Anda di halaman 1dari 3

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

Wenehana tanda ping (X) ana ing pilihan a, b,


c, utawa d kang bener!

1. Pratelan sesorah ing ngisor iki jenenge . . . .


Ibu wali kelas ingkang kinurmatan. Para kanca kelas VIII ingkang kula tresnani. Puji
syukur kaaturaken dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun
paring rahmat dhumateng kita sedaya.
a. wasana basa (panutup) c. purwaka basa (pambuka)
b. surasa basa (isi) d. salam pambuka
2. Assalamualaikum, salam sejahtera, sugeng enjang, sugeng sonten, lsp, iku kalebu perangan
sesorah kang aran . . . .
a. surasa basa (isi) c. purwaka basa (pambuka)
b. salam pambuka d. wasana basa (panutup)
3. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging
samudra pangaksami.
Pratelan sesorah ing nduwur iku arane . . . .
a. salam pambuka c. wasana basa (panutup)
b. surasa basa (isi) d. salam panutup
4. Perangan sesorah kang isine nerangake maksud lan inti sesorah yaiku. . . .
a. salam panutup c. wasana basa (panutup)
b. salam pambuka d. surasa basa (isi)
5. Perangan sesorah kang isine ngaturaken sugeng rawuh marang para tamu iku kalebu
perangan kang arane. . . .
a. salam pambuka c. salam panutup
b. surasa basa (isi) d. purwaka basa (pambuka)

6. Gatekna pratelan sesorah ing ngisor iki!


Ing dinten menika, kita sesarengan makempal wonten ing upacara pahargyan Hari
Pendidikan Nasional. Kita sami mangertos bilih pendhidhikan ingkang saged kita
nikmati sesarengan punika mboten saged pisah saking jasanipun Ki Hadjar
Dewantara.

Pratelan sesorah ing nduwur nuduhake yen sesorah iku diwaca nalika. . . .
a. Pengetan dinten Pendhidhikan Nasional c. Pengetan dinten Kartini
b. Pengetan dinten Kamardhikan d. Pengetan dinten Olahraga Nasional
7. Manut pratelan ing nduwur, sesorah iku nduweni tema . . . .
a. lingkungan c. kesehatan
b. pendhidhikan d. kebersihan
8. Ondhe-ondhe kang ditumbasake Ibu sampun telas.
Ondhe-ondhe kalebu tembung . . . .
a. dwipurwa c. dwilingga salin swara
b. dwiwasana d. dwilingga semu

9. Bocah kok mloya-mlayu wae!


Tembung mloya-mlayu kalebu. . . .
a. dwiwasana c. dwilingga salin swara
b. dwipurwa d. dwilingga semu
10. Ing ngisor iki kang kalebu tembung dwiwasana yaiku . . . .
a. cekikik, njedhindil c. bebathen, tetanggan
b. tetuku, plerak-plerok d. lelungan, tetuwa
11. Para tetuwa dusun sami ngrembag babagan dinten kamardhikan.
Tembung tetuwa kalebu tembung . . . .
a. dwiwasana c. dwilingga semu
b. dwipurwa d. dwilingga
12. ?afijuwrsijiai=[lomBgeguritn\,
Ukara mawa aksara Jawa iku menawa ditulis latin yaiku . . . .
a. Adi juwara siji lomba sesorah. c. Adi juwara siji lomba geguritan.
b. Ani juwara siji lomba sesorah d. Ani juwara siji lomba sesorah
13. ?penFiritmnSisWyaiku . . . .
Wangsulan kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku . . . .
a. Ki Hadjar Dewantara c. R. A. Kartini
b. Soetomo d. Ki Ahmad Dahlan
14. Ukara “adigang, adigung, adiguna” yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi. . . .
a. afig=afigu=afigun c. afg=afiguafigun
b. afig=afig=afgun d. asig=asigu=asigun
Layang iki kanggo soal nomer 15-18.
Semarang, 10 Maret 2016 1
Hal : Undangan

Tumuju marang :
2
Pengurus OSIS SMP Taman Dewasa Citarum
Kota Semarang

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun, adhedhasar pambinaan Kepala Sekolah sarta Pambina OSIS babagan
kegiyatan tengah semester genap, mula kita ngaturi kanca-kanca pengurus OSIS lan
perwakilan kelas VII, VIII, lan IX SMP Taman Dewasa Citarum kanggo kumpul ing: 3
Dina/Tanggal : Senin, 14 Maret 2016
Wanci : 11.30 – 12.30 WIB
Panggonan : Ruang OSIS SMP Taman Dewasa Citarum
Kaperluan : Rembugan Kegiyatan Tengah Semester
Cukup semene, muga-muga ndadekake kawigaten lan suwun bisa teka.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
4
Ketua OSIS

15. Perangan nomer 1 ing layang nduwur iku arane. . . .


a. wasana basa c. titi mangsa
b. surasa basa d. purwaka basa

16. Perangan nomer 2 ing layang nduwur iku arane. . . .


a. wasana basa c. satata basa
b. surasa basa d. purwaka basa
17. Perangan nomer 3 ing layang nduwur iku arane. . . .
a. wasana basa c. surasa basa
b. satata basa d. purwaka basa
18. Perangan nomer 4 ing layang nduwur iku arane. . . .
a. wasana basa, tanda tangan, asma terang c. satata basa, tanda tangan, asma terang
b. paprenah, tanda tangan, asma terang d. surasa basa, tanda tangan, asma terang
19. Layang kang gunane kanggo ngabarake berita duka diarani . . . .
a. layang ulem c. layang silaturahmi
b. layang dinas d. layang lelayu
20. Layang kang genep kabeh perangane diarani . . . .
a. layang kitir c. layang lelayu
b. layang ulem d. layang iber-iber

21. Gawenen layang kang isine undangan kanggo pengurus OSIS saperlu ngrembug
babagan hari kartini ing sekolahanmu!

---000---

Anda mungkin juga menyukai