Anda di halaman 1dari 2

PENGERTIAN KENDUREN

Kenduren /slametan yaiku tradisi kang wis turun temurun saka jaman biyen, yaiku doa bareng
kang ditekani tangga omah lan dipimpin karo uwong sing wis dianggep sepuh lan dihormati ing
saben lingkungan, Kenduren nduweni tujuan kanggo nyuwun slamet kanggo wong sing di
dongakake lan keluargane.

Kenduren iso uga diarani acara ngumpul, sing biasane ditekani ning wong lanang, sing
dilakokake kanggo ndungo bareng amrih dilancarne keuripane, lan adoh saka bebaya bebaya.
Biasane sing ngenekake kenduren ngundang tangga tangga omah lan salah siji kyai kanggo ngisi
acara kasebut.

Biasane, kenduren dimulai sakwise isya’ (ba’da isya’), uga biasane sing ndue acara maringi
berkat kango para tamu sakwise acara kui rampung.
JENIS JENIS KENDUREN

Kenduren selapanan
Tujuan kenduren selapan yaiku ndongakake anak kasebut supaya ben ora kena penyakit, dadi
anak seng mangerteni marang uwong tuwo, ora gampang kena bencana, lan bisa dados anak
kang biso ngguno ing masyarakat. Biasane kenduren iki dianakake sakwise anak nduweni umur
35 dino utowo selapan.

Kenduren Suronan
Tujuan kenduren suroan yaiku dingge ngelingi taun jawa, biyasane saben 10 suro uga dianakake
dening sedaya warga dusun karo nggowo berkat dewe-dewe.

Kenduren Mitoni
Tujuan kenduren mitoni yaiku supaya ngelingi kengandhegan anak setunggal seng isih njero
kandungan uga berumur kurang luweh pitung wulan.

Kenduren Puputan
Tujuan kenduren puputan yaiku supaya ngelingi ucule tali puser anak. Biyasane dilakokne
saderenge anak berumur selapan utowo menowo tali pusere ucul.

Kenduren Syukuran
Tujuan dianakake kenduren syukuran yaiku supaya mengucapkan raos syukur amarga hal seng
spengen diarepake sampun tercapai uga uwong seng nganakake kenduren iki.bersedekah karo
masyarakat sekitare.

Kenduren badan (wiyaran/mudunan)


Kenduren niki dianakake ing riyadi Idul Fitri, ing udhar 1 syawal. Kenduren iki podo koyo
kenduren Likuran, nanging tujuanne seng bedo yaiku katur mandhapaken leluhur kajeng iso
ketemu uga bertegur sapa. sing mupuran namung, saurunge kenduren badan, biyasanne nyekar
ing makam leluhur saka masing-masing keluarga.

Kenduren Selikuran
Tujuan dianakake kenduren selikuran yaiku katur ngelingi siyani uwes 21 hari. Biyasane
dianakake dening kabeh warga dhusun karo nggawa berkat dewe-dewe.

Anda mungkin juga menyukai