Anda di halaman 1dari 15

TEMBANG MACAPAT

Dening : Lia Fibriani


Menapa ingkang
dipunwastani
tembang Macapat
Tegesing tembang macapat
 Miturut Sadjijo Prawiradisastra ngandharaken tegesipun tembang macapat :
 - Macapat saking tembung maca lan pat, ingkang tegesipun maca papat-papat.
 - Macapat saking tembung mancapat, ingkang tegesipun keblat papat lima pancer.
 - Macapat ateges maosipun kedah cepet.
 - Macapat saking tembung mancapat, manca/panca ‘lima’ lan ‘pat/arpat ‘perkara’. Kanthi mekaten
macapat dipuntegesi 5 perkawis, inggih menika : legena, wulu, suku, taling, saha taling tarung.
 - Macapat saking tembung macakap, ingkang tegesipun maca lan cakepan.
 - Macapat saking tembung maca lan mat. Tegesipun maca kanthi wirama saha rasa.
TEMBANG MACAPAT

PERANGAN PAUGERAN
Peranganing & Paugeraning Tembang Macapat
 Peranganing :
- Wanda : peranganing tembung ingkang mungel sakecap (suku kata)
- Gatra : larik (baris)
- Pada : adhegan (bait)
- Pupuh : tembang sapupuh tegesipun satembang utawi sajinis tembang.
- Cakepan: tetembungan wonten ing tembang (lirik)
 Paugeraning :
- Guru Wilangan : Cacahing wanda saben sagatra (suku kata)
- Guru lagu : Tibaning swara ing pungkasaning gatra. (a/i/u/e/o)
- Guru gatra : Cacahing gatra (larik) saben sapada (bait)
Paugeran Tembang Macapat
No Jinis Tembang Watak Guru Guru wilangan & Guru lagu
Gatra
1 Maskumambang Susah, prihatin 4 12a, 6a, 8i, 8a
2 Mijil Prihatin, gandrung, 6 10i,6o,10e,10i,6i,6u
3 Kinanthi Pengarep-arep, 6 8u,8i,8a,8i,8a,8i
gandrung
4 Sinom Prasaja, susah 9 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
5 Asmarandana Sengsem, prihatin 7 8i, 8a, 8e/o , 8a, 7a, 8u,8a
6 Gambuh Nggenah-nggenahke 5 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7 Dhandhanggula Mrabu, luwesan 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a,12i,7a
8 Durma Sereng, nesu 7 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
9 Pangkur Sereng, gandrung 7 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8u,8i
10 Megatruh Susah, getun 5 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11 Pocung Sembrana, sakepenake 4 12u, 6a, 8i, 12a
JINISING TEMBANG MACAPAT :

 Maskumambang : Nggambaraken jabang bayi ingkang wonten ing


kandhungan, dereng katingal jaler utawi estri.
 Mijil : Sampun miyos saha cetha kakung utawi setri.
 Kinanthi : Dipuntuntun supados saged mlampah nindakaken
pagesangan.
 Sinom : Kanoman, minangka kalodhangan ingkang wigatos
tumrapipun tiyang enem supados saged ngangsu kawruh sakathah-
kathahipun.
 Asmarandana : Raos tresna dhateng tiyang sanes ingkang sampun
dados kodratipun manungsa.
 Gambuh : Jumbuh/sarujuk, bilih menawi sampun jumbuh/sarujuk
lajeng dipungathukaken supados saged bebrayan.
Wonten candhakipun…
candhakipun ….
 Dhandhanggula : Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang
saweg remen, menapa ingkang dipungayuh saged kasembadan.
 Durma : Darma/weweh. Tiyang ingkang sampun kacekapan
anggenipun gesang, lajeng tuwuh raos welas asih marang tiyang
sanes ingkang saweg nandhang katresnan, pramila tuwuh raos
weweh/darma dhateng sesame.
 Pangkur : Mungkur, nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
 Megatruh : Megat roh utawi pegat rohipun/nyawanipun.
 Pocung : Bilih sampun dados layon/mayit lajeng dipunbungkus
mori pethak utawi dipunpocong saderengipun kasarekaken.
INGKANG KEDAH DIPUNGATOSAKEN NALIKA NYEKAR
MACAPAT :

 Laras : Swanten ingkang ajeg inggilipun, boten owah, sadeg ugi


dipunwastani nada. Laras slendro ateges sistem nada ingkang
dipunginakaken miturut gamelan slendro, semanten ugi menawi laras
pelog.
 Titi laras : Notasi nada ingkang kaserat wonten ing system nada
larasipun kalawau.
Pelog :1 2 3 4 5 6 7
Slendro : 1 2 3 5 6
 Pathet : Ukuran andhap inggiling laras, minangka wates wilayah
nada.
Analisir Sekar Macapat
 Dendha kerata
Anggenipun nyekar macapat kedah cetha, boten bindheng, boten blero,
prasaja, boten kekathahen lak-luk, cengkok saha sanesipun.
 Andhah saha anung swara
 Andhah tegesipun luk swanten kadhawahaken wonten wanda
pungkasaning gatra.
 Anung swara tegesipun luk swanten kadhawahaken wonten setunggal
wanda saderengipun pungkasaning gatra.
 Pedhotan
Kaperang dados kalih, inggih menika pedhotan kendho saha pedhotan
kenceng.
 Pedhotan kendho tegesipun munggel wanda ing salebeting tembung.
 Pedhotan kenceng tegesipun munggal wanda ing tembung.
 Adhegan
Munggel wanda ing pungkasaning pungkasaning gatra.
Adhegan kaperang dados tiga, inggih menika adhegan wantah, adhegan alit saha adhegan
ageng.
 Padhang saha Ulihan
Padhang mapan wonten ing pungkasaning gatra, dene Ulihan mapan wonten pungkasaning
pada.
 Wirama
Inggih menika wirama nalika nyekaraken macapat, kedah merdika, boten ajeg.
 Rerengganing sekar macapat :
a. Wilet inggih menika variasi titi laras wonten pengolahing cengkok
b. Cengkok inggih menika rerangketing titi laras kangge ngolah lagu.
c. Luk inggih menika adhah swara saha anung swara
d. Gregel inggih menika luk ingkang cepet
e. Sliring inggih menika vales/ penyimpangan saking nada.
GATOSNA TULADHA VIDEO TEMBANG
DURMA ING NGANDHAP !
DISKUSI KELOMPOK
(PERTEMUAN 1)
 SAKING VIDEO NGINGGIL PADOSANA :
 PAUGERAN TEMBANG DURMA
 TEGESIPUN TEMBUNG – TEMBUNG ANGEL
DISKUSI KELOMPOK
(PERTEMUAN 2)
 SAKING VIDEO NGINGGIL PADOSANA :
 WOSING TEMBANG DURMA
 PITUTUR MENAPA INGKANG SAGED KAPENDHET
SAKING TEMBANG KASEBAT

 ANDHARNA ASILING DISKUSI ING NGAJENGING


KANCA – KANCA !
MATURNUWUN

Anda mungkin juga menyukai