Anda di halaman 1dari 6

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP (PTS)

MADRASAH IBTIDAIYAH DIPONEGORO


TAHUN AJARAN 2023/2024
Jln. Jati No. 206 Kecamatan Sukorejo Kota Blitar Telp : (0342 ) 806817

Nama : ____________________________ Waktu :08.45 – 09.45 WIB


No. Ujian : ____________________________ Hari/Tanggal : 21 Maret 2024
Kelas : V (Lima) Mata Pelajaran : Bhs Jawa
I. Pilihen Kathi pilihan sing bener !
1. Sesambungan antarane makhluk urip lan makhluk mati ing sawijining panggonan diarani...
a. Adaptasi b. Ekosistem c. Gravitasi d. sesrawungan
2. Wacan sing isine mbujuk supaya sing maca melu/nuruti, biasane rada keluwihan (berlebihan)
yaiku wacan…..
a. Deskripsi b. Narasi c. Eksposisi d. Persuasi
3. Narasi iku tulisan/karangan kang isine……
a. Panemu c. gambarake kaanan
b. Crita d. mbujuk pamaca
Gatekna teks ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 4-6!
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa
diinepake, tur teyengen sisan. Rak-rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku-
buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kana.
4. Sing kelire klawu yaiku ....
a. Lemari b. Meja c. Kursi d. Lawang
5. Teks kasebut gambarake….
a. Lemari b. Meja c. Kursi d. Lawang
6. Lawange wis ora bisa diinepake, tur .... sisan.
a. Lapuk b. Sawangen c. Tèyengen d. sempal
7. Wacana narasi ana werna loro, yaiku lan....
a. ekspositoris lan argumentasi c. naratip lan argumentasi
b. ekspositoris lan naratip d. ekspositoris lan sugestip
8. Meja, kursi, lan lemari iku klebu tembung…..
a. Aran b. Kriya c. Kaanan d. sesulih
9. Adhem, panas, lan sesak iku klebu tembung…..
a. Aran b. Kriya c. Kaanan d. sesulih
10. …….regane buku iki?
a. Sapa b. Pira c. Kapan d. Apa
11. Piranti kanggo reresik yaiku…..
a. Buku b. Spidol c. Sapu d. Paku
12. Menawa oglangan iku kaanan dadi peteng…..
a. Ayem b. Ndedet c. Mbranang d. jingglang
13. Kulawargane Pak Wibawa iku tansah adhem...
a. Rukun b. Anyep c. Ayem d. banget
14. Mas Budi iku kerja mempeng amarga dadi …... kulawargane.
a. cagak uripe b. bau tengen c. abang kupinge d. raja kayane
15. Sing klebu raja kaya yaiku…..
a. Tetandhuran b. Kebo c. Anak d. banyu
16. Mangga pinarak, panjenengan sampun... bapak.
a. dianti-anti b. dipuntengga c. digoleki d. diwanti
17. Basa krama kapantha dadi loro, yaiku……..
a. krama lugu lan krama alus c. krama ndesa lan krama andhap
b. krama kasar lan krama alus d. krama andhap lan krama alus
18. Mas Parja arep siram saiki apa mengko? Ukara kasebut migunakake basa……
a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus
19. Kopine sampun diunjuk eyang kakung. Ukara kasebut migunakake basa…..
a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus
20. Kembange kembang cempaka, Dudu kembang arum dalu. Mumpung sira isih mudha,…..
a. kudu kuwat sinau c. kudu sregep ngudi elmu
b. sregep sinau d. kudu sregep sinau
PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)
MADRASAH IBTIDAIYAH DIPONEGORO
TAHUN AJARAN 2023/2024
Jln. Jati No. 206 Kecamatan Sukorejo Kota Blitar Telp : (0342 ) 806817

Nama : ____________________________ Waktu :08.45 – 09.45 WIB


No. Ujian : ____________________________ Hari/Tanggal : 21 Maret 2024
Kelas : VI (Enem) Mata Pelajaran : Bhs Jawa
I. Pilihen Kathi pilihan sing bener !
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak saha Ibu-ibu ingkang kula urmati. Adhik-adhik warga karang taruna ing Desa
Sukorejo ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sami muji sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah
ingkang sampun paring rahmatdhateng kula lan panjenengan, saengga saged manunggal kempal wonten
ing dalemipun Bapak Samekta kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Adhik-adhik warga karang taruna ingkang kula tresnani. Kula minangka Kepala Desa Sukorejo
rumaos, suka gambira. Jalaran adhik-adhik gadhahi tekad lan niyat ingkang luhur, inggih punika adhik-
adhik sampun purun manunggal kempal wonten ing wadhah karang taruna ing Desa Sukorejo ngriki.
Kagiyatan punika minangka pratandha bilih adhik-adhik klebet mudha-mudhi ingkang sadhar
persatuan saha kesatuan. Pramila kula nyuwun mugi-mugi adhik-adhik tansaya saged nindakaken raos
persatuan punika kanthi nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang murakabi kangge kemajenganing Desa
Sukorejo ngriki. Mliginipun, sumrambahipun ing tlatah Kendal.
Dhumateng adhik-adhik ingkang gadhahi kagunan saha katrampilan punapa kemawon ingkang
sae, kula suwun purun nularaken dhateng adhik-adhik sanesipun. Saengga mangke warga karang taruna
ing Desa Sukorejo tambah seserepanipun ingkang produktip. Asilipun saged nambah kasejahteraanipun
warga karang taruna saha dados kemajenganing desa.
Kula nyuwun supados sesami warga sami purun caos lan nampi pepenget bok bilih wonten
tumindak ingkang nalisir saking bener. Kanthi makaten sadaya saged lumampah kanthi sae.
Tandhonipun saged dados tepa tuladha dhateng adhik-adhik ingkang kaprenah taruna. Kula kinten
cekap samanten atur kula, menawi wonten kalepatanipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
1. Miturut wacan ing dhuwur, sing nindakake sesorah yaiku….
a. ketua RT b. kepala desa c. ketua karang taruna d. warga Sukoreja
2. Sesorah kasebut katujokake marang….
a. kepala desa b. ketua RT c. Bapak Samekta d. warga Sukorejo
3. Sesorah ing dhuwur surasane babagan…..
a. raos persatuan b. pendhidhikan c. gotong-royong d. kawicaksanan
4. Sesorah kasebut ditindakake ana ing griyane…..
a. ketua RT b. kepala desa c. ketua karang taruna d. Bapak Samekta
5. Sesorah ing dhuwur klebu jinising sesorah....
a. tanggap wacana b. pambagyaharja c. sabdatama d. purwaka
6. Gatekna tembang ing ngisor iki!
Bapak pocung amung sirah lawan gembung,
padha kinunjara,
mati sajroning ngaurip,
mijil baka si pocung dadi dahana.
Bedhekane yaiku…….
a. penthol korek b. dom bolah c. ali-ali d. binggel
7. Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ....
a. Ukara b. Dudutan c. Cengkorongan d. gagasan baku
8. Dikethok malah.... Yen batangane clana, mula tembung sing mathuk kanggo jangkepi yaiku ....
a. Gedhe b. Cendhak c. Dhuwur d. rusak
9. Ing ngisor iki tata-cara nalika nindakake sesorah, kejaba….
a. Grambyang b. Apalan c. Ekstemporan d. impromptu
10. Sing klebu cangkriman blenderan yaiku....
a. disuguhi opak angin c. segara beldhes
b. wong adol krambil dikepruki d. sega sakepel dirubung tinggi
11. Adoh-adoh diparani, ....
a. banjur dicekel c. bareng cedhak dibruki
b. bareng cedhak diliwati d. ora tau diliwati
12. Muji sokur ing ngarsaning Allah klebu perangan…….. pidhato.
a. Pambuka b. Panutup c. Isi d. dudutan
13. Pitik walik saba kebon, batangane yaiku....
a. Nanas b. Nangka c. Sulak d. sapu
Gatekna naskah pidhato ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 14-20.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun,
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa para perangkat desa lan warga masarakat ingkang
dipunmulyakaken, langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan aturaken raos sokur dhumateng
Allah Swt. ingkang maringi kanikmatan lan kasarasan dhumateng kula lan panjenengan.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong-royong. Gotong- royong punika
gawean kang dilakokake bareng-bareng kanthi adhil. Gotong-royong ugi saged ngraketaken rasa
kakulawargaan saindenge anggota masarakat. Gotong- royong ampun ngantos ical saking dhiri kula lan
panjenengan. Amargi sapunika sampun kathah tiyang ingkang luwih mentingaken kapentinganipun
piyambak. Kadadosan punika bebarengan kaliyan mlebetipun kabudhayan saking kilen ingkang luwih
ngutamakaken indhividualisme.
Kula lan panjenengan sadaya anggenipun dados generasi penerus ingkang dipunpangajeng-ajeng
dening tiyang sepuh supados saged ningkataken raos kesatuan lan persatuan nagara, mula kedah nguri-
nguri punapa kemawon ingkang dados kabudhayaning bangsa, kadosa babagan gotong-royong punika.
Kula lan panjenengan sadaya kinten cekap semanten kemawon anggenipun kula matur, menawi wonten
kaluputanipun kula nyuwun agunging pangarsami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
14. Sesorah ing dhuwur ngandharake bab....
a. Pendhidhikan c. Kejujuran
b. Kesehatan d. gotong-royong
15. Sesorah ing dhuwur katujokake marang……
a. kepala sekolah lan guru c. perangkat desa lan warga masarakat
b. murid-murid sekolah d. anggota karang taruna
16. Langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan aturaken raos sokur dhumateng Allah Swt.
ingkang maringi kanikmatan lan kasarasan dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Ukara kasebut
diarani……
a. uluk salam b. purwaka c. isi d. panutup
17. Kang kasebut uluk salam yaiku….
a. Nuwun
b. para perangkat desa lan warga masarakat ingkang dipunmulyaaken
c. langkung rumiyin mangga kita aturaken raos sokur dumateng Allah Swt. ingkang maringi
kanikamatan lan kasarasan dumateng kula lan panjenengan sadaya
d. wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong-royong
18. Kang kasebut panutup yaiku ...
a. Kula kinten cekap semanten kemawon anggenipun kula matur, menawi wonten kalepatanipun
kula nyuwun agunging pangaksami.
b. Para perangkat desa lan warga masarakat ingkang dipunmulyakaken.
c. Langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan aturaken raos sokur dhumateng Allah Swt.
Ingkang maringi kanikamatan lan kasarasan dhumateng kula lan panjenengan.
d. Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong-royong.
19. Sesorah ing dhuwur kagolong sesorah....
a. Sabdatama c. pambagyaharja
b. tanggap wacana d. atur pambagya
20. Ancase sesorah ing dhuwur yaiku…..
a. atur pambagya c. atur kabar, pawarta, utawi informasi
b. pangajak d. atur panglipur

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
1. Ngaturake salam marang para rawuh minangka perangan sesorah kang diarani.....
2. Atur panuwun marang para rawuh klebu perangan sesorah....
3. Wigatining atur sesorah uga diarani....
4. Perangan pangarep-arep ing sesorah wujude.....
5. Sandhal sing dak gawe iki cap RATU. Cangkriman kasebut klebu cangkriman

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


Wacanen sing tliti kanggo nomer 1-3!
Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi
Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa.
Wujud budaya Jawa ing antarane basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik,
kethoprak, lan sapanunggalane. Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese
mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing
babagon budaya. Globalisasi bisa nuwuhake dhampak sing apik tumrap kabudayan Jawa,
upamane kaya mengkene :
1) Budaya Jawa saya kawentar saindenging donya.
2) Ningkatake devisa saka anane wisata budaya
3) Ningkatake kreativitas.
4) Dadekake budaya Jawa saya ngrembaka.
Kabeh mau bakal klakon, menawa budaya Jawa tansah diuri-uri lan dirembakakake. Aja nganti
kepara kelangan jati dhiri, kapencut gebyare budaya manca, kaya kang kasebut ing tembang Gambuh
ngisor iki. Ampun ngantos kebanjur, tiyang jawi ilang jawinipun, margi kerut ing jaman globalisasi,
tebih saking sopan santun, budi pakertine awon.
1. Apa asale tembung globalisasi iku?
Wangsulan:
2. Apa bae wujude budaya Jawa?
Wangsulan:
3. Tulisen dampak positipe globalisasi tumrap budaya Jawa!
Wangsulan.
4. Ganeya juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan sing diwedharake!
Wangsulan:
5. Kepriye carane ngilangi rasa grogi nalika micara? Jlentrehna!
Wangsulan:

Anda mungkin juga menyukai