Anda di halaman 1dari 6

PENILAIAN AKHIR SEMESTER II

SDN LIRBOYO 2 KEDIRI


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

LEMBAR SOAL
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal : Selasa, 16 Maret 2021
Kelas : VI (Enam) Nama :
Waktu : Nomor :

I. Wenehana tandha ping (x) ing sangarepe aksara a, b, c, utawa d jawaban kang bener!
Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 1-5, wacanen kanthi premati!

GLOBALISASI

Globalisasi asale saka tembung "Globe" (peta jagad kanthi bentuk bal). Saka tembung iki
lair istilah "global" sing tegese nutupi jagad iki. Dadi globalisasi minangka proses tata sosial.
Nalika jaman globalisasi saiki, pembangunan teknologi uga cepet banget. Pangembangan
teknologi ing jaman globalisasi iki uga mengaruhi urip sosial ing bidang ideologi, politik,
ekonomi, sosial budaya, pendidikan, lan liya-liyane. Salah sijine contoh globalisasi yaiku
internet.
Khusus ing babagan pendidikan internet akeh manfaate uga ana eleke. Manfaat internet
ing pendidikan khususe kanggo murid yaiku iso golek sumber sinau sing luweh akeh lan
warna-warna. Sakliyane iku kanthi internet murid yo iso nambah pengetahuan umum. Iso
weruh kedadeyan ing negoro liyo kanthi cepet lan praktis.
Dene efek eleke internet contone game online lan pornografi. Yen wes ketagihan, game
online iso marai murid wegah sinau akhire nilaine utawa prestasine mudun. Dene pornografi
iso nyebabake moral murid rusak. Malih nglakoni pergaulan bebas, sing akhire nglakoni
larangan agama. Mula kuwi yen migunakake internet murid-murid kudu bijaksana, uga wong
tuwa kudu ngawasi, Wong tuwa lan guru kudu menehi ilmu agama senajan mung setitik,
banjur ing lingkungan omahe wong tuwa kudu nyekolahne anake ing babagan agama.
Harapane generasi penerus ora mung pinter internetan ning uga pinter masalah agama lan
akhlake apik.

1. Istilah globalisasi asale saka tembung....


a. global c. sasi
b. globe d. glove
2. Salah sijine conto globalisasi yaiku ....
a. internet c. kentongan
b. dokar d. sepeda
3. Internet iso digawe ningkatake pengetahuan....
a. ilmiah c. nembang
b. masak d. umum
4. Sing mathuk karo paragraf ke loro yaiku ...
a. internet asale saka tembung globe
b. pornografi nyebabake moral rusak
c. internet iso nambah pengetahuan murid
d. game online nyebabake sregep sinau
5. Ukara sing mathuk karo cerita yaiku....
a. Intenet salah sijine bukti enek e globalisasi
b. Internet kabeh apik merga iso weruh negara liya
c. Game online nyebabke arek sekolah sregep sinau
d. Ilmu agama ora penting ing zaman globalisasi
6. Unen – unen utawa tetembungan sing isine lan maksude kudu digoleki dhisik yaiku ...
a. bebasan c. paribasan
b. cangkriman d. tembang
7. Cangkriman wujude ana....
a. 2 c. 4
b. 3 d. 5
8. Ing ngisor iki jenise cangkriman kajaba ...
a. Cangkriman tugelan c. Cangkriman plesetan
b. Cangkriman pepindhan d. Cakriman bebasan
9. "Burnas kopen" kalebu cangkriman .....
a. Cangkriman prapatan c. Cangkriman plesetan
b. Cangkriman pepindhan d. Cakriman tugelan
10. Cangkriman kang madhakake barang utawa kedadeyan supaya nggoleki barang sebenere
yaiku cangkriman ...
a. Cangkriman prapatan c. Cangkriman plesetan
b. Cangkriman pepindhan d. Cakriman tugelan

Pacelaton iki kanggo nomor 11 lan 12


Duwi : "Vin, ayo dolanan cangkriman!"
Vina : “ Ayo Wi, pas banget sesuk ulangan bab cangkriman"
Duwi : “ Garas tekno, apa batangane?"
Vina : ".., bener pora?"

11. Cangkriman sing kacetak miring klebu jenise cangkriman ...


a. prapatan c. tugelan
b. pepindhan. d. plesetan
12. Batangane cangkriman kanggo ngisi ceceg-ceceg sing bener yaiku ...
a. sego beras entekno c. gabah beras tekakno
b. garasine tikno d. babah waras gatekno
13. Mboke dielus-elus anake diidak-idak batangane ...
a. andha c. sulak
b. gitar d. sepedah
14. Dona lagi ngisi cangkriman sing wujude kotak-kotak, cangkriman sing diisi Dona arane
cangkriman ...
a. tugelan c. prapatan
b. pepindhan d. plesetan
15. Pitike nyucuki pari, yen ditulis aksara Jawa ...
a.

b.

c.

d.

16. Batangane “nanas", cangkrimane ...


a. pitik walik munggah meja c. diketok malah soyo duwur
b. sega sakepel dirubung tinggi d. pitik walik sobo kebon
17. Batangane "ontong gedhang", Cangkrimane, pak demang klambi abang ...
a. disuduk manthuk-manthuk c. rupamu kaya kranjang
b. disawang malah ilang d. penggaweane saba blumbang
18. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Bedhekane yaiku ...
a. tasbih c. gelang jam
b. ali-ali d. binggel
19. Dikethok malah dhuwur kalebu ...
a. cangkriman awujud pepindhan
b. cangkriman awujud blenderan
c. cangkriman sinawung ing tembang
d. cangkriman awujud tugelan
20. Cangkriman sing ana ing jeroning tembang diarani ...
a. cangkriman awujud pepindhan
b. cangkriman awujud blenderan
c. cangkriman sinawung ing tembang
d. cangkriman awujud tugelan
21. Miturut jenise pidhato utawa sesorah keperang dadi loro yaiku ...
a. pidhato pusat lan pidhato daerah
b. pidhato resmi lan ora resmi
c. pidhato negeri lan swasta
d. pidhato umum lan khusus
22. Pidhato sing diwedharake pasamuan resmi arane pidhato ...
a. resmi c. ora resmi
b. swasta d. khusus
23. Tuladhane pidhato ora resmi yaiku ...
a. pidhato kenegaraan c. pidhato ulang taun Kediri
b. pidhato Sumpah Pemuda d. pidhato ing karang taruna
24. Bahasane ora baku iku salah siji titikane pidhato ...
a. resmi c. ora resmi
b. hardiknas d. kenegaraan
25. Struktur teks pidhato dibagi dadi telu yaiku ...
a. isi, pembuka, penutup c. pembuka, isi, penutup
b. penutup, pembuka, isi d. pembuka, dudutan, penutup
26. Sing termasuk pembuka pidhato yaiku ...
a. dudutan c. salam panutup
b. isi d. pakurmatan
27. Ingkang kulo urmati bapak kepala sekolah saha bapak ibu guru sedaya. Ukara iki
tuladhane. ing pidhato...
a. dudutan c. pakurmatan
b. salam pambuka d. isi
28. Endhek dhuwure swara naliko pidhato diarani ...
a. intonasi c. vokal
b. runtut d. ekspresi
29. Metodhe pidhato cacahe ana ...
a. 1 c. 3
b. 2 d. 4
30. Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ...
a. ukara c. dudutan
b. cengkorongan d. gagasan baku

31. Diwaca…

a. mangan roti c. mari ngopi


b. mangan ati d. mangan siji
32. Sing kalebu panutup pidato yaiku ....
a. puji syukur c. pangkurmatan
b. dudutan d. isi pidhato
33. Sing kalebu pidato ora resmi yaiku...
a. Presiden pidhato naliko upacara dina kemerdekaan
b. Pembina upacara pidhato ing upacara dina senin
c. Pak Ustadz pidhato ono ing acara mantenan
d. Pak Menteri pendidikan Pidhato ing Hardiknas
34. Perangan teks pidhato kang ngandharake inti sarine pidhato diarani...
a. dudutan c. pakurmatan
b. salam pambuka d. isi
35. Pidhato sing tanpa nganggo persiapan diarani metodhe....
a. impromptu c. naskah
b. memoriter d. ekstemporan

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing bener!
36. Internet iku wujude piranti modern ing bidang....
37. Cangkriman sing mlesetake barang sing dituju diarani cangkriman....
38. Cebloke mengisor sing digoleki mendhuwur, batangane....
39. Gajah nguntal sakrah, kalebu cangkriman....
40. Diwaca…

41. Dudutan lan panyuwunan pangapura manggon ing perangan pidhato...


42. Pidhato ing upacara dino Senin ing sekolah-sekolah kalebu jenise pidhato....
43. Pidhato kanthi ngapalake naskah disik diarani metodhe....
44. Bapak ibu pengasuh panti asuhan ingkang kula urmati Ukara iki kalebu pambuka kang
arane....
45. Tembung resmine kepriye, yen tembung ora resmine....

III. Jawablah soal-soal berikut dengan benar!


46. Sebutno piranti ing bidang komunikasi ing zaman globalisasi!
47. Apa cangkriman kuwi? Sebutno jenis-jenise cangkriman!
48. Apa tegese metodhe pidhato ekstemporan lan methode impromptu?
49. Jangkepana tabel ing ngisor iki!
Sing dibedakake Pidhato resmi Pidhato ora resmi
kahanan
Intonasi
Ukara
Tembung
50. Gaweo contone pembuka pidhato!
KUNCI JAWABAN

1. B 11. C 21. B 31. A


2. A 12. A 22. A 32. B
3. A 13. A 23. D 33. C
4. C 14. A 24. C 34. D
5. A 15. B 25. C 35. A
6. B 16. D 26. D
7. C 17. A 27. B
8. D 18. C 28. A
9. D 19. A 29. D
10. B 20. C 30. D

Anda mungkin juga menyukai