Anda di halaman 1dari 12

SOAL BAHASA JAWA

TEMA 1 INDAHNYA KEBERSAMAAN


KELAS 4 SDN 1 BENDOREJO

Nama :
No :

I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi manehi tandha ping (x)


Geguritan iki kanggo nomor 1-5
Guyub Rukun
(dening : Asmara Kinendra)

Ayo kanca padha makarya


Guyub rukun kabeh para warga
Gotong royong agawe santoso
Kerja bakti iku tumindak mulya

Wredha muha anom taruna


Padha makarya saiyeg saeka praya
Melu mbangun bangsa lan negara
Amrih tata tentrem kerta raharja

Ayo dhi… guyub gumati


Gotong royong iku endahing bebudi
Warisan leluhur kang kudu diuri-uri
Samubarang pakaryan abot bisa mrantasi
Amarga guyub rukun kerja bakti

Ayo dhi… kerja bakti reresik lingkungan


Amrih tumata adoh saka larahan
Lingkungan resik urip sehat bagas kuwarasan

1. Geguritan ing dhuwur irah-irahane yaiku …


a. Guyub c. Asmara Kinendra
b. Rukun d. Guyub Rukun
2. Jumlah pada ing geguritan iku ana …
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6
3. Uni/ swara ing geguritan dhuwur yaiku …
a. a a a a c. a a b b
b. a b a b d. b b b b
4. Kerja bakti iku tumindak seng …
a. mulya c. ala
b. santoso d. kudu diilangi
5. Kerja bakti ngakibatne lingkungan meleh …
a. reget c. tukaran
b. resik d. jembrung
6. Pilihan tembung uga diarani …
a. konotatif c. dhiksi
b. denotatif d. larik
7. Yen maca geguritan seng sedih, maka polatane sing maca kudu …
a. nelangsa c. gembira
b. seneng d. semangat
8. Prakarya ngowahi wujud geguritan dadi teks gancaran (prosa/crita) diarani …
a. ngowahi gancaran c. ngarang gancaran
b. prosa/ crita d. parafrase
9. Ing ngisor iki seng ndak kelebu sarana maca puisi yaiku …
a. microphone c. gendhing
b. panggung d. penonton
10. Nalika nulis teks geguritan, hal kapisan kudu disiapne yaiku …
a. nemtokne gagsan pokok
b. nemtokne jumlah baris
c. nemtokne tema
d. ngembangake gagsan pokok

II. Isinen karo wangsulan kanthi pener


1. Tembung-tembung sing sing duwe teges utawa apa anane diarani tembung …
2. Andhegan (jeda) ing terakhire baris diarani …
3. Tanda jeda ( / ) duweni ateges …
4. Bar nemtokne gagasan pokok, maka dilanjutne …
5. Menawa enenk konco kang maca geguritan ing ngarep kelas, sikape penonton kudu …

III. Wangsulana kanthi patitis


1. Opo seng diarani geguritan?
2. Opo seng diarani tembung konotatif?
3. Sebutno 3 wae, perkara kang kudu digatekake nalika arep moco geguritan !
4. Apa seng diarani amanat geguritan?
5. Gawea geguritan sak pada wae!
KUNCI JAWABAN

ROMAWI 1

1. D 6. C
2. B 7. A
3. A 8. D
4. A 9. D
5. B 10. C

ROMAWI II
1. Denotatif
2. Jedha
3. Mandheg sedhela
4. Ngembangne gagasan pokok
5. Gatekne

ROMAWI III
1. Gegurutan yaiku puisi jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan)
sing gumathok
2. Tembung seng duweni teges entar utawa ora sebenere
3. – olah swara (olah vokal)
- Patrap
- Nyawiji
- Sarana
4. Pesen seng pengen disampkene pengarang marang sapa waeseng moco geguritan
5. Disesuaikan dengan jawaban siswa
SOAL BAHASA JAWA
TEMA 2 SELALU BERHEMAT ENERGI
KELAS 4 SDN 1 BENDOREJO

Nama :
No :

IV. Pilihen wangsulan kang bener kanthi manehi tandha ping (x)
1. Seng kelebu sumber energi seng iso entek yaiku …
a. listrik c. angin
b. mataharip d. banyu
2. Kita kudu gemi nalika gunakake energi. Lawane tembung “gemi” yaiku …
a. hemat c. irit
b. boros d. ngati-ngati
3. Nalika omong-omongan ambi kanca sing wes rumaket, becike gawe basa …
a. ngoko lugu c. krama lugu
b. ngoko alus d. krama alus
4. “Mbak Santi takseh nggarap PR”
Ukara ing dhuwur kui ngangge basa …
a. ngoko lugu c. krama lugu
b. ngoko alus d. krama alus
5. Pacelathone karyawan marang kepalane nggunakeke basa …
a. ngoko lugu c. krama lugu
b. ngoko alus d. krama alus
6. Ibu … gendhis datheng peken. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur
yaiku …
a. tumbas c. nyuwun
b. tuku d. mundhut
7. Simbah : “Agus, adikmu mau neng endi?”
Agus : “ ……………………………”
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku …
a. dolanan karo kancane
b. dolanan ambi kancane
c. dolanan kaliyan rencange
d. dolanan kaliyan kancane
8. supaya hemat banyu, naliko adus becike migunakake …
a. gayung c. shower
b. kran d. jedhing
9. supaya hemat bensin, naliko dolan neng mae konco seng cedek numpak …
a. motor c. mobil
b. sepeda d. vespa
10. polatan (ekspresi) minongko maca pacelathon tansah …
a. nesu c. isin
b. susah d. sumeh

V. Isinen karo wangsulan kanthi pener


11. Pacelathone bocah marang wong tuwa nggunakake basa …
12. BBM mujudake cekakaning tembung ….
13. Laras : Budhe, menopo sampun ….?
Budhe : Uwes, karo sego tiwul ambi iwak laut.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku …
14. Owah-owahane praupan kanggo ngatonake rasane batin disebut …
15. Jumlahe uwong ing teks pacelathon minimal ono …

VI. Wangsulana kanthi patitis


16. Sebutno 3 sumber energi seng iso entek menowo digae teru-terusan!
17. Sebutno carane menghemat energi listrik! 2 wae!
18. Opo seng diarani pacelathon?
19. Nalika ngrakit teks pacelathon, sakwise nemtokake tema, opo langkah selanjute?
20. Jangkepono teks pacelathon iki!
Bu Guru : Rini, tulung patenono lampu kui!
Rini : …………………………………
Bu Guru : Opo alasane menowo awan lampu kudu dipateni Rini?
Rini : ………………………………….
KUNCI JAWABAN

ROMAWI 1

1. A 6. D
2. B 7. C
3. A 8. C
4. B 9. B
5. D 10. D

ROMAWI II
11. Krama alus
12. Bahan Bakar Minyak
13. Dahar
14. Polatan (ekspresi)
15. Loro (2)

ROMAWI III
16. Listrik, minyak, bensin, solar, batu bara, dll
17. – lek wes padang lampune dipateni
- Ngurupne kipas angin menawa panas
- Mateni TV menowo ndak di delok, dll
18. Rembuga antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab
19. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete karo tema sing dipilih
20. Bu Guru : Rini, tulung patenono lampu kui!
Rini : Inggih bu
Bu Guru : Opo alasane menowo awan lampu kudu dipateni Rini?
Rini : marai wes padang, kudu hemat energi
SOAL BAHASA JAWA
TEMA 3 PEDULI TERHADAP LINGKUNGAN HIDUP
KELAS 4 SDN 1 BENDOREJO

Nama :
No :

I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi manehi tandha ping (x)


Wacanen crita iku kanggo soal nomor 1-5
ASAL USUL SUROBOYO
Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing taman
bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit
geger. Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing
tengah dalan sungging dipethuki nabi khudur lan diparinggi katranan yen prameswari majapahit
mau wis seda dishusta dening iwak sura lan baya.
Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak manungsa,
nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene wong loro mau
andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika didangu dening Nabi Khidir kekarone padha
banjur tutuh-tinutuh awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau
saperlu mung kanggo lebong weteng.
Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene baya
mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur tuwuh
pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura karo baya ora ana ing dharatan
nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan baya anggone pdha gelut. Loro-lorone padha
kuwate, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Wong loro padha keket olehe gelut saengga
awor dadi siji. Wusanane, amarga wis ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur
musna tanpa lari.
Sakmusnane sura lan baya, ratu jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan. Sri
Naranata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-wong mau
padha ana ing sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku Sri Naranata banjur
ngendika, “mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal takjenengake SURABAYA.”

1. Irah-irahane crita ing dhuwur iku yaiku ….


A. Iwak Suro Lan Boyo C. Suroboyo
B. Majapahit D. Asal-usul Suroboyo
2. Sapa sing dipangan iwak suro lan boyo?
A. Prabu Brawijaya C. Nabi Khidir
B. Prameswari D. prabengkara
3. Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi …
A. iwak suro C. prabengkara
B. baya D. musuh
4. Perange iwak sura karo baya ana ing …
A. laut C. kali
B. darat D. waduk
5. Akibate perange iwak sura karo baya yaiku …
A. Prameswari maleh urip eneh
B. iwak sura karo baya panggah urip
C. iwak sura karo baya maleh kuat
D. iwak sura karo baya maleh mati
6. Angling Darma iku crita rakyat saka …
A. Jawa Timur C. Jawa Tengah
B. Jawa Barat D. Banten
7. Panyebarane crita rakyat yaiku secara …
A. tulisan C. pentas film
B. lisan D. radio utowo TV
8. Crita rakyat iku lumrahe wujud crita …
A. legenda C. nyata
B. sambung D. misteri
9. Nalika nindakake ayahan crita ing ngarep kelas, bocah-bocah kudu …
A. nggunakake tembung sing gampang dimangerti
B. ngobahake tangan lan awak supaya ora gampang kesel
C. ngarahne panyawang marang penonton sing ana ngarep
D. njumbuhake praupan karo perabotan sing digunakake
10. Crita rakyat Grojogan Roro Kuning iku panggonane ono ing …
A. Tuban C. Pacitan
B. Nganjuk D. Madiun

II. Isinen karo wangsulan kanthi pener


11. Crita jaman biyen sing ngrembaka ing masyarakat kanthi digethok tularake secara lisan
disebut crita ….
12. Underane perkara utawa gagasan pokok sing dadi dhasar dumadine crita disebut ….
13. Terusno ukara iki!
Aja ngidoni sumur, mundhak …
14. Sing jaga Guwa Ngerong iku iwak lan …
15. Krajan panggonane ratu disebut …

III. Wangsulana kanthi patitis!


16. “Nyapu bengi ora ilok”
Apa ajaran moral tembung ing duwur iku?
17. Apa tindakanmu menawa ngerti lingkungan ing sekitarmu reget lan jembrung?
18. Aranana 2 wae titikane crita rakyat!
19. Apa sing diarani latar crita?
20. Sebutno 3 wae conto crita rakyat saka Jawa Timur!
KUNCI JAWABAN

ROMAWI 1

1. d 6. a
2. b 7. b
3. a 8. a
4. c 9. a
5. b 10. d

ROMAWI II
11. rakyat
12. tema
13. guwing
14. lowo
15. kraton

ROMAWI III
16. nyapu ing wayah bengi regede ora katon. Mala supaya lingkungan bisa resik yen nyapu
wayah awan
17. ngresiki lingkungan
18. ora diweruhi sopo sing ngarang, penyebarane kanthi lisan, sugih cangkrik utawa variasi,
sipate tradisional
19. andaran babagan waktu, kahanan, lan papan dumadine crita
20. asal usul suroboyo, angling darma, andhe-ane lumut, grojogan roro kuning, dll
SOAL BAHASA JAWA
TEMA 4 BERBAGAI PEKERJAAN
KELAS 4 SDN 1 BENDOREJOV

Nama :
No :

I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi manehi tandha ping (x)


1. Ing pedesaan yen tandang gawe kerjo bakti tansah …
a. guyub rukun ora cecongkrohan
b. gemi lan nastiti sarwa ngati ati
c. tat, tatas, titi lan titis
d. takon, tekuh, teken, lan tekan
2. para leluhur kita pancen kondang yen makarya tansah …
a. guyub rukun ora cecongkrohan
b. gemi lan nastiti sarwa ngati ati
c. tat, tatas, titi lan titis
d. takon, tekun, teken, lan tekan
3. langkah sepisan nalika ngarang narasi yaiku nemtokake ….
a. alur c. setting
b. tema d. paraga
wacanen tek iki kanggo soal nomor 4-7!
Sekolahku yaiku SMAN 3 Bantul yaiku salah satunggal sekolah ingkang paling sae ing
kutha kula. Mboten heran sekolahku salajeng diminati dening calon-calon siswa enggal
ingkang kersa sinau ing mriki. Hal kesebat sangeta wajar amargi sekolahku salajeng
mendapakan peringkat setunggal ing saben ajang lomba ingkang dipunndhereki sae tingkat
kitha kersaa provinsi.
Mboten namung statuse ingkang ngrupikaken sekolah paling sae, kepepakan fasilitas
uga wiyaripun sekolahku ugi dados salah satunggal faktor ingkang nyurung para calon siswa
konjuk sinau ing sekolahku. wiyar wungon sekolahku udakawis sekitar 2 hektar ingkang
kunjuk dados 4 lokal wungon. Nalika pertama mlebeti sekolahku, kita sedaya badhe manggihi
lokal wungon setunggal, yaiku ruang guru, kantor administrasi, uga ruang kengungkukan
siswa.
Senaosa ageng uga wiyar sekolahku sangeta sejuk uga ijem. ing ngrika kathah ing
tanemi wit-wit rindang ingkang berbaris ing setap pojok-pojok panggen. Bahkan ing ngajeng
saben ruangan kelas enten taman santun cekap ageng ingkang mimbuhi kelokan sekolahku.
punika sekolahku, sekolah ingkang paling sae dadosipun kula bangga sanguh bersekolah ing
mriki.

4. Sekolahe salajeng diminati dening calon-calon siswa enggal amarga ...


a. sekolahe ijo c. sekolahe favorit
b. sekolahe ombo d. sekolahe bangunane apik
5. Nyapo kok sekolahe kui sejuk?
a. amarga sekolahe wiyar
b. amarga cedek sawah
c. amarga due kipas angin ing saben kelas
d. amarga akeh wit-witan
6. ruangan sing ndak dadi siji ing gedung ngarep yaiku …
a. ruang guru c. ruang kengungkukan siswa
b. ruang kantor administrasi d. kelase bocah
7. peringkate sekolah kui tingkat provinsi yaiku nomor …
a. siji c. telu
b. loro d. ndak peringkat
8. Teks narasi isine …
a. nggambarake proses kedadean
b. nyritakake proses kedadean
c. ngaambarake kahanane objek
d. nyritakake kahanane objek
9. wong sing gaweane ndandani mesin disebut ….
a. niyaga c. pandhe
b. montir d. batur
10. Langkah sepisan nalika ngarang dheskripsi yaiku …
a. Ndheskripsikne perasaane paraga utomo
b. Nyangkud pancadriya
c. Milih objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati
d. Nepungake objek sing arep disheskripsikne

II. Isinen karo wangsulan kanthi pener!


11. Sing tugase golek nafkah kanggo keluarga yaiku …
12. Wong sing gaweane nglakokake wayang diarani …
13. Wong sing gaweane ing sawah yaiku …
14. Teks sing isine nyritakake urutan kedadean diarani teks …
15. Teks sing isine mung nggambarake kahanane objek ing siji diarani teks …

III. Wangsulana kanthi patitis!


16. Sebutno telu penggawean kang nggunakne jasa!
17. Ganeya manungso ing alam dunyo iku kok kudu sregep nyambut gawe?
18. Sebutno titikane teks narasi!
19. Sebutno titikane teks deskripsi!
20. Gawea teks deskripsi kang temane “kursi”!
KUNCI JAWABAN

ROMAWI 1

1. a 6. d
2. c 7. a
3. b 8. b
4. c 9. b
5. d 10. c

ROMAWI II
11. bapak
12. dalang
13. tani
14. narasi
15. deskripsi

ROMAWI III
16. montir, dalang, salon, guru, dokter, dll
17. kanggo nyukupi kebutuhan
18. - nyritakake urutane kedadean,
- ana wektu, panggonan, lan tokoh
- nggunakake tembung/ ukara sing biasa digunakake saben dino
- ana konflik
19. – nggambarake objek kanthi rinci
- Nggunakake tembung sing bisa nggugah rasa utawa narik kawigetan
- Ora ono kanflik
20. Kabijaksanaan guru

Anda mungkin juga menyukai