Anda di halaman 1dari 2

DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA

KEMENTERIAN AGAMA
MADRASAH IBTIDAIYAH YPKSI NURUL HUDA
ULANGAN AKHIR SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN : 2020/ 2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : …............................................


Hari, Tanggal : Kelas/Nome : ..IV/........................................
Waktu : 90 menit r : ...............................................
MI

Wacanen kang titi !


Koperasi Sekolah
Koperasi sekolah iku salah sawijine organisasi ing sekolahan. Dene anggotane koperasi sekolah yaiku
kabeh warga sekolah,kayata : para siswa,kepala sekolah ,bapak lan ibu guru. Koperasi sekolah nglatih murid-
murid supaya pada guyup rukun nyambut gawe bareng-bareng karo kancane. Koperasi sekolah iku uga iso dadi
papan panggonan supaya murid-murid nduweni rasa tanggungjawab,uga nglatih kejujuran.
Dene dagangan sing didol koperasi sekolah iku pirantine para murid, kayata : buku, pulpen,petlot,
garisan lan liya-liyane. Kajaba kanggo nglatih kejujuran,tanggung jawab,uga para murid ora perlu tuku adoh-
adoh nganti sakjabane sekolahan. Rega-rega ing koperasi sekolah uga padha karo rega ing toko. Para siswa
padha seneng yen sekolahane nduwe koperasi,amarga sakwayah-wayah apa sing dibutuhake para murid wis
cumepak lan enggal kecukupan apa kebutuhane

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a,b,c utawa d sak ngarepe wangsulan kang bener !

1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ....


a. Gunane Koperasi Sekolah c. Koperasi Sekolah
b. Organisasi Koperasi d. Dodolan Ing Sekolahan
2. Piranti apa bae sing didol ing koperasi sekolah?
a. tas, sepeda lan topi c. gula,sabun lan sikat
b. buku, pulpen lan garisan d. obat lan sembako
3. Koperasi sekolah iku biso nglatih murid-murid ngenani …..
a. bebarengan nggarap PR karo kancane c. oleh bathi kang akeh
b. tanggung jawab lan watak kang jujur d. dolanan lan guyon bebarengan
4. Anggotane koperasi sekolah iku sapa wae ?
a. guru lan wali murid c. guru lan murid ing sekolah
b. murid lan wali murid d. kabeh wong oleh dadi anggota
5. Karpriye regane dagangan ing koperasi sekolah?
a. luwih larang karo toko c. luwih dhuwur karo toko
b. padha karo toko d. luwih murah karo toko
6. Kang kalebu pirantine bocah sekolah yaiku ....
a. buku , pensil , hp c. stip , garisan , hp
b. palu , buku , hp d. tas , buku , pensil
7. Agus : “Nuwun sewu Pak, kula badhe …………….”
Pak Budi : “Arep takon apa Gus ?
Tembung kang bener kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. nyuwun sangu c. nyuwun pamit
b. nyuwun pirsa d. nyuwun warah
8. Buku tulis , yen ditulis nganggo aksara jawa sing bener yaiku ....
a. b ku tu li s\ c. nu ku bu li s\
b. bu ku tuli s\ d. su ru bu ki s\7.
9. l gu [fo l n n\ , tulisan jawa kuwi unine ....
a.laku dolan c. lagu dolanan
b.mlaku dolan d. aku dolanan

PAS 2 K13 KLS 4 20/21 1


10. Ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan , yaiku…………
a. ilir-ilir,jaran goyang                                  c. jamuran,suket teki
b. menthog-menthog,jamuran            d. sayang , gundhul-gundhul pacul
11. Sakwise dirabuk tandure katon ijo……………..
a. royo-royo               c. memplak
b. banget             d. ijo
12. Hasan  : “ ......”
Rudi : “ Aku mbesuk kepengen dadi dokter.”
Ukara pitakonan kang mathuk ing dhuwur yaiku ...
a. Kowe pengen menyang ngendi yen wes gedhe?
b. Kowe pengen sekolah ana ing ngendi?
c. Yen kepengin dadi dokter sekolah ana ngendi ?
d. Kowe mbesuk kepengin dadi apa?
13. Ing ngisor iki kalebu tembang macapat , kajaba: ....
a.gundhul-gundhul pacul c.pocung
b.mijil d.dhandhang gula
14. Mangsa akeh udan sumur-sumur ing ndesa padha agung, kosok baline agung yaiku....
a.kebak c.asat / sat
b.garing d.teles
15. Papan panggonan kanggo latihan nari,seni drama iku diarani..….
a. sanggar c. kraton
b. gelora d. musium
16. Suaramu pancen apik,buktine melu lomba nyanyi bisa oleh juara,sapa sing ( latih ) kowe ?
Tembung ing njero kurung benere ………
a.latihan c.tak latih
b.nglatih d.dilatih
17. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa krama alus yaiku ...
a. Kula dipun utus bulik tuku gendhis c. Kula dikengken bulik mundhut gendhis
b. Kula dipun utus bulik mundhut gendhis      d. Kula dikengken bulik tumbas gendhis
18. Wong kang pinter babakan kesenian utawa ahli seni iku diarani....
a.seniman c.karyawan
b.budiman d.jutawan
19. Ora pareng tulis tembok ,mengko yen didukani bapak lo ! Tembung tulis mathuke dadi….
a. ditulis c. nulisi
b. ditulisi d. tulisan
20. Gambar wayang sing gagah iki jenenge ........
a. raden janaka c. raden werkudara
b. raden harjuna d. raden gatutkaca

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!


21. Tembang kang lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan iku diarani tembang ....
22. Tembang dolanan iku ya kudu dijaga lan diuri-uri/diopeni supaya ….
23. Tembang pucong,mijil,sinom,dhandhang gula iku kalebu tembang …..
24. l gu [fo l n n\ tulisan jawa iku unine ……
25. w y= ku li t\ tulisan jawa iku unine ……
26. Tembung kang isih wutuh durung oleh tambahan/imbuhan iku diarani tembung………
27. Yen sinawang saka kadohan katon ijo royo-royo,tembung sinawang asale saka tembung lingga…
28. Tembung lingga maca yen diwenehi ater-ater di panulise dadi ………..
29. Tembung gampang yen diwenehi seselan um panulise dadi....
30. Supaya lara mah iku ora kumat kudu pangan sing ajeg,tembung pangan diowahi dadi ....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


31. Coba aranana tembang dolanan 3 wae !
32. Coba aranana titikane utawa ciri-cirine tembang dolanan !
33. Tulisen nganggo aksara jawa !
a. ilir ilir b. jamuran c. jaranan
34. Tembung ing ngisor iki asale saka tembung lingga lan seselan apa !
a. gumuyu b. winasis c. linuwih
35. Coba gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki !
a. gumampang d. tinulis c. cumepak

PAS 2 K13 KLS 4 20/21 2

Anda mungkin juga menyukai