Anda di halaman 1dari 9

ASESMEN ULANGAN HARIAN TERSTRUKTUR/

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) GENAP


SMA MUHAMMADIYAH 2 MAYONG
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas : XI
Program Studi : MIPA / IPS
Hari/Tanggal : Selasa / 14 Maret 2023
Waktu : Pukul 09.30 – 11.00 WIB

A. PETUNJUK UMUM
1. Pilihlah identitas peserta pada laman yang sudah disediakan
2. Bacalah tiap-tiap soal dengan baik sebelum anda mengerjakan.
3. Kerjakan lebih dahulu soal yang anda anggap paling mudah
4. Semua jawaban dipilih dengan cara di klik pada laman yang telah disediakan.
5. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat soal yang kurang jelas.
6. Periksalah pekerjaan anda baik-baik sebelum diserahkan kepada Pengawas
7. Mulailah mengerjakan dengan membaca “Basmallah” dan akhirilah dengan bacaan Hamdallah”

B. SOAL
Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener!
1. Serat Wedhatama dipunaggit dening ....
a. Pakubuwana IV
b. Pakubuwana VI
c. Mangkunegara IV
d. Mangkunegara VI
e. Mangkunegara VII
2. Serat Wedhatama kaperang dados 100 pupuh ing salebeting ... tembang macapat
a. 5
b. 6
c. 7
d. 10
e. 11
3. Alam kang wonten gegayutane kaliyan pangarsa inggih menika alam ....
a. Janaloka
b. Guruloka
c. Indraloka
d. Ciptaloka
e. Wanaloka
4. Ingkang kalebu sekar ageng inggih menika ....
a. Jurudemung
b. Mintajiwa
c. Wirangrong
d. Macapat
e. Balabak
Tembang Gambuh ing ngandhap kangge mangsuli nomer 5 – 11!
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki
Ing kana lamun tinemu
Tandha nugrahing manon
5. Tembang ing nginggil dumadi saking ... gatra
a. 4
b. 5
c. 6
d. 7
e. 9
6. Guru lagu lan guru wilangane tembang gambuh gatra kaping sekawan inggih menika ....
a. 8o
b. 8i
c. 8u
d. 7u
e. 12u
7. Tegese kaki wonten ing tembang Gambuh nginggil inggih menika ....
a. watak
b. biyung
c. lumaku
d. samparan
e. anak
8. Tegese gatra kaping kalih tembang Gambuh ing nginggil inggih menika ....
a. menawi kula sampun matur babagan perilaku
b. ing patang perkara ingkang sampun kawedar
c. tembang gambuh kaping sekawan menika
d. nyembah marang Gusti ingkang Maha Agung
e. wonten sekawan perkawis ingkang mboten saged ical
9. Surasaning tembang Gambuh ing nginggil ngemot babagan ....
a. pendidikan
b. budi pekerti
c. unggah-ungguh
d. pitutur luhur
e. sopan santun
10. Pupuh gambuh ing Serat Wedhatama nggadhahi piwulang babagan ....
a. sopan santun lan tumindak ngati-ati
b. ngelmu kang sampurna kangge manungsa
c. sabar tulus ikhlas lan sumarah ing gusti
d. rasa syukur marang Gusti kang Maha Agung
e. milih ngelmu kang bener lan eling marang Gusti
11. Filsafat kauripan ing Serat Wedhatama pupuh gambuh nggambarake ....
a. mbangun kulawarga
b. asmara kang endah
c. manungsa nalika lair
d. yuswa ingkang sepuh
e. urip kang lagi seneng-senenge
Gatekna arane tembang macapat ing ngandhap menika!
1) Megatruh
2) Dhandhanggula
3) Durma
4) Gambuh
5) Pangkur
12. Urutane tembang macapat ingkang trep miturut makna lelakoning manungsa inggih menika ....
a. 1, 4, 3, 2, 5
b. 2, 5, 3, 1, 4
c. 3, 4, 5, 2, 1
d. 4, 2, 3, 5, 1
e. 5, 4, 3, 2, 1
13. Tembang kang nggambarake manungsa sampun titi wancine katimbalan marak sowan marang
Gusti inggih menika tembang ....
a. Megatruh
b. Dhandhanggula
c. Durma
d. Gambuh
e. Pangkur
14. Watake tembang Durma inggih menika ....
a. saenake, sembrana, guyonan
b. susah nelangsa, prihatin, merana
c. sengsem, nesu, dendam
d. rasa gela kang mbangeti
e. nesu, dendam, muring
15. Cacahing wanda saben sagatra dipunwastani ....
a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru wilangan
d. guru wanda
e. guru swara
16. Wonten ing Serat Wedhatama piwulang kangge kanoman lan tiyang sepuh wonten ing pupuh ....
a. Gambuh
b. Kinanthi
c. Pocung
d. Pangkur
e. Sinom
17. Ingkang kalebu tingkah laku sopan, kajawi....
a. adiguna
b. deduga
c. prayoga
d. reringa
e. sareh
18. Titikane crita rakyat wonten ing ngandhap menika kajawi ....
a. antonim
b. kolektif
c. statis
d. imajiner
e. tradhisional
19. Dongeng ing jaman kuna ingkang wonten gegayutane kaliyan Dewa-Dewi lan manungsa inggih
menika ....
a. fabel
b. sage
c. mite
d. wiracarita
e. legendha
20. Panembahan senopati, siyung wanara, lan Mahabarata kalebu jenising crita ....
a. sage
b. wiracarita
c. legendha
d. dongeng lugu
e. fabel
21. Crita ingkang sumebar ing masyarakat, ingkang cacahe mboten kapetung, mboten dipun mangertosi
panganggite dipunwastani ....
a. dongeng lugu
b. wiracarita
c. legendha
d. crita rakyat
e. dongeng
22. Tuladhane crita rakyat ingkang awujud dongeng lugu inggih menika ....
a. Rara Jonggrang
b. Ramayana
c. Peksi Glathik
d. Candhi sewu
e. Cindhe Laras
Crita rakyat ing ngandhap kangge nomer 23 – 26!
Putri Lara Kandita lan ibune digawe santet saka para permaisuri Prabu Siliwangi kanthi wujud lara
kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir Para selir uga Prabu Siliwangi akhire ngusir
Putri Lara Kandita lan ibune saking Keraton Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen penyakit Lara
Kandita lan ibune dadi nyebar lan nular ing tlatah keraton.
Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kandita lan ibune tindak tanpa ana tujuan kang jelas. Diceritakake
permaisuri tilar donya ana ing pengembaraan, sawetara Putri Lara Kandita nglajengake lakune
menyang sisih kidul.
23. Saking wacan ing nginggil, sinten ingkang nggadhahi watak protagonis?
a. Permaisuri
b. Lara Kandita
c. Para selir
d. Para patih
e. Prabu Siliwangi
24. Saking pethikan crita ing nginggil, unsur intrinsik ingkang katon inggih menika ....
a. paraga
b. tema
c. alur
d. watak
e. latar
25. Crita rakyat ing nginggil kalebu jenising crita ....
a. mite
b. sage
c. legendha
d. wiracarita
e. dongeng lugu
26. Tembung tilar donya ing crita menika kalebu tembung ....
a. saroja
b. entar
c. plutan
d. yogyaswara
e. paribasan
27. Bakune crita saking wiwitan nganti pungkasan dipunwastani ....
a. tema
b. latar
c. paraga
d. watak
e. alur
Crita ing ngandhap kangge mangsuli pitakenan nomer 28 – 29!
Ing jaman biyen wonten salah sawijining Pangulu wadani kagungan putri wadon ingkang becik
praupane. Nalika sampun diwasa dipundhut dados ampile wadana ing mrika. Dene wadana wau
sadinten-dinten menawi sampun rampung nyambut damel, mesti ngabotohan mboten emut kaliyan
agamane.
28. Miturut wacan ing nginggil watake wadana inggih menika remen ....
a. ngibadah
b. magawe
c. kekancan
d. tetulung
e. totohan
29. Tegese tembung ampile wonten ing wacan nginggil inggih menika ....
a. garwane
b. selire
c. patihe
d. ratune
e. pandhereke
30. Maca ingkang ancase supados angsal informasi kang wiyar dipunwastani maca ....
a. intensif
b. saklebatan
c. pemahaman
d. ekstensif
e. survei
31. Maca kanthi ancas supados saged mahami kanthi tenanan marang panemu ing sawijining wacan,
urutane, lan polahe dipunwastani maca ....
a. intensif
b. saklebatan
c. pemahaman
d. ekstensif
e. survei
32. Nilai-nilai ingkang kadudut wonten sajroning crita lan pengin diandharake supados pamaos oleh
pasinaon saking crita kasebut dipunwastani ....
a. tema
b. alur
c. sudut pandang
d. pitutur luhur
e. watak
33. Salah sawijining paugerane pariwara inggih menika ....
a. nyritakake bab ala lan becik
b. asipat tradhisional
c. gampang dimangerteni
d. sumebar kanthi lisan
e. nyritakake bab kang mokal
34. Ing ngandhap menika ingkang mboten kalebu pariwara khusus inggih menika pariwara ....
a. bantahan
b. elektronik
c. komersial
d. non komersial
e. pariwisata
35. Ingkang mboten kalebu paugerane pariwara inggih menika ....
a. migunakake sponsor kangge narik kawigaten
b. migunakake media massa kangge paring kabar
c. nggadhahi sifat paring informasi dhateng masyarakat
d. migunakake masyarakat kangge mangertosi produk
e. nggadhahi ancas kangge nggolek audiens ingkang kathah
36. Pariwara kangge ngandharake lowongan kerja kalebu pariwara ....
a. komersial
b. layanan masyarakat
c. tanggung jawab sosial
d. persuasif
e. reminder
37. Pariwara ingkang ancase kangge ngemutake konsumen mundhut produk malih kalebu pariwara ....
a. informatif
b. persuasif
c. reminder
d. komersial
e. perbaikan
Gatekna tuladha pariwara menika kangge mangsuli nomer 38 – 39!
38.

Miturut jenise, pariwara ing nginggil tuladha pariwara ....


a. reminder
b. komersial
c. non komersial
d. hiburan
e. pembelaan
39. Struktur teks pariwara ingkang arupi teks inti saking iklan ing nginggil inggih menika ....
a. batesi aktifitas sik ora perlu
b. nganggo masker
c. sregep wisuh
d. masa pandemi
e. eling pesene simbok
40. Surasa ingkang wonten sajroning pariwara menika kedah ....
a. subjektif lan cetha
b. isine namung opini
c. gampang ditingali
d. nyinggung wong liya
e. ndudut kawigaten
Gatekna tuladhane pariwara ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 41 – 42!
Salebeting pengetan ulang taun madegipun Paguyuban Pamitran Puspawarna ingkang kaping sekawan
welas, badhe ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas, mbenjing dinten Minggu Paing
tanggal 20 Februari 2023, manggen wonten ing Taman Budaya Raden Saleh Semarang, dhalang badhe
katindhakaken dening Ki Sigid Ariyanto, kanthi mendhet lakon “Semar Mbangun Pura Kencana”.
41. Miturut surasane pariwara ing nginggil kalebu jenising pariwara ....
a. komersial
b. bantahan
c. persuasif
d. regional
e. non komersil
42. Tembung ringgit wacucal wonten ing pariwara nginggil menika nggadhahi teges ....
a. wayang purwa
b. wayang wahyu
c. wayang wong
d. wayang beber
e. wayang golek
43. Pariwara ingkang nggadhahi ancas kangge mbentuk kesadaran masyarakat lan pengetahuan bab
produk utawi fitur-fitur saking produk dipunwastani pariwara ....
a. komersial
b. persuasif
c. reminder
d. informatif
e. pembelaan
44. Pariwara ingkang nggadhahi ancas kangge nyiptakake kesenengan, preferensi lan keyakinan,
saengga konsumen badhe mundhut lan migunakake barang lan jasa, dipunwastani pariwara ....
a. komersial
b. persuasif
c. reminder
d. informatif
e. pembelaan
45. Madosi idhe kangge damel pariwara saged dilaksanakake kanthi ....
a. observasi marang pariwara ingkang sampun wonten
b. damel teknik penyajian pariwara kang becik
c. ningali perangan ingkang kedah diunggulake
d. narik kawigaten konsumen marang sawijining produk
e. damel struktur pariwara ingkang runtut
46. Ing ngandhap menika ingkang mboten kalebu ancase pariwara bantahan inggih menika ....
a. ngelimisi pariwara ingkang mboten leres
b. nglurusake isu-isu ing porsi kang bener
c. trep kaliyan maksud ingkang dikarepake perusahaan
d. mbentuk sikap warga masyarakat
e. kangge mbangun simpati saking masyarakat
47. Ciri khusus saking pariwara bantahan inggih menika ....
a. nyebarake layang kang nduweni sifat informatif marang masyarakat
b. pendidikan kangge mbentuk sikap masyarakat ingkang becik
c. mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi perusahaan
d. angsal simpati saking khalayak menawi perusahaan menika bener
e. ndeleh komunikator gawe pihak ingkang digawe rugi pihak liya
48. Tuladhane pariwara ingkang jangkep paugerane inggih menika ....

a.

b.
c.

d.

e.

49. Paugerane pariwara ingkang surasane kangge nengahi slogan dipunwastani ....
a. foto produk
b. logo produk
c. ukara dasar
d. teks inti
e. irah-irahan
50. Titikane pariwara ingkang efektif inggih menika ....
a. lugas basane
b. subjektif
c. kathah opini
d. dawa basane
e. cetha regane

Anda mungkin juga menyukai