Anda di halaman 1dari 5

KELIPING BAHASA JAWA

BAJU ADAT BANUYMASAN

Disusun Oleh :

1. Anindita Safitri (1)


2. Aprilia Ayu Ratnaningtias (2)
3. Aryo Satrio Wibowo (3)
4. Avia Senna Andriand (4)
5. Baref Ramadhan (5)

SMA NEGERI 5 PURWOKERTO

2015 / 2016
PAKAIAN ADAT BANYUMASAN

Indonesia yaiku sawijining negeri kang akeh ndeweni jenis-jenis busana/klambi ing
saben daerah, lan salah siji contohe yaiku busana adat banyumas utawa busana banyumasan
lan kalengkapane sing dianggo dening wong Banyumas. Busana adat banyumas uga nduweni
pralambang utawa fisolofi dewek-dewek saben busana adat sing dienggo wong banyumas
yaiku contohe lancingan, kebaya banyumas, bebed wala, pinjungan, iketan, nyandang, lan
nempean.
Busana Adat Banyumasan uga nduweni tatacara nagnggone dewek yaiku ana sing
dienggo masyarakat biasa, para priyai lan kanggo acara-acara tinentu biasane upacara adat
sing suci kanggo dewek, sesambetan karo wong, lan karo Gusti Allah, lan jaman sakie klambi
banyumasan biasane mung dienggo pas dina-dina tertamtu tok kayadene upacara adat,
nikahan, lan biasane dienggo pas acara pameran kebudayaan.

1. Iketan
Iket yaiku tali kepala kang dibentuk mirip tutup sirah. Cara ngenakake iket kudu kenceng,
kuat supaya ora gampang copot. Miturut wong jawa arti iket yaiku supaya manungsa mikir
pamikir utawa pamikiran kangg kenceng, ora gampang terombang ambing nang faktor
situasi utawa wing liya tanpa pertimbangan kang mateng.
2. Kebaya Banyumasan
Kebaya yaiku blus tradisional sing dienggo wong wadon lan lanang, sing digawe
sekang bahan kang tipis lan dienggo karo sarung, batik, rajutan tradisional, lan dibarengi
motif sing warna warni. Kebaya akeh ciri khase dewek saben daerah, lan nang daerah
banyumas kebaya banyumas dari simbol budaya daerah Kabupaten Banyumas.
Kebaya banyumas sing dienggo wong wadon saiki biasane yaiku kebaya mekak warna
ireng lan ngisoran rok motif batik manggar lan karo alas sepatu pantovel. Lan berdasarkan
layang edaran Bupati Banyumas udhar 22 Desember 2014 Nomor 061/7079 babagan
panggunan klambi Adat Banyumas kanggo simbol kebudayaan Banyumas, mula saben PNS
lan Aparatur pamerentah desa (kepala desa lan Perangkat desa) neng lingkungan pamerentah
Kabupaten Banyumas, mula arep diterapkan klamben klambi adat banyumas nang saben dina
kamis.
3. Udheng
Udheng utawa blangkon dienggo nang bagian sirah, cara ngenakake kaya ngenakake
topi. Yen wis dikenakake nang sirah, iket angel dibedakake karo udheng merga wujude
kembar. Udeng asale saka kata mudheng artine paham sing mbedakna karo udheg liyane
yaiku udeng utawa blangkon banyumasan nduwe wiron nang mburi sirah. Maknane
manungsa duweni pikiran kangn kukuh yen wis mudheng utawa paham tujuan uripe.
Manungsa nduweni fitrah kanggo ngoglet kesejatian urip kanggo sangkan paraning dumadi.
Makna liya udheng yaiku supaya manungsa nduweni keahlian utawa ketrampilan serta bisa
njalanake pegaweane ngaggo pemahaman kang memadai sebab nduweni dasar pengetahuan.

4. Beskap
Yaiku busana sing dienggo wong lanang lan saiki biasane sing dienggo ana model
beskap model beskap sing pertama yaiku model kucing anjlog ireng, kathok model biyasa
ireng polos, lan blangkon supit urang, keloro yaiku Beskap berkancing telu buah karo
kanggonan jero kaos werna bebas nduwe gambar bawor, kathok model biyasa ireng polos, lan
nggunakne blangkon supit urang utawa udheng, lan sing ketelu yaiku model model kucing
anjlog ireng, kathok model biasa ireng polos, lan blangkon supit urang.
5. Nyamping
Nyamping utawa nyampingan yaiku busana banyumas sing dienggo wong wadon model
nyampingan biasane yaiku nduwure kebaya bebas, wetenge bentingan lan ngisore karo jarit
motif batik banyumasan contone motif semar mesem, jahe mrapat, lan esih akeh liyane.
Nyampingan ganu biasane dienggo karo masyarakat banyumas unggaldina nanging jaman
saiki busana nyampingan dienggo pas acara-acara tertamtu thok.
6. Pinjungan
Pinjungan yaiku busana banyumas sing dienggo wong wadon, cara ngenakake yaiku jarit
digubetna seawak tekan sikil biasane pinjungan dienggo pas arep nari gambyong
banyumasan, lan dienggo pas arep maring kali.
7. Nyandang
Nyandang utawa rasukan lan nduwe fisolofi yaiku dadi ciptaan sakang maha kuasa, kabeh
menungsa kudu ngrasuk utawa agama lan nyembah marang Gusti kang maha kuasa.
8. Benik
Saben busana banyumasan anabenik (kancing) nang sebelah kiwe tengene, lan nduweni
makna yaiku kabeh manungsa nek nglakukake kabeh tindakan kudu ati-ati lan dipikirna
nganti mateng, ben kabeh tindakan sing dilakukna ora ngerugeni dewek lan wong liya..
9. Jarik
Jarik yaiku awujud kain dawa kang ana motife lan fungsine biasane nggo nutupi awak, jarit uga
biasane dienggo barengan karo klambi adat banyumasan lan biasane dienggo kanggo bentingan
weteng wong wadhon lan ngisoran busana adat banyumasan. Jarik artine aja serik. Aja irenan
karo wong liya, merga iri mung nimbulke rasa emosional, grusa grusu dalam nanggepi
masalah.
10. Timang
Timang yaiku pralambang yen ilmu kang digolek kudu dipahami kanthi jelas lan
gamblang, supaya ora gamang utawa nimbulke rasa kuwatir. (samang-samang; asale saka
kata timang)
11. Sabuk
Sabuk Sabuk digunakan dengan cara melingkarkan di badan atau lebih tepatnya
dipinggang. Sa-buk artine impas, ora untung ora rugi. Makna sabuk yaiku supaya manungsa
nggunakake awake kanggo kerja sing temenan, aja nganti pegaweane ora ngasilke utawa ora
nggawe untung (buk)
GAMBAR

Anda mungkin juga menyukai