Anda di halaman 1dari 3

Nama:Triwik Damarjati

Guru Bahasa Jawa


SMAN 1 Yogyakarta
Jl.HOS.Cokroaminoto no.10 Yogyakarta
HP.081578744754

UPACARA AMBAL WARSA ING ADAT JAWA


Dening Triwik Damarjati
Ambal warsa inggih punika pengetan dinten klairan manungsa ingkang dados
pratandha wontenipun wiwitaipun panggesangan, ing saknjawining kandhutan.
Pengetan ambal warsa saged dipunpengeti kanthi ngawontenaken pahargyan (pesta)
pengetan ambal warsa jroning kulawarga utawi para sanak kadang lan tangga tepalih.
Pengetan ambal warsa saged dipunrayaaken kanthi pahargyan (pesta ageng) ananging
ugi saged kanthi upacara tradisional ( sinebat unik).Prosesi ambal warsa tradisional
inggih punika priyayi putri lumantar prosesi kirab (dipuntandhu), siram sekar setaman,
sungkem dhateng tiyang sepuh,kalajengaken pangkas tumpeng.
Ambal warsa ugi dipunrayaaken kanthi tirakatan lajeng dhahar sekul tumpeng utawi
gudhangan. Bancakan kadamel minangka ucap syukur awit sampun kaparingan
barokah.Bancakan saged ngraketaken karukunan antawisipun para warga.Bancakan ugi
wujudaken dana boga kangge sasami.Upacara pengetan tambahan yuswa tiyang gesang
miturut para winasis ing maneka warna sumber,inggih punika:
1. Bancakan bayi nembe lair, sinebat BROKOHAN. Brokohan utawi barokahan inggih
punika salahsawijing upacara adat Jawa kangge nyambut kelairan bayi. Barokohan
gadhah makna ngaturaken syukur awit kaberkahan wilujeng anggenipun lairan
Brokohan asal tembungipun saking basa Arab inggih punika "barokah" ingkang
maknanipun ngajeng-ajeng berkah. Tangga tepalih mliginipun para ibu sami rawuh
nyambangi kulawargi ingkang lairan saperlu ngaturaken raos ndherek bingah,
limrahipun kanthi ngasta bingkisan arupi wedhak, teh, gundhis,uwos lan
sapanunggilanipun. Slametan sepisanan kasebat brokohan, inggih punika sekul
tumpeng, uraban bumbu pedhes tandha si bayi kakung , gereh, jajanan pasar, bubur
abang-putih, jangan lodheh kluwih supados rejekinipun linuwih .
2. Bancakaan bayi umur 5 dinten, sinebat SEPASARAN BAYI. Bayi umur 5 (lima)
dinten dipunwontenaken slametan sepasaran.Bayi kaparingan nama sarta rambut
bayi dipuncukur (dipungunting) sekedhik.
3. Bancakan bayi umur 35 dinten, sinebat SELAPANAN BAYI. Sasampunipun uba rampe
dados, tiyang sepuh jabang bayi donga miturut agami.Donga kaajab supados jabang
bayi saged dados putra ingkang mikul dhuwur mendhem jero dhateng Tiyang Sepuh.
Slametan selapanan inggih punika bayi umur 35 dinten.Rikma bayi dipuncukur
resik, supados rikma bayi saged tuwuh ketel
4. Bancakan bayi umur 245 dinten, sinebat PITUNG LAPAN bayi (Asring
katindaaken Upacara Tedhak Siten).

1
5. Bancakan tiyang Jawa saben 35 dina,sinebat WETONAN. Weton minangka gabungan
siklus kalender surya kalihan sistem kalender Jawa ngemot 5 dinten ing satunggal
siklus, inggih punika pon, wage, kliwon, legi, paing.
6. Bancakan tiyang Jawa saben 12 wulan, sinebat pendhak taun (AMBAL
WARSA).Saperangan Tiyang Jawa mastani bancakan tiron.
7. Bancakan bocah nalika umur 8 taun sinebat SEWINDUNAN (Windon) Nama taun ing
Jawa naming wonten wolu inggih punika:
a. Taun ke-1 : Alip
b. Taun ke-2 : Ehe
c. Taun ke-3 : Jimawal
d. Taun ke-4 : Je
e. Taun ke-5 : Dal
f. Taun ke-6 : Be
g. Taun ke-7 : Wawu
h. Taun ke-8 : Jimakir

8. Bancakan tiyang Jawa nalika yuswa 32 taun sinebat TUMBUK ALIT


9. Bancaan tiyang Jawa nalika yuswa 64 taun sinebat TUMBUK AGENG

Upacara Tumbuk Ageng minangka rerangken pengetan ambal warsa (8 taunX8=64


taun). Tembung Tumbuk Ageng asalipun saking tembung 'tumbuk' lan 'ageng'.
Tumbuk.Tumbuk tegesipun tempuk utawa nyarengi, dan 'ageng' tegesipun agung
utawi ageng. UpacaraTumbuk Ageng kanthi climen (cilik-cilikan) utawi prasaja
(sederhana).
Kenduren malem pengetan upacara tumbuk ageng prasaja,migunaaken sesaji
sekul tumpeng, lawuh, pisang raja, unjukan, ayam sajodho, saperangkat ageman.
Upacara tumbuk ageng kaanggep rowa, migunaake sesaji, inggih punika:
Sekul tumpeng gunggung 64 warna-warni kelan jangan (sayur),lawuh,warna-warni
jenang,warna-warni unjukan,warna-warni ,buah-buahan,rujak,tigan ayam,wiji (uwos,
dhangsul, kacang, lsp),bumbu-bumbu (brambet, bawang, merica, ketumbar, lsp),warna-
warni Pacitan (nyamikan),ageman (kain, bahan klambi),woh-wohan,kewan (ingon-
ingon),perhiasan .
Rerangken Tatacara Upacara Tumbuk Ageng
Upacara tumbuk ageng limrahipun tibanipun ngepasi dinten weton,urut-urutanipun Upacara
Tumbuk Ageng, inggih punika:
a. Angon Putu
Upacara angon putu nalika wanci esuk angon putra,wayah,buyut saperlu mlampah-
mlampah lan blanja dhateng peken.Saged awujud pasar tiron inggih punika ndamel peken
alit-alitan ing pekarangan nggriya.

2
b. Congkongan
Wanci sonten pukul 15.00-16.00 dipuntindaaken upacara congkogan,inggih punika
Tiyang Sepuh ingkang dipuncongkogi dening putranipun cacah papat(dipunsangga ngangge
tebu wulung.Tebu wulung mralambangken antebing kalbu,wulung mralambangken golong-
gilig manah tansah sumarah konjuk ing purba wasesa Gusti Kang Akarya Jagad.Tiyang
ingkang dipuncongkogi ngadeg ing tengah latar dipunrubung putra,wayah lan buyut.
Sekawan putra ingkang nyongkog saking ngajeng,wingking,kiwa lan tengen.Menawi
putranipun wonten ingkang sampun seda saged dipungantos wayahipun.Sasampunipun
Tiyang Sepuh kalawau saged ngadeg kanthi tegen (jejeg),para putra wayah buyut sami
ngadeg adhep-adhepan saperlu mirengaken pitutur,nyenyuwun berkah pangestu.
Makna upacara congkogan inggih punika Tiyang Sepuh yuswa 64 taun nglenggana
menawi sampun suda sadayanipun.Inggih Punika kirang seger warasipun kathah ngelu
mulesipun,suda pangrungon,suda pamawas.Tiyang Sepuh saged dipunwastani ringkih
samubarangipun.Pramila Tiyang Sepuh betah panyengkuyung (congkog) putra wayahipun.
c. Andrawinan
Upacara andrawinan minangka upacara pungkasan ing rerangken upacara tumbuk
ageng. Upacara katutup kanthi pangkas tumpeng, nyebar udhik-udhik, paring
wasiat, sungkeman, dhahar kembul lan nanggap ringgit wacucal.Nanggap ringgit
wacucal saged kagantos kanthi maosaken riwayat wiwit lair dumugi yuswa 64
warsa.

Anda mungkin juga menyukai