Anda di halaman 1dari 9

REMIDI PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL

TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IX (Sembilan)
Hari/ Tanggal : Senin, 12 Desember 2022

PETUNJUK UMUM
1. Berdoalah sebelum Anda mengerjakan soal!
2. Tulislah identitas Anda pada lembar jawab yang telah tersedia!
3. Bacalah setiap soal dengan teliti, sebelum Anda menjawabnya!
4. Kerjakan semua soal dengan teliti pada lembar jawab yang telah tersedia!
5. Laporkan pada pengawas apa bila terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal
kurang!
6. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas!

A. WANGSULANA PITAKON-PITAKON NGISOR KIYE SING BENER KANTHI


MILIH A, B, C, UTAWA D !
Wacanen kang tliti!
Wayang dumadi sekang tembung wod (akar kata) “yang/hyang” kang olih ater-ater
“wa”. Tegese roh kang bisa gawe beja cilakane menungsa. Wayang kuwe wewayangan utawa
gegambaran watak lan jiwane menungsa. Wayang mujudake pangewajantahan pribadhi
manungsa. Wayang kuwe pagelaran nganggo golek sing umume katon endah nang
wewayangan lan dilakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Golek kasebut bisa
sing wujude rong dimensi degawa sekang kulit (walulang) sing biyasane kulit sapi utawa
edhus.

1. Tembung wayang kuwe dumadi sekang tembung wod “yang/hyang” kang olih ater-ater wa,
sing tegese yakuwe …..
A. roh sing bias gawe begjane manungsa
B. crita piwulang sing becik
C. roh sing bisa gawe begja lan cilakane manungsa
D. sarana hiburan kanggo masyarakat

2. Crita wayang Ramayana ana 7 kandha, kandha sing nyritakna Dewi Sinta kasil diboyong dadi
garwane Rama yakuwe?
A. Balakandha C. Aranyakandha
B. Ayodhyakandha D. Sundarakandha

3. Crita wayang ana kang dijupuk sekang epos Mahabarata lan Ramayana. Wayang kang lakone
nyritakna kisahe Pandawa lan Rama-Shinta diarani …..
A. wayang madya C. wayang kancil
B. wayang purwa D. wayang krucil

Wacan sakpada kiye kanggo mangsuli pitakonan no 4-7

Wacanen kang tliti !


Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta garwane didustha dening
Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan
nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada.
Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu
padha pamer kakuwatan. Minangga solusine, Prabu Rama banjur menehi sayembara
kanggo Anoman lan Anggada. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga
dheweke saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina.
4. Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta garwane didustha dening Rahwana.
Tembung didhusta duweni teges ....
A. diapusi C. diboyong
B. dilomboni D. diculik, dicolong

5. Saka wacan ndhuwur sapa sing menang sayembara?


A. Rama C. Shinta
B. Anoman D. Rahwana

6. Ukara pitakon kang bener kanggo wacan neng dhuwur yakuwe …..
A. Sapa paraga kang diutus Rama kanggo nggoleti Dewi Sinta?
B. Ana ing ngendi Dewi Sinta dipapanaken dening Rahwana?
C. Apa kang nyebabna Dewi Shinta didhusta menyang Alengka?
D. Kenang apa Anoman saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina?

7. Pesen utawa piwulang luhur kang bisa dijupuk sekang wacan dhuwur yakuwe …..
A. aja gampang jengkel C. aja iri marang wong liya
B. aja pamer kekuwatan D. aja gampangna janji

8. Wacan ing dhuwur kuwe awujud ....


A. gancaran C. tembang
B. geguritan D. pacelathon

Wacan sakpada neng ngisor kiye kanggo mangsuli pitakonan no 9 - 13

Wacanen kang tliti !


Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur
menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa diagem
dening dewi Sinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Sinta isih suci. Kabukten yen
Dewi Sinta isih suci banjur menehake tandha uga marang Anoman kanggo diaturake
Prabu Rama awujud tusuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Sinta ngenteni
banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Sinta dumadakan
kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman
digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan.

9. Dewi Sinta maringi tandha marang Anoman supaya diaturake marang Prabu Rama kuwe
awujud ....
A. ali-ali C. tusuk kondhe
B. cundrik D. kalpika

10. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Sinta dumadakan kapriksan para prajurit
Ngalengka. Tembung kapriksan kuwe tegese ....
A. kecekel C. ketemu
B. dipriksa D. kewenangan/ konangan
11. Sapa kang nulungi Anoman saengga bisa sowan marang Dewi Sinta?
A. Dewi Trijatha C. Indrajid
B. Arya Wibisana D. Hyang Antaga

12. Tembung sowan neng ukara dhuwur tegese ....


A. marani C. nggoleki
B. ngadep D. mereki

13. Pratelan ngisor kiye kang bener miturut isining wacan ndhuwur yakuwe ....
A. Anoman ora menehake ali-ali sekang Rama. Anoman uga gawa bali tusuk konde sekang
Sinta minangka pralambang Sinta ngenteni Rama.
B. Anoman digujer Indrajit karo prajurite tanpa bisa nglawan. Sikil lan tangane dicencang
arep disowanaken marang Rama.
C. Anoman kasil sowan marang Dewi Sinta banjur Dewi Sinta kasil ketemu karo Rama lan
ngewenehake tusuk konde.
D. Anoman lagi cecaturan karo Dewi Sinta konangan prajurit Ngalengka banjur dikepung
Indrajit lan Prajurite. Anoman digujer digawa menyang kaputren.

14. Tetembungan kang mbangetaken nanging ngemu surasa kosok balen yakuwe tembung ....
A. Kosok balen C. Rura basa
B. Sanepa D. Kreta basa

15. Neng ngisor kiye tuladhane ukara kang nggunaake sanepa yakuwe ....
A. guyub rukun iku kunci supaya uripe ayem lan tentrem
B. kulite mbakyuku alus kaya sutra amarga saben dina luluran
C. ambar ing desane disenengi tanggane amarga eseme pait madu
D. pardi uwis wara wiri diece tetep wae dawa ususe

16. Bagyo saben dina mangane akeh mulane awake kuru semangka. Tembung kuru semangka
tegese
A. lemu banget C. dawa banget
B. gering banget D. cilik banget

17. Ukara ing ngisor kiye sing nganggo tuladha tembung sanepa yakuwe ....
A. Aditya bali sekolah kudanan mula klambine teles kebes
B. Ing sawah akeh wong padha tandur
C. Ing desaku angger wengi swasanane rame kuburan
D. Tuwa enom padha kumpul neng alun-alun Purbalingga nonton karnaval

18. Tuladha ukara sing nganggo basa Jawa krama alus yakuwe ....
A. Mas, wis sore kowe arep lunga maring endi?
B. Pak Jarwo mau bengi nembe kondur sekang Semarang.
C. Bu Reni ora tindak nyambut gawe amarga lagi gerah ing Rumah Sakit.
D. Pak Mulyo sampun tindak Banjarnegara wau enjang.

19. Simbah ora bisa mlaku amarga lara sikile.


Ukara kang nggunakna basa ngoko lugu kuwe gantinen nganggo basa ngoko alus ....
A. Simbah ora bisa tindak amarga gerah samparane.
B. Simbah mboten saged tindak amargi gerah samparanipun.
C. Simbah ora bisa mlaku amarga gerah sikile.
D. Simbah ora bisa mlaku amarga lara sikile.
20. Kapan panjenengane arep rawuh neng umahku Bu?
Tuladha ukara ing dhuwur nggunaaken basa ....
A. ngoko lugu C. ngoko alus
B. krama lugu D. krama alus

21. Tembang dhandhagula minangka salah sijine karya sastra kang ana neng Serat Wulangreh.
Serat Wulangreh kuwe anggitane …..
A. KGPAA Mangku Negara IV C. Sri Sultan Paku Buwana V
B. R. nG. Ranggawarsito D. Sri Susuhanan Paku Buwana IV

22. Serat Wulangreh kaperang ana 13 pupuh, kanthi jumlah pada/bait beda-beda. Tembung
dhandhanggula ana pirang padha?
A. 17 Padha C. 7 Padha
B. 8 Padha D. 12 Padha

23. Tembang dhandhanggula kuwe tembang kang nganggo paugeran / pathokan guru gatra, guru
wilangan lan guru lagu. Guru wilangan lan guru lagu tembang dhandhanggula yakuwe....
A. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a C. 10i, 10a, 8e, 7u, 9a, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
B. 10a, 10i, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a D. 10i, 10a, 8e, 7u, 9a, 7i, 6u, 8a, 12i, 7a

24. Paugeran tembang Dhandhanggula kaperang dadi telu yakuwe guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangan. Cacahing larik saben sapada yakuwe ....
A. guru lagu C. guru gatra
B. guru wilangan D. guru vokal

Wacanen kanthi tliti !

Nanging yen sira nggeguru kaki,


Amiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Serta kang wruh ing kukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawewehing Iyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana,

Teks tembung neng dhuwur kanggo jawab pitakonan 25 – 28

25. Nanging sira yen nggeguru kaki.


Tembung kaki tegese ....
A. kanca C. putu
B. anak D. bocah

26. Ingkang becik martabate. Tembung martabate neng ukara kuwe duweni teges ....
A. derajate C. pamulange
B. panggenan D. wewarah

27. Miturut isine tembang ing ndhuwur yen meguru iku goleka wong sing ....
A. sugih bandha C. kawruhe dhuwur
B. becik martabate D. ora aleman
28. Adedasar tembang dhandhanggula neng dhuwur menawa milih guru kudu duweni syarat
yakuwe
A. bener, ala martabate, ngerti kukum, sregep ngibadah lan istiqomah
B. bener, becik martabate, ngerti kukum, sregep ngibadah lan mupus
C. bener, becik martabate, ngerti kukum, sregep ngibadah lan pamrih
D. bener, becik martabate, ngerti kukum, sregep ngibadah lan putus

29. Tembang Dhandhanggula iku kalebu tembang ....


A. dolanan C. gedhe
B. macapat D. tengahan

Wacanen kanthi tliti !


Pamedhare wasitaning ati,
Cumanthaka aniru pujangga,
Dhahat mudha ing batine,
Nanging kedah ginunggung,
Datan wruh yen keh ngesemi,
Ameksa angrumpaka,
Basa kang kalantur,
Turur kag katula-tula,
Tinalaten rinuruh kalawan ririh,
Mrih padhanging sasmita,

Teks tembung neng dhuwur kanggo jawab pitakonan 30 – 32

30. Ukara pamedhare wasitaning ati kang kacetha ing teks tembang Dhandhanggula kasebut,
tegese ....
A. piwulang utawa wewarah saka njero ati C. piwulang babagan ati
B. piwulang kanggo nyenengake ati D. piwulang golek kantremaning ati

31. Cumanthaka aniru pujangga. Tembung cumanthaka tegese ....


A. kumawani C. kuminter
B. kendel D. gedhe omongane

32. Ing ukara Mrih padhang ing sasmita. Tembung sasmita tegese ....
A. sandi C. perasaan
B. watek D. tindak-tanduk

33. Tembang macapat kuwe isine duwe watak dhewek-dhewek, dene watake tembang
Dhandhanggula yakuwe ....
A. grapyak lan renyah isine C. luwes lan ngresepake
B. kulina lan nepung-nepungake D. tresna asih marang sapa bae

34. Ing ngisor iki sing ora kalebu salah siji bab-bab sing kudu digatekna angger arep gawe
tembang macapat yakuwe ....
A. nggolet tema utawa gagasan sing arep digawe
B. nemtokna jinis tembang macapate
C. nulis Purwakanthi swara, sastra lan basa
D. nulis pathokane tembang macapat sing arep digawe
35. Menawa ditulis nganggo aksara latin sing
bener, yakuwe ....
A. Satemene putra sing becik C. Satemene pra putra sing apik
B. Satemene putri sing becik D. Satemene pra putra sing becik

36. Lamun ana wong micareng ngelmi. Ukara cakepan tembang kasebut yen ditulis aksara jawa
dadi ....

A.

B.

C.

D.

37.
Tembung aksara murda neng dhuwur nek ditulis aksara latin yakuwe ....
A. Rahmat Basuki C. Ahyat basuki
B. Rahmat Bambang D. Ahyat Marsudi

38.
Tembung aksara murda neng dhuwur nek ditulis aksara latin yakuwe ....
A. Wulan Ningsih C. Nawangwulan Purnawati
B. Jalal Gunardi D. Bondan Taruna

39. Sandiwara sawijing karya sastra kang wujude pacelathon lan gerak. Tembung sandiwara
kuwe asale sekang tembung sandi lan warah kang duwe teges dhewe-dhewe. Gabungan teges
saka tembung kuwe dadine ....
A. piwulang terang-terangan C. pitutur kang nganggo dialog
B. piwulang kang sinamun D. pitutur kang diumpetake

40. Tembung-tembung kang ana gandhenge karo sandiwara kayata babak, epilog, prolog lan
sakpanunggale. Adedasar tegese tembung epilog karo prolog yakuwe ..........
A. epilog mbukani lakon sandiwara, dene prolog nutup lakon sandiwa
B. epilog dialog paraga neng sandiwara, dene prolog mbukani lakon sandiwara
C. epilog nutup lakon sandiwara, dene prolog mbukani lakon sandiwara
D. epilog nutup lakon sandiwara, dene prolog dialog paraga neng sandiwara
Wacanen kanthi tliti pedhotan adegan neng sandiwara kiye !

Adegan 3
Narator : Sore kuwe neng wong-wong lagi padha santai, kandhah ngalor ngidul nyambi
medang.
Ujug-ujug adhine Parjo teka karo gemeter raine pucet.
Tarno : “Kang, Yu gawat kiye. Aku mau krungu ana wong akeh sing lagi....”
Parjo : “Iya ana apa, hah?” (Parjo semaur karo kaget)
Tarno : “Kiye kowh....anu...anu..” (asih ngos-ngosan karo gemeter).
Narti : “Ngomong sing jelas No, sing aso aja kemrungsung!”
Parjo : “Kuwe jikotna wedang dhisit, kon nginum dhisit.”
Tarno : (Sawise ngombe banyu bening segelas) “Kaya kiye lho Kang, Yu. Nalika aku
arep bali ngliwati wong-wong sing lagi bae metu sekang restoran.”
Narti : “Lha ... terus apa hubungane? Ko arep njaluk mangan neng restoran kuwe?”
Tarno : “Ora nguja aku krungu sing dikandhahna.”
Parjo : “Kandhah apa? Apa ana hubungane karo awake dhewek?”
Pardi : “Sabar Jo, sabar! Aja kesusu jengkel. Ben Tarno ngrampungna critane. Terus
kepriwe?”
Tarno : “Iya bener kiye ana hubungane karo awake dhewek sing manggon neng kene.
Wong-wong mau arep mbangun supermarket neng kene.”

Cuplikan adegan sandiwara kuwe kanggo jawab pitakonan nomer 41- 43

41. Adegan sandiwara kabangun sekang unsur-unsur instrinsik. Unsur instrinsik latar wektu kang
ana neng adegan sandiwara dhuwur yakuwe .......
A. esuk C. awan
B. sore D. wengi

42. Paraga neng lakon sandiwara kuwe ana protagonis, antagonis, tritagonis lan figuran. Paraga
protoganis neng sandiwara dhuwur yakuwe ........
A. Pardi C. Tarno
B. Parjo D. Narti

43. Tarno karo Narti kuwe minangka paraga neng adegan sandiwara dhuwur. Paraga loro mau
duwe watak……
A. sabar, wicaksana C. gemrusung, wedian
B. ora sabar, jengkelan D. tatag, kendel

44. Mentasna sandiwara kuwe ora gampang. Ana bab-bab kang kudu dieling-eling :
1. kudu luwes nalika nindakake adegansupayan kaya kadedean kang nyata
2. kudu ditambahi kembangan kanthi spontan nanging kudu tetep neng garising crita
3. Kudu apal naskah sandiwara, khususe paraga kang dadi bagiane
4. Anggone nindakake pacelathon kudu cetha, supaya kang nonto ngerti isi sandiwara
Urut-urutaning kang kudu digatekna yen arep pentas sandiwara kang bener yakuwe ….
A. 3, 4, 1, 2 C. 4, 1, 2, 3
B. 1, 2, 3, 4 D. 2, 3, 4, 1

45. Dadi bocah sekolah kuwe kudu sregep sinau lan ngetokaken ragad amarga jer basuki mawa
bea. Tegese sesanti jer basuki mawa bea kang bener yakuwe ....
A. Dadi bocah sekolah kuwe kudu sregep sinau lan ngetokaken ragad.
B. Kudu gelem kesel lan ngetokaken biaya.
C. Kekarepan kuwe ora mbutuhaken ragad.
D. Kamulyan kuwe ana gegandhengane karo pangorbanan lan ragad.
46. Dadi wong kuwe aja nganti nduweni watak adigang, adigung, lan adiguna. Tegese adigang,
adigung, lan adiguna kang bener yakuwe ....
A. watak kang ngendel-endelna kekuwatan, keluhuran lan kapinterane
B. watak kang ngendel-endelna keluhuran, kapinterane lan kekuatan
C. watak kang ngendel-endelna keluhuran, kekuatan lan keluhurane
D. watak kang ngendel-endelna keluhuran, keluhuran lan kapinterane

Wacanen kanthi tliti!

Neng Banyumas ana tradhisi utawa upacara adat kang beda karo masyarakat Jawa
umume yakuwe tradhisi begalan. Tembung begalan asale sekang tembung begal utawa
rampok, ngrampok neng tengah dalan. Begalan kuwe adat warisan leluhur kang nganti siki
esih dilaksanakake ana ing upacara penganten kang dianakaken angger calon penganten
lanange anak mbarep utawa bontot/ragil. Asal mula begalan kuwe manut anane crita nalika
putra ragile Adipati Wirasaba sing dimantenaken karo putri mbarepe adipati Banyumas
Pangeran Tirtokencono. Seminggu sawise mantenan Sang Adipati Banyumas mboyong
penganten (ngundhuh penganten) sekang Wirasaba maring Kadipaten Banyumas kang kurang
lewih adohe 20 km. Sawise nyebrangi kali Serayu kanthi nggunakaken prau tambang,
rombongan kang dikawal sesepuh lan pengawal Kadipaten Banyumas lan Wirasaba neng
tengah dalan diadhang begal kang awake gedhe dhuwur arep mbegal kabeh barang gawane
penganten. Perang ora bisa diindhani antara pengawal lan begal kang ngaku dadi penunggu
dhaerah kasebut.

Teks deskiptif upacara begalan neng dhuwur kanggo jawab pitakonan 47 – 50

47. Begalan kuwe tradhisi neng masyarakat ngendi?


A. Banjarnegara C. Banyumas
B. Purbalingga D. Jawa Timur

48. Tradhisi begalan dianakna ing acara apa?


A. Acara penganten kang calon penganten lanang anak mbarep utawa ragil
B. Acara mitoni kang bayi umur pitung wulan
C. Acara penganten kang calon penganten wong banyumas
D. Acara penganten kang putri mbarepe adipati Banyumas

49. Pratelan kang ora bener miturut isining wacan yakuwe ....
A. Tradhisi utawa upacara adat begalan minangka adat saka Banyumas.
B. Asal mulane begalan manut critane Adipati Wirasaba dimantenaken karo putri mbarepe
Adipati Banyumas
C. Tembung begalan asale sekang tembung begal utawa rampok
D. Upacara begalan dianakaken nek calon penganten wadon anak mbarep utawa ragil

50. Tetembungan utawa unen-unen kang kedadeyan saka rong perangan kang dhapukane
nganggo purwakanthi guru swara, yakuwe ....
A. pacelathon C. geguritan
B. parikan D. unen-unen

B. WANGSULANA PITAKON-PITAKON NGISOR KIYE KANTHI PATITIS!

Dhandhanggula
Wonten adat tata cara jawi
Wilujengan putra pitung wulan
Tedhak Siti sebutane
Pitu urutanipun
Kang sepisan iku nyirami
Kalihnya midak jadah
Menek tebu wulung
Dikurung ingkang kapingpat
Udhik-udhik ubarampe kacekapi
Sesaji ingkang pungkasan
1. Tulisen paugerane tembang Dhandhanggula ing dhuwur!
2. Tulisen isine tembang Dhandanggula ing dhuwur!
3. Gawenen tuladha parikan kang dumadi 2 gatra!
4. Ukara ing ngisor kiye gantinen nganggo basa Krama Alus/ andhap!
a. Bapak ora bisa mlaku merga lara sikile.
b. Budi diparingi arta karo Bapak supaya diwenehna marang Pak Guru
5. Tan mupakat ing patang prakara.
Ukara ing dhuwur tulisen nganggo aksara jawa!

Anda mungkin juga menyukai