SMK NEGERI 2 SRAGEN
Jl. dr. Sutomo No. 04 Sragen 57212
Woro - Woro
Para siswa kang tansah daktresnani,Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 68 Republik Indonesia, OSIS SMK Negeri 2 Sragen badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:
Dinten Surya Tabuh Papan
: Kemis-Jumat : 15-16 Agustus 2013 : 08.00 dumugi paripurna : Lapangan SMK Negeri 2 Sragen
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Danu setiawan utawi Sdri. Martha Mekaten wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.
Sragen, 10 Agustus 2013 Ketua OSIS,
Nova Fitri W