Anda di halaman 1dari 14

Modul Pembelajaran

Bahasa Jawa
AKSARA JAWA
Carakan, Pasangan, Sandhangan

Sutrisno,S.Pd.
KEGIATAN 1

Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan


Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan iki yakuwi: Mampu membaca dan menulis Aksara Jawa secara terampil
sesuai dengan kaidah penulisannya.
Sub Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan
Kompetensi Dasar saka kegiyatan iki: Mahasiswa bisa niteni dan mbedakake Aksara Jawa:
carakan, pasangan, lan sandhangan, sarta bisa maca lan nulis Aksara Jawa sing ditulis nganggo
pasangan lan sandhangan. Dene indikatore yakuwi:
• Mahasiswa bisa niteni lan mbedakake carakan sing cacahe 20 (rong puluh).
• Mahasiswa bisa maca lan nulis tembung-tembung lan ukara sing tulis nganggo carakan.
• Mahasiswa bisa niteni lan mbedakake pasangan sing cacahe 20 (rong puluh).
• Mahasiswa bisa maca lan nulis tembung-tembung lan ukara sing tulis nganggo pasangan.
• Mahasiswa bisa niteni lan mbedakake sandhangan.
• Mahasiswa bisa maca lan nulis tembung-tembung sarta ukara sing tulis nganggo
sandhangan.
PILIHAN MATERI

Carakan Pasangan Sandhangan Ringkesan


DEFINISI SANDHANGAN

Sandhangan yaiku tandha sing dianggo supaya ana unen-unen vokal


saliyane /a/, bisa uga kanggo njangkepi utawa mateni wanda supaya bisa
muni kaya tembung sing diucapake. Dene sandhangan iku ana 4 (papat)
yaiku sandhangan swara, panyigeging wanda, wyanjana, lan pangku utawa
pangkon.
SANDHANGAN SWARA

Vokal ing Aksara Jawa ora mung /a/, nanging uga /i/, /u/, /é/, /è/, /ê/, lan /o/. Mula
saka iku supayane wanda Aksara Jawa bisa diwaca utawa muni /i/, /u/, /é/, /è/, /ê/, lan
/o/ kudu diwenehi tandha.

Tuladha
Miri : Lele :
Siti : Rego :
Tuku : Loro :
SANDHANGAN WANDA

Yakuwi sandhangan sing digunakake kanggo nutup wanda kang pungkasane wanda ditutup
kanthi konsonan /h/, /r/, lan /ng/.

Tuladha
Murah : Darma :
Cahya : Menang :
Kamar : Panggung :
SANDHANGAN WYANJANA

Sandhangan wyanjana cacahe ana 3 (telu). Sandhangan iki gunane kanggo panulisan
wanda kang ditutup konsonan banjur disambung konsonan+vokal.

Tuladha
Krama : Trep :
Prawira : Nitya :
Sregep : Dyah :
SANDHANGAN PANGKON

Sandhangan pangku utawa pangkon miturut buku kanthi irah-irahan Pedoman Penulisan
Aksara Jawa (2003:26—28) digunakake kanggo telung prakara panulisan, yaiku kanggo
mateni tembung utawa mungkasi ukara, kanggo ganti tandha pada lingsa (koma), lan
supaya ora nulis nganggo pasangan tumpuk-tumpuk
Tuladha
Murid :
Sregep :
Trep :
TULADHA PANULISAN AKSARA SANDHANGAN
Kancaku tuku garisan, sêtip, lan buku gambar

Adhiku lunga numpak pit


VIDEO SANDANGAN

https://www.youtube.com/watch?v=RI3XsBv5PCE
RINGKESAN

Aksara Jawa duwe sesebutan liya yakuwi carakan. Amarga wujude kang asipat wanda
utawa suku kata kang durung oleh tambahan (pasangan utawa sandhangan) mula disebut
uga aksara legena. Carakan iku cacahe ana 20 (rong puluh). Dene urut-urutane yakuwi:

ha na ca ra ka

da ta sa wa la

pa dha ja ya nya

ma ga ba tha nga
RINGKESAN

Cara panulisan Aksara Jawa iku diwiwiti saka kiwa manengen. Panulisan
tembung lan ukara nganggo Aksara Jawa ora nganggo let utawa spasi.
Dadi, nulis ukara iku sambung saka wiwitan nganti pungkasan. Tuladhane:
RINGKESAN

Kaya dene carakan, pasangan iku duwe cacah 20 (rong puluh). Saben carakan duwe
pasangan. Pasangan iku dianggo kanggo mateni wanda sadurunge. Pasangan iku gunane
kanggo ngilangi aksara swara ing sawijining wanda banjur diterusake wanda teruse. Dene
wujude pasangan kaya ing ngisor iki.
.... ha .... na .... ca .... ra .... ka

.... da .... ta .... sa ..... wa .... la

.... pa .... dha .... ja .... ya .... nya

.... ma .... ga .... ba .... tha .... nga


RINGKESAN

Sandhangan yaiku tandha sing dianggo supaya ana unen-unen vokal saliyane /a/, bisa uga
kanggo njangkepi utawa mateni wanda supaya bisa muni kaya tembung sing diucapake.

Anda mungkin juga menyukai