Anda di halaman 1dari 5

PIWULANG BASA JAWA

Kanggo ing Pamulangan


Pawiyatan Madya Tataran Inggil (SMA/SMK)
Kelas XII Semester Genep

Wahyu Setyowati, S.S.


PIWULANG 1
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA
Kompetensi Inti Kompetensi Dasar
3.Memahami, menerapkan dan 3.6. Menelaah teks Serat Tripama pupuh
menganalisis pengetahuan faktual, Dhandhanggula.
konseptual, dan prosedural
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang
ilmu pengetahuan, teknologi, seni,
budaya, dan humaniora dalam wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan,
dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian dalam bidang
kerja yang spesifik untuk memecahkan
masalah.
4. Mengolah, menalar, dan menyaji dalam 4.6. Menanggapi isi Serat Tripama pupuh
ranah konkret dan ranah abstrak Dhandhanggula dan menulis, serta
terkait dengan pengembangan dari yang
menyajikan syair tembang
dipelajarinya di sekolah secara mandiri,
Dhandhanggula karangan sendiri.
dan mampu melaksanakan tugas
spesifik di bawah pengawasan langsung.

Ing pasinaon iki, para siswa nggatekake lan nganalisis isine teks Serat Tripama pupuh
Dhandhanggula kanthi pangajab bisa :
1. ngandharake struktur lan latar belakang panulisane Serat Tripama,
2. ngandharake paugeran tembang Dhandhanggula,
3. negesi tembung-tembung kang ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula,
4. nemtokake isine teks Serat Tripama pupuh Dhandhanggula,
5. nemokake makna kang kakandhut ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula,
6. nganalisis gandheng-cenenge (sesambungane) makna Serat Tripama pupuh
Dhandhanggula kajumbuhake marang kahanan jaman saiki,
7. nanggapi isi Serat Tripama pupuh Dhandhanggula kanthi migunakake basa kang trep
lan jumbuh kalawan unggah-ungguh basa, lan
8. nulis cakepan tembang Dhandhanggula asil karya pribadi.

SERAT TRIPAMA

Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV (1809 – 1881)


Serat Tripama inggih punika salah satunggaling karya sastra awujud tembang

Dhandanggula setunggal pupuh pitung pada. Serat Tripama wonten nalika jaman

Mangkunegaran, kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV

(KGPAA Mangkunegara IV) ing Surakarta. Serat Tripama ngemot piwulang utawi pitutur

kaprajuritan, kanthi nyariyosaken tigang tokoh/paraga wayang, inggih punika Patih

Suwanda, Kumbakarna kaliyan Basukarna ingkang saged dipundadosaken tuladha.

Gambar 1. Patih Suwanda, Kumbakarna lan Adipati Karna.

Peling:
- Tembang Dhandhanggula kasusun saka 10 gatra kanthi guru wilangan lan guru lagu:
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
- Sasmita tembange yaiku hartati, sarkara, dhandhang, madu, manis, sari,
bremana, guladrawa, gagak
- Watak tembange yaiku luwes, kewes, ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake
crita apa wae, ing ngendi wae, lan kahanan apa wae.
- Makna filosofine tembang Dhandhanggula yaiku nggambarake kahanan urip
kang sarwa manis.

A. Wacanen kanthi premati teks Serat Tripama ing ngisor iki!

Serat Tripama
1. Yogyanira kang para prajurit | lamun bisa samya anuladha | kadya nguni caritane |
andelira sang Prabu | Sasrabau ing Maespati | aran Patih Suwanda | lelabuhanipun | kang
ginelung tri prakara | guna kaya purune kang den antepi | nuhoni trah utama ||
2. Lire lalabuhan tri prakawis | guna bisa saneskareng karya | binudi dadi unggule | kaya
sayektinipun | duk bantu prang Manggada nagri | amboyong putri domas | katur
ratunipun | purune sampun tetela | aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji | Suwanda
mati ngrana ||
3. Wonten malih tuladhan prayogi | satriya gung nagari Ngalengka | sang Kumbakarna
namane| tur iku warna diyu | suprandene nggayuh utami | duk awit prang Ngalengka |
dennya darbe atur | mring raka amrih raharja | Dasamuka tan keguh ing atur yekti | dene
mungsuh wanara ||
4. Kumbakarna kinen mangsah jurit | mring kang raka sira tan lenggana | nglungguhi
kasatriyane | ing tekad datan purun | amung cipta labuh nagari | lan nolih yayah rena |
myang leluhuripun | wus mukti aneng Ngalengka | mangke arsa rinusak ing bala kapi |
punagi mati ngrana ||
5. Yogya malih kinarya palupi | Suryaputra Narpati Ngawangga | lan Pandhawa tur
kadange| len yayah tunggil ibu| suwita mring Sri Kurupati | aneng nagri Ngastina|
kinarya gul-agul | manggala golonganing prang | Bratayuda ingadegken senapati | ngalaga
ing Korawa ||
6. Minungsuhken kadange pribadi | aprang tandhing lan sang Dananjaya | Sri Karna suka
manahe | dene sira pikantuk | marga dennya arsa males-sih | ira sang Duryudana |
marmanta kalangkung | dennya ngetog kasudiran | aprang rame Karna mati jinemparing |
sumbaga wirotama ||
7. Katri mangka sudarsaneng Jawi | pantes lamun sagung pra prawira | amirita sakadare | ing
lelabuhanipun | aja kongsi mbuwang palupi | manawa tibeng nistha | ina esthinipun |
sanadyan tekading buta | tan prabeda budi panduming dumadi | marsudi ing kotaman ||

B. Negesi Tembung
Supaya kowe bisa mangerteni isine Serat Tripama ing ndhuwur, saiki golekana lan
catheten tembung-tembung angel kang durung komangerteni tegese ing cakepan Serat
Tripama kaya ing kothak ngisor iki! Banjur, golekana tegese!
No. Tembung Teges Bahasa Indonesia
1. yogyanira Saka tembung ‘yogya’ kang sebaiknya, alangkah
tegese becik, oleh panambang – baiknya
ira dadi yogyanira = becike
2. kadya kaya seperti
Lsp. …. ….

C. Nemtokake Isi lan Piwulange


Sawise mangerteni tegese tembung-tembung ing pupuh Dhandhanggula pada 1-7 ing ndhuwur,
saiki gawea kelompok kanthi anggota 4 siswa! Bareng kelompokmu, analisisen lan dhiskusekna
isine pupuh Dhandhanggula Serat Tripama pada 1-7! Golekana uga piwulang luhur kang
kakandhut ing sajroning Serat Tripama! Tulisen asil dhiskusi kelompokmu ing salembar kertas,
banjur tumpuken! Kowe bisa migunakake tabel kaya ing ngisor iki.

NO. PADA ISI PIWULANG


1. 1

2. 2

3. 3

Lsp.

D. Nganalisis Relevansi Piwulang kang Ana ing Serat Tripama


Sawise mangerteni isi lan piwulang kang ana ing Serat Tripama, saiki coba analisisen
kanthi kritis lan logis relevansi (gandheng-ceneng/sambung-rapete) piwulang kang ana
ing Serat Tripama kajumbuhake marang kahanan masyarakat jaman saiki!

E. Kepriye panemumu tumrap isine Serat Tripama kasebut? Andharna kanthi alasan
kang logis lan migunakake basa kanthi ngetrapake unggah-ungguh basa kanthi
percaya dhiri!

F. Gawe Cakepan Tembang Dhandhanggula


Kowe wis mangerteni paugerane tembang Dhandhanggula (guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu). Saiki coba gawea cakepan tembang Dhandhanggula
kanthi tema “Persiapan Ujian Nasional”! Gawenen kanthi kreatif!

Anda mungkin juga menyukai