Anda di halaman 1dari 6

Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1

Materi Kelas XI BAB 2


Upacara Adat Jawa
(Pertemuan 1)
Ing materi niki bakal dirembug babagan Upacara Adat Jawa. Kanthi anane pirembagan
materi niki, mugi-mugi para siswa bisa tambah pengetahuan babagan Upacara Adat Jawa. Kedah
dimangerteni menawa upacara adat yaiku ritual kang dilaksanakake sekelompok
orang/masyarakat, kita minangka penerus/keturunan kedah nglestantunake amarga ing jaman
sakiki akeh wong kang wis ninggalake tradisi iki, utawa bisa darani wong Jawa kang ilang Jawane.
Sakniki, mangga sareng-sareng disinaoni materi niki.

1. Pangerten Upacara Adat


Upacara Adat yaiku tata upacara sing wis dumadi ing masyarakat Jawa kang ana
gegayutane karo lakuning urip manungsa. Diwiwiti saka jero kandhutan nganti tumekaning
pati. Saben wektu sing dilampahi manungsa iku mau dianakake upacara, ancase tolak
balak, nyuwun keslametan marang Gusti, sarta bisa uga kanggo ngucapake raos syukur
marang Gusti.
Upacara adat kalawau bisa katujokake kanggo manungsa, bisa uga katujokake
kanggo Alam. Tuladhane kang katujokake kanggo manungsa yaiku neloni (3 bulan ibu
mengandung), tingkeban, sepasaran, selapan, tedhak siten, khitanan, nikahan, lsp. Menawa
kang katujokake kanggo alam kayata Ruwat Desa, Nyadran, lsp.
2. Jinis- jinise upacara adat Jawa
A. Upacara Adat kang katujokake kanggo manungsa.
Ana maneka warna upacara adat kang katujokake kanggo manungsa, diwiwiti saka ing
jero kandhutan nganti tumekaning pati, kayata :
a. Neloni Ing Jero Kandhutan
b. Tingkeban/Pitonan
c. Brokohan
d. Sepasaran
Bayi Lahir
e. Selapanan
f. Tedhak Siten (Mudhun Lemah)
g. Nyapih
h. Khitanan Dewasa
i. Nikahan
j. Geblag (Ngesur Tanah)
k. Nelung Dina
l. Mitung Dina
Tumekaning Pati
m. Nyatus Dina
n. Mendhak Pindho
o. Nyewu

Bader SMKN2 Buduran


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1

p. Lsp…..
B. Upacara Adat kang katujokake kanggo Lingkungan.
Saben daerah duweni maneka warna upacara adat kang dilaksanakake, kayata :
a. Ruwat Desa
b. Nyadran
c. Larung Saji
d. Petik
e. Lsp ….
3. Pirembagan (Pembahasan)
a. Upacara Adat Neloni.
Upacara adat Neloni kang duweni arti 3 yaiku upacara adat sing dilakasanakake nalika
ibu ngandhut 3 wulan. Nalika nindakake upacara adat iki biasane ana pirantine awujud
Sega Tumpeng, Gudhangan, Jenang Abang Putih, Sega Kuning kang dideleh ana takir.
Tata cara sing dilampahi yaiku ngundhang tangga kanggo kenduri.
Upacara iki dilaksanakake kanthi ancas kanggo ngucapake raos syukur marang Gusti,
amarga ing kandhutan 3 wulan jabang bayi sampun diwenehi Roh (nyawa).
b. Upacara Adat Tingkeban/Pitonan.
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut
mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing
pitung sasi meteng lan pisanan kali. Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara
adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo
keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah
tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis
nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih
akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik
kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan
(nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake
wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren.
Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa
mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti
mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi. Acara siraman namung dianakake
kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina
sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah
awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'. Upacara mitoni utawa wilu-
jengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kula-
warga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan,
jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele,
kacang kang kagangsa ing gendhis.

Bader SMKN2 Buduran


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1

Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang
arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog,
gereh, krupuk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, ja-
nganan lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu
dijangkepi pitung iji apem conthong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gan-
tos penganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tata-
cara anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal
ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11,
13 lan 15).
Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah
banyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang se-
taman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe di-
leksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka
kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang
nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sang-
ang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang di-
lambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep,
alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sin-
dur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang. Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo
kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa
tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep
arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra
kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain
jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak.
Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake.
Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi
ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting
endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamaja-
ya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi lo-
ro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut ku-
wi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen.
Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh
nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur diang-
gokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngo-
mong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kem-
ben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis pa-
tut.

Bader SMKN2 Buduran


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1

c. Upacara Adat Brokohan


Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut
kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga
proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku “barokah” sing maknane ngarepake
berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep
tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa
mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan
sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku
Dhukun Bayi. Sesajèn upacara sing dibutuhaké yaiku:

Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng,
sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan
beras.
Golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk,
sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem
ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga.

ANGKAH
Upacara brokohan tujuwané kanggo keslametan prosès kelairan uga pangayoman
kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi bocah sing apik.

RANGKÉYAN UPACARA
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusaké andum sesajèn brokohan
kanggo sedulur lan para tangga.
d. Upacara Adat Sepasaran
Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat
iki umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi,
upacara iki diselenggaraake radha meriah. Slametan iki biasane dianakake bareng karo
puputan. Puputan yaiku prastawa pedhote tali puser bayi.Tembung sepasaran dhewe
asale sake tembung sepasar.Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara
kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume
wedanglan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.
e. Upacara Adat Selapanan
Upacara adat selapanan yaku upacara adat kang dilaksanakake nalika bayi umur
selapan, utawa 35 dina. Itungan iki dijupuk saka itungan dina kang cacahe ana 7 (Senin-
Minggu) lan itungan pasaran kang cacahe 5 (Pahing, Pon, Wage, Kliwon, lan Legi).
Itungan iki hasil saka 7 dina lan 5 pasaran kang ketemu cacahe 35 dina. Tuladhane bayi
lahir ing dina Kemis Pon, dadi selapane bayi tiba ing dina Kemis Pon. Upacara iki

Bader SMKN2 Buduran


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1

biasane dilaksanakake kanggo raos syukur awit keslametan kang sampun diparingake
Gusti marang Ibu lan bayine. Ing upacara iki bayi dicukur rambute lan dikethoki
kukune.
Ing bancaan selapanan, menu wajib yaiku Sega Putih lan Gundangan/urap-urap.
f. Upacara Adat Tedhak Siten (Mundhun Lemah)
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7
wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné
sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana
sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah
kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing
ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala
minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
a. Pengaron sing diisi kembang setaman.
b. Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké
suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1) Pari sabengket
2) Kapuk sabengket
3) Piranti nulis
4) Bokor kang diisi beras kuning
5) Werna-werna jinis dhuwit
6) Perhiasan"
c. Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
d. Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
e. Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-
undhakané urip sing arep dilakoni anak.
f. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon.
Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
g. Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutane Upacara tedhak siten
1. Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna
kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti
warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh
alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju
kamulyan lan kasantosan.
2. Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné
nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing
munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.

Bader SMKN2 Buduran


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1

3. Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan
diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan
liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya
tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
4. Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo
kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.

Kagem pertemuan niki, kula kinten ngantos sementen rumiyen ingkang kedah dipun rembug,
kagem pembahasan lintune saged dilajengaken tetepangan saklajenge.
Matur nuwun.

Bader SMKN2 Buduran

Anda mungkin juga menyukai