Anda di halaman 1dari 11

Rahardian Gusta P (IXG / 19)

BAHAS
A JAWA

UPACARA ADAT JAWA TENGAH

WETENGAN
Nalika Jabang Bayi Isih ana Jroning Kandhutan

Ngupati
Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara'ake
wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4)
utawa kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune
utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing
radha bedha karo upacara adat mtng liyane yaiku ana sajian kupat neng
kendhuren ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali
undangan sing hadir.

Makna
Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap
kaping papat neng proses penciptaan menungsa.

Wektu

Upacara adat ngupat kudhu diselenggara'ake neng dina sing apik miturut
etungan dina Jawa.

Tujuane
Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa
kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha
bedha karo upacara adat mtng liyane yaiku ana sajian kupat
neng kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakake neng besek sing digawa
bali undangan sing hadir. Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang
bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa.

Ngliman
Ngliman iku salahsijining upacara adat wtngan sing
diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman"
asale saka tembung lima (5). Tujuane upacara adat iki padha karo
ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa
kanggo sing sifate tolak bala.
Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah
tinentu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah
uga dikenal neng masyarakat Nusantara.

Mitoni

Mitoni iku asale saka tembung


pitu
(7).
Upacara
adat
iki
diselenggara'ake wektu calon ibu
meteng 7 sasi, tujuane kanggo
keslametan calon bayi lan ibune
utawa kanggo sing sifate tolak bala.
Neng dhaerah tinentu, upacara iki
uga

diarani tingkeban.

Makna
Jabang bayi umur 7 sasi iku wis
nduw raga sing sampurna. Dadi miturut
pengertian wong Jawa, wtngan umur 7
sasi iki proses penciptaan menungsa iku
wis nyata lan sempurna neng sasi
kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.

Rangkeyan acara
Rangkaian acara kanggo upacara
mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati, urut-urutane yaiku siraman,
nglebo'ake endhog pitik kampung neng
jero kain calon ibu dening calon bapak,
salin rasukan, brojolan (nglebo'ake
kelapa gading enom), memutus lawe
utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog
lan terakhir kendhuren.
Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.

Wektu
Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sin

Kelairan
Nalika Jabang Bayi Wis Lahir
Mendhem ari-ari

Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum


diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya.
Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng
jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing
(mbingmbing.
Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat
utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga
misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir)
kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki
dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).

Tata carane:
Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok
kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe
banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus
kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi
penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu
utama umah.
Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.

Brokohan

Brokohan iku salah sijining upacara adat Jawa kanggo nyambut


kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan
sukacita
amarga
proses
klairan
iku
slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing
maknane ngarepake berkah.

Tujuane:
Upacara brokohan tujuane kanggo keslametan proses kelairan uga
perlindungan kanggo bayi lan kanggo harapan bayi sing lair isa dadi
bocah sing apik perilakune.

Rangkeyan upacara
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing dilanjutake bagi-bagi
sesajen brokohan kanggo sedulur lan tangga.

Sepasaran

Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5
dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake sederhana ning yen
bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha
meriah. Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan
ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume
wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo
ditentengan mulih.

Aqeqah

Aqeqah meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah


piyambak meniko gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi
ingkang nembe lahir, lan aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah
meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba kange
bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken
mendho kalih (2), manawi dingge bayi putri dipotongaken mendho
setunggal (1).
Aqeqah meniko diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak. Aqeqah wonten
urutanipun inggih meniko :
1. Mendhem ari ari. Wong tuo bayi kuwi kang wajib nandur ari ari mau. Sebabe ari
ari kuwi penting kanggo si bayi. Ari ari dikumbah lan dibungkus nganggo kain lan
ditandur.
2. Ngazani lan ngomati bayi kang lahir.
3. Ndongake anak
4. Menehi jenenge anak nganggo jeneng sing apik amarga jenenge gambarke harapane
wong tuwane marang anak kuwi.
5. Nyembelih kewan kanggo aqeqah.

Puputan

Puputan utawa pupak puser, iku sejatin nduw makna tali puser
bayi puput. Dadi upacara iki dianakak wektu utawa bubar puput tali
puser saka udhel bayi.

Slametan
Biasan ana acara slametan ing upacara puputan iki, acaran yaiku kendhuren, bancakan
lan awh jeneng bayi. Upacara iki apik yn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
5

Tedhak siten

Tedhak siten iku salah sijine upacara adat kanggo bocah kang umure
wis 7 wulan. Upacara iki nang dhaerah liya neng Nusantara uga ana
misale sing diarani upacara injak tanah neng dhaerah Jakarta (suku
Betawi} utawa uga ana sing ngarani
mudhun lemah. Tedhak siten iku
asale saka tembung tedhak utawa
idhak lan siten (saka tembung siti)
utawa lemah (bumi). Upacara iki
kanggo perlambang bocah sing siapsiap njalani urip liwat tuntunan
wongtua lan diselenggara'ake yen
umur bocah wis 7 selapan utawa 245
dina (7 x 35 = 245).

Urutan prosesi

Tedhak sega pitung warna

Mudhun tangga tebu

Ceker-ceker

Kurungan

Sebar udik-udik

Siraman

Pangantnan adat Jawa

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara


sakral adat Jawa sing nduw rangkeyan-rangkeyan upacara lan
tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan
penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake
dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalm
penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa
tuan umah yaiku wong tua utawa kaluarga penganten putri
ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku
seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai
kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten ing adat Jawa antarane:

a.

Lamaran
7

Upacara lamaran iku upacara kanggo nerima kaluarga calon


penganten kakung neng dalm calon penganten putri.
Upacara iki dadi tanda yen wong tua utawa
kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan
urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake
dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara
lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

b.

Siraman

Acara siraman iku sejati upacara


perlambang kanggo
ngresi'ake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina
sedurung ijab kabullan dilako'ake
neng umah masing-masing calon
mante n, umume neng bagian
umah sing radha terbuka kaya neng
halaman mburi umah utawa
neng taman ngarepan umah. Sing
nyiram pertama biasane wong tua calon manten
banjur sedulur liyane uga pemaes.

c.

Midodaren

Tembung
midodaren
iku
asale
saka basa
Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia.
Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara
pengantenan
iku,
kabeh
para
widadari
mudhun
saka suwarga kanggo
aweh
pengestu
uga
kanggo
pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine
bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit
jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening
sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.

Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng


saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo
acara peningsetan lan srah srahan.

d.

Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung


nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo
ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe
iku beras, sayuran, pitik, jajan
pasar lan
liyo-liyane.
Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan
yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai
pas acara pesta penganten.

e.Ijab kabul

f. Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake
acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu
seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing
tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten
putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu
nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

g.

Upacara balangan suruh


9

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan


lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

h.

Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur


penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten
kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko
perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab
mring keluarga.

i. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu
kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane
kulawargo.

j. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur,
minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi
kulowargo.

k.

Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake


penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong
tuwo marang anak lan mantu soho besan.

l. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane
sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko
perlambang paweh nafkah.

m.

Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko


perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan
seneng kanthi bebarengan.

n.

Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane


penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak
neng acara resepsi.
10

o.

Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang


wong tuwa.

p.

Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan,


uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine
kagiatan iki nduwe maknaupacara selametan, selamet
merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung
diselenggaraake. Neng acara iki,
pasangan penganten nerima ucapan selamat
saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

11

Anda mungkin juga menyukai