Anda di halaman 1dari 11

MODUL

Mata Pelajaran : MULOK


Kelas : XI
Nama Guru : Reman

BAB I
PRANATA CARA (Pembawa Acara)
Struktur Teks Pranata cara

A. Pambuka (pembuka)
Sing diandharake dening Pranata cara
 Salam pambuka
 Atur pakurmatan marang sing padha rawuh
 Ngaturake rasa syukur marang Gusti Alloh
 Ngaturake panuwun marang sing padha rawuh
 Ngandharake (memberi tahu) karepe minangka dadi pranata acara

B. Rencana pokoke adicara


Bakune acara sing ditindhakake ing sawijining adi cara diandharake (dibacakan) Kanthi urut,
supaya sing duwe jejibahan (tugas) bias siap-siap

C. Panutup
 Ngaturake matur nuwun dene acara bias lumaku lancar (rancaq)
 Nyuwun pangopura manawa anggone mernata adicara ana kekurangane
 Salam (panutup)

Pranata cara (Pronoto adicara)

 Saben – saben ana sawijine acara, ana pawongan sing wigati tumrap gandhenge lumakune
adicara kasebut sing diarani “Pranata cara”
 Sing diarani Pranata cara yaiku : Sawijine paraga sing anduweni tugas lan tanggungg jawab
nglantarake lakune-lakune sawijine adicara
 Anane adicara diarani wigati jalaran lancar lan arane sawijine adicara dairani gumantung
marang kapinteran lan keprigelane adicara
 Yen kepingin dadi pranata cara, kudu golek ilmu lan kawruh ngenani pranata cara
 Pranata cara kudu nduweni lan kandungan 4W
1.wiraga 3.wirama
2.wicara 4.wiras

TULADHA
Pranata cara kanggo Adicara Perpisahan
(susunan acara untuk acara perpisahan)

Assalamualaikum wr.wb

Ingkang kula hormati, Bapak Kepala Sekolah, lan Bapak/ibu guru, bapak wali murud, para
rawuh undangan sedaya ingkang bahagia, lan rencang – rencang tunggil pawiyatan ingkang kula
tresnani.

Minangka bebukane atur, langkung rumiyin manga kita tansah ngaturaken puja lan puji
katur dumateng Gusti Allah SWT, ingkang paring kanugrahan arupi kesehatan lan wekdal, sehinga
kula lan panjenengan saget ngrawuhi undhangan wonten acara perpisahan kelas XII.

 Bapak-bapak, ibu guru para undangan lan rencang-rencang ing kang winantu wilujeng
 Kula jinejer minangka pranatacara keparenga ngaturaken menggah urutanipun adicara ingkang
sampun dipun susun kaliyan panitia adicara pepisahan kelas XII.
1. Adicara ingkang sepindah pambuka (pembukaan)
2. Adicara ingkang nomer kalih waosan Ayat suci Al-Quran

1
3. Wondene acara ingkang nomer tiga tangap wacana (sambutan) sangking
a) Ketua panitiya
b) Wakil kelas XII
c) Wakil kelas X lan XI
d) Bapak kelpa sekolah
e) Bapak wali murid
f) Pandunga (do’a)
g) Sarampungane do’a, acaranipun bebas, makan lan hiburan

Nekaten susunan adicara ingkang badhe kelampahan wonten ing adicara perpisahan ing dinten
menika.

 Bapak/ibu guru, para undhangan lan rencang-rencang ingkang bahagian, murik acara saget
berjalan lancar sumangga acara dipun bikak kanthi waosan Surat Al-Fatihah
 Salajengipun ngancik acara ingkang nomer kalih ingguh menika waosan Ayat suci Al-Quran
wekdal kula aturaken……..
 Wekatan kula wau waosan Ayat suci Al-Quran mugi-mugi saget mbekta berkah lan manfaat
dateng kita sedaya
 Wondene adicara salajengipun inngih punika tanggap wacana (sambutan)
 Tanggap wacana sepindah sangking ketua panitia, wekdal kula aturaken………

Nekaten tanggap wacana sangking panitiya

 Salajengipun tanggap wacana sangking wakil kelas XII

Nekaten andharan sangking wakil kelas XII isinipun pamit dateng panjenengan sedaya

 Salajengiun sambutan saking wakil kelas X lan XI ingkan ndongakaken dateng kelas XII
 Adicara salajengipun tanggapa warsa (sambutan) saking Bapak Kepala Sekolah, awujud
dhawuh, nasehat, piweling, dateng siswa kelas XII lan ngwangsulaken siswa kelas XII
dateng wali murid
 Lan salajegipun wali murid nampi putra-putra nipun ingkang sampun rampung pados ilmu
 Minangka panutupe adicara inggih punika do’a, dipun pimpin kaliyan……
 Wondene acara (adicara) salajengipun bebas lan hiburan

Kula minangka pranata adicara, anggep kula nglantaraken (menyampaikan) adicara, purwa, madya
lan wasana (wiwitan nganti rampung) mbok bilih wonten kekirangan lan keklintuan kulo nyuwun
agunge samodra pangaksame wisana kula pungkasi Wasalamualaikum wr.wb

2
BAB 2

SESORAH

1. Sesorah (pidato) utawa pamedar sabda


Sesorah yaiku rembugan ana ing pangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijine gagasan.
Uraiane sesorah utawa medhar sabda diperang dadi pirang-pirang werna
a. Homedhar pangandikon sing mratelakake informasi (kabar)
b. Hemedar pangandikan sing awujud (hiburan)
c. Hamedar pangandikan sing asifat marik marang para pamiyarsa

2. Struktur teks sesorah utawa pamedar sabda


a. Pambuka (pembukaan)
Sing kudu di kandhakake (diandharake) dening pamedar sabda
 Salam pambuka
 Atur pakurmatan marang sing pada rawuh
 Ngaturaken rasa syukur marang Gusti Allah
 Ngaturaken matur nuwun marang wong sing rawuh
 Ngandharaken karep jrone medhar sabda

b. Isi
Isi mujudake perangan penting jrone medhar sabda utawa pidato.
Tujuane wong medhar sabda :
 Kanggo menehi ular-ular utawa pitutur
 Kanggo menehi pangari bawa marang wong sing ngrungokake
 Kanggo menehi pitutur
 Kanggo njelasake tujuan acara

c. Panutup
Sing diandharake (dikandhakake) ing panutup :
 Gawe kesimpulan
 Pangarep arep (harapan)
 Matur nuwun atas perhatiane
 Njaluk pangapura manawa ana kekurangan lan kekeliruan olehe ngomong
 Salam panutup

3. Patrapane nalika sesorah


Sikap sing kurang narik :
 Ngadeg sikil siji
 Sikil mbegagah
 Ora nggatekake tamu
 Sendhen mimbar
 Kaku/spaneng

4. Owah-owahane wajah (rai)


 Ngguyu digawe-gawe
 Mesem digawe-gawe
 Mbesengut
 Ndhingkluk gugup
 Gugup

5. Owah-owahane awak
 Mbandotangan
 Kukur-kukur
 Ngrepek
 Tangan ing njerone sak clana
3
6. Teknik maca sesorah
 Anteng ngadeg jejeg
 Basa sing digawe gampang dingerteni
 Nggatekake tema, wektu, panggonan

Sesorah basa jawa biasane tinulis nganggo basa krama alus.

Tuladha :

1. Katur dumateng para sesepuh ingkang kula bekteni


2. Ingkang kagungan kersa minangka bapak wiyana
3. Kula badhe nyuwun pirsa menapa tamunipun sampun rawuh sedaya
4. Undhangan menika dipun utaraken datheng bulik
5. Keparenga kula ngaturaken ingkang dados jejibakan kula

Tuladha : Tanggap wacana (sambutan) irone adicara khitanan

Assalamualaikum Wr.Wb

Para pinisepuh saka sesepuh ingkang kulo bekteni. Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh lan
para undangan ingkang kulo hormati. Sedaya puja lan puji syukur wonten ngarsonipun Gusti Allah,
ingkang sampun paring kanugrahan arupi kesehatan lan wekdal, sehingga kula lan panjenengan
saget ngrawuhi undangan wonten palenggahan punika.

Kula minangka sesulihipun Bapak Hadi, Keparenga kula ngaturaken jejibahan kula.
Lumantar kula Bapak Hadi matur nuwun ingkang katha awit sangking rawuh panjenengan sedaya.

Para rawuh ingkang bahagia, Pramila sedaya kasuwun rawuh mriki, inggih menika seperlu
kasuwun berkahipun pangestu, datheng putra kakungipun ingkakng nami “Amir” ingkang badhe
dipun khitamaken.

Mugi-mugi kanthi paringanipun berkah pangestu, putra ingkang dipun khitamaken,


kaparingan rahayu wilujeng, lan segeda dados putra ingkang soleh, lan migunani datheng nusa,
bangsa lan agama.

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati Bapak Hadi matur nuwun dumateng sedaya
ingkang sampun paring bantuan atas terlaksananipun acara punika, mugi-mugi kesaenan
panjenengan dipun gantos ganjaran saking ngarsanipung Gusti Allah.

Pungkasanipun Bapak Hadi sekaliyan nyuwun pangapunten bok blih anggenipun nampi
rawuh panjenengan sedaya wonten kekirangan lan keklintuanipun.

Nekaten kula minangka wakil saking Bapak Hadi mbok bilih anggen kula nanggapi lan atur
ingkang mranani panggalih, keparenga paring pangapunten ingkang saageng-agengipun,matur
nuwun.

Wasalamualaikum Wr.Wb.

4
BAB 3
DRAMA

A. Drama mujudake tetiron penguripan sing dialami dening manungsa jrone urip ing bebrayan.
Panguripane manungsa ing alam dunya kuwi mujudake lelakon sing di peragakake jrone
pagelaran drama jalaran ing pagelaran drama iku ngaambarake lelakone uripe manungsa ing
masyarakat. Yen awake dhewe nonton pagelaran drama ateges awake dhewe nonton gegambaran
lelakone uripe manungsa.

Pagelaran drama kena kanggo conto utawa tuntunan lan patuladhan panguripan lumantaran
apa sing di peragakake dening saben-saben paraga (tokoh). Para paraga sing main drama mung
mragakake perane dhewe-dhewe, kang mujudake gambaran lelakone panguripane manungsa ing
masyarakat.

Apa sing ditindakake dening saben tokoh ora temenan. Supaya bias dadi aktor apa artis lan
bias main drama kanthi becik kudu latihan lan memahami main drama lan ilmune.

B. STRUKTUR DRAMA

Struktur drama ana 6 :


1. Plot, utawa alur.
Plot mujudake gandhengane crita/konflik para paraga saka wiwitan nganti pungkasan.
Lumakune crita/konflik tansah dumadi saka anane sebab akibat jrone konflik kang tumuju
marang klimaks/parah banjur dirampungake anane penyelesaian rerangkening crita(plot)
biasane diwujudake jrone babak lan adegan.

2. Pawatakan paraga (tokoh)


 Wewatakan saben paraga jrone drama diarani pawatakan.
 Wewatakane paraga jrone drama bias dideleng saka ngomongane (dialog) tindak tandhuke.
Adhedhasor lakune crita ana paraga
Protagonis = pelakune sing tumindak apik
Antagonis = pelaku sing nentang
Tritagonist = pelaku pemirsah

Dene adhedhasore lakon lan fungsine jrone crita ana pelaku utamalan pelaku pembantu

3. Pacelaton utawa dialog


Ciri khase teks drama dumunung ing dialoke utawa pacelatone. Jinise basa sing digunakake
basa komunitatif

4. Setting utawa latar


Setting utawa latar mujudake gegambaran panggonan dumadine crita, wektu, lan swaona
utawa kahanan dumadine crita. Setting kagambarake kanthi nyata jrone saben adegan.

5. Tema utawa underan


Tema mujudake bakune gagasan jrone crita drama. Tema karep diarani lakon. Tema sifate
kudu objektif.

6. Pesan lan amanat


Amanat mujudake piwulang utawa tuntunan budi pakarti kang kinandhut ing jrone drama.
Amanat tansah gegayutan makna.

Tuladha teks drama


Bu Sulis : (Nyeluk). Parinem mrenea, par.
Parinem : (Nyedak).”Dalem, Bu”
Bu Sulis : Kowe saiki sowana menyang pak Kusuma ya, Par.
Parinem : Kok wongsal-wangsul dipun utus sowan dtheng pak Kusuma, wonten perlu
Punapa.
Bu Sulis : Wista, mronoa iki ketoke ana bab wigati maneh, Par.”
Parinem : Nyaosaken arta malih menapa?
Bu Sulis : Ha, iki mau aku mentas nampa sms saka Andri, jarene laptope rusak. Arep
didandakake, nanging ora nduwe dhuwit
5
Tembung Rangkep (kata ulang)

Tembung rangkep yaiku tembung sing ditulis utawa diucapake kaping pindo.

 Tembung rangkep di perang dadi 4.

1. Dwi lingga
Tembung lingga sing diunekake kaping pindho.
Tuladha :
Omah-omah, rencang-rencang, golek-golek

2. Dwi lingga saling swara


Tembung lingga sing diunekne kaping pindho nanging ana swarane sing owah.
Tuladha :
Bolak-balik, mrana-mrene, gonta-ganti.

3. Dwi purwa
Tembung rangkep sing pangrimbage wanda ngarep sing dirangkep.
Tuladha :
Rerasanan, tetuku, lelungan, tetanggan

4. Dwi wasona
Tembung rangkep sing pangrimbage wanda mburi sing rangkep.
Tuladha :
Ndepipis, jegigis, cekikik

 Manut isine, ukara diperang dadi 3.

1. Ukara pitakon (kalimat tanya)


Ukara sing anduweni teges takon marang wong liya. Biasane nganggo tembung sapa, ing
ngendi, dhek kapan, genea, lsp.
Tuladha :
1. Sapa sing budal sekolah ?
2. Ing ngendi kowe sekolah ?
3. Dhek kapan kowe mulih sekolah ?
4. Genea adhik mu ora sekolah ?

2. Ukara andharan (kalimat berita)


Ukara sing isine ngandharake apa ta apa marang wong liya
Tuladha :
a. Bu Sulis arep kirim dhuwit marang Kusuma.
b. Mas Agung karo jeng Ani mentas tunangan.
c. Adhik saiki wis mulih sekolah.

3. Ukara ngongkon (kalimat perintah)


Ukara sing andhuweni teges ngongkon marang wong liya. Biasane tembung krityane oleh
tambahan a, en.
Tuladha :
1. Buku iki wacanen ing ngarep.
2. Budhala saiki bae.
3. Tulung laying iki wenehna menyang Andri

4. Terangna jinis lan tegese tembung rangkep ing ngisor iki.


1. Ala-ala ngene aja di enyek, iki gedhe paedahe.
 Ala-ala = dwi lingga.
 Ala-ala = senajan ala.

2. Aku arep mbalekake bukumu lola-lai bae.


 Lola-lali = dwi lingga saling swara.
 Lola-lali = tansah lali.

6
3. Bapake Amir lunga saparan-paran, ing ngendhi bae.
 Saparan-paran = dwi purwa.
 Saparan-paran = ora ana tujuan sing mesthi

4. Adhik ndhengangak nyawang srengenge


 Ndhengangak = swi wasana
 Ndhengangak = nyawang nduwure

Unggah-ungguh basa jawa

1. Basa ngoko lugu.


Basa ngoko sing ora kecampuran basa krama.
Tuladha :
1. Aku arep takon marang kowe
2. Adhiku saiki sinau basa jawa

2. Basa ngoko alus


Basa ngoko sing kecampuran basa krama inggil.
Tuladha :
1. Aku ngarep nyuwun sangu marang bulik.
2. Bapak saiki wis kersa dhahar

3. Basa krama madya


Basa krama ora kecampuran basa ngoko.
Tuladha :
1. Kula ajeng nedhi sangu dhateng bulik.
2. Bapak sampun purun nedha.

4. Basa krama inggil


Basa krama sing kecampur basa krama inggil.
Tuladha :
1. kula nyuwun sangu datheng panjenengan.
2. Paman kersa dhahar wonten njajejng dalem

Panggonane unggah-ungguhe basa krama sing bener


(awake dhewe ora nganggo basa krama inggil)

1. Nyuwun pangapunten keparenga kula dhahar wonten ngarsa panjenengan (salah)


Nyuwun pangapunten keparenga kula nedha wonten ngarsa panjenengan (bener)

2. Makaten ingkang saget kula dhawuhaken menawi lepat nyuwun pangapunten (salah)
Makaten ingkang saget kula aturaken menawi lepat nyuwun ngapunten (benar)

Tembung entar
Tembung seng anduweni teges dudu sabenere.

1. Adol bagus = mamerake baguse


2. Adus kringet = nyambut gawe abot
3. Jembar segarane = sugih pangapura
4. Dowo tangane = nyolongan
5. Rai gedheg = ora duwe isin
6. Ngabangake kuping = gawee nesu
7. Abang-abang lambe = lamis
8. Nggodoati = gawe luwih
9. Enteng tangane = seneng nyambut gawe
10. Gedhe endhase = sombong

7
Paribasan

Paribasan unen-unen sing ajeg panggone ora anduweni pepindhon

1. Adigang, adigung, adguna


Nduweni dupeh, kuwat, pinter, lan kuwasa.
2. Becik ketitik ala ketara
Becik lan ala bakal ketara tembe mburine
3. Emprit abuntut bedhug
Prakara sepele wusana dadi gedhe.
4. Gajah ngidak repah
Nrajang (nerak) larangane dhewe.
5. Kacang mangsa ninggal lanjaran
kelakuane anak niru wong tuwa
6. Kebo kabotan sungu
Wong sing uripe sengsara amarga anake akeh
7. Kebo nusu gudel
Wong tuwa njaluk wulang marang wong enom.
8. Tulung menthung
Katone nulung, jebule ngrugekake
9. Ana catur mungkur
Ora gelem, ngrungokake rerasan sing apik.
10. Palang mangan tandur
Dikongkon njaga malah dirusak dewe.

8
BAB IV
ANGKA JAWA

Angka jawa kanggo mudhuhake wilangan lan nomer. Panulisane angka jawa kaapit (diapit) pada
pangkat.

9
SOAL

Jawaben kanthi singkat lan jelas

1. Saben ana sawijine acara mesthi ana sing di arani “pranatacara”. Jelasna apa sing diarani
pranatacara ?

2. Coba aranana sing diandharake (diucapkan) pranatacara ing pambuka 2 bae?

3. Ing acara perpisahan kelas III. Coba aranana apa sing diandharake bapak kepala sekolah marang
siswa kelas III sing arep ninggalake sekolah ? (2 bae)

4. Coba aranana apa sing diandharake wong sing pidato ing panutupe pidato ? (2bae)

5. Jelasna apa sing diarani drama ing kasustran jawa ?

6. Apa gunane pagelaran drama, kanggo wong sing nonton. Aranana gunane ? (2bae)

7. Struktur drama iku cacahe ana 6. Coba aranana 2 bae ?

8. Apa watake paraga ing ngisor

a. Protagonist
b. Antagonis
c. Tritagonist

9. Ing sajrone teks drama biasane nggunakake 3 bahasa, coba andharana ?

10. Tembung dwi lingga salin swara, tembung lingga di unekake kaping pindho, nanging swarane
berubah. Gaweya conto tembung dwi lingga salin swara 2 bae, sing ora padha karo conto ?

11. Ukara takon, ukara sing andhuweni teges takon marang wong liya. Gaweya tuladha (conto) ukara
2 bae, sing ora padha karo conto ?

12. Basa ngko alus, basa ngoko sing kecampuran basa krama inggil. Gaweya conto basa ngoko alus
2 bae sing ora padha karo conto

13. Apa tegese tembung entar iki

a. Rai gedheg
b. Lunyu ilate
c. Adus kringet

14. Apa tegese paribasan iki


a. Kebo kabotan sungu
b. Rukun gawe santosa
c. Kebo nusu gudel

15. Tulisen nganggo aksara jawa


1. Umure adhiku saiki 26 tahun.
2. Aku sekolah mulai tahun 2013.

10
MODUL
MULOK
(BAHASA DAERAH)
KELAS XI
SMK YP 17 JOMBANG
TAHUN 2019 – 2020

DISUSUN OLEH
REMAN, AMd

YAYASAN PENDIDIKAN TUJUH BELAS JAWA TIMUR


SMK YP 17 JOMBANG – JEMBER
TERAKREDITASI A
Kompetensi Keahlian : Teknik Kendaraan Ringan Otomotif, Teknik & Bisnis Sepeda Motor,
Rekayasa Perangkat Lunak
JL. Ki Hajar Dewantoro Jombang – Jember
E-mail : smkyp17kencong@yahoo.co.id Website : http//smkyp17kencong.sch.id/

Anda mungkin juga menyukai