Anda di halaman 1dari 14

KLIPING BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

Disusun Oleh

Nama : Istingatun Mahfiroh


Kelas : IX G
Absen: 17

SMP NEGERI 3 PURBALINGGA

13

KATA PENGANTAR
Khanti ngucap syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT, penyusun saged ngrampungake tugas
punika, khanti mboten halangan satunggalipun.
Matur suwun sanget dhumateng Bapak/Ibu Pembimbing ingkang sampun membimbing
penyusun damel kliping punika.
Kliping punika kangge menuhi tugas Bahasa Jawa wonten ing SMP NEGERI 3
PURBALINGGA ingkang benjeng. Mugi kliping punika wonten paedahipun dhumateng kita
sedoyo.
Kliping punika taksih kirang sempurna amargi wedal ingkang kasesa kalian kirang pangertosipun
penyusun. Pramila penyusun nyuwun pangapunten lan nampi kritik lan saran saking pemaos,
wasono matur nuwun.

Purbalingga, 26 Januari 2015

13

DAFTAR ISI :

Wetengan/nembe mbobot..4-5

Klairan6-8

Bocah.9-11

Lajang, Jaka & Prawan.....12

Tilar/Seda..13-14

13

WETENGAN (NEMBE MBOBOT) :


1. Ngupat

Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu
mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Ancas upacara
adat iki kanggo kaslametan calon bayi lan ibun utawa kanggo sing sifat tolak bala dadi padha
karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mtng liyan yaiku ana sajian
kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakak ing besek sing digawa bali undangan sing
hadir.
Makna : Ngupat sejatin kanggo pralambang yn jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat
ning proses pangriptane manungsa.
Wektu : Upacara adat ngupat kudu diselenggarakak ning dina sing apik miturut petungan dina
Jawa.
2. Ngliman
Ngliman iku salah sijining upacara adat wtngan sing diselenggarakake wektu calon ibu
mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki
padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane calon bayi lan ibune utawa kanggo sing
sifate tolak bala.
Upacara adat ngliman iki kurang dikenal ning dhaerah-dhaerah tertamtu, bedha karo mitoni sing
wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal ning masyarakat Nusantara.
3. Mitoni
iku asal saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakak wektu calon ibu nggarbini utawa
meteng 7 sasi. Ancas kanggo keslametan calon bayi lan ibun utawa kanggo sing sipat tolak
bala. Ing dharah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene
wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna
ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon
ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe
utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku
kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat
Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti
mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang
upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain

13

calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot
lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan
kendhuri kendhuren. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina
Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan
'purnamasidhi'.

13

KLAIRAN :
1. Mendhem ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga
ana ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi
wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing
(mbingmbing).
Ing Jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa.
Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi
mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi
lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir
iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).
Tata cara:
Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge
ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo
lemper sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa
ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen pintu utama omah.
Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
2. Brokohan
Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan
bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku
slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah.
Tangga teparo ya iku mligin para ibu ing saubeng diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi
rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapak rasa mlu bungah, biyasan
kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalan. Sing tumindak
minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi. Sesajn upacara sing dibutuhak
ya iku:
Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega
karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pyk, sambel
gorng, tmp, mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ariari lan nyadiakak sesajn brokohan sing didum marang para tangga.

13

Angkah :
Upacara brokohan tujuwan kanggo keslametan pross kelairan uga
pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi
bocah sing apik.
Rangkyan upacara
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusak andum sesajn brokohan
kanggo sedulur lan para tangga.

3. Sepasaran
Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki
umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki
diselenggaraake radha meriah.
Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga
tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing
umum kanggo ditentengan mulih.
4. Aqeqah
Miturut etimologi, tembung Aqqah punika asalipun saking basa Arab, ingkang anggadhahi
pangertosan nugel utawi motong. Miturut istilah, aqqah inggih punika nyembelh wedhus
wonten ing dinten kapitu saking dinten klairanipun bayi, minangka raos sukur dhumateng Gusti
Allah SWT. Ananging ugi wonten ingkang paring pangertosan menawi aqqah punika nugel
rikma ingkang wonten ing mustakanipun bayi ingkang nemb lair. Kangg bayi ingkang jaler
dipunsembelhaken wedhus kalih, manawi bayi ingkang putri dipunsembelhaken wedhhus
setunggal.
5. Puputan
Puputan utawa pupak puser, iku sejatin nduw makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki
dianakak wektu utawa bubar puput tali puser saka udhel bayi.
Biasan ana acara slametan ing upacara puputan iki, acaran yaiku kendhuren, bancakan lan
awh jeneng bayi. Upacara iki apik yn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga,
jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang
abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.
6. Selapanan

13

Tegese selapan 35 dina sakwise bayi lair ing dina Rebo Pon kasebut dianakkake bancaan
utawa syukuran amarga laire Rebo Pon.
Wektu selapanan biasane bayi kasebut dicukur utawa digundul rambute supaya thukulane rambut
apik. Kuku bayi kasebut uga di kethoki. Rambut lan kuku iku kaklumpukake dadi siji ing
coplokane puser, taine kalong lan kembang telon, mula kudu dirawati, mbokmenawa bocah iku
mau besuk yen wes gedhe demen marang kadigdayan, aji joyo kawijayan, ora tedhas marang
tapak palu pande, siseneng gurendo. Coplokan puser lan liyane mau kang di dadekake siji supaya
dipangan besuk yen wes gedhe kanggo tulak bala, lan supaya ora kena guna-guna.
Tatacara koyo mangkono iku ora mung tumeko selapanan, isih ana lanjutane. Dadi wiwit
sepasaran wujude syukuran utawa bancaan diwujudake kanggo wong tuwa jenenge kondangan,
lan kanggo anak-anak jenenge bancaan. Perkara loro mau duwe ancas nyuwun keselametan.
Bancaan iku mau ana rena-rena panganane, yaiku sega tumpeng lan sayur-sayurane, jenang
abang putih, jajanan pasar, endog pitik sing wus di godhog lan sesajen intuk-intuk, yaiku
tumpeng cilik kang di wungkus godhong gedhang ing pucuke dituncepi brambang lan lombok
abang.
Sepasaran lan Selapanan bancaane gedhe + cilik sak banjure umume bancaan cah cilik
nganti kurang luwih bayi umur setaun. Wujude bancaan mau sega gudhangan diwenehi endhog
kangujubake para pini sepuh.
Sakwise bayi utawa bocah ngancik umur setaun, mulai di-ulang tauni saben taun. Ing dijupuk
tanggal lairre bocah.

BOCAH :
1. Tedhak sitn
Tedhak sitn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7
wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dharah liya ing Nuswantara uga ana, conton sing diarani
upacara injak tanah ing dharah Jakarta dning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani
"mudhun lemah" lan "udhun-udhunan.

13

Tedhak sitn iku asal saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitn (saka
tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani
urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakak yn umur bocah wis 7 selapan utawa 245
dina (7 x 35 = 245).
Sebabe Dianakak :
Upacara Tedhak sitn dianakak amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yn lemah kuwi
nduwni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadyan sing ora becik, mula
dianakak upacara ngenalak putra-putrin marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah.
Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubaramp Upacara Tedhak Sitn :

Pengaron sing diisi kembang setaman.


Kurungan, kanggo nggambarak yn donyan anak isih sithik utawa ciut.
Werna-werna barang sing dislhak sajroning kurungan kang nggambarak suwn urip,
manungsa duw kawajiban nggolk "nafkah", kayata:
- Pari sabengket
- Kapuk sabengket
- Piranti nulis
- Bokor kang diisi beras kuning
- Werna-werna jinis dhuwit
-"Perhiasan"

Klasa sing isih anyar, kanggo lmk ning jeroning kurungan


Bakaran pitik, kang nggambarak pedoman urip anak.
Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernan ungu kang nggambarak undhakundhakan urip sing arep dilakoni anak.
Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Teges
kanggo ngemutak anak yn urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagkake marang para tamu sing teka.

Urutan upacara tedhak sitn :


Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang
dirwangi ngidak dning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing
peteng, iku kabh perlambang dn urip iku ora gampang nanging kabh alangan sing
dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan
kasantosan.
13

Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggon nitih
urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah
tebu iku bisa duwni solah bawa kaya dn arjuna.
Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwnhi akh
dolanan lan ubaramp pagawan kayata kertas, gunting, petht lan liya liyan, dolanan
utawa ubaramp pagawan sing dipilih dning anak iku kaya tandha bsuk bakal duwni
pagawan mau.
Siraman: kanggo nyucni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo
kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.

2. Nyapih
Nyapih asalipun saking tembung "sapih" ingkang anggadhahi pangertosan pisah utawi
misahaken. Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi ingkang ancasipun
kangge nylameti lare ingkang nemb mandhek nyusu ibunipun.
Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubaramp kangg nyapih
larnipun. Ananging, sakpunika sampun jarang utawi malah sampun boten wonten ingkang
ngginakaken ubaramp. Wonten ing ngandhap punika ubarampe ingkang dipunginakaken tiyang
Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara nyapih, kadosta:

Kupat ingkang dipun sigar lajeng dipun isi abon wonten saktengahipun.
Katul ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta bal alit-alit, lajeng dipun dang.
Kembang "borh"
7 Tumpeng alit
Ron jati ingkang dipuntungkupaken
Senthir ingkang dipunslhaken wonten sakngandhaping ambn
Lisah klapa ingkang dipunslhaken wontn pinggan ingkang wonten toyanipun
Ndog pitik mentah
Ron gedhang ingkang dipun suwk-suwk lajeng dipun tali kaliyan ndonga : "ora
mbundheli godhong, nanging mbundheli tutuk si jabang bayi". Ancasipun
supados bayi boten rwl.
Wanci ndalunipun, lar dipun beta wonten njabi griya, lajeng sirahipun
dipuntmplaken wit gedhang raja. Mnawi sampun gangsal dintn,
dipundamlakn bubur ingkang dipun sad dhateng lar-lar ingkang "kreweng"
minangka artanipun. "Kreweng" utawi tugelan gendhng, lajeng
dipunkempalaken, dipun paringi kembang saha kemenyan lajeng dipun larung
wonten kali.

13

LAJANG :
1. Khitanan
Khitanan utawa Sunat ing basa arab khitan uga bisa kasebut uga sirkumsisi yaiku tumindak
motong utawa ngilangake salah sijin bageyan utawa kabeh kulit panutup saka palanangan.
Frenulum saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang
asring karan jeneng . Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latin circum (kang ngandut
arti "muter") lan caedere (artin "motong/ngtok").
Sajarah :
Khitan uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa dibuktekake dning
salah sijin gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan pasarena Mesir purba.[1] Alesan
tumindak iki isih digambyarake ing mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang
njelasake tumindak khitanan utawa sunat iku bageyan saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni
sunnah rosul (mangsa baliq).

13

JAKA & PRAWAN :


1. Pengantenan
Pangantnan iku sawijining acara ing ngendi sawijining pasangan iku janji bakal manunggal.
Urutane acara pengantenan : madik, utusan, salaran, nontoni, lamaran, gethak dinten, singsedan,
srah-srahan, kumbakarnan utawa rubukan, pasang tarub, siraman, dodol dawet, ngalub-alubi
utawa paes, midodareni, ijab qabul, pahargya, ngunduh mantu

TILAR/SEDA :
1.

Surtanah

Surtanah utawa bedhah bumi iku upacara sing diselenggaraake sak bubare acara
nyarkak layon (jenazah). Tujuan kanggo ngirim donga supaya arwah utawa roh wong kang
sda iku ntuk pangapura dning Ingkang Maha Kuwasa.
Upacara surtanah iki karantam kanthi sederhana. Sing teka biasane sedulur, tangga
teparo, uga ulama. Sak liyane dedonga uga bisa dibacutake nganggo acara tahlilan sing lan ngaji
bebarengan.
Ora ana uleman utawa undangan khusus kanggo acara iki nanging umume tangga teparo lan
sanak kadang teka sinambi nggawa bahan-bahan pangan, kayata beras, endhog, bahan kanggo
njangan, gula, kopi utawa dhuwit lan liyane. Kaya mengkono mau mujudake pambiyantu lan
ngentengake bot repote kulawarga sing nembe nandang sungkawa utawa kesripahan.
Inti acara surtanah lan upacara adat kesripahan liyane yaiku ndedonga, utamane sing
ndonga yaiku anak-anake sing seda, sanak kadang, kanca, tangga teparo, utawa sapa wae sing

13

gelem melu ndonga. Ora ana acara kendhurn, yn ana pasugatan sing disuguhak iku mung sak
anan. Bisa uga yn kulawarga sing kesripahan pengin sodaqoh upaman nggaw panganan sing
rada akh utawa nyiapak bsk kanggo diaturake sing pada rawuh, nanging bab besekan iku
mau ora wajib. Sing apik lan dianjurak malah wong liya (tangga, kanca lan liyan) nggawa
bantuan kanggo kaluwarga sing kesripahan.
2. Nelung dina
Nelung dina iku saka tembung telu lan dina. Nelung dina ateges pengetan dina kaping
telu sawise wong wis mati.
3. Mitung Dina
Mitung dina iku tegese pengetan pitung dina sawise wong wis mati. Slametan iku kanggo
ngirim donga karo maca tasbih, tahmid, takbir, tahlil, lan sholawatan sing diarani tahlilan. Tegese
tahlilan iku maca dzikir sing dipimpin ing kyai utawa wong sing dianggep duweni lan ngerti
ilmu Islam.
4. Matang Puluh
Upacara matang puluh iku pengetan 40 dinane wong sawise wis mati. Wujude tahlilan
ngirim donga marang leluhur supaya keluargane sing wis mati bisa diwenehi panggonan ing
sisihing Gusti. Keluarga padha sesarengan ziarah marang kuburan, khususe kanggo mengeti
tekaning wulan Ramadhan.

5. Nyatus
Nyatus inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawa babagan kasedan. Nyatus
utawi ugi saged dipunsebat slametan satus dinten punika dipunadani wonten ing dinten kaping
satus bibar sedanipun satunggaling tiyang. Ancasipun ngawontenaken slametan punika inggih
kangge nyampurnakaken sedaya ingkang asipat badan wadhag utawi jasad.
Sesajen ingkang dipunginakaken wonten ing slametan nyatus punika sami kaliyan sesajen
ingkang dipunginakaken nalikanipun ngadani slametan patang dasa dinten. Dene sesajen ingkang
dipundamel inggih punika sega wuduk, ingkung ayam, kedele, krupuk, lan sambel goreng.
6.

Pendhak pisan

Pendhak pisan menika petangan wekdal ingkang dangunipun satunggal tahun ingkang
wonten ing kalender utawi tanggalan Jawi. Pendhak pisan menika salah satunggaling adicara
kangge mengeti tiyang ingkang sampun sedo satunggal tahun. Adicara Pendak pisan utawi
wonten ugi ingkang mastani mendhak pisan' menika taksih kathah ingkang nglampahi,

13

mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara
pendhak pisan menika ngawontenaken gendurenan utawi bancakan minangka dedonga kangge
ingkang sampun sedo menika. Ingkang gadhah gawe mendhak pisan padatanipun ngundang
tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom bancakan.
7.

Pendhak pindho

Pendhak pindho menika ptangan wekdal ingkang dangunipun kalih tahun ingkang
wonten ing kalnder utawi tanggalan Jawi. Pendhak pindho menika salah satunggaling adicara
kangg mengeti tiyang ingkang sampun sdo kalih tahun kepengker. Adicara Pendhak pindho
utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pindho' menika taksih kathah ingkang nglampahi,
mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara
pendhak pindho menika ngawontenaken gendurnan utawi bancakan minangka ndedonga
kangg ingkang sampun sedo menika. Ingkang kagungan damel mendhak pisan padatanipun
ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom bancakan.
8.

Nyewu

Slametan iku dipengeti telung tahun sawise wong wis mati. Keluarga nganakake slametan
kanggo ngirim donga marang wong sing wis mati.

13

Anda mungkin juga menyukai