OLEH :
Fitria Ramadhani ( XI IPS 2 / 12 )
BAB I
PAMBUKA
BAB II
ISI
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa
meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala.
Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong
Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi
kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-
urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon
bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang
(janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara
siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu
dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan
nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening
calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan
benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku
kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina
Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.
Tata Carane
Masarakat Jawa tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi. Apa maneh kang gegayutan karo sangkan
paraning manungsa. Wiwit manungsa ana njero kandhutan nganti manungsa surut ing kaseban jati,
tansah diiring kanthi adat tradhisi kang digelar ing wayah tartamtu.
Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining wanita lagi ngandhut duwe pangajab
supaya ibu lan anak utawa wiji dadi kang dikandhut tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane,
bayi kang dilairake mbesuke bisa antuk kabegjan uripe.
Maneka tatacara dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana wilujengan utawa selametan
nigang wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung sasi kang disebut mitoni, sarta sangang sasi
kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo, kanggo njaga supaya
jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan nganti wancine lair, wong Jawa ngleksanakake maneka
warna wilujengan. Maneka upacara tradhisi lumrah dilakoni jroning cakra manggilingan uripe ma-
nungsa Jawa nalika wanita lagi ngandhut wiwit umur kandhutan sesasi nganti sangang sasi.
“Dene nalika umur kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara slametan kang disebut mitoni
utawa tingkeban. Mitoni iki dilakoni dening wong Jawa mligine nalika wanita lagi ngandhut kang ka-
pisan utawa mbobot tembean,” ujare Prasetyo, ing andharane jroning sawijining pirembugan ing
FSSR, sawetara wektu kapungkur.
Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani
dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan, je-
nang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang ka-
gangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong
kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, kru-
puk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis
kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem conthong.
Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure
disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanaka-
ke nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11,
13 lan 15). “Upacara mitoni utawa tingkeban diadani jalaran nurut kaprecayane wong Jawa, bayi ing
kandhutan nalika umur pitung wulan wis diparingi nyawa dening Pangeran. Dene ritual baku jroning
upacara mitoni yakuwi siraman lan ganti busana nganti kaping pitu,” ujare Prasetyo.
Tradisional Jawa tradisi pitung sasi ( tingkeban / mitoni ) yaiku bagean saka karakter Jawa sing wis
teges filsafat ing urip. Tradisi kombinasi apik Hindu Wedjangan , malah Jawa Islam minangka agama
professed dening mayoritas Jawa Sidomulyo desa. Nanging, minangka asil saka penulis sinau, tradisi
iki selaras karo nilai sing mulang ing agama Islam, kang panjalukan Allah. supaya tumindak safety
lan begja liwat sakti ( penjernihan proses ) saka macem-macem rereget lan reregetan dosa sing wis
rampung.
Ing paling banget , tradisi iki anyumanggakakên ing angka sing filsafat gesang , antarane liyane iku :
pisanan, ing supaya ngreksa tradhisi leluhure njaluk safety . Iki mesthi nduweni rega khusus amarga
luwih dijogo sing kasugihan saka ngurmati budaya ing urip. Ing ushul Qaeda fikh kasebut " al-
muhafazhah ' Ala al- Salih qadim , Wal ahdzu jadidi bil al- ashlih " ( sing dijogo apik lawas tradhisi ,
lan tradhisi anyar lan njupuk luwih ). Kapindho, njaga imbangan , harmoni, begja , lan safety
( slamet , ora ono panalangin by apo - panalangin by apo ). Katelu, masyarakat Jawa karakter
associative pikiran. Papat , proses timer penjernihan ( tazkiyatun nafsi ) nalika pleading kanggo Allah.