Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN PEKALONGAN

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SD NEGERI ……………………………………..
Alamat : Jl …………Kec. .......... Kab. Pekalongan KP. ........
E-mail: …………………………………………………………..

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAS)


TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023

Mupel : Bahasa Jawa Hari , Tanggal :


Kelas : V ( Lima ) Waktu : 90 Menit

Petunjuk Umum :
1. Tulisen aranmu ing pojok dhuwur tengen!
2. Wacanen kang teliti saben petunjuk nggarap soal!
3. Garapen kang mbok anggep luwih gampang dhisik!
4. Telitinen wangsulan sadurunge mbokwenehne bapak/ibu gurumu!

I. Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara A, B, C, utawa D ing sangarepe pratelan kang
paling trep ana ing lembar jawab kang cumawis!
Bacaan No 1-5
Para rawuh sedaya, kula minangka ketua paguyuban mudha mudhi karang taruna Ngudi
Karya ing dhusun ngriki rumaos suko bagyo.Awit adhik-adhik lan kanca-kanca kagungan
niyat saha tekad luhur inggih punika makempal wonten wadhah Ngudi Karya. Punika
mratandhani bilih penjenengan sedaya kalebet perangan mudha-mudhi ingkang sadhar
dhumateng maknaning patunggilan

1. Wacan ing dhuwur diarani....


A. Iklan
B. Sasorah
C. Pacelehton
. D. Dongeng

2. Ingkang atur sasorah sambutan ingkang punika....


A. Ketua karang taruna
B. Ketua RT
C. Ketua panitia pentas seni
D. Ketua Kelas

3. Tembung suka bagya iku tegese....


A. Seneng banget
B. lancar
C. sedhih
D. rekasa

4. Tembung patunggilan tegese....


A. Gotong royong
B. Kerjasama
C. Persatuan
D. Kemandirian
5. Teks ing dhuwur klebu perangan...ing sesorah.
A. Pangajeng-ajeng
B. panutup
C. isi
D. Pambuka

Karna Madeg Senopati


Perang Baratayuda, perang gedhe antara Pandhawa lan Kurawa manggon
ing Tegal Kurusetra wis nuwuhake raja pati lank urban kang ora sethitik. Akeh
satriya kang wis padha nemahi pralaya. Senopati Kurawa, Pandhita Drona wis gugur
ing madyaning Tegal Kurusetra kaperjaya dening Drestadyumna. Sak durunge
gugur, Pandhita Durna wes merjaya Raden Abimanyu senopatining Pandhawa.
Pandhawa lan Kurawa banjur padha ngrukti layone para senopati. Mendung
peteng angendanu. Jagad prasasat peteng ndhedhet amarga wis akeh senopati kang
gugur ing palagan. Perang Baratayuda durung rampung.
Adipati Karna satriya ing Ngawangga madeg Senopati Kurawa maju ing
palagan. Sejatine karna wes mangerti yen mbelani Kurawa kuwi dudu tumindak
kang becik. Nanging, Karna wis kaputangan budi karo Duryudana Raja Hastina
kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati
tegese gelem mbelani Hastina.
Adipati Karna iya aran Suryatmaja iku putrane Bathara Surya lan Dewi
Kunthi, mula Karna iku klebu drajating Wasu, yakuwi manungsa setengah dewa.
Mula kuwi, ora mokal yen Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Kinantenan
panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakane Karna wujud keris aran Kiai
Kaladete (ing padhalangan gagraag Sala sinebut Kiai Jalak). Aji-ajine Karna yakuwi
aji kalalupa (bisa ngetokake buta akeh banget), lan Naracabala (bisa ngetokake
gegaman maneka warna).

6. Perang Baratayuda manggon ing....


A. Tegal Hastina
B. Tegal Palagan
C. Tegal Kurusetra
D. Tegal Ngawangga

7. Watake Adipati Karna yaiku....


A. Wicaksana
B. Serikan
C. Sabar
D. Adil

8. Asmanipun Ibu Adipati Karna yaiku....


A. Dewi Arimbi
B. Dewi Kunthi
C. Dewi Sinta
D. Dewi Madrim

9. Adipati Karna Satriya ing....


A. Jodipati
B. Ngastina
C. Pringgondani
D. Ngawangga

10. Perang Baratayuda, perang gedha antara Pandhawa lan....


A. Kurawa
B. Werkudara
C. Karna
D. Arjuna
11. Adipati Karna Klebu drajating Wasu yaiku....
A. Manungso sing biso mabur
B. Manungso sekti
C. Manungso setengah wayang
D D. Manungso setengah dewa

12. Aji - ajine Adipati Karna yakuwi Aji Kalalupo sing tegese....
A. Biso ngetokake banyu
B. Biso ngetokake gegaman maneka warna
C. Biso ngetokeake buto akeh
D. Biso ngetokake keris akeh

13. Gambar ing ngisor iki sing klebu Adipati Karna yaiuku....
A
.

B
.

C
.

D
.

Prastawa Alam
Gunung Kelud utawa Gunung Kampud dino Kemis malem Jemuwah tanggal 13
Februari 2014. Maewu-ewu watu, krikil, lan awu diwutahke saka wetenge nganti
sumebar teka ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, ning awune kagawa angin
nganti tekan Jawa Barat penere Bandung, Pangandharan, lan Bogor.

14. Bencana alam kang nate dumadi ing Jawa Timur sasi Februari 2014 yaiku....
A. Lemah longsor
B. Banjir
C. Gunung Mbledhos
D. Lindhu
15. Gunung Kelud ing Jawa Timur uga sinebut gunung....
A. Kemput
B. Kasut
C. Katut
D. Kampud

16. Bencana alam ing ngisor iki dumadi amarga polahe manungsa yaiku....
A. Banjir
B. Tsunami
C. Gunung mbledhos
D. Lindhu

17. Pratelan ing ngandhap punika ingkang dados sababipun banjir, kajaba....
A. Gesering lempeng bumi
B. Mbuwang uwuh ing lepen
C. Negori wit-witwn ing wana
D. Kurangipun resapan banyu

18. Prilaku ing ngisor iki kanggo njaga daur banyu ora keganggu, kajaba....
A. Nggunakake banyu sacukupe
B. Akeh nandur wit-witan
C. Mbabadi alas kanggo tegalan
D. Ora gawe regede sumber banyu

19. “Saben mangsa rendheng mesti toyanipun mbleber nuwuhaken banjir”


Mangsa rendheng kuwi kosokbalene mangsa....
A. Udan
B. ketiga
C. Tandur
D. Panas

20. Banyu udan ndadekake tandura....


A. Ijo royo-royo
B. Garing mengkingking
C. Lemu ginuk ginuk
D. Akeh banget

21. Jinising aksara jawa iku ana pira cacahe....


A. Songolas
B. Rongpuluh
C. Selikur
D. Rolikur

22. Sandhangan swara sing unine o jenenge....


A. Wulu
B. Suku
C. Taling
D. Taling tarung

23. Ing ngisor iki sing kelebu sandhangan wyanjana, Kajaba....


A. Cecak
B. Cakra
C. Keret
D. Pengkal
24. Bapak...koran nang teras
A. Maca
B. Ningali
C. Maos
D. Ndeleng

25. ꦧꦠ
Aksara Jawa kuwi unine....
A. Ngata
B. Bata
C. Tata
D. Nyata

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener!

26. Pidhato ing basa Jawa diarani...


27. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Ukara Iku kelebu …
28. Adipati Karna iku satriya ing...
29. Ramane Adipati Karna iku asmane...
30. Perang antara pandawa lan kurawa diarani perang...
31. Pusakane Adipati Karna yaiku...
32. Mangsa udan uga diarani mangsa...
33. Banjir, lindhu lan mangsa rendheng iku klebu...
34. Supaya ora kedaden banjir, kito mbuwang sampah ing...
35. Sandhangan Swara cacahe ono piro...

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

41. Sebutna peraganing teks Sesorah!


42. Wenehna tuladha pambukaning teks Sasorah!
43. Kang sinebut Pandhawa Lima iku sapa wae?
44. Sebutna bencana alam kang dudu saka pokale manungsa!
45. Tulisen nganggo Aksara Jawa” ajar basa Jawa”

Anda mungkin juga menyukai