Anda di halaman 1dari 33

WIWIT SAKDERENGIPUN LAIR

NGANTOS SAKSAMPUNIPUN
SEDA
 Patang wulanan (ngupati)
Tatacara nalika ibu ngandut telung wulan luwih, tandha syukur
dhumateng Gusti Murbeng dumadi kang paring kanugrahan calon
jabang bayi sampun slamet minulya ngantos sakmenika
 Mitoni
Tatacara nalika ibu ngandheg enem sasi langkung, sakderengipun
pitung wulan. Wujud syukur dhumatheng Gusti awit pinaringan bagas
waras ngantos sakmenika
 Procotan
Tatacara nalika ibu ngandheg sangang wulan, pangajab mugi saged
lairan kanthi slamet nir saking sambekala
Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing
dianakake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat"
asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Ancasé upacara
adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa
kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat
mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat ngandhut liyané
yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga
dikatutake ing besek sing digawa bali undangan sing rawuh.
wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pangertèné wong Jawa,wetenge
umur 7 sasi iki proses pangriptané manungsa iku wis nyata lan sampurna ing
sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati. Reroncèn acara utawi urut-urutané
yaiku :
 siraman,
 nglebokaké endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu déning calon
bapak,
 salin rasukan / kebaya lan jarit kaping 7
 brojolan (nglebokaké klapa gadhing enom),
 medhot lawé utawa lilitan benang (janur),
 mecahaké kendi sing digambari kumajaya kumaratih
 kendhurèn.
 Dodol dhawet kaliyan rujak, ingkang mundhut ngagem arta kreweng
 Acara siraman mung diadani kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut
adat Jawa mitoni iku kudu diadani ning dina sing temenan apik biasane
sabtu wage
 Damel jenang procotan, jenang saking

tepung beras dicampur gula jawa,


diwenehi gedhang raja utuhan.
 Pangajab mugi pikantuk gangsar, bagas

waras ibu lan jabang bayi nalika nglairke


TATACARA KELAIRAN

 Mendhem ari-ari
 Brokohan
 Sepasaran
 Aqeqahan
 Puputan
 selapanan
Mendhem ari-ari
 Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning
kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari
dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe
banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih
anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur
digendhong, dipayungi, digawa ning papan
penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning
sisih tengen pintu utama omah.
 Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
brokohan
 Brokohan utawa barokahan iku salah sijining upacara
adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat
iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga
proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku
"barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga
teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi
rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha
nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké
rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan
arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané.
Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki
ya iku Dhukun Bayi[1]. Sesajèn upacara sing dibutuhaké
yaiku:
 Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog
mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo
lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam,
kembang setaman, klapa lan beras.
 golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing
dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel
gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel
ayam.
 Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah
sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan
nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum
marang para tangga teparo
SEPASARAN
 Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5

dina. Upacara adat iki umume dianakake kanthi prasaja ning yen

bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki dianakake rada

gedhen.

Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.

 Sepasaran umum dianakake sore nganggo acara kenduren lan

ngundang sedulur uga tangga teparo. Suguhan sing ditokake umume

wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo sangu

mulih.
 Aqéqah punika asalipun saking basa Arab, ingkang
anggadhahi pangertosan nugel utawi motong [1].
Miturut istilah, aqéqah inggih punika mbeleh wedhus
wonten ing dinten kapitu saking dinten klairanipun
bayi, minangka raos sukur dhumateng Gusti Allah
SWT[2]. Ananging ugi wonten ingkang paring
pangertosan menawi aqéqah punika nugel rikma
ingkang wonten ing mustakanipun bayi ingkang
nembé lair. Kanggé bayi ingkang jaler
dipunbelèhaken wedhus kalih, manawi bayi ingkang
putri dipunbelèhaken wedhus setunggal.
Puputan
 Biasané ana acara slametan ing
upacara puputan iki, acarané yaiku
kendhuren, bancakan lan awèh jeneng
bayi. Upacara iki apik yèn
diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku:
 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega
gudanga, jenang abang putih, 5 werna
bubur, lan jajan pasar.
 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan,
jenang abang putih, lan jajan pasar.
 Dienekke nalika bayi umur 35 dina
 Dienekke bancakan ing wayah sore
TATACARA NALIKA BOCAH

 Tedhak Siten
 Tedhak sitèn iku asalé saka tembung
tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn
(saka tembung siti) utawa lemah (bumi).
Upacara iki kanggo perlambang bocah
sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan
wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur
bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35
= 245).
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh,
kayata:
 Pengaron sing diisi kembang setaman.
 Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané
anak isih sithik utawa ciut.
 Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning
kurungan kang nggambaraké suwèné urip,
manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah",
kayata:
 Pari sabengket
 Kapuk sabengket
 Piranti nulis
 Bokor kang diisi beras kuning
 Werna-werna jinis dhuwit
 "Perhiasan"
 Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning
kurungan.
 Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
 Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang
nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni
anak.
 Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning,
biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén
urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
 Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang
para tamu sing teka.
 Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah

pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna

sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné

urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko

mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

 Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu,

supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna

pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah

bawa kaya déné arjuna.


 Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki,

ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé


pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané,
dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning
anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan
mau.

 Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa

gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu


kembang sing kanggo acara siraman anak mau.
nyapih
 Nyapih asalipun saking tembung "sapih" ingkang

anggadhahi pangertosan pisah utawi misahaken.

Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara

adat Jawi ingkang ancasipun kangge nylameti

lare ingkang nembé mandhek nyusu ibunipun.


 Kupat ingkang dipun sigar lajeng dipun isi abon
wonten saktengahipun.
 Katul ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta
bal alit-alit, lajeng dipun dang.
 Kembang "borèh"
 7 Tumpeng alit
 Ron jati ingkang dipuntungkupaken
 Senthir ingkang dipunsélèhaken wonten
sakngandhaping ambén
 Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên pinggan
ingkang wonten toyanipun
 Ndog pitik mentah
 Ron gedhang ingkang dipun suwèk-suwèk lajeng
dipun tali kaliyan ndonga : "ora mbundheli godhong,
nanging mbundheli tutuké si jabang bayi". Ancasipun
supados bayi boten réwèl.
 Wanci ndalunipun, laré dipun beta wonten njabi griya,
lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang raja.
Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên
bubur ingkang dipun sadé dhateng laré-laré ingkang
"kreweng" minangka artanipun. "Kreweng" utawi
tugelan gendhèng, lajeng dipunkempalakeên, dipun
paringi kembang saha kemenyan lajeng dipun larung
wonten kali.
 Nalika bocah sampun badhe baligh

 Menawi putri kawastanan sunatan


 Uborampe Jampi

 Ketumbar, kayu legi, asem, beras, kencur, lan

kunir dipun mamah lajeng kasesep-sesep kaunjuk

toyanipun.
 Uborampe Sesaji  Gula klapa setangkep

 Tumpeng Sekul Janganan  Pisang ayu

 Jenang pethak abrit  Sekar telon

 Jajan pasar  Selo

 Inthuk-inthuk  Dammar

 Kembang setaman  Lawe

 Tumpeng gundhul  Kendhi


Tatacara Manten

 Tata urutan Badhe Mantu


 Tata urutaning gadhah damel Mantu
a. Kumbokarnan
b. Siraman
c. Midodareni
d. Pahargyan
Katrangan jangkep mangke nalika kelas XII
 Tilar/Seda
 Surtanah utawa bedhah bumi
 Nelung dina
 Mitung dina
 Matang puluh
 Nyatus
 Pendak pisan
 Pendak pindho
 Nyewu
MATURNUWUN
KAWIGATOSANIPUN

Anda mungkin juga menyukai