Anda di halaman 1dari 17

BAHAN AJAR BAHASA JAWA

KELAS XII
Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta

KI 3
:Memahami,menerap Pertemuan 1
kan, menganalisis
pengetahuan faktual, 1. Menyebutkan jenis-jenis busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta
konseptual, 2. Menjelaskan unsur-unsur busana Jawa gagrag Ngayogyakarta sesuai dengan jenis-
prosedural jenisnya
berdasarkan rasa
ingintahunya tentang
ilmu pengetahuan,
teknologi,seni, Pertemuan 2
budaya,
danhumaniora Menjelaskan cara pemakaian busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta
dengan
wawasankemanusiaa KD:
n, kebangsaan, Memahami
kenegaraan, dan pemakaian
peradaban terkait dan
penyebab fenomena penggunaan
dan kejadian, serta serta
Pertemuan 3
menerapkan pemaknaan
pengetahuan busana Jawa
Menguraikan makna yang terkandung dalam setiap bagian busana Jawa Gagrag
prosedural pada gagrag Ngayogyakarta
bidang kajian yang Ngayogyakart
spesifik sesuai a
dengan bakat dan
minatnya untuk
memecahkan
masalah

1
Ringkasan Materi

Purwaka Pasinaon
Para siswa materi sing disinau dina iki inggih menika busana Jawa gagrag
Ngayogyakarta, sakderenge mlebet ing materi, ayo diwaca sik purwaka pasinaon iki, supaya
para siswa siap kanggo sinau. Sumangga
Arum kuncaraning bangsa dumunung aneng luhuring budaya’ sabda dalem Ingkang
Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kaping sadasa, sampun boten kirang gamblang
nyebataken bilih arum sarta kuncaraning bangsa lan nagari menika gumantung wonten
luhuring budaya. Wewujudanipun uwohing budaya jawi ing antawisipun, tatacara upacara,
gendhing, pedhalangan, ringgit purwa, macapat utawi tetembangan, subasita tatakrama,
joget, tatabusana lan sanes-sanesipun kathah sanget ingkang sak menika sampun dipuntilar
mboten dipun gulang utawi sinau, tuladhanipun bab tata busana manawi menika
dipunginakaken inggih namung badhe hanetepi adat lupiya.

Pangertosan ageman utawi sandhangan miturut kajawen utawi budaya Jawi menika
wonten kalih perangan inggih menika sandhangan lahir saha sandhangan batin. Sandhangan
lahir tumrap manungsa sampun mastani ing unen unen “ajining raga ana busana” dados raga
saget dipun ajeni utawi dipun aosi manawi manungsa menika tansah hanjagi wontene
busana ingkang ka-angge, hawit awone busana mahanani tiyang menika boten saget hanjagi
prajanipun (penampilannya). Resiking ageman ugi mahanani reseping pandulu sarta
pangganda. Dene sandhangan batos utawi sandhangan batin inggih menika kiyating raos
hanampi sadaya panandhanging gesang sae menika kabingahan menapa dene kasisahan.
“Hanyenyandhang manganggo iku dadya sarana memangun manungsa njaba njero,
marmane pantesen panganggonira, trepna pangetrepaning panganggon, cundhukna
kalawan kahananing badanira, kalungguhan miwah pepangkatanira”

Makaten pangandhika dalem ISKS Paku Buwana IX rikala tasih jumeneng pangeran
pati, ngemu pikajeng dhateng kasusilan. Tegesipun kedah saget jumbuhaken dhateng
pribadinipun piyambak ingkang jumbuh kaliyan tatalair lan batin. Cundhuk kaliyan
kalungguhan sarta pepangkatanipun miwah trep-trepanipun panganggen.

2
Pakaryan B
Kangge nambahi wawasan lan pangerten, ig ngandhap bakal diandharake panemu
kang wonten sesambungane kalian sandangan gagrag Ngayogyakarta. Ayo diwaos sareng-
sareng lan mangerteni perangan-perangan kang wonten sesambungane kalian sandangan
gagrag Ngayogyakarta.
A. Busana Kejawèn Gagrag Ngayogyakarta
Busana kejawèn punika ngewrat saliring pralambang utawi pralampita, utamine tumrap tiyang
Jawa ingkang asring ngginakaken. Busana kejawèn pepak sanget piwulang ingkang sinandhi, pepak
piwulang – piwulang luhur.
1. Sandangan adat Jawa gagrag Ngayogyakarta maneka warna, tuladhanipun:
a) Busana Kajawèn Tumraping Kakung
Parabot wujud wandaning busana kakung, ing antawisipun : blangkon, surjan, jarik, selop, samir,
keris, sinjang, stagen, kamus, timang, lan sabuk.
b) Busana Kejawen Tumraping Wanita
Parabot wujud wandaning busana tumraping wanita ing antawisipun: kebaya, jarik, stagen,
selop, lan sanggul.
c) Busana Kejawen nalika wonten adicara
Adicara Jaler Estri
Midodareni Klambi jawa jangkep: beskap Klambi sawitan: kebaya lengen dawa,
atela/beskap sikepan, udeng, sabuk, stagen,kain jarik corak batik
timang, kain jarik, keris, selop
Ijab Sandhangan basahan:dodot bangun tulak, Kebaya lan jarik
kuluk matak petak, sabuk kanthi timang
lan cinde, stagen, celana dawa werna
putih, keris warangka ladrang, lan selop
Panggih Sandhangan basahan:dodot bangun tulak, Sandhangan basahan: kemben, dodot
kuluk matak petak, sabuk kanthi timang bangun tulak (kampuh), selendang sekar
lan cinde, stagen, keris warangka cinde abrit (sampur), kain jarik motif
ladrang, lan selop sekar cinde abrit.
Aksesorise: kalung ulur, ali-ali, Aksesorise: cunduk mentul, centung,
timang/epek, bros, buntal jungkat, kalung, ali-ali, gelang, bros,
subang (anting-anting), lan timang
Sakwise panggih Sandhangan kapangeranan: stagen, kuluk Sandhangan kanigara: kebaya, kain jarik,
kanigoro, sabuk timang, kain jarik, baju stagen, selop
taqwo,keris warangka ladrang, lan selop

B. Caranipun Ngagem Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta


Caranipun ngagem sandangan kakung inggih menika:

3
1. Ngagem jarik
Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun,
inggih punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit
wolak-walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang. Wiyaripun saben lempitaning wiron
manawi kagem kakung kirang langkung 7 cm. dene wiron kagem putri kirang
langkung 3.5 cm. Seretipun kedah ketingal. Ngagem busana Jawi kawiwitan saking
nyamping, bab inggil andhapipun nyamping sampun ngantos ketingal polokipun,
nanging ugi sampun ngantos ketebihin sangandhaping polok. Menawa ngangge kain
motif parang, motif lereke kedah singkuran kalian pangageme keris. Ngangge jarik
kedah nutupi kemiren. Banjur disingseti ngangge stagen/sabuk/ lonthong (kirang
langkung wiyare 13,6 cm panjangipun 275 cm) lan disingseti malih ngangge kamus
lan timang (wiyare 5,3 cm).
2. Masang wiron ndleder inggih menika lipatan iron 7-13 blebedan ing ngajenge sered
kedah katingal. Dene wiron engkol inggih menika narik 4-5 blebedan wiron
mengisor. Belebedan 1 seret malang/miring mangiwo.
3. Saklajenge ngangge stagen/sabuk/ lonthong (kurang luwih wiyare 13,6 cm dawane
275 cm) lan disingseti maneh ngangge kamus lan timang (wiyare 5,3 cm).
4. Ngangge surjan.
5. Sakwise surjan ngangge keris.
6. Ngangge blangkon.
7. Ingkang pungkasan ngangge selop utawa canela.

Caranipun ngagem sandangan putri inggih menika:

1. Ngangge Sanggul tekuk kanthi lungsen lan sanggul konde. Dene aksesoris kangge
rikma inggih menika cunduk tlesepan lan cunduk konde.
2. Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun,
inggih punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit
wolak-walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang. Wiron kagem putri kirang langkung
3.5 cm. Seretipun kedah ketingal. Ngagem busana Jawi kawiwitan saking nyamping,
bab inggil andhapipun nyamping sampun ngantos ketingal polokipun, nanging ugi
sampun ngantos ketebihin sangandhaping polok.
3. Ngangge stagen lan streples.
4. Ngangge kamisol kangge nutupi streples.
5. Ngangge kebaya. Kebaya tangkepan (Kartini) ngangge bros utawa peniti renteng.
6. Ingkang pungkasan ngangge selop.

4
C. Makna Ing Salebeting Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta
Piwulang salebeting busana kejawen punika minangka piwulang ingkang wonten gayutipun
kaliyan tumindak manungsa ing ngalam donya, amrih saged laras antawisipun jagad alit lan jagad
ageng. Gagayutane kaliyan sambetipun manungsa setunggal lan manungsa sanèsipun, punapadéné
antawis manungsa lan Gusti Ingkang Akarya Jagad.
1) Wandaning Busana Kajawèn Tumraping Kakung
Parabot wujud wandaning busana kakung, ing antawisipun : blangkon, surjan, jarik, selop, samir,
keris, bebed, stagen, kamus, timang, lan sabuk. Ing ngandhap punika badhe diandharake makna
ingkang sinandhi ing salebeting busana tumraping tiyang kakung.
A. Blangkon
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados
kantun hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang
dipunagem kangge nutupi sirah. Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain
bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados
rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka
ingkang ngersakaken. Udheng minangka sarana panutuping mustaka. Iket / udheng mengku
piwulang supados manungsa punika sageda ngiket raos gunggung dhiri /umuk.
Mondholan, wangun ingkang njendhol ing wingkinge blangkon, makili modhel rekma tiyang
kakung ingkang kerep dibundhel wonten wingking. (Saputra: 34)

https://images.app.goo.gl/2bAMnQMQaBfDz9FT9

B. Rasukan
Rasukan mengku suraos bilih titah manungsa kedah ngrasuk agami lan tansah
manembah dateng Gusti
a. Rasukan Kakung Gagrag Ngayogyakarta.
i. Surjan Sembagi, utawi ugi asring winastan surjan kembangan, punika sejatosipun
busana ingkang mligi dipunagem déning Sampéyandalem Ingkang SinuwunSri Sultan
Hamengkubuwana ingkang jumeneng nata, lan ugi Sri Paduka Kangjeng Gusti Adipati
Pakualam ingkang jumeneng nata. Ananging adatipun ugi kaginakaken ing upacara
pawiwahan. Menawi ditingali saking gambar surjan ing ngandhap kancing ing gulu
gunggungipun wonten 6 kang njlentrehake rukun iman. Ingkang wonten lengen

5
gunggunge kancing wonten 5. Filosofinipun rukun islam. Kancing cacah gangsal
disalap ing tangan sebab gadhah makna menawi rukun islam ingkang cacah gangsal
kala wau kedah diamalake. Ngagem surjan biasane ngangge aksesoris kados tali
ingkang sinebut samir. Makna samir inggih menika wujud tanggung jawabe manungsa
dumateng Gusti.

ii. Surjan Lurik, surjan lurik ingkang limrah kaginakaken kawula Ngayogyakarta ing
padintenanipun. Garisipun wonten tiga ingkang lurus. Manungsa gesang kedah lurus
niat amalipun, lurus manahipun, lan lurus lisanipun. (Afif: 5)

iii. Pranakan biru lurik tiga sekawan, busana punika minangka busana dhines tumraping
abdidalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. (Saputro:33)

6
iv. Atéla, wujuding busana kadosdéné jas kanthi werni polosan, adatipun busana punika
dipunagem déning para abdidalem apangkat bupati sapanginggil nalika pisowanan
salebeting kraton.

Beskap mesthi wonten Benik (kancing) ing sisih kiwa utawa tengen. Pralambang ingkang
sinandhi ing benik kala wau, inggih menika tiyang Jawa anggenipun lelampahan utawa tumindak
menapa kemawon kedah dinik-nik, dietung paetung kanthi tliti. Menapa kemawon ingkang badhe
dilampahi ampun ngantos damel rugi tiyang sanes, kejawi menika saged njagi kapentingan pribadhi
lan umum.
(Afif: 3)

C. Sabuk
Sabuk saking tembung buk tegesipun boten bathi boten tuna. Suraosipun manungsa
kedah ngginakake raganipun kangge nyambut damel kanthi tumemen supados boten
ngantos buk. Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih
mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika
sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih
wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang
ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun
dhuwung. patrapipun ngagem kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil,
ubedipun mangiwa. Ubedipun ingkang angka kalih kapernahaken kirang langkung kalih
nyari sak ngandhapipun. Semanten ugi ubedan ingkang angka tiga kapernahaken kirang
langkung kalih nyari sak ngandhapipun ubedan angka kalih, makaten sak piturutipun
ngantos sap gangsal utawi nenem. Telas pungkasaning sabuk lajeng dipun peniteni
supados boten udhar, perlu dipun taliti supados sinjang punapa dene setagen mboten
ketingal. Kajawi punika ugi dipun imut-imut, anggenipun miwiti ubedan sabuk punika

7
benten kaliyan ubedipun setagen. Manawi ubedipun setagen punika kawiwitan saking
ngandhap minggah supados kenceng. Dene manawi sabuk ubedipun kawiwitan saking
nginggil lajeng mangandhap supados mangkenipun saget kangge nyengkelit dhuwung.

Gambar saking: https://images.app.goo.gl/DGh6rBf81UTkqPB47

D. EPEK TIMANG LAN LEREP


Epek dumadi saka tembung opek/golek tegesipun manungsa gesang kedah ngudi
kawruh ingkang migunani. Timang suraose bilih ilmu ingkang dipunudi kedah
dipunmangerteni. Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking
bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 cm, dene panjangipun watawis 120 – 150
cm. kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal
(rambut jaran), rambut punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang”
utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge
nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga
ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene
selamaya.
Caranipun hangagem epek punika ka-ubedaken wonten sabuk, ubedipun mangiwa,
tegesipun timang kaprenahaken sisih kiwa. Anggenipun ngubedaken epek, ka-angkah
wiyaripun antawisipun epek ngandhap kaliyan sabuk sisih ngandhap kirang langkung 2.5
nyari (kalih setengah nyari). Dene timangipun kapernahaken wonten ngajeng trep tengah-
tengah. Wonten ing pabrayan umum jinis epek ingkang dipun agem warninipun merdika
boten wonten awisanipun. Naming manawi nuju layatan, prayogi hangagem sabuk cemeng.
D. Keris, Dhuwung (ati-ati), Curiga (waspada),
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama ing wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya boten
wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten,
sabar sarta eneping manah. Duwung dumadi saka curiga lan waarangka. Curiga menika
wilahe ingkang landhep, warangka menika wadhah. Dhuwung manawi mboten kaginakaken
kedah dipun lebetaken ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”.
Keris duweni pralambang yen keris lan warangka minangka manungsa lan Gusti,
manunggaling kawula Gusti. Amarga didiagem ing wingking keris gadhahi surasa yen
nyembah Gusti kudu bisa nyingkirake godhaning setan nalika arep tumindak becik.
Parabot panjangkep busana kakung ing gagrag Ngayogyakarta punika wonten tiga,
inggih punika keris ingkang mawi warangka :
a. Warangka wulan tumanggal, wandanipun saèmper wulan ingkang tumanggal (sabit),
warangka punika rumiyin kaagem déning Pangéran Mangkubumi (HB I).
(Afif: )kaca 6

8
b. Warangka Gayaman,

c. Warangka Branggah

E. Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil
“Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing
badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok. Sinjang limrah
ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang
katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah. Bab warnining
sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng. Dene
saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.
Menawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun,
inggih punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit wolak-walik
ngantos 2/3 panjangipun sinjang. Wiyaripun saben lempitaning wiron manawi kagem
kakung kirang langkung 7 cm. dene wiron kagem putri kirang langkung 3.5 cm. Seretipun
kedah ketingal. Ngagem busana Jawi kawiwitan saking nyamping, bab inggil andhapipun
nyamping sampun ngantos ketingal polokipun, nanging ugi sampun ngantos ketebihin
sangandhaping polok, mila wiwit nyampingan prayoginipun selop dipun agem rumiyin,
supados dadosipun inggih sumbut kaliyan manawi sampun ngagem selopboten badhe
kandhapen utawi kinggilen. Jenising wiron wonten kalih, inggih menika:
a. Wiron limrah, wiron limrah inggih punika wiron ingkang kadamel lajeran seretipun jarit
limrah.

9
b. Wiron éngkol, wiron ingkang kadamel ngeluk / ngéngkol, adatipun wiron punika
kaginakaken déning para abdidalem manawi pinuju sowan wonten kraton, utawi
wiron padintenan salebete kraton. (Afif:7)

F. Canela

Selop utawa cenela / sandhal mujudake lambaran suku kadidene sepatu namung
kemawon krowak ing perangan wingking. Cenela jarwo dhosokipun centhelna jroning nala
tegesipun dipungondheli kanthi kiyat ing salebeting batin.

2) Wandaning Busana Kajawèn Tumraping Putri


Ing ngandhap punika badhe diandharake makna ingkang sinandi ing salebeting busana tumraping
wanita:
1. Sanggul lan Kerudung (hijab), tumraping busana putri ingkang tanpa hijab, sanggul ingkang
kaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta inggih punika sanggul tekuk, wondéné tumrap putri
ingkang sampun krama saged ngginakaken paes kembang.
Ungkel utawa sanggul inggih menika rambut palsu ugi rambut asli kang didamel wujude
oval lan mapan ing wingking utawi ing mustaka. Menawi ditingali saking
panggenanipun sanggul ingkang mapan ing wingkinge mustaka gadhah makna menawi

10
tiyang estri mliginipun ingkang sampun krama kedah nyimpen wadi ing salebeting
kluwarga. Ampun ngantos wadi dados kembang lambe ing masyarakat. (Afif: 8)

2. Rasukan kebaya, rasukan kebaya ingkang limrah kaginakaken ing busana gagrag
Ngayogyakarta inggih punika kebaya tangkepan (kartinian), sanès kuthu baru, sinaosa
ingkang ngagem punika mawi hijab. Wondéné kebaya kuthu baru punika adatipun mawi
tambahan sléndhang. Kebaya Jawa gadhah teges kang sinandhi inggih menika pralambang
kapribadene wong wadon jawa kang manut, sopan santun, uga alus.
a. Kebaya tangkepan (kartinian)
(Afif: 8)

3. Lonthong / stagèn, lonthong utawi stagèn kaginakaken kanggé ngencengi sinjang. Boten
mawi paugeran kadosdéné lonthong utawi stagèn ing busana kakung. Wujudipun ingkang
dawa gadhah teges menawi tiyang estri menika kedah dawa ususe utawi kedah sabar.

sumber: https://images.app.goo.gl/zEQccLM4bhvsGgfd6

4. Jarit / sinjang, sami kaliyan busana kakung, namung bèntenipun wiron putri kadamel
langkung alit, lan dhawahing sèrèt sinjang wonten ing siring kiwa. Jarik utawa sinjang
inggih menika kain sing diginakake kangge nutupi awak saking bangkekan ngantos
suku. (Afif: 10)

11
5. Gunungan

Gunungan gadhah teges rapi utawa ketata. Penganten wanita diajab saged nata
kluwarga saengga kacipta kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah.

sumber: https://images.app.goo.gl/9zwAc87dWkDwPr466

6. Cunduk Mentul
Ing saknginggile sanggul diparingi hiasan Cunduk Mentul. Cunduk mentul limrahe
kasusun saking 5 ngantos 9 bunderan cilik. Nanging sejatose saget ugi 1,3, 5 utawa 9.
Cunduk mentul kang cacahipun 1 gadhah pralambang anane Gusti kang Maha Esa. Cunduk
mentul kang cacahipun 3 gadhah simbol trimurti. Dene kang cacahipun 5 kuwi pralambang
rukum Islam. Yen cacahipun 7 diarani simbol pitulungan. Kang paling kathah inggih menika
9 gadhah simbol wali songo. Cunduk mentul dipasang madhep wingking.

sumber: https://images.app.goo.gl/jJPNx6YaY5mYtYNi9

12
7. Kalung sungsun telu tingkatane, gadhah teges filosofi lempahing urip manungsa miwiti
nalika manungsa lahir, diwiwaha, lan pejah.

sumber: https://images.app.goo.gl/Wo2SwpeGMLBQhnWn6

8. Selop
Selop utawa cenela / sandhal mujudake lambaran suku kadidene sepatu namung
kemawon krowak ing perangan wingking. Cenela jarwo dhosokipun centhelna jroning nala
tegesipun dipungondheli kanthi kiyat ing salebeting batin.

d) Wujuding awisan ing busana Kajawèn Gagrag Ngayogyakarta.


1. Sinjang batik ingkang dados awisan, ing antawisipun :
a. Parang barong, corèk batik punika mligi dipunagem déning Ngarsadalem Ingkang
Sinuwun Kanjeng Sultan, manawi pinuju pisowanan ageng.

13
b. Parangrusak, corèk batik punika mligi dipunagem déning para naléndra, adipati,
gusti pangéran.

c. Parang slobog, corèk batik punika kaginakaken kanggé lurupin layon sentanadalem
sadèrèngipun kasarékaken.

d. Kawung ageng. Corèk batik punika dipunagem déning para sentanadalem,


putradalem awit dhawuhdalem nalika ing pisowanan mirunggan. (Afif:9)

14
Wimbuh Kawruh

a. Rasukan Kakung Gagrag Surakarta.


• Atéla, wujudipun kadosdéné jas wingking dipunkrowok, adatipun awarni
cemeng, dipunagem déning siswa pawiyatan lan abdidalem kraton Surakarta
nalika sowan kraton.

• Beskap, wujudipun kados atéla nanging mawi benik / kancing kanan kéring,
warani cemeng adatipun kaginakaken kanggé among tamu sajawining kraton,
lan beskap ingkang boten cemeng ingkang ngagem sentadalem apangkat
KRA lan KRAT.

• Sikepan, busana punika mligi kaagem déning abdidalem, sentanadalem


apangkat KGPH, KPH, KP, KRMH, KRA lan KRAT ing acara pisowanan
ageng kraton.
(Afif: 4 ngantos 5 )

• Langenarjan, busana ingkang kaagem déning KGPAA Mangkunegara


sakulawangsa manawi pinuju sowan kraton.
• Temantèn kakung nalika badhé kaijab qabulaken.
• Panghargyan panggih mantèn ing sajawining kraton

15
2. Benik, ingkang wonten kiring lan kanan mengku piwulang bilih salebeting
nindakaken samubarang perkawis, sageda kapenggalih kanthi premati, sampun
dados kapitunanipun tiyang kathah.
3. Lonthong / stagèn / kendhit, menawi cara Ngayogya prayoginipun menawi
dereng apangkat riya sapanginggil ngagem ingkang polos boten mawi seratan
cindé. Babagan warni nyumanggakaken, lan werninipun lonthong polos
kajumbuhaken kaliyan pelet udheng (kemada).

16
Daftar Pustaka

1. Afif Abdul.Wibawa Bahan Ajar Kanggo SMA.2012.CV Sinar Harapan


2. Mulyana. 2014. Bahasa Jawa Kreatif Panduan Lengkap Menulis dalam Bahasa
Jawa. Yogyakarta: Tiara Wacana.
3. Saputro Sutarto. Asprasi Basa Jawa Kanggo SMA/MA/SMK.2018.Sukoharjo: Graha
Printama Selaras
4. Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII
.Jakarta: Erlangga
5. Suharti, dkk. Yogya Basa Jilid III Kangge Kelas XII SMA/MA/SMK. 2007.Yogyakarta:
DinasPendidikan.
6. Suwarna Pringgawidagda. Acara Penganten Berbagai Gaya. 2003. Yogyakarta :
Adicita Karya Nusa
7. Internet:
https://borneochannel.com/pakaian-adat-yogyakarta/ di unduh tanggal 3 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/2bAMnQMQaBfDz9FT9 di unduh tanggal 3 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/2bAMnQMQaBfDz9FT9 di unduh tanggal 3 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/zEQccLM4bhvsGgfd6 di unduh tanggal 3 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/9zwAc87dWkDwPr466 di unduh tanggal 3 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/jJPNx6YaY5mYtYNi9 di unduh tanggal 3 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/Wo2SwpeGMLBQhnWn6 di unduh tanggal 3 Agustus 2019

17

Anda mungkin juga menyukai