka digawa
mabur menyang Ngalengka.
Wacan ing dhuwur nyritakake bab ...
a. Dewi Sinta dan Prabu Rama c. Lesmana nunggu Dewi Sinta
b. Dasamuka nyolong Dewi Sinta d. Prabu Rama nggoleki kidang emas
35. Ing crita ndhuwur iku, paraga kang watake ala/awon, yaiku ...
a. Dasamuka b. Lesmana c. Prabu Rama d. Dewi Sinta

B. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!


36. Aku ngeterake simbah lunga menyang Surabaya.
Yen dikramakake alus dadi ...
37. Arman ora duwe sanak kadang mula uripe ketula-tula.
Sanak kadang kalebu tembung ...
38. Murid-murid SD Tunggul Wulung arep nganakake persami.
Murid-murid kalebu tembung ...
39. Sumure garing. Yen ditulis aksara jawa dadine ...
40. Garwane Dewi Sinta asmane ...
41. Murid : “ Kala wau Bapak ...napa?
Guru : “ Aku numpak sepedhah motor.”
Tembung kanggo nglengkapi pacelathon ing dhuwur,yaiku ...

42. Tibaning swara ing pungkasane gatra diarani ...


43. Emboke dielus-elus, anake diidek-idek.
Batangane cangkriman iku yaiku ...
44. lbu ngendika, menawa sesuk aku kudu mlebu sekolah.
Ukara iki kalebu ukara…
45. Mau bengi Pak Hansip nyekel maling.
Wasesane ukara iku, yaiku tembung ...

C. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi pratitis!


46. Ukara-ukara ngisor iki tatanen, tulisen maneh supaya dadi geguritan kang runtut, wiwitana
saka ukara aja dumeh bisa catur!
a. Catur tanpa eling pitutur
b. Aja dumeh bisa matur
c. Aja dumeh bisa catur

Hal. 5
d. Matur tanpa rasa gawe akur
47. Tulisen watake Prabu Yudhistira telu wae!
48. Critakna owah-owahane upacara kenduren sawise ana campuran budaya Islam!
49. Jeneng liyane kenduren yaiku slametan. Gawea ukara pitakon kang trep karo ukara
wangsulan ing dhuwur!
50. Roni tuku sate. Ukara ing sisih tulisen mawa aksara Jawa sing bener!

- - - - - - selamat mengerjakan, semoga sukses - - - - -

Hal. 6

Anda mungkin juga menyukai