Anda di halaman 1dari 5

MATERI BAB 1

GEGURITAN

Geguritan utawa guritan yaiku sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan endah. Guritan
asale saka tembung “gurit”, kang ateges kidung. Guritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag
lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi Jawa modern).
Titikane geguritan gagrag lawas lan gagrag anyar:

Geguritan Gagrag Lawas Geguritan Gagrag Anyar


Cacahing gatra saben sapada ora Ora kaiket paugeran ngenani cacahe gatra
ajeg,anging sathithike ana patang gatra utawa cacahe pada kaya geguritan gagrag
lawas
Cacahing wanda saben gatrane ajeg Basane kalebu basa endah lan
yaiku 8 wanda migunakake tembung – tembung pilihan
Dhong dhinge swara saben pungkasane Dhong dhinge swara bebas / mardika
gatra migunakake purwakanthi guru
swara
Lumrahe diwiwiti nganggo tembung
Sun Nggegurit utawa Sun Anggegurit
Geguritan gagrag lawas lumrahe isi
piwulang

 Struktur Teks Geguritan

1. Struktur fisik
a. Tipografi (Bentuke Guritan)
Yaiku wewangunan guritan kang tinulis. Guritan bisa ngebaki larik utawa ora, kawiwitan
aksara gedhe utawa ora, lan sapanunggalane.

b. Diksi (Pilihan Tembung)


Yaiku Pamilihe tetembungan kang bisa negesi tembung liyane supaya maknane dirasa
luwih mentes.

c. Imaji (Pangungkape Pengalaman Indrawi)


Yaiku rerangken tetembungan ing guritan bisa medharake pengalaman indrawi. Kayata
paningal, pangrungon lan pangrasa, saengga pamaos bisa kagawa ing swasana kaya sing
dialami panggurit.
Imaji kaperang dadi 3, yaiku:
- Imaji swara
- Imaji Paningal
- Imaji raba/sentuh

d. Tembung Konkret
Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji.
Tembung konkret bisa arupa pepindhan utawa pralambang.
Tuladha :
bun(embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing swasana esuk.
e. Busananing Basa / Lelewaning Basa
Yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake rasa endah. Busanane
basa bisa arupa basa rinengga kang maneka warna lan uga majas.
f. Wirama (Rima)
Yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah utawa ing pungkasaning
gatra.

2. Struktur Batin
a. Tema
Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra, pada
lan sakabehe pada ing geguritan.

b. Rasa
Yaiku pandungkape rasa panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut ing
geguritan kang ditulis.

c. Nada
Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan iki
bisa arupa pesen kang sipate ngguroni, ndhikte, ngudhari prakara lsp.

d. Amanat
Yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaos.

Ature Simbah

Carang – carang kang aking

Amarga tanpa tumuruning tirta amerta

Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki

Jun – jun kang sumendhe wis asat kawit wingi – wingi

Sambat tangis anggegirisi sumebar

Ing salumahe bawana

Jebul bener ature simbah wingi

Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi

Banjur saiki coba delengen

Ijo royone gunung kidul omah kae

Kaganti dening jangkar – jangkar

Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki


Tuladha Analisis Struktur Fisik Guritan “ Ature Simbah” :

a. Tipografi
- Guritan “ature simbah” migunakake wewangunan rata kiri
- Saben gatra diwiwiti aksara gedhe
- Dumadi saka sapada cacahe 12 gatra/larik
- Ing wiwitan saben gatra migunakake aksara gedhe
- Panggurit ngrengga ukara ing gatra 4,8,12 luwih dawa tinimbang gatra liyane.
b. Diksi
- Tembung aking minangka gantine tembung garing
- Tembung tirta minangka gantine tembung banyu
- Tembung ketiga ngerak nggambarake mangsa ketiga kang panas banget
- Tembung bawana minangka dasanamane lemah/bumi
- Tembung rambute bumi tegese wit-witan ing alas
- Tembung jangkar – jangkar tegese wesi – wesi minangka pondhasi bangunan
c. Imaji

Ing guritan “Ature Simbah” migunakake imaji pangrungu ing tetembungan Sambat tangis
anggegirisi sumebar.

d. Tembung Konkret
Tetembungan kayata aking, asat, ketiga ngerak minangka pralambang mangsa ketiga

e. Busananing Basa
- Majas Personifikasi
Tumuruning tirta amerta
Jun-jun kang sumendhe
Salumahe bawana
- Majas Metafora
Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi

f. Wirama ( Rima )
Geguritan “Ature Simbah” ora migunakake wirama tartamtu.

TUGAS GEGURITAN

1. Gawea kelompok kanthi anggota 4 siswa saben kelompok.


2.
Materi Bab II

UPACARA ADAT JAWA

 Gegayutan karo manungsa

a. Mbobot
- Neloni
- Matang wulan
- Mitoni / Tingkeban
- Procotan
b. Lairan
- Mendhem ari – ari
- Brokohan
- Sepasaran
- Aqiqah
- Puput Puser
- Selapanan
c. Bocah
- Tedhak Siten
- Nyapih
d. Lajang
- Khitan
- Tetesan
- Tarapan
- Pangur
e. Jaka lan Prawan
- Mantenan
f. Tilar / Seda
-

Anda mungkin juga menyukai