Anda di halaman 1dari 3

Rangkuman

1. Geguritan
Sinau Nulis
(dening : Devaki)

Tulis
Taktulis
A-B-C-D-E-F
Ing nduwur kertas
Kertas putih resik lan apik
Takcoret-coret nganggo petelot
Petelot biru lancip kaya sunthikane
dhokter
Aku sinau nulis supaya pinter, ben
bisa dadi dhokter
- Geguritan asale saka tembung “gurit” kang ateges puisi utawa syair.
- Geguritan bisa kanggo medharake rasa, geguritan uga bias menehi piweling.
- Irah-irahan yaiku judul.
Judul geguritan ing nduwur yaiku Sinau Nulis
- Panganggit yaiku pencipta.
Pangganggit geguritan ing nduwur yaiku Devaki

- Kang perlu digatekake nalika maca geguritan yaiku 4W

4W

Wicara wiraga wirasa wirama

 Wicara yaiku pocapan kudu cetha nalika ngucapake tembung-tembung ing geguritan.
 Wiraga yaiku ngobahake peraganing awak kanggo mbangun swasana, kudu luwes/
ora kaku.

- Geguritan kang ora kaiket dening aturan yaiku geguritan anyar.


- Geguritan kang kaiket dening aturan yaiku geguritan lawas. Contoh geguritan lawas :

Sun gurit
Lelakon jaman saiki Diwiwiti/diawali tembung “Sun gurit”
Kabeh pemudha pemudhi
Kutha desa gunung sami
Mung sinau kang den kaesthi

- Paugeran/ pathokan geguritan lawas =


a. Kawiwitan/diawali tembung sun gurit
b. Cacahe gatra ing saben padha kudhu runtut
c. Cacahe wanda saben gatra kudu padha
d. Guru lagune manut guru swara a, i, u, e, o

- Trap-trapan utawa langkah-langkah nulis geguritan, kaping kapisan yaiku kudu


nemtokake tema
- Cacahe titi swara iku ana lima yaiku a, i, u, e, o

1
Bahasa Jawa Kelas IV Ulangan Tengah Semester I Tahun Pelajaran 2023/ 2024
2. Cerita Wayang Yudhistira
Wayang iku salah sijine budaya bangsa kang adiluhung kudu dilestarikan.
Wayang duweni manpangat bias kanggo panglipur uga menehi patuladhan.
Crita wayang salah sijine Mahabarata, kang nyritakake Pandhawa Lima yaiku Yudhistira,
Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa.

Prabu Yudhistira iku ratu ing Amarta (Ngamarta), putrane Pandhu Dewanata lan Dewi
Kunthi. Garwane Prabu Yudhistira yaiku Dewi Drupadi, dene putrane yaiku Raden
Pancawala. Prabu Yudhistira pambarep Pandhawa duwe kasekten kang linuwih. Pusakane
awujud kitab Jamuskalimasada kang bias nguripke wong mati. Yudhistira nggadahi watak
kang apik, mula digambarake wong sing ludirane seta, saking sucine uripe.
Asmane Bapake Yudhistira yaiku Pandu Dewanata
Yudhistira ratu ing Amarta (Ngamarta)
Aran pusakane Yudhistira yaiku kitab Jamuskalimasada
Garwanipun Prabu Yudhistira yaiku Dewi Drupadi

3. Pacelathon utawa percakapan


Pacelathon yaiku interaksi antarane wong karo wong.
- Basa sing digunakake menawa lagi padha guneman yaiku
 Bocah cilik marang bocah cilik gunakake basa ngoko lugu
Contoh Arka lan Zaki batir sekelas gunkake bahasa ngoko lugu
 Bocah marang sepuh gunakake basa krama alus
Contoh Adit ngomong marang Simbah
 Wong tuwa marang bocah gunakake basa ngoko lugu
Contoh guru ngendika karo muride
- Trap-trapan/langkah-langkah kaping sapisan nalika gawe pacelathon yaiku nemtokake
tema
- Contoh percakapan
Bayu : “Mbah, badhe nyuwun pirsa, babagan ringgit”
Mbah Darma : “Apa ing sekolahan kowe diwulang bab wayang?”
Bayu : “Nggih, Mbah. Kula dereng patos ngertos babagan cariyos ing Perang
Baratayuda”
Mbah Darma : “Lha sing mbok takokake bab apane?”
Bayu : “Perang Baratayuda niku sejatosipun napa ta, Mbah?”
Mbah Darma : “perang Baratayuda, yaiku perang sedulur, antarane anake Pandhu aran
Pandhawa karo anake Destarasta kanga ran Kurawa.

- Peraga/tokoh ing percakapan yaiku Bayu lan Mbah Darma.


- Babagan/tentang kang ditakokake Bayu marang Mbah Darma yaiku babagan ringgit.
- Perang Baratayudha iku perang antarane Pandhawa lan Kurawa

4. Tembung Kosok Balen


- Tembung kosok balen ing Bahasa Indonesia diarani antonim
Contoh tembung kosok balen :
Cilik >< gedhe
Dawa >< cendhek
Seneng >< sedih
Kasar >< alus
Kalah >< menang
Apik >< ala

2
Bahasa Jawa Kelas IV Ulangan Tengah Semester I Tahun Pelajaran 2023/ 2024
Banther >< alon
Rame >< sepi

5. Unggah-ungguh Basa
Ngoko Lugu Ngoko Alus
Kowe Sliramu / panjenengan
nganggo ngagem
lunga tindak

- Pacelathon/percakapan kang gunakake krama alus


 Ibu, kula nyuwun pamit rumiyin, matur nuwun kula diparingi jambu ingkang
kathah.
 Panjenengan lenggahipun wonten pundi, Mbak?

3
Bahasa Jawa Kelas IV Ulangan Tengah Semester I Tahun Pelajaran 2023/ 2024

Anda mungkin juga menyukai