Anda di halaman 1dari 10

KEMENTERIAN AGAMA REPUBLIK INDONESIA

KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN BANJARNEGARA


FORUM KOMUNIKASI MADRASAH TSANAWIYAH BANJARNEGARA
Alamat : Jalan Tentara Pelajar No.44, Kabupaten Banjarnegara Telp.0286-591112
Website : banjarnegara_kemenag.go.id E-mail : kabbanjarnegara@kemenag.go.id

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GASAL


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal :


Kelas : VIII Pukul :

PETUNJUK PENGERJAAN SOAL


1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal!
2. Isikan identitas diri pada lembar jawab yang telah tersedia!
3. Kerjakan soal dengan percaya diri, jujur dan tidak bekerjasama dengan yang lain!

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih aksara A, B, C, utawa D kang kokanggep bener!

Gatekna kolom ing ngisor iki!


1. Crita kang ana gegayutane karo kedadeane sawijing panggonan.
2. Crita kang nyeritakake jin, setan, lan lelembut.
3. Crita kang nyeritakake kewan kang bisa guneman kaya manungsa.
4. Crita kang ana gegayutane karo pahlawan.

1. Manut pranyatan ing dhuwur, tegese legendha kang bener ditudhuhake ing nomer ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

Gatekna kolom ing ngisor iki!


1. Sifate lesan
2. Sifate turun temurun
3. Dingerteni pangriptane
4. Ngandhut nilai-nilai luhur
2. Manut pranyatan ing dhuwur, titikane legenda kang ora bener ditudhuhake nomer ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


Gatekna kolom ing ngisor iki!
A Mula Bukane Rawa Pening E Nyi Roro Kidul
B Asal Mula Danau Toba F Mula Bukane Banjarnegara
C Mula Bukane Semarang G Asal Mula Gunung Tangkuban Prau
D Kancil Nyolong Timun H Mula Bukane Gunung Slamet
3. Manut kolom ing dhuwur, legendha kang asale saka Jawa Tengah ditudhuhake nomer ....
A. A, B, C, G
B. A, C, F, H
C. E, F, G, H
D. C, D, F, H
4. Saben karangan/ karya sastra nduweni unsur intrinsik. Legenda uga nduweni unsur intrinsik. Ing ngisor
iki kang kalebu unsur intrinsik legenda yaiku ....
A. Tema, alur, amanat, sinopsis
B. Paraga, alur, sinopsis, latar
C. Latar, alur, sinopsis, tema
D. Tema, latar, paraga, amanat

Wacan kanggo nomer 5-7!


Lakune Kyai Pandhanaran tumuju Jabalekat tansah keri kepara rada adoh. Nyai Pandhanaran
tansah sambat mlaku adoh ditinggal kakunge. Penggalihe ngrantes apa kakunge wis lali karo garwane.
Ngendikane “Ki Ageng Boya Lali karo aku?”. Sarehne bola-bali disebut asmane mula Kyai
Pandhanaran krasa penggalihe. Papan mau banjur dijenengi boya lali, suwe-suwe dadi Bayalali, banjur
Boyolali.
5. Wacan ing dhuwur nyeritakake kedadeane tlatah ....
A. Kyai Pandhanaran
B. Nyai Pandhanaran
C. Boyolali
D. Boya lali
6. Latar panggonan kang trep manut wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Tumuju Jabalekat
B. Sawah
C. Kali
D. Kebon
7. Ing wacan dhuwur ana tembung garwane. Tembung garwa tegese ....
A. Rayi
B. Kakang
C. Bapak
D. Bojo
Gatekna wacan ing ngisor iki!

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


Dumadine Candhi Rara Jonggrang
Kacarita, Bandhung Bandawasa sawise kasil merjaya PrabuBoko, banjur nguwasani Kraton
Prambanan lan mandeg dadi Ratu ing kono. Bandhung gumun banget sawise nitip riksa kahanan
Kraton saisine. Malah nalika mlebu ing taman kaputren Kraton Prambanan. Bandhung Bandawasa
nandang kasmaran marang Rara Jonggrang, yaiku putrine Prabu Boko sing nembe waed iperjaya
Bandhung.
8. Pranyatan kang bener miturut teks wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Bandhung Bandawasa ora kasil mateni Prabu Boko.
B. Bandhung Bandawasa nandang tresna marang Rara Jonggrang.
C. Bandhung Bandawasa putrane Prabu Boko.
D. Rara Jonggrang kasmaran karo Bandhung Bandawasa.
9. Tembung sing dirangkep mung wanda (sukukata) paling ngarep. Pranyatan kasebut kalebu tegese
tembung ....
A. Dwipurwa
B. Dwilingga wantah
C. Dwilingga semu
D. Dwilingga salin swara

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!


I Bocah kelas VIII MTs padha pinter-pinter.
II Sesuk arep ulangan Basa Jawa, pramila saiki Paijo bola-bali mbukak buku.
III Bapak saweg dhahararem-arem.
IV Para tetuwa ing dhesaku wis padha seda.
10. Saka tuladha tembung rangkep ing dhuwur, kang kalebu tuladha tembung dwilingga salin swara
ditudhuhake nomer ....
A. I
B. II
C. III
D. IV

Gatekna wacan ing ngisor iki!


Nalika dina Ahad ngepasi dina libur sekolah, aku mlaku-mlaku bareng kanca-kanca menyang
alun-alun. Aku mlaku alon-alon karo geguyon karo kanca-kanca. setibane ing alun-alun aku tumbas
jajanan pasar arupa gethuk, ondhol, arem-arem, lan ondhe-ondhe. Kabeh jajanan mau regane murah tur
enak. Sawise maem jajan, aku lan kanca-kanca mlayu-mlayu ngubengi alun-alun kareben awake sehat.
Aku seneng bisa mlaku-mlaku karo kanca batirku. Pas jam sanga esuk, aku lan kanca-kanca bali
menyang omah. Tekan omah aku langsung ngrewangi ibu reresik latar.
11. Saka wacan dhuwur, kang kalebu tembung dwilingga semu yaiku ....
A. mlaku-mlaku, alun-alun, reresik

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


B. mlaku-mlaku, kanca-kanca, geguyon
C. alun-alun, alon-alon, mlayu-mlayu
D. alun-alun, arem-arem, ondhe-ondhe
12. Pupuh utawa tembang kang ana ing Serat Wulangreh cacahe ana ….
A. 11
B. 12
C. 13
D. 14
13. Cacahing wanda saben sagatra diarani ….
A. Guru wilangan
B. Guru gatra
C. Guru lagu
D. Guru sastra
14. Jumlah pada tembang Gambuh ing serat wulangreh cacahe ana ... pada.
A. 15
B. 16
C. 17
D. 18
15. Watake tembang Gambuh yaiku ….
A. Wani, galak
B. Kesengsem, wani
C. Luwes, nyenengake
D. Grapyak, semanak

Kangge mangsuli pitakenan no 16 -19!


TembangGambuh
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.
16. Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku ....
A. 8a, 12i, 8i, 7o
B. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
C. 8u, 12u, 10i, 6u, 6o
D. 8a, 12 i, 11a, 8u, 8i
17. Guru gatrane tembang ing dhuwur yaiku ana ….
A.7

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


B. 6
C. 5
D.4
18. Isine tembang ing dhuwur yaiku ....
A. Ajaran kanggo wong supaya niru piwulang kang awon
B. Ajaran kanggo wong supaya niru piwulang kanga becik
C. Ajaran kanggo wong supaya niru piwulang kaum miskin lan pangkate cilik
D. Ajaran kanggo wong supaya ora niru piwulang kang becik
19. Tembung Tutur ana ing tembang ing dhuwur tegese yaiku….
A. Aturan
B. Nasehat
C. Prentah
D. Piwulang
20. Tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese kang lumrah dianggo bebaregan diarani
tembung ….
A. Tembung Saroja
B. Tembung entar
C. Tembung rurabasa
D. Tembung lingga

Gatekna table ing ngisor iki!


1. Abang mbranang 4. Ayem tentram
2. Gedhe endhase 5. Adang sega
3. Guyub rukun 6. Dhuwur kencur
21. Saka pranyatan ing dhuwur kang kalebu tembung saroja yaiku ana ing nomer ….
A. 1, 3, lan 4
B. 1, 2, lan 4
C. 3, 4, lan 5
D. 4, 5, lan 6
22. Urip karo tangga … kudu nduweni tepa slira.
Tembung kang pas kanggo ngisi pranyatan kasebut yaiku .…
A. Rukun
B. Teparo
C. Mulya
D. Wibawa
23. Laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan disiyarake kanthi cepet lumantar radhiyo,
tivi, internet, lan medhiya liyane diarani ....
A. Paraga
B. Sandiwara

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


C. Pariwara
D. Pawarta
24. Pawarta iku bisa digiyarake utawa disiyarake lumantar media elektronik lan media cetak (awujud
tulisan). Ing ngisor iki kang kalebu media elektronik yaiku ....
A. Tabloid
B. Kalawarti
C. Radhiyo
D. Ariwarti
25. Kang kalebu unsur pawarta yaiku ....
A. 5W+1H
B. 5W+1W
C. 5H+1H
D. 5H+1W
26. Sipat pawarta kang becik yaiku ....
A. Aktual, faktual, ruwet, narik kawigaten
B. Aktual, faktual, angel dimangerteni, cekak
C. Aktual, faktual, wigati, narik kawigaten
D. Aktual, faktual, obyektif, angel dimangerteni

Wacan kanggo mangsuli pitakenan nomer 27-29!


Tari budhalan melu ngregengake (ind: meramaikan) acara “ Solo Nari 24 Jam’’ kanggo mengeti Hari
Tari Sedunia. Cacahe 400 penari saka enem sanggar lan pelajar ing kutha Solo rame-rame padha nganggo
kostum wayang lan padha gawa panah, maragakake (ind: menampilkan) tarian Budhalan ing ngarep kantor
Bank Indonesia lan balai kota Solo, Senen (29/4/13).
Tari Budhalan dadi pratandha utawa tetenger majune kutha Solo lan karya seni tari ing kutha Solo.
Kang nari cacahe atusan iku asale saka sanggar seni, kayata Sanggar Suryo Sumirat, Sanggar Sarwi
Budaya, Sanggar Semarak Chandra Kirana, Sanggar Arlangga dan Sanggar Meta Budaya.
27. Ancas kang dianakake acara Solo Menari 24 Jam yaiku ....
A. Kanggo mengeti ambal warsakutha Solo
B. Kanggo mengeti Hari Tari Sedunia
C. Kanggo nguri-uri tari Budhalan
D. Kanggo mengeti ambal warsa Bank Indonesia
28. Tari Budhalan ditindakake dening ....
A. Para penari
B. Ketua sanggar
C. Para pelajar
D. Para penari lan pelajar
29. Para penari lan pelajar maragakake tari Budhalan nalika ....
A. Dina Selasa 29 April 2013

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


B. Dina Setu 29 April 2013
C. Dina Senen 29 Maret 2013
D. Dina Senen 29 April 2013
30. Unen-unen kadadeyan saka tembung kahanan lan tembung aran sing duwe teges mbangetake, nanging
tembung kuwi ngemu teges kosok balen karo sing dikarepakeiku diarani tembung ….
A. Tembung saloka
B. Tembung sanepa
C. Tembung saroja
D. Tembungrurabasa.
31. Tuladhane tembung sanepa sing bener yaiku ….
A. Endhepdhuwur
B. Gagahprakosa
C. Legibratawali
D. Jerbasukimawabea
32. Aku duwe kanca jenenge Badrun, awake kuru semangka. Tembung kuru semangka ndhuweni teges….
A. Lemu
B. Gering
C. Pinter
D. Bodho
33. Utange … wulu kucing. Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku….
A. Arang
B. Polah
C. Dedege
D. Playune

Wacan kanggo mangsuli pitakenan nomer 34 –36!


Gatekna tuladha pesen ing ngisor iki!
Yoga : “ Sugeng dalu, Bu.”
Bu Candra : “ Iya Nang. Arep ning endi bengi-bengi wis jam pitu ngene?”(1)
Yoga : “ Badhe dhateng griya kanca kula Santo, Bu.”
Bu Candra : “ Ana prelu apa?”
Yoga :” Badhe belajar kelompok, Bu. Punika wonten tugas saking guru kula”
Bu Candra : “ Lah sapa bae sing arep kerja kelompok?”(2)
Yoga : “ Namung kula, Sapto lan Santo”
Bu Candra : “ Ya Nang, Sing ati-ati, amarga iki wayah wengi. Mengko yen anggone garap
tugas wis rampung, enggal bali aja mampir menyang ngendi-ngendi, amarga
ngesuk sekolah mengko mundhak ngantuk.”(3)
Yoga : “ Inggih, Bu. Kula pamit rumiyin. Assalamualaikum.”(4)
Bu Candra : “ Waalaikumsalam.”
34. Miturut pacelathon ing dhuwur papan panggonan Yoga lan Bu candra ana ing ….
A. Umah
B. Lapangan
C. Kebon

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


D. Pasar
35. Miturut pacelathon ing dhuwur Yoga arep menyang ….
A. Umahe Sapto
B. Umahe Santo
C. Umahe Sinta
D. Umahe Santi
36. Ukara kang nudhuhake pesen saka pacelathon ing dhuwur yaiku nomor ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
37. Bisa ditegesi mekas utawa meling marang wong liya kanggo kapreluane tartamtu (Mangunsuwito,
2002:178) tegese saka ….
A. Tanggap wacana
B. Sesorah
C. Pesen
D. Wara-wara

Kanggo mangsuli pitakenan nomor 38!


1. Nothok lawing kanthi seru
2. Sandhangan panganggo sopan
3. Pilih wektu kang pas
4. Mlebu omah ora salam
5. Lungguh kanthi sopan sawisi sing ditemoni ngaturi lungguh

38. Miturut pratelan ing dhuwur kang kudu digatekake nalika atur-atur yaiku ….
A. 1, 2, 3
B. 2, 3, 4
C. 3, 4, 5
D. 2, 3, 5

Wacan soal nomer 39 – 41!


Nuwun sewu Bapak, kula sowan ngriki minangka utusan saking Bapak Yoga, bilih Bapak
Santosa kasuwun rawuh benjang dinten Minggu dalu, surya 10 Agustus 2021, wanci 20.00 WIB
saprelu rapat panitia mantenan. Cekap semanten,matur nuwun.

39. Miturut tuladha atur-atur ing dhuwur, kang kagungan hajat yaiku ….
A. Bapak Santosa
B. Bapak Yoga
C. Bapak Heru
D. Bapak Naji
40. Miturut pratelan atur-atur ing dhuwur, Pak Santosa tindhak ing ndaleme bapak Yoga dinten ....
A. Minggu dalu
B. Minggu, 10 Agustus 2021 siyang
C. Minggu, 10 Agustus 2021 dalu
D. Minggu, 10 Agustus 2021 sore
41. Wosing/isi saka atur-atur ing dhuwur yaiku ….
A. Panitia supitan
B. Panitian mantenan
C. Panitia kedhuren
D. Panitia pengajian
42. Basa kang digunakake atur-atur ana ing dhuwur yaiku ....

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


A. krama
B. ngoko
C. ngoko lugu
D. madya

Gatekna tuladha ana ing ngisor iki!

Kabeh bocah kelas VIII MTs Sukamaju suapaya upacara HUT Kemerdekaan RI tanggal 17 Agustus
2022 jam 07.00 ing lapangan Kasmaran , nganggo seragam OSIM lengkap.
43. Miturut teks ing dhuwur basa kang digunakake yaiku....
A. ngoko alus
B. ngoko lugu
C. krama
D. krama alus
44. Yayu : “ Ibu ... peken kapan?”
Ibue Yayu : “ Ngesuk Nduk, piye”
Yayu : “ Kula ... rasukan pethak bu,”
Ibue Yayu : “ Iya Nduk.”
Tembung kang pas kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
A. tindhak, tumbasake
B. tindhak, mudhut
C. kesah, tumbas
D. kesah, mudhut

45. Aksara legena urutan kaping 5 wujude yaiku ....


A. n
B. c
C. a
D. k

46. j+ Aksara rekan kasebut unine ....


A. Kha
B. Za
C. Dza
D. Gha
47. ?k+lip+hmznB[kSo.
Ukara ing ndhuwur kang oleh sandhangan taling tarung yaiku ....
A. Ka
B. Kha
C. Na
D. Sa

48. ?kfluw/sktutuh. Ukara kasebut unine ....


A. Kadal tuwa saka tutur
B. Kadal mati luwih pitu
C. Kadaluwarsa katutuh
D. Kadaluwarsa tutupe

49. ?sek/ ...pi=ctu/.


Aksara kang trep kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
A. p=ku/
B. fu/m

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022


C. kinnTi
D. gmB|h
50. Nagari Indonesia mardhika ing tahun ....
A. ;2000;
B. ;1900;
C. ;1950;
D. ;1945;

“ Sugengmakarya”

PAS GASALKelasVIII/MTs/ 2021/2022

Anda mungkin juga menyukai