Anda di halaman 1dari 11

2012

Bahasa Jawa Upacara Tradisi Jawa

Kisnayandra A. Z. 9A 16
Reza Nur Amrin 9A 27
Daftar Isi

Halaman Depan_________________________________________________________________1

Daftar Isi______________________________________________________________________ 2

Upacara Tradisi Jawa____________________________________________________________ 3

1. Aqqah____________________________________________________________________________ 3
2. Bersih Desa_________________________________________________________________________ 3
3. Brokohan___________________________________________________________________________ 4
4. Khitanan___________________________________________________________________________ 4
5. Mendhem Ari-Ari____________________________________________________________________ 5
6. Munggah Wuwungan_________________________________________________________________ 5
7. Ngupat_____________________________________________________________________________6
8. Nyandran___________________________________________________________________________6
9. Pangantnan________________________________________________________________________6
10. Puputan Bayi_______________________________________________________________________ 8
11. Sedhekah Bumi______________________________________________________________________ 9
12. Sekatn____________________________________________________________________________ 9
13. Surtanah___________________________________________________________________________ 10
14. Tedhak Sitn_______________________________________________________________________ 10
15. Tingkeban__________________________________________________________________________ 11

Penutup 32

Upacara Tradisi Jawa Kaca 2


Upacara Tradisi Jawa

Ing kabudayan Jawa akeh upacara-upacara adat sing umum diselenggarake, antarane :

Wtngan
Ngupat; Ngliman; Tingkeban / Mitoni
(nmb mbobot)

Klairan Mendhem Ari-Ari; Brokohan; Sepasaran; Aqeqah; Puputan / Dhautan

Bocah Tedhak Siten; Tingalan; Nyapih


Wong

Lajang Khitanan; Tarapan; Pangur; Tetesan

Jaka & Prawan Pengantenan

Surtanah / Bedhah Bumi; Nelung Dina; Mitung Dina; Matang Puluh;


Tilar / Seda
Nyatus; Pendak Pisan; Pendak Pindho; Nyewu

Alam Sedhekah Bumi; Bersih Desa; Tolak Bala

Agama / Kepercayaan Nyadran; Khaul

Liyane Munggah Wuwungan

1. Aqqah

Miturut etimologi, tembung Aqqah punika asalipun saking basa Arab,


ingkang anggadhahi pangertosanarti nugel utawi memotong. Miturut istilah,
aqqah inggih punika nyembelh wedhus wonten ing dinten kapitu saking
dinten klairanipun bayi, minangka raos syukur dhumateng Gusti Allah SWT.
Ananging ugi wonten ingkang paring pangertosan menawi aqqah punika nugel
rikma ingkang wonten ing mustakanipun bayi ingkang nemb lahir. Kangg bayi
ingkang putra dipunsembelhaken wedhus kalih, manawi bayi ingkang putri
dipunsembelhaken wedhhus setunggal.

2. Bersih Desa

Bersih Desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing


diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo
ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa
digabung karo upacara adat Sedekah Bumi utawa Mreti Bumi.
Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing
seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha
wae.

Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga
kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri. Tujuanne Tradisi iki, yaiku :

a. Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah

Upacara Tradisi Jawa Kaca 3


b. Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing
gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana

c. Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem
lan aman

Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama
neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane : janur kuning, kembang setaman,
kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari
sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara
lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo,
godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.

3. Brokohan

Brokohan utawa Barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi.
Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet. Brokohan
iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku
mligin para ibu ing saubeng diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga
sing lairan saperlu ngucapak rasa mlu bungah, biyasan kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun,
kopi, gula lan sapanunggalan. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi.
Sesajn upacara sing dibutuhak yaiku :

a. Golongan Bangsawan

Dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo
lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.

b. Golongan Rakyat Biyasa

Sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pyk, sambel gorng, tmp, mihun, jangan
menir, lan pecel ayam.

Upacara brokohan tujuwan kanggo keslametan pross kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi
pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi bocah sing apik. Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing
diterusak andum sesajn brokohan kanggo sedulur lan para tangga.

4. Khitanan

Khitanan utawa Sunat ing basa arab khitan uga bisa kasebut uga
sirkumsisi (Inggris : circumcision) yaiku tumindak motong utawa ngilangake
salah sijin bageyan utawa kabeh kulit panutup saka palanangan. Frenulum
saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur
kang asring karan jeneng. Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latin
circum (kang ngandut arti muter) lan caedere (artin motong / ngtok).

Khitan uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa
dibuktekake dning salah sijin gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan
pasarena Mesir purba. Alesan tumindak iki isih digambyarake ing mangsa iku

Upacara Tradisi Jawa Kaca 4


kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang njelasake tumindak khitanan utawa sunat iku bageyan saka
ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah rosul (mangsa baliq).

Ing pandhudhuk asring kasebut dening mangsa tumuju kadewasa utawa ing donya kasehatan bisa uga
kasebut mangsa pangubahan estetika utawa seksualitas. Sunat pada laki-laki diwajibkan pada agama Islam
dan Yahudi. Praktik iki uga ana ing warga Korea Selatan, Amerika, lan Filipina.

5. Mendhem Ari-Ari

Mendhem Ari-Ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning
dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih
ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).

Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari
dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar
lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan
penguburan kendhi kudu ning sisih tengen pintu utama omah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung
bayi.

6. Munggah Wuwungan

Munggah Wuwungan iku salah sijining upacara adat sing


diselenggara'ake bubar wuwungan dibangun/diadhek'ake neng
proses mbangun umah. Istilah munggah wuwungan iki kadhang
diarani munggah gendeng. Upacara iki diselenggara'ake wektu
rangka wuwungan wis dadi ning gendeng urung dipasang. Upacara
adat iki uga dikenal neng dhaerah-dhaerah liya neng Nusantara.

Upacara iki sejatine upacara kanggo syukuran merga seneng umah sing dibangun wis nduwe
wuwungan dadi sedela maneh wis isa dipanggoni lan ora bakalan kudhanan lan kepanasan. Puncak acarane
yaiku kendhuren, utamane kanggo tukang-tukang sing mbangun umah lan tangga-tangga cedhak umah sing
dibangun. Acara ditutup karo ndonga bareng sing dipimpin ulama. Biasane acara kendhuren munggah
wuwungan iki diselenggara'ake awan utawa bubar shalet dhuhur, dadi seliyane kanggo mangan awan
tukang-tukange uga jamaah lan ulama sing metu saka masjid utawa langgar isa langsung melu lan baline
nggawa tentengan besek.

Sesajen iki disiapake kanggo digantung neng salahsiji kayu neng wuwungan. Sing ora digantung mung
bendhera abang putih sing dipasang nganggo galah sing dawane sedeng (ora patiya dawa), sing isa katon
saka omah tangga-tanggane. Sesajen sing kudhu disiapake : Gedhang setandan; Tebu ireng sewit; Pari
secukupe; Kelapa seiji uga bendhera.

Upacara Tradisi Jawa Kaca 5


7. Ngupat

Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4
sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Ancas upacara adat iki kanggo
kaslametan calon bayi lan ibun utawa kanggo sing sifat tolak bala dadi padha karo upacara adat
mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mtng liyan yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati,
kupat iki uga disertakak ing besek sing digawa bali undangan sing hadir.

Ngupat sejatin kanggo pralambang yn jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses
pangriptane manungsa. Upacara adat ngupat kudu diselenggarakak ning dina sing apik miturut petungan
dina Jawa.

8. Nyadran

Nyadran iku salah siji prossi adat budhaya Jawa awujud


kagiyatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik
makam leluhur, masak panganan tertamtu kaya dn apem, ater-
ater lan slametan utawa kendhuri. Jeneng nyadran iki asal saka
tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. PJ
Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakak bab upacara
sraddha kanggo mngeti sdan Tribhuwana Tungga Dwi ana ing
taun 1350. Upacara sraddha minangka pngetan raja-raja sng ws puput yuswa uga sinebut ing kidung
Banawa Sekar, nganggo uba ramp wujud baita (prau) sng digaw saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi
nyadran pranyata ws lumaku wiwt jaman Majapaht nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur ish lestari
lan dipepetri dnng masarakat, mligin ing tlatah padsan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwni surasa utawa
wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan lng marang leluhur.

9. Pangantnan

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara


sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rang keyanupacara lan
tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten
kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan
raja lan ratu.

Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi
penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu
kaluarga penganten kakung.

Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga
diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane. Upacara-upacara penganten adat Jawa
antarane :

a. Lamaran

Upacara Tradisi Jawa Kaca 6


Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon
penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine
didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo
nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta
penganten.

b. Siraman

Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara
iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon
manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng
taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane
uga pemaes.

c. Midodaren

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para
widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara
utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka
kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing
ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben
dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

d. Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing
bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan
pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape
pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

e. Ijab Kabul

Upacara Panggih, Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing
acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing
tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten
kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur,
Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

Upacara Balangan Suruh, Upacara Balang Suruh minongko perlambang sih katresnan lan
kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

Upacara Wiji Dadi, Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko
perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

Upacara Tradisi Jawa Kaca 7


Pupuk, Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas
nompo dadi bageane kulawargo.

Sinduran, Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten
sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

Timbang, Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.

Kacar-Kucur, Kacar-Kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

Dahar Klimah, Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten
sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

Mertui, Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep
omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

Sungkeman, Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

Kenduren utawa Resepsi, Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga
kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan,
selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan
penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

10. Puputan Bayi

Salah sijine tradhisi Jawa sing isih ngrembaka yaiku Puputan


Bayi utawa Pupak Puser. Upacara iki sejatine nduweni makna tali
puser bayi puput. Dadi, upacara iki dianakake wektu bubar pupute
tali puser saka udhele bayi. Upacara puputan nduweni ancas
wujud syukur marang Gusti Allah, mliginee kanggo wong tuwane si
bayi lan nduweni pangajab supaya bayi diparingi kaslametan.

Upacara iki prayogane dianakake acara kendhurenan, bancakan, lan aweh jeneng marang bayi.
Puputan kaperang dadi, 2 yaiku :

a. Golongan Piyayi (Bangsawan)

Ubarampene slametan yaiku : sega gudangan, jenang abang putik, bubur werna lima, jajan pasar,
sega tumpeng cilik kang dituncepi lombok abang lan bawang abang, sega golong.

b. Golongan Rakyat Biyasa

Ubarampene slametan yaiku : tumpeng sega gurih salawuhe, sega tumpeng among-among, sega
golong, jenang abang putih, jenang boro-boro.

Bayi sing wis puput pusere mau diadusi dening dukun bayi, banjur didandani kaya patrape bayi,
dienggoni klambi sing apik lan dibedhong nganggo ledhang utawa kain. Banjur diturokake ing wadhah
(nampan) kang dilemeki beras sarta kain kang empuk. Nalika sanak kadang lan tangga teparo wis padha
kumpul, bayi mau genten-genten diemban dening para sedulur lan para tamu urut saka sing paling tuwa.
Menawa bayi wis wahing lagi oleh diselehake utawa diturokake ing kasur.

Upacara Tradisi Jawa Kaca 8


Saperangan uwong ana sing ora nganggo puputan, ananging ana uga sing selepanan. Upacara
selapanan yaiku upacara slametan bayi kang katindakake menawa bay iwis umur 35 dina digathukake karo
weton utawa dina pasaran nalika bayi lahir. Selapenan dianakake bar maghrib lan ditekani dening wong
tuwane bayi, dukun bayi, sanak kadang, lan tengga teparo.

11. Sedhekah Bumi

Sedhekah Bumi, punika sami kaliyan sedhekah laut minangka


wujud raos puji panuwun kagem Gusti ingkang Maha Agung
ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang ingkang
mulya. Sedhekah bumi biasanipun dipunwontenaken sasampunipun
pann wonten satunggaling dsa.

Dsa-dsa ingkang biasanipun ngawontenaken sedhekah bumi


utawi gas dsa punika dsa-dsa wonten kabupatn Blora. Kabupatn Blora punika salah satunggaling
kabupatn ingkang wonten Jawi Tengah.

Biasanipun sedhekah bumi punika saben dharah bnten-bnten paleksanaanipun miturut


penanggalan Jawi. Tuladhanipun ing dsa Randublatung, sedhekah bumi dipunwontenaken saben dinten
pasaran Rebo pon, ing dsa Sawahan saben dinten Jemuwah legi, lan saben dsa kagungan dinten
piyambak-piyambak.

Wonten ubarampe ingkang kedah dipunsiapaken kangg bancaan, kadosta jajan pasar, pasung,
dumbeg, tumpeng jajan pasar lan sanesipun. Saksampunipun siap, ubaramp punika dipunbekta lan
dipunkempalaken dados satunggal wonten panggnan ingkang biasanipun dipun anggep panggnan ingkang
dados cikal bakal dsa punika. Saksampunipun dipundongani ubaramp utawi bancaan ingkang kathah wau
dados rebutan warga dsa ingkang wonten papan panggnan bancaan sedhekah bumi punika. Acara punika
dipunsambung kaliyan hiburan rakyat kados barongan, kethoprak, seni tayub, campursari, utawi wayang
kulit.

Jajan-jajan ingkang biasanipun diagem inggih punika inggih : dumbeg (bahan glepung ketan, gula
krambil, santen, dibungkus ngagem blarak arn); pasung (bahan glepung beras dipun kukus); apem (bahan
glepung beras); jadah (bahan beras ketan, krambil, didheplok-ditutu); tap ketan bungkusan godhong
gedhang. Punika jajanan ingkang biasanipun diagem kanggg ubaramp bancaan sedhekah bumi.
Sansipun jajan inggih wonten sekul tumpengan, lan pitik ingkung (pitik bakar wutuh), bnten dsa
bnten masakan.

12. Sekatn

Sekatn (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong


kalimat sahadat) yaiku salah sawijining upacara adat minangka
wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah sing
dilaksanakak saben sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo
meringati lahir Nabi Muhammad SAW. Jaman mbiyn upacara iki
dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton
Ngayogyakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu Agama Islam.

Ing upacara Sekatn iku rangkaian adicara sing paling ditunggu yaiku metun gamelan keraton Nyai
Nagawilaga lan Nyai Gunturmadu kanggo diunake ing Pagongan Mesjid Gedh Kraton Ngayogyakarta.

Upacara Tradisi Jawa Kaca 9


Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti marang Mesjid Gedh banjur kanggo ditabuh seminggu suwn
lan disiarak nganti dalan Malioboro sangga nambah suasana budhaya Kutha Yogyakarta. Puncak adicara
Sekatn ditandhai kanthi metun sejumlah gunungan sing disebut Grebeg Mulud, sing dhasar
nggambarak sedhekahing para raja marang rakyat lan nyimbolak kasejahteraan.

Parayaan Sekatn dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi pntas wayang kulit ing pagelaran
Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing adicara Sekatn uga digaw panggung kesenian sing nggelar
festival seni tradisi lan religi, lan dianakak serangkaian kegiatan konomi sing diwujudke kanthi pasar
rakyat utawa disebut Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) sing digelar suwn 40 dina.

13. Surtanah

Surtanah utawa Bedhah Bumi iku upacara sing


diselenggaraake sak bubare acara nyarkak layon (jenazah).
Tujuan kanggo ngirim donga supaya arwah utawa roh wong kang
sda iku ntuk pangapura dning Ingkang Maha Kuwasa.

Upacara surtanah iki karantam kanthi sederhana. Sing teka


biasane sedulur, tangga teparo, uga ulama. Sak liyane dedonga
uga bisa dibacutake nganggo acara tahlilan sing lan ngaji bebarengan.

Ora ana uleman utawa undangan khusus kanggo acara iki nanging umume tangga teparo lan sanak
kadang teka sinambi nggawa bahan-bahan pangan, kayata beras, endhog, bahan kanggo njangan, gula,
kopi utawa dhuwit lan liyane. Kaya mengkono mau mujudake pambiyantu lan ngentengake bot repote
kulawarga sing nembe nandang sungkawa utawa kesripahan.

Inti acara surtanah lan upacara adat kesripahan liyane yaiku ndedonga, utamane sing ndonga yaiku
anak-anake sing seda, sanak kadang, kanca, tangga teparo, utawa sapa wae sing gelem melu ndonga. Ora
ana acara kendhurn, yn ana pasugatan sing disuguhak iku mung sak anan. Bisa uga yn kulawarga sing
kesripahan pengin sodaqoh upaman nggaw panganan sing rada akh utawa nyiapak bsk kanggo
diaturake sing pada rawuh, nanging bab besekan iku mau ora wajib. Sing apik lan dianjurak malah wong
liya (tangga, kanca lan liyan) nggawa bantuan kanggo kaluwarga sing kesripahan.

14. Tedhak Sitn

Tedhak Sitn utawa Tedhak Siti iku salah siji upacara adat
Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing
dharah liya ing Nuswantara uga ana, conton sing diarani upacara
injak tanah ing dharah Jakarta dning suku Betawi utawa uga ana
sing ngarani mudhun lemah lan udhun-udhunan.

Tedhak sitn iku asal saka tembung tedhak, idhak utawa


mudhun lan sitn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing
siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakak yn umur bocah wis 7 selapan utawa
245 dina (7 x 35 = 245).

Upacara Tedhak sitn dianakak amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yn lemah kuwi nduwni
makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadyan sing ora becik, mula dianakak upacara

Upacara Tradisi Jawa Kaca 10


ngenalak putra-putrin marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki,
luwih becik miturut weton.

15. Tingkeban

Upacara Tingkeban, ugi dipunwastani Mitoni. Mitoni saking tembung pitu


ingkang ateges angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi
kandhutanipun priyantun estri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nemb
ngandhut sepisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi
masarakat Jawa. Ancasipun kagem nepangaken bilih pendhidhikan punika
dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa.
Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang asipat sa ingkang
kedah dipunlaksanakaken dening biyungipun saha kedah nebihaken saking
perkawis ingkang boten sa. Punika mengku teges supados putra ingkang
badh dipunlairaken dados putra ingkang sa. Wonten ing upacara kasebat,
biyung ingkang nemb ngandhut pitung sasi dipunsiram ngangg toya sekar setaman ingkang dipunparingi
dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun
dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun sangga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet
tanpa wonten alangan satunggal punapa.

Upacara tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo utawi setu ing
tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih menawi upacara tingkeban
dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badh dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar sangga
saged dados lar ingkang pinter. Wekdal kangge ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing wanci 09.00-
11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka simbol wontenipun
kekareman ingkang suci saha resik saking pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing
pukul 15.00 - 16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing
bumi kagem siram.

Sapranganing pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kangg upacara tingkeban ing antawisipun
1 mja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun dipuntutup malih kaliyan bangun
tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawi lentrek, ron dhadhap serep, ron
kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala wau kangg lambaran menawi saweg nyirami. Pirantos
sansipun ingkang dipunbetahaken inggih punika : Bokor (dipunisi toya sekar setaman kangg upacara
siraman); Bathok (kangg cidhuk ing upacara siraman; Boreh (kangg ganosipun sabun ing upacara
siraman); Kendhi (kangg nyirami ingkang kaping pungkasan); Lap andhuk; Kalih setengah meter kain
pethak; Tigan ayam kampong setunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing.

Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih mter law, rasukan dalam, kebaya 7
potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stagn. Dn busana ingkang
dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kangg
calon ibu boten pareng ngangg perhiasan.

Sesajn Tingkeban : Tumpeng Robyong (kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungorng; Ayam
Bekakah 1 pasang (ayam ingkung); Bubur pethak 1 piring; Bubur sengkala 1 piring; Bubur abrit 1 piring;
Pnyon / Plrt 1 piring; Ketupat lepet (naming kangg sarat kemawon); Menka warna who-wohan; Jajan
pasar saha pala kependhem; Arang-arang kembang 1 gelas; Dhawet ayu.

Upacara Tradisi Jawa Kaca 11

Anda mungkin juga menyukai