Anda di halaman 1dari 4

No

Jinise Tembang

Paugeran

Watak

1.

Pucung

12u, 6a, 8i, 12a

Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.

2.

Maskumambang

12i, 6a, 8i, 8a

Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta

3.

Gambuh

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo basa
ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.

4.

Megatruh

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-
ranta.

5.

Kinanthi

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-
gandrung.
6.

Asmaradana

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.

7.

Mijil

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.

8.

Pangkur

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.

9.

Durma

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a

Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.

10.

Sinom

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.

11.

Dhandanggula

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping
karangan kang sinawung ing tembang
1. Guru Gatra : Cacahe gatra ( larik / Baris ) saben sapada ( sa-bait ) tuladhane

maskumambang iku ana 4 gatra / larik/ baris.

2. Guru Wilangan : cacahe wanda ( uni / suku kata ) saben sagatra/ salarik. Tuladhane

" Amenangi jaman edan" iku ana 8 dadi guru wilangane ana 8.

3. Guru lagu : Dhong-dhinge swara/swara aksara swara/ vokal ing pungkasane gatra/ larik

" Amenangi jaman edan " iku unine "a"

Dadi yen digathukake " Amenangi jaman edan " iku guru wilangan lan guru lagune "8a"

Ing ngisor iki Paugeran yen arep ngrakit tembang macapat, manut jinise tembang macapat :

1. Maskumambang : 12 i 6 a 8 i 8 a

2. Mijil : 10 i 6 o 10 e 6 i 8 u

3. Kinanthi : 8 u 8 i 8 a 8 i 8 a 8 i

4. Sinom : 8 a 8 i 8 a 8 i 7 i 8 u 7 a 8 i 12 a

5. Asmarandana : 8 a 8 i 8 e / 8 o 8 a 7 a 8 u 8 a

6. Dhandhanggula: 12i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

7. Gambuh : 7 u 10 u 7 i 8 u 8 o

8. Pangkur : 8 a 11 i 8 u 7 a 12 u 8 a 8 i

9. Megatruh : 12 u 8 i 8 u 8 I 8 o

10.Pocung : 12 u 6 a 8 i 12 a

Banjur kudu ngerti watak wantune tembang macapat :


1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-ngeresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih, nelangsa,

karanta-ranta.

2. Mijil Prihatin. Mathuk kanggo carita pitutur, lan gandrung.

3. Kinanthi Seneng, asih, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.

4. Sinom Grapyak, ethes, mathuk kanggo sesorah, crita kang isi pitutur.

5. Asmarandana Sedhih, prihatin merga nandhang asmara, mathuk kanggo crita sedhih lan crita

baba asmara.

6. Dhandhanggula Ngresepake, luwes, mathuk kanggo medhar crita bab apa wae.

7. Gambuh Sumanak, sumadulur, wanuh – wani, mathuk kanggo medharake bab kanthi rada

sereng, bisa nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kemraket / akrap.

8. Pangkur Sereng, nesu sajak gregeden. Kanggo medhar pitutur kang semu gregeden, yen

gandrung ya gandrung sing sereng, uga kanggo panantang ing paprangan.

9. Megatruh Trenyuh, melas, sedhih, nglokro ( putus asa ), mathuk kanggo medharake rasa

getun, nalangsa lan keranta-ranta

10.Pocung Kendho, tanpa greged, sakepenake, mathuk kanggo crita kang isine sakepenake /

sakarepe wae, tanpa kamempengan. Bisa uga isi pitutur.

Anda mungkin juga menyukai