Anda di halaman 1dari 45

Kompetensi Dasar :

1. Memahami isi teks deskriptif


tentang pakaian adat Jawa.
2. Menanggapi dan menceritakan
kembali isi teks deskriptif tentang
pakaian adat Jawa.
Indikator :

1. Menjelaskan pengertian teks deskripsi.


2. Membedakan jenis-jenis teks deskripsi.
3. Mendefinisikan pengertian pakaian adat
Jawa.
4. Menulis teks deskripsi tentang pakaian adat
Jawa.
5. Menyajikan teks yang dibuat secara lisan
atau tertulis.
Rasukan Adat Jawi
Suku Jawi arupi suku mayoritas teng
Indonesia. Kanthi populasi langkung saking 100
yuta jiwa, andadosaken budaya Jawi dados
budaya ingkang paling dipuntepang teng
nuswantara.
Budaya Jawi piyambak kasusun saking
werni-werni perangan salah satunggaling inggih
punika rasukan adat. Rasukan adat suku Jawi
nggadhahi kathah motif lan model.
Rasukan adat Jawi punika saged lestantun
amargi dipunginakaken sakcara mandhap teng
ngandhap, saking eyang buyut ngantos dumugi
putra wayahipun.
Rasukan Jawi jangkep lan kebaya sampun
dipuntetepaken dados rasukan adat Jawa Tengah.
Salah satunggaling ciri saking rasukan adat Jawi
saged dipuntingali saking kain ingkang
dipunginakaken, inggih punika batik.
Umumipun kain batik punika
dipunginakaken kangge ngandhapan lan
inggilipun kebaya utawi beskap.
A. Rasukan Adat Semarang
B. Rasukan Adat Blora
C. Rasukan Adat Surakarta
D. Rasukan Adat Banjarnegara
Teks Deskripsi

Teks deskripsi yakuwe sawijining teks utawa


tulisan sing nggambaraken sawijining objek.
Anggone nggambaraken objek mau kanthi detail
utawa terperinci supaya wong sing maca tulisan
mau kaya-kaya ndeleng dhewek objek sing
digambaraken senajan dheweke ora weruh
langsung. Adhedhasar cara nggambaraken teks
deskripsi bisa diperang dadi lima, yakuwe :
Papan/panggonan Barang/bendha

Kahanan/situasi Sipat

Proses
Ciri-cirine paragrap deskripsi, yakuwe :
1. Nerangaken objek kanthi langsung miturut
panemune sing diweruhi.
2. Adhedhasar observasi/ pengamatan.
3. Ndhuweni gagasan marang sing maca kanthi
cara ngelih objek sing diweruhi pengarang.
4. Nhduweni sipat nggambaraken.
5. Duwe tujuan nyiptakaken imajinasi sing maca,
kaya-kaya sing maca weruh dhewek objeke.
Urut-urutane nggawe paragrap deskripsi,
yakuwe :
1. Nemtokake tema, upamane : carane masang
konde, wujuding rasukan adat Banyumasan,
sipate rasukan adat ingkang dipundamel
saking bludru, lan sapanunggalane.
2. Tujuane apa.
3. Barange utawa masalahe ditonton,
dirungokaken, dirasakaken, lsp.
4. Digawe cengkorongan karangan.
5. Gawe karangan ganep/ komplit lan ora ana
sing kacicir.
Klambi Adat Jawa
Klambi adat Jawa sakcara garis besar dibedakna
dadi telu yakuwe klambi padinan, klambi resmi lan
klambi penganten.
A. Klambi Padinan
Jaman gemiyen klambi padinan kuwe dianggo
neng masyarakat umume, nek wong wadon nganggo
kemben sing dijumbuhaken karo stagen lan jarit.
Kemben dianggo kanggo nutupi awak bagian
dhuwur, kemben kiye pancen mandan amba lan
dawa. Stagen/benting digubetna neng weteng kanggo
njiret tapih/pinjung supayane kuat lan ora gampang
copot.
Nek wong lanang, umume klambine biasane
model beskap nanging beskap sing sederhana
kayata klambi lurik, ngisorane clana model
lancingan.
Siraeh nganggo iket sing dijiretna, malah akeh
uga sing jaman mbiyen ora nganggo klambi
mung nganggo clana thok.
B. Klambi Resmi
Klambi remi adat Jawa Tengah diarani Jawa
lengkep lan Kebaya. Jawa lengkap kuwe klambine
wong lanang sing kasusun sekang dhuwuran
beskap motif kembang, ngisoran arupa jarit sing
digubetna neng weteng, destar arupa blankon lan
asesoris liyane arupa keris lan cemila utawa selop.
Kebaya yakuwe klambi adat wong wadon
Jawa, sing kasusun sekang dhuwuran arupa
kebaya, kemben, stagen. Ngisoran arupa jarit
pinjung. Asesoris liyane ana konde, ali-ali,
suweng, gelang, kalung, selop lan kipas.
C. Klambi Penganten
Jenising klambi penganten gumantung acara
sing diadepi.
1. Siraman
2. Ijab
3. Panggih
4. Resepsi
Kejaba dadi klambi adat, kebaya uga nggambaraken menawa
tindhak-tandhuke wong wadon Jawa sing alus, lembut lan ndhuweni
unggah-ungguh. Kejaba kuwe kebaya uga dhuweni teges
“keselarasan” maksude manungsa kuwe kudu imbang gegayutane
karo Gusthi sing anggawe urip, awake dhewek, wong liya lan uga
alam.
Klambi Adat Banyumasan

Kabupaten Banyumas uga dhuweni klambi adat,


sing biasane diagem dening para pegawai saben dina
Kemis kanggo pegawai Kabupaten lan saben tanggal
15 kanggo pegawai propinsi.
Klambi model wong lanang
Klambi model wong wadon
Tuladha Teks Deskripsi Panggonan
Kabupaten Banyumas salah sawijining Kabupaten sing
ana neng Provinsi Jawa Tengah., sing ana neng sisih Jawa
Tengah bagian kulon. Masyarakat Banyumas terkenal dhuweni
watak cablaka utawa apa anane.
Kabupaten Banyumas ibukotane neng Purwokerto, salah
sijining pusat pemerintahan sing lengkap. Sekang kantor-
kantor pemerintah, kantor-kantor swasta, bank, sekolah sekang
tingkat dasar nganti perguruan tingi uga ana neng kene. Hotel-
hotel berbintang, papan wisata sing werna-werna lan hawane
sing ora patiya panas ndadekaken Purwokerto utawa Banyumas
dadi tujuan bisnis lan wisata.
Tuladha Teks Deskripsi Barang
Kabupaten Banyumas kejaba kawentar bab panganan
tradisional uga kawentar batik tradisionale , sing arupa batik
manggar. Batik manggar kuwe wujude batik sing gambare
utawa corake tetuwuhan utawa pang/wit. Pang/wit sing biasa
digunakaken kanggo corak yakuwe manggar klapa sing
wujude pang dawa terus ana kembange sing susun kiwe tengen
dawa-dawa.
Batik manggar dhuweni warna dasar coklat enom semu
kuning, manggar lan godhonge warnane ijo semu kebiru-
biruen. Pang utawa pang kembange warnane coklat semu
keabang-abangan.
Tuladha Teks Deskripsi Sipat
Klambi adat Banyumasan nek jaman siki dhuweni sifat
resmi, biasane dianggo kanggo ageman kerja neng para
pegawai kabupaten lan provinsi. Kejaba kuwe uga bisa dienggo
neng acara resmi liyane, kayata pengantenan, adicara ulang
tahun Kabupaten Banyumas lan upacara adat liyane.
Menawa pegawai Kabupaten ngagem klambi adat saben
dina Kemis saben minggune, nek pegawai propinsi ngagem
klambi adate saben tanggal limolas saben wulane.
Nek sing ora biasa nganggo klambi adat, rasane risih, ora
nyaman, ora bebas, nanging menawa wis biasa ya kepenak bae.
Buktine para pegawai neng Pemkab Banyumas uga tetep lincah
nalika ngadepi masyarakat sing arep ngurus surat-surat lan
liya-liyane.
Tuladha Teks Deskripsi Proses
Klambi adat Banyumasan lumayan simpel anggone
nganggo, ora patiya ribet merga ora kakehen bagiyan lan
asesoris. Apa maning nek klambine wong lanang, pertama
nganggo clana sing wis dilengkapi karo jarit manggar. Sawise
clanane kepasang, banjur jarite digubetna maring ngarep lan
bagiyan sing ana lim utawa perekat ditempelna supaya jarite
nutupi clana bagiyan ngarep.
Sawise clana kepasang, banjur klambine dienggo. Aja
kelalen benike dilebokna utawa dikancing kabeh. Sawise rapi
banjur, asesoris rantai emas dipasang sisan karo kuku macane.
Banjur kanggo nutup sirah nganggo blankon , lan kanggo
samparan nganggo cemila utawa selop. Siki klambi adat Jawa
Banyumasan wis siap digunakaken kanggo tindhakan.
Tuladha Teks Deskripsi Kahanan
Banyumas arupa salah sawijining Kabupaten sing dhuweni
cirikhas, iya sekang basane, panganane lan adat-istiadate. Salah
sijining kabudayaan Banyumas yakuwe bab klambi adat.
Siki nek saben dina Kemis utawa tanggal limolas, swasanane
beda banget karo dina lan tanggal liyane. Nek kita maring
kantor-kantor pamerentah, para pegawene nganggo klambi
adat Banyumasan, ndadekaken swasanane kejawen utawa
kembali ke masa lalu.
Bapak-bapake katon gagah wibawa, ibu-ibune katon ayu-
ayu lan mriyayeni. Sing pegawai enom uga ora kalah dadi
tambah bagus lan ayune. Kabeh mau salah sawijining cara
kanggo nglestarikaken budaya Banyumas supaya ora ilang
dipangan jaman.

Anda mungkin juga menyukai