Anda di halaman 1dari 6

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL

TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Satuan Pendidikan : SMK N 1 Pabelan
Kelas/ Jurusan : X / Semua Jurusan
Hari dan Tanggal : …………………………………….
Waktu : ……… s/d ……… WIB (120 menit)
Jumlah soal : ………

Petunjuk Umum
1. Periksalah dan bacalah soal soal secara teliti sebelum anda menjawabnya
2. Laporkan kepada guru/ pengawas ujian kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah
soal kurang
3. Dahulukan soal soal yang dianggap mudah
4. Mintalah kertas buram kepada pengawas jika diperlukan
5. Periksalah kerjaan anda kembali sebelum diserahkan kepada pengawas
6. Tidak diijinkan kalkulator, table matematika, atau alat bantu hitung lainnya.

A. Pilihen salah siji wangsulan kanthi menehi tanda (X) ing aksara a, b, c, d, utawa e!

1. Pathokan tembang kang ngemot tibaning swara ing pungkasane gatra utawa dhong dhing yaiku.....
a. guru sastra c. guru lagu e. guru gatra
b. guru basa d. guru wilangan

2. Pathokan tembang kang ngemot cacahe larik saben sapada yaiku.....


a. guru sastra c. guru lagu e. guru gatra
b. guru basa d. guru wilangan

3. Pathokan tembang macapat kang ngemot cacahe wanda saben sagatra yaiku.....
a. guru sastra c. guru lagu e. guru gatra
b. guru basa d. guru wilangan

Tembang Pangkur kanggo mangsuli pitakonan nomer 4-7

mingkar-mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kertarta pakartining ngilmu luhung
kang tumrap ing tanah jawi
agama ageming aji

4. Guru wilangan lan guru lagu tembang pangkur gatra 1, 3, lan 6 ing nduwur yaiku.....
a. 8a, 11i, lan 8u c. 8a, 8u, lan 8a e. 8a, 11i, lan 8a
b. 8a, 8i, lan 12u d. 8a, 7u, lan 8i

5. Guru lagu tembang pangkur ing dhuwur yaiku....


a. a, i, u, a, a, i, u c. a, i, u, a, u, i, i e. a, i, i, u, u, a, i
b. a, a, u, a, a, u, i d. a, i, u, a, u, a, i

6. Sing dikarepake mingkar-mingkuring angkara ing duwur yaiku…..


a. seneng marang angkara murka d. wong angkara kudu mingkur
b. ngedohi angkara murka e. wong mingkur iku mesti angkara
c. wong kang angkara murka

7. “Agama ageming aji”, ukara iku tegese......


a. aja rumangsa ala c. agama kuwi dadi cagaking urip
b. agama kuwi ageman kang utama d. aja rumangsa alane akeh banget
e. agama kuwi kudu diugemi

8. “Jinejer ing Wedhatama” cakepan tembang pangkur kasebut duweni guru wilangan lan guru lagu yaiku.....
a. 6 a c. 8 a e. 10 a
b. 7 a d. 9 a

9. Karya sastra kang arupa gancaran. Nyeritakake sawijine/siji paraga (tokoh) ing saperangan uripe kanthi cekak.
Katerangan kasebut klebu karya sastra yaiku…..
a. gancaran c. pawarta e. tembang
b. cerkak d. geguritan

10. Ing ngisor iki klebu ciri–ciri cerkak, kajaba …..


a. ceritane cendhek lan padhet d. isi langsung marang ancas/tujuan
b. ngemot nile – nile karya sastra e. nyritakake pirang-pirang paraga
c. dumadi saka unsur instrinsik lan ekstrinsik

11. Carane gawe ringkesan utawa sinopsis yaiku kajaba ……


a. maca naskah cerita nganti rampung
b. nulis gagasan pokok utawa intine cerita
c. dhialog ditulis intine, nanging ora nyebal saka alur ceritane
d. ngronce gagasan pokok dadi paragraf
e. aweh tanggapan marang isine lan pengarang cerita

Cerkak ing ngisor iki kanggo pitakonan nomer 12-15!


“Kanca–kanca ora gelem cedhak–cedhakan karo Adri. Kanca–kanca malah padha ngganggu lan nggodha
Adri. Ana sing madhakake, ana sing njoroke, lan sapiturute. Dene aku, trenyuh, luwih – luwih nalika Adri dijegal
kancaku saengga tiba lan buku sing digawa padha pathing kecer.”

12. Paraga/tokoh ing cerkak ing nduwur yaiku …..


a. Adri, Aku, lan kanca-kanca d. Aku
b. Kanca–kancane Adri e. Aku lan Adri
c. Adri lan kanca–kancane

13. Konflik/masalah cerkak ing dhuwur yaiku …..


a. Adri ora gelem cedhak karo kanca–kancane.
b. Kanca–kancane ora gelem cedhak karo Adri.
c. Kanca–kancane ora padha ngganggu Adri.
d. Adri seneng ngganggu kanca–kancane.
e. Aku ora gelem cedhak karo kanca–kanca.

14. Unggah–ungguh basa kang digunakake cerkak ing dhuwur yaiku …..
a. ngoko lugu c. krama ndesa e. ngoko alus
b. krama alus d. krama lugu

15. Amanat sing bisa dijupuk saka cerkak ing dhuwur yaiku …..
a. Golek kanca sing akeh.
b. Awake dhewe kudu trenyuh karo wong.
c. Yen diganggu kudu wani nglawan.
d. Aja seneng ngganggu wong liya.
e. Guyonan karo kanca–kanca iku becik.

16. Bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian) diarani…
a. tema c. setting e. punjering crita
b. latar d. alur

17. Sing klebu unsur intrinsik cerkak yaiku…


a. tema lan amanat c. aktual lan alur e. jangkep lan cekak aos
b. panggonan lan faktual d. konflik lan jangkep

18. “Aku krungu pawarta utawa warta menawa Dhik Tika wis diwisudha.”
Tembung warta ategese …..
a. berita c. pepeling e. media
b. iktisar d. kedadean

19. Titikan utawa ciri-ciri pawarta ing ngisor iki yaiku, kajaba.....
a. Cekak, padet
b. narik kawigaten lan faktual
c. faktual lan aktual
d. konflik lan alur
e. jangkep lan cekak aos

20. Ing ngisor iki kang klebu sifat pawarta, kajaba.....


a. Aktual c. Kekinian e. Subjektif
b. Penting d. Konflik

21. Pawarta kudu ngandhut.....


a. 5H+1W c. 5W+1H e. 3W+3H
b. 5W+2H d. 4W+2H

Pawarta kanggo nomer 22-23!


Batik iku salah sawijining aset bangsa kang kudu dijaga. Batik saya ngrembaka nalika wis dipatenake
UNESCO ing taun 2010 dadi warisan bangsa Indonesia. Pengusaha batik uga saya akeh, utamane ing
dhaerah Pekalongan. Ing Pekalongan, para pengusaha nggawe inovasi supaya batik saya diminati konsumen.
Salah sawijine yaiku Anto (49), dheweke ngembangake batik dadi klambi kang nduweni model kang maneka
warna lan modern.
Usahane iku saya ngrembaka lan diminati konsumen nganti masarakat luwar negri. Amarga peminate
saya akeh, dheweke uga mbuka lowongan kerja kang akeh. Pegawene saiki wis ana 50 lan bakal nambah
terus.“Nganti saiki aku isih mbuka lowongan kanggo wong-wong sing butuh kerja. Syarate ya kudu bisa
njait, biyasane lulusan tata busana,” ujare Anto kang seneng bisa mbantu wong liya duwe pakaryan. Usahane
bisa nganti gedhe kaya ngene ora gampang anggone ngembangake. Biyen Anto miwiti usahane saka usaha
omahan kang cilik lan mung dikerjakake dhewe, nganti saiki duwe karyawan kang akeh cacahe. Dheweke
bisa sukses kaya saiki uga saka usahane kang ora nyerah ngrembakake batik supaya tetep dadi warisane
bangsa.
22. Kenang apa Anto ora nyerah anggone ngembangake bisnise?
a. Amarga dheweke pengin supaya batik tetep ngrembaka.
b. Amarga supaya bisa mbuka lapangan kerja.
c. Amarga akeh peminat batik saka manca utawa luwar negri.
d. Amarga Anto wong kang ambisius anggone usaha.
e. Amarga batik wis dipatenake karo UNESCO.

23. Pawarta ing dhuwur ngrembag babagan....


a. Batik kang wis dipatenake UNESCO.
b. Batik kang dadi warisan bangsa Indonesia.
c. Usaha batik kang saya ngrembaka.
d. Pengusaha batik kang buka lowongan kerja.
e. Pengusaha kang ngrembakake batik.
Pawarta kanggo nomer 24-26!

Sangang dina suwine kawit 22 Mei 2020, ora ana penambahan kasus positif COVID-19 ing Kabupaten
Bantul. Nanging Minggu (31/5/2020) sore, ana salah sijining warga Bantul kang dinyatakake positif COVID-
19. Pasien kuwi pria umure 32 taun.
“Pasien kerep tindak dhumateng Jakarta,” ujar Sri Wahyu Joko Santosa, Juru Bicara Gugus Tugas COVID-
19 Bantul, Minggu (31/5/2020) sore. Wis kawentar, Jakarta saiki dadi zona abang panyebaran virus corona.
Ora mung ketambahan siji kasus positif, ananging uga ana pasien kang mari saka COVID-19.
“(Wonten pasien) ingkang waras setunggal, kakung 59 taun,” andarane. Adhedasar data Gugus Tugas
COVID-19 Bantul, angka kasus positif tekan saiki dadi 57 wong. Saka angka kuwi, 42 wong wis mari lan 13
pasien positif COVID-19 isih dirawat ing rumah sakit.

24. Nganti tanggal pira ing Kabupaten Batul ora ana penambahan kasus positif COVID-19?
a. 22 Mei 2020 c. 30 Mei 2020 e. 1 April 2020
b. 23 Mei 2020 d. 31 Mei 2020

25. Pawarta ing dhuwur ngrembag babagan apa?


a. Penambahan kasus positif COVID-19 ing Kabupaten Bantul.
b. Ana salah sijining warga Bantul kang dinyatakake positif COVID-19.
c. Pasien positif COVID-19 ing Kabupaten Bantul kerep tindak dhumateng Jakarta.
d. Jumlah pasien positif COVID-19 kang wis waras
e. Penanganan kasus positif COVID-19 ing Kabupaten Bantul.

26. Pira cacahe angka kasus positif COVID-19 ing Kabupaten Bantul nganti 5 April 2020?
a. 57 c. 13 e. 19
b. 42 d. 31

Pawarta kanggo nomer 27-30!


Motor Ilang
Warga masyarakat dianjurna ngati-ati karo anane curanmor (Pencurian Sepedha Motor) kang wektu iki lagi rame
dumadi. Sumanto, warga Jl. Dewandaru 79 Kalisabuk Purbalingga, nembe wae kelangan motore nalika dina Kemis,
15 Juni 2016. Motor ninja kang nembe dituku durung nganti sewulan, kanggo anake sing nembe lulusan SMA, malah
plat nomere wae durung metu, digondhol maling nalika diparkir ing tritisan ngarep omahe. Bali saka gone kancane,
anake Sumanto markir motore ing tritisan ngarep omahe.
Dhasare wektu sandhekala, mlebu omah langsung adus, rampung adus terus maghriban. Bapake wis ngelingna
motore kon ngleboke omah, jawabe anakke jere arep digawa lunga gone kancane maneh. Maghribane wis rampung,
pamitan marang Bapake karo Ibuke arep mangkat ing kancane bareng metu motor ninjane wis ora ana. Geger
dadakan. Tanggane padha mara kabeh nambahi swasanane rame kaya ana celeng daden.

27. Manut Pawarta ing dhuwur kepriye (why) dumadine prastawa curanmor?
a. Sumanto warga Jl. Dewandaru 79 Kalisabuk Purbalingga
b. Nalika dina Kemis 17 Juli 2014
c. Warga masyarakat dianjurake ngati-ati karo anane curanmor ( pencurian sepedha motor )
d. Bali sekang gone kancane, anake Sumanto markir motore nang tritisan ngarep umah, ditinggal mlebu umah
adus, terus maghriban bareng metu umah wis ora ana motore
e. Geger moer dadakan. Tanggane padha merek kabeh nambahi swasane rame kaya ana celeng daden

28. Manut Pawarta ing dhuwur kapan (when) dumadine prastawa curanmor?
a. Sumanto warga Jl. Dewandaru 79 Kalisabuk Purbalingga
b. Nalika dina Kemis 15 Juni 2016
c. Warga masyarakat dianjurake ngati-ati karo anane curanmor ( pencurian sepedha motor )
d. Bali sekakng gone kancane, anake Sumanto markir motore nang tritisan ngarep umah, ditinggal mlebu umah
adus, terus maghriban bareng metu umah wis ora ana motore
e. Geger moer dadakan. Tanggane padha merek kabeh nambahi swasane rame kaya ana celeng daden

29. Pawarta duwe titenan kanthi judhul utawa surasa kang agawe seneng kang padha maca, yaiku.....
a. tinemu ing akal (penalaran logis) d. diksi trep, ora ambigu
b. informasi kang pepak e. narik kawigaten
c. struktur basa trep

30. Bab-Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta yaiku…..


a. Teks c. Jeda e. Ekspresi
b. Intonasi d. Pelafalan

31. Pawarta kang becik yaiku aktual, faktual, penting lan narik kawigaten. Faktual ateges…
a. tansah anyar d. gedhe cilike masalah kang diliput
b. bener-bener kedadeyan e. nuwuhake rasa pengin mangerteni
c. manut sing gawe pawarta

32. Pawarta bisa kababar lumantar lisan lan tulisan. Sing lumantar tulisan kaya ing ngisor iki, kajaba…
a. radhio c. ariwarti/koran e. kalawarti
b. pamflet d. spanduk

33. Omah tradhisional Jawa diarani.....


a. Dalem agung c. Joglo e. Pendhapa
b. Senthong d. Gandhok

34. Perangan omah kang dumunung ana ing ngerep dhewe guna kanggo nampa tamu yaiku.....
a. Dalem agung c. Joglo e. Pendhapa
b. Senthong d. Gandhok

35. Perangan omah kang dumunung ana ing mburi dhewe biasane kanggo bebuang yaiku.....
a. Dalem agung c. Joglo e. Pendhapa
b. Senthong d. Gandhok

36. Perangan omah tradhisional Jawa kang paling penting utawa baku yaiku
a. Dalem agung b. Senthong c. Joglo
d. Gandhok e. Pendhapa

37. Ukara latin ing ngisor iki kang nggunakake sandhangan mandaswara yaiku.....
a. Mbah Wiro tuku sawah ing lor Kalen.
b. Bu Sani tuku jeruk sekilo.
c. Pak Jeni dodol kripik paru.
d. Bu Yani mundhut gendhis.
e. Pak Bayan ngurusi aktene Dhik Shira.

38.

Isine ceceg-ceceg ing nduwur yaiku.....


a.

b.

c.

d.

e.

39. “Tumrape wong Jawa.” Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku......
40. “Ing jaman sewu.” Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....

A. Uraian kanthi mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

Gatekna crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 41!
“Kanca–kanca ora gelem cedhak–cedhakan karo Adri. Kanca–kanca malah padha ngganggu lan nggodha Adri.
Ana sing madhakake, ana sing njoroke, lan sapiturute. Dene aku, trenyuh, luwih – luwih nalika Adri dijegal kancaku
saengga tiba lan buku sing digawa padha pathing kecer. Ewasamono Adri gur meneng nampa kahanan kang kaya
mangkono.
41. Sebutna paraga/tokoh lan watake tokoh ing cerkak ndhuwur!
42. Sebutna kanthi singkat ciri-ciri pawarta!
43. Sebutna perangan omah joglo nomer 1, 2, 3,4 ing dhuwur lan apa kegunaane!

44. Salinen nganggo aksara Latin!

45. Salinen nganggo aksara Jawa!


“Sepi ing pamrih rame ing gawe.”

Dikoreksi Oleh :
Tanggal Pembuatan Soal : (Tanggal, Bulan, Tahun)

Pembuat Naskah soal :

Koordinator Mapel : Sie Naskah:

Istikomah Aprilia Cahyaningtyas F., S.Pd

Form : SMKNPABELAN1/ EVAPAS/03 Rev : 00 / 10/30/2020

Anda mungkin juga menyukai