Anda di halaman 1dari 8

MODUL BAHASA JAWA

Kelas : XI

SEMESTER GASAL

TEMBANG POCUNG

Irwan Pradana, S.Pd


MATERI I

TEMBANG POCUNG

Maca serat wedhatama pupuh pocung.

Serat Wedhatama kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A)
Mangkunegara IV ing Pura Mangkunegara Surakarta.Piyambake kang jumeneng minangka
Pangageng Pura Mangkunegara kang kawentar minangka Pujangga Agung ing Surakarta.

Serat Wedhatama isine wedha (panuntun) marang kautaman.Kautaman ing serat kasebut
dibabar lumantar satus pada kang kagelung dadi limang pupuh. Dene pupuh lan pada kasebut kaya
ing ngisor iki :

1. Pupuh Pangkur : 14 pada


2. Pupuh Sinom : 18 pada
3. Pupuh Pocung : 15 pada
4. Pupuh Gambuh : 35 pada
5. Pupuh Kinanthi : 18 pada

Saiki semaken tembang Pocung kang ditembangake dening Bapak utawa ibu gurumu! Sabanjure
tembangna bebarengan karo kanca kancamu sakelas!

Tuladha tembang Pocung ing serat Wedhatama :

Pocung

Pada I Pada IX
Ngelmu iku kalakone kanthi laku uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Lekase lawan kas yen Kabul kabuka

Tegese kas nyantosani ing drajat kajating urip


Setya budya pangekese dur angkara kaya kang wus winahya sekar Srinata

Pada II Pada X
Angkara gung neng angga agung gumulung Basa ngelmu mupangate lan panemu
Gegolonganira pasahe lan tapa
Triloka lekere kongsi yen satriya tanah jawa
Yen den umbar ambabar dadi rubeda kuna-kuna kang ginilud tri prakara

Pada III
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama
Pada IV
Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Kerem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda sahardi gengira
Pada V
Yeku patut tinulad-tulad tinurut
Sapitudhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna

Pada VI
Durung pecus kesusu keselak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma

Pada VII
Kang kadyeku kalebu wong ngaku-ngaku
Akale alangka
Elok jawane den mohi
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing mekah

Pada VIII
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh
Lumeketing angga
Anggere pada marsudi
Kana kene kaanane nora beda

Semaken tembang pocung ing dhuwur mau,sabanjure ayo digoleki guru gatra,guru
wilangan lan guru lagune.kanggo pangeling eling guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.guru
wilangann yaiku cacahing wanda saben sagatra.lan guru lagu yaiku tibaning swara ig pungkasan
gatra.Dene watake tembang pocung yaiku duwe surasa sakepenake ,sembrana parikena.gunane
tembang pocung kanggo sembranan,cangkriman lan nyenengake ananging tembang pocung uga
kerep di gunakake kanggo menehi piweling luhur kang becik.

Gladhen :

I. Negesi tembung ing pupuh pocung.

Tindakna kegiyatan ing ngisor iki ,gaweya kelompok, saben kelompok bisa 3-4 siswa !

Temtokna tegese tembung utawa tembung liyane tembung – tembung ing jero tembang pocung
kasebut!

Tuladha :
Pad Tembung Basa Indonesia Tegese
a /tembung
I liyane
Ngelmu Mencari ilmu Golek ilmu
Laku Cara perbuatan ………………..
Lawan Dengan ………………..
Kas Teguh dalam niat ………………..
Setya Setia ………………..
Budya Akal budi ………………..
Pangekese Mengalahkan ………………..
Dur angkara Perbuatan jahat ……………….

II. Mangsuli Pitakonan Kang gegeyutan karo isine pupuh pocung

Wangsulana Pitakonan –pitakonan ing ngisor iki migunakake krama !

1. Tembung ngelmu iku kang murwani pupuh pocung ing pada I kasebut apa karepe?
2. Apa tegese tembung ka sing pada I pupuh pocung kasebut?
3. Ing pada II disebutake apa Manawa diumbar bisa bakal dadi rubeda?
4. Apa tegese paribasan durung pecus keselak besus ing pada VI?
5. Apa karepe gatra luruh ala ardane ginawe gada ?

III. Gawe Pitakonan Kang gegayutan karo Isine Pupuh Pocung

Gaweya pitakonan kang gegayutan karo isine pupuh pocung migunakake basa krama!

Karma cacahe lima bae sabanjure ijolno pitakonan mu mau karo kancamu sabangku utawa
ngarepmu!Wangsulana pitakonan pitakonan mau !Manawa wis rampung anggone mansuli
pitakonan ,tumpuken marang Bapak /ibu gurumu kareben diteliti lan dibiji!

Tuladha :

Pitakonan : Punapa tegesipun tembung ka sing gatra kaping tiga pada I pupuh pocung?

Wangsulan : Tegesipun tembang kas inggih punika teguh ing niat.

Nanggapi isine serat Wedhatama pupuh pocung

Menehi tanggapan iku panemu utawa panyaruwe marang sawijining bab utawa
prastawa.Tanggapan utawa panemu mau bisa tanggtanggapan sarujuk ,bisa uga ora sarujuk.Sing
baku tanggapan Iku kudu di kantheni aalesan kang mathok.Kudu did eling eling ,tanggapan mau
kudu migunaake basa lan ukara kang sopan ,tumata lan ora gawe larane ati wong kang di tanggapi.

Tanggapana bab-bab kang gegayutan karo isine Serat Wedhatama Pupuh pocung ing ngisor iki
migunakake basa ngoko ! Sabanjure owahana nganggo basa Krama !
1. Ing pada II diandhharake manawa hawa napsu lan tumindak angkara murka iku diopeni
utawa ditindakake terus bakal bisa nuwuhake kasengsaran urip.
Panemuku :………………………………………………………………………………………………………….
Pamanggih kula :…………………………………………………………………………………………………..
2. Ing pada III Kita bisa ngendhaleni watak kang ala ,kita bisa sabar lan iklas menehi pangapura
marang liyan kang natoni kita.
Panemuku :…………………………………………………………………………………………………………..
Pamanggih Kula :…………………………………………………………………………………………………
3. Kepriye panemumu Manawa wong kuwi sejatine durung ngerti apa-apa,nanging selak
kepingin mamer mamerake kaluwihane kaya paribasandurund pecus keselak besus ing pada
IV ? Kepriye uga tumindhake kang trep ditindakake?
Panemuku :…………………………………………………………………………………………………………
Pamanggih kula :………………………………………………………………………………………………….

Ngarang lan nyunting te mbang pocung anggitane siswa

Manawa kita arep ngarang sawijining tembang macapat kudu kita mangerteni paugeran
utawa aturan kang gumathok utawa mesthi .Dene paugerane utawa aturan kang mesthi kaya
kasebut ing ngisor iki :

1. Akehe gatra ing saben pada


2. Pungkasane swara ing saben gatra
3. Cacahe wanda kudu pas
4. Watake saben jinising tembang
5. Pigunane saben jinis tembang macapat

Tuladha tembang Pocung kang isine cangkriman :

1. Bapak pocung cangkemu marep


mendhuwur Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah kuwayasaking
2. Bapak pocung saking kajeng asalipu
Karas Wujudira
Wisma tumrap wastra yekti
Aneng senthong si pocung siyaga karya

Tuladha tembang pocung kang prasaja :

Becik tuhu dadi siswa sing mituhutu


Prentahe wong tua
Karo guru aja wani
Kabeh mau kanggo nuntun urip mulya
Nah,sawise mangerteni paugeran lan tuladha tembang pocung ,tindakna kegiyatan iki !

Coba ngaranga tembang pocung sapada Wae !

Isine bebas nanging sing baku kudu nggatekake isine tembang pocung mau kudu pas karo watak lan
gunane tembang pocung kasebut!

Ulangan padinan

A. Wenehana tandha ping ( X ) aksara a,b,c,dutawa e sangarepe wangsulan kang bener !

1. Serat Wedhatama kaanggit dening………

a. K.G.P.A.A Mangkunegara IV
b. K.G.P.A.A Mangkunegara V
c. K.G.P.A.A Mangkunegara VI
d. K.G.P.A.A Mangkunegara VI
e. K.G.P.A.A Mangkunegara VII
2. 2.Saliyane pujangga agung paraga kang ngangggit serat Wdhatama
iku uga jumeneng minangka……..

a. Bupati Anom
b. Bupati Mandrapura
c. Bupati Praja Mangkunegaran
d. Punggawa Parentah Kraton Pura Mangkunegaran
e. Pangaggeng
3. Serat Wedhatama pupuh pocung dumadi saka………………..

a. 10
b. 15
c. 18
d. 20
e. 12
4. Cacahe gatra ing tembang pocung ana…….
a. 4
b. 5
c. 8
d. 10
e. 12
5. Angkara gung neng angga agung gumulung.Tembung liyane angga yaiku……………
a. Watak
b. Ati
c. Awak
d. Sirah
e. Gulu
6. Tembung ing ngisor iki minangka tembung liyane besus yaiku………………….
a. Pinter
b. Sregep
c. Seneng tetulung
d. Seneng nglarani
e. Seneng dandan
7. Nora weruh rosing rasa kang rinuruh.Tembung liyane rinuruh yaiku……………………..
a. Gelem
b. Ayem
c. Gela
d. Seneng
e. Salah
8. Gancaran setya budya pangkese dur angkara yaiku ………………………
a. Tansah tumindak becik
b. Setya marang watak ala
c. Mbudi daya supaya keenak uripe
d. Tumindhak kanthi bener
e. Mempeng anggone ngendhaleni
9. Gancaran sarwa sareh saking mardi martotama yaiku………………..
a. Tindake sarwa grusa grusu
b. Tindake ora kesusu lan sabar
c. Tindake sarwa ora grusa grusu amarga tansah ngupaya kautamanlan lembah manah
d. Tindake sarwa ora grusa grusu lan alon alon supaya ora salah
e. Tindake sarwa tansah grusa grusu lan sarwa kesusu
10.Gancarane beda lamun kang wus sengsem reh ing asamun yaiku……..
a. Beda yen wis lagi nepsu
b. Beda nalika lagi nepsu
c. Beda tumindhake Manawa lagi kesengsem
d. Beda tumindhake yen nepsune wis lerem
e. Beda sipate yen lagi nepsu

B. Golekana guru gatra guru wilangan lan guru lagune uga isine tembang pocung ing ngisor iki !

Sakeh luput ing angga tansah


liniput Linipet ing sabda
Narka tan ana udani
Lamun ala ardane ginawe gada

Anda mungkin juga menyukai