Anda di halaman 1dari 8

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Hari, Tanggal : Sabtu, 20 Maret 2021

Kode : K – 13 Waktu : 90 Menit


Kelas : IX (Sembilan) Pukul : 08.45 –10.15 WIB
Perhatian : 1. Semua jawaban dikerjakan pada lembar jawab yang tersedia
2. Nama/ Nomor peserta ditulis pada sudut kanan atas lembar jawab
3. Gunakan waktu yang tersedia dengan sebaik-baiknya

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki, kanthi milih A, B, C utawa D kang


bener, sarana menehi tandha ping () ana ing lembar wangsulan!

1. Puisi Jawa anyar/modheren sing ora kaiket paugeran diarani….


A. tembang C. gancaran
B. geguritan D. saloka

Pejah
Bisa teka kapan wae
Ora tepang panggon
Ora tepang yuswa
Kabeh manungsa bakal ngalami
Mula urip kudu ngati- ati
Aja nganti tumindak ala
Aja nganti sembrana
Nalika pejah ragamu bakal cilaka

2. Geguritan kasebut kalebu geguritan jinis ....


A. lawas C. kuna
B. biyen D. anyar
3. Ing ngisor iki kang nuduhake tata carane nulis geguritan kajaba ....
A. nemtokake jumlah gatrane
B. gawe cengkorongan /kerangka karangan
C. nemtokake tema kang arep dirembug
D. milih tetembungan kang mentes,endah lan cekak
4. Paugeran maos geguritan ingkang wigati lan kedah dipunwigatosaken, kajawi ….
A. wicara, wiraga
B. wirasa, wirama
C. wigata, wisata
D. wirama, wicara

1
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
Geguritan kangge no 5
Guru
Dhuh… para guru
Sajak sepi…
Meneng tanpa sapa aruh
Ora tepung
Ora nyambung
Tembang Jawa wis kecemplung
Kecemplung jroning kedhung
Jero…
Silep…klelep…konclep
Tan bisa nyuwara

5. Tembung guruwonten geguritan ing dhuwur gadhahi dasanamane yaiku ....


A. siswa C. gulawentah
B. dwija D. pawiyatan

Geguritan kangge no 6-7


Corona

Corona...
Ora ngetok nanging medeni
Ora krungu nanging mateni
Lara sing ora di sengaja
Nanging ndadekake perkara
Corona…
Ing ngendi-ngendi kowe ono
Ora ing kene,ora ing kono
Prasasat sak indhenge ndunyo
Sahingga ekonomi ora tata
Corona...
Nganti kapan kowe dadi perkara
Nyiksa manungsa sak prana-prana
Nganti di usung kereta jawa

6. Miturut isi geguritan wabah penyakit menika dipunwastani….


A. Virus Flu burung C. Virus Corona
B. Penyakit kaki gajah D. Demam berdarah
7. Prasasat sak indhenge ndunyo dadosaken manungsa sami ngraosaken ....
A. ekonomi boten tumata C. tentrem kauripanipun
B. bungah ing manahipun D. raharja lir sambekala
8. Ingkang boten kalebet kasil karya Sri Susuhunan Pakubuwana IV inggih punika ....
A. Durma C. Parikan
B. Gambuh D. Dhandhanggula

2
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
Tembang Durma kangge no 9-14
Apan ana sesiku telung perkara
Nanging gedhe pribadi
Puniki lilira
Yokang telung prakara
Poma ywa nggunggung sireki
Sarta lan aja
Nacad kepati-pati

9. Tembang Durma punika basa ingkang dipunginakaken inggih punika …


A. Basa Jawa modern dipunseseli basa Sansekerta
B. Basa Jawa lawas dipunseseli basa Jawa Modern
C. Basa Jawa Anyar dipunseseli basa Jawa krama alus
D. Basa Jawa Anyar dipunseseli basa Jawa Kuna (kawi)
10. Manungsa ingkang sipatipun galak lan muntap menika sami watakipun tembang ….
A. Durma C. Asmaradhana
B. Gambuh D. Dhandhanggula
11. Cacahipun gatra utawi larik wonten tembang Durma inggih punika ….
A. ;7; C. ;9;
B. ;8; D. ;10;
12. Guru wilangan lan guru lagu tembang Durma inggih punika….
A. 12a,7i,6a,7a,8i,6a,7i C. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
B. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i D. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
13. Miturut tembang Durma wonten tigang prakawis ingkang kedah dipuntilar, kejawi ….
A. ampun ngece C. ampun lumo
B. ampun gumedhe D. ampun maido
14. Piwulang utawi isi tembang Durma ngrembag babagan….
A. Cara nemtokaken dwija
B. Cara ngawula dhumateng Raja
C. Cara ngendhalekaken hawa nepsu
D. Cara srawung utawi pados rencang
15. Pidhato wonten basa jawi saged dipunwastani ....
A. Sesorah C. Pacelathon
B. Pariwara D. Geguritan
16. Damel tiyang bungah manahipun ingkang kersa midhangetaken isi sesorah kalebet
satunggaling ancas,inggih menika….
A. Paring pakabaran C. paring panglipur
B. Paring panyaruwe D. paring panjurug
17. Njentrehaken idhe utawi pokok pikiran awujud tembung-tembung dipunngendikaken
wonten ngajeng tiyang kathah dipunwastani ….

A. Ambal warsa C. Pariwara


B. Pawarta/ berita D. Sesorah/ pidhato

3
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
Wigatosaken perangan utawi struktur sesorah punika!
1. Surasa basa 4. Wasana basa
2. Salam pambuka 5. Salam panutup
3. Purwaka basa

18. Urut–urutanipun perangan sesorah ingkang leres inggih punika....


A. 1-2-3-4-5 C. 2-3-1-5-4
B. 2-3-1-4-5 D. 5-4-3-2-1
19. Ingkangmboten kalebet tata cara sesorah inggih punika ….
A. ngapalaken C. mencla mencle
B. maos naskah D. beta catetan cilik
Teks sesorah kangge soal no 20-21

Pidhato Wakil Kelas Sanga ing Adicara Perpisahan


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun.
Bapak/Ibu Kepala Madrasah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih,
awit ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saengga
saged makempal ing punika palenggahan kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban
anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken
manah.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula
ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

20. Miturut teks sesorah ingkang kalebet atur pakurmatan inggih punika ….

4
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
A. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing
wekdal punika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saengga saged
makempal ing punika palenggahan kanthi pinaringan karaharjan.
B. Bapak/Ibu Kepala Madrasah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru
saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani.
C. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
D. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa
ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

21. Sesorahwonten nginggil ingkang kalebet surasa basa/ isi, inggih punika ....
A. Paragraf 1 C. Paragraf 2
B. Paragraf 4 D. Paragraf 3
22. Drama nunggal teges sami kaliyan ….
A. Sesorah C. Sandiwara
B. Pacelathon D. Geguritan
23. Cariyos ingkang awujud rerangkening adhegan-adhegan utawi rantaman lakon drama
dipuwastani ….
A. rurabasa C. kratabasa
B. skenario D. gaya bahasa

Babagan tata cara nyerat drama !


1. Ngedit naskah
2. Nemtokake latar
3. Nemtokake konflik
4. Nemtokake paraga/tokoh
5. Nyusun urutan prastawa sababak/alur

24. Urut – urutanipun nyerat drama ingkang leres inggih punika....


A. 3-5-4-2-1 C. 2-3-1-5-4
B. 2-3-1-4-5 D. 5-4-3-2-1

Teks Drama kangge soal no 25-30


KRINGGG! KRINGGG! KRINGGG!
Adin : “Akh, wis bel, ya tinggal wae Adel.”
Fahri : “Ha’a, ndhak Pak Sugeng selak mlebu klas.”
Angganie, Adhin : “Ya, yo.”
Angganie, Adhin, lan Fahri mlaku menyang kelas ninggal Adel sing isih jajan. Sawise
bocah telu kuwi mau mlaku tekan ngarep TU, Adel mlayu-mlayu neng mburine sinambi
mangan lan facebook-an. Wektu kuwi Adel wis dielingake menawa aja mangan karo
facebook-an, nanging Adel tetep mangan lan facebook-an sinambi mlaku. Sawise bocah
papat kuwi mau ninggal Adel. Saka undhak-undhakan ana swara “grobyakkkkkk”.

5
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
Angganie : “Swara apa kuwi?”
Adin : “Ya paling wong tiba.”
Fahri : “Husss aja ngono ta, nek tenan rak ya mesake ta?”
Angganie : “Coba, ayo ditiliki!”
Bocah telu kuwi mau banjur tumuju swara sing dirungu mau.
Adin : “Wooooooo lhaa rak tenan, Adel tiba. Mulane dikandhani ki manut!”
Angganie : “Ya Allah, kowe ki lho Din, kancane tiba kok malah diseneni,
tulungi pa piye!”
Fahri : “Malah eyel-eyelan, ayo!”
Adin & Angganie : “Napa?”
Fahri : “Nulungi ta ya!”
Adel : “Aduuhhh, lara banget awakku!”
Adin : “Mulane nek dikandhani ki manut, saiki kena akibate dhewe ta?”
Adel : “Iya aku insyaf. Eh HP-ku neng ngendi. Aku upload status foto je!”
Fahri : “Adhuuuuhhh.... wis tiba isih mikirke Hape, Facebook-an, ckckck,
gumun aku!”
Angganie : “Wislah tanganmu tatune akeh, gawa neng rumah sakit wae, HP-mu
diikhlaske wae!”
Fahri : “Isih wae ngguyu. Mulane nek mangan karo Facebook-an aja
sinambi mlaku.Akibate lara nyasar tekan rumah sakit ta! HP-mu ya
dadi kurban melu tiba.”
Adel : “Ya wis aku ngaku salah.”
Angganie : “Wis ndang digawa neng rumah sakit wae.”
Sawise kuwi bocah papat mau njupuk hikmahe. Mlaku kuwi yen ditindakake kanthi
bener bisa nguntungake awake dhewe lan sing paling penting aja mlaku karo disambi liyane,
upamane mangan karo Facebook-an. Bab iku bisa gawe cilake awak lan Handphone bisa
katut dadi kurbane.
25. Drama punika nuduhaken tumindak ingkang awon inggih punika ….
A. Mangan jajanan sinambi lenggah
B. Mangan jajanan sinambi donga
C. Mangan jajanan sinambi HP lan Facebook-an
D. Mangan sinambi mlaku dolanan HP lan Facebook-an
26. Watakipun Adel wonten ing drama punika ….
A. grapyak marang kanca C. sregep anggone sinau
B. dikandani boten manut D. seneng kekancan
27. Saka undhak-undhakan ana swara “grobyakkkkkk”. Tegesipun inggih punika …
A. Wonten tiyang nangis C. wonten tiyang dhawah
B. Wonten tiyang seda D. wonten tiyang semaput
28. Pungkasaning cariyos Adel dipunbeta dhateng ….
A. Puskesmas C. Klinik
B. Rumah Sakit D. Posko kesehatan
29. Papan panggonan nalika bocah 4 jajan wonten ing ….
A. Ruang TU C. warug
B. Kantin sekolahan D. Rumah Sakit

6
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
30. Piweling ingkang sae saged kapundut dudutanipun drama punika ….
A. Sinau ingkang sregep
B. Boten angsal milih-milih kanca
C. Jaga karesikan badan sarira niku langkung sae
D. Mlampah niku menawi katindakaken kanthi sae saged nguntungaken kita kiyambak
lan ingkang wigati ampun mlampah kaliyan sinambi sanesipun
31. Aja lali yen lunga ning ngendi wae ngaggo masker. Ukara punika menawi dipungantos
basa krama alus dadosipun….
A. Ampun lali menawi kesah wonten pundi mawon mbeta masker
B. Ampun kesupen menawi tindak wonten pundi mawon mbeta masker
C. Ampun kesupen menawi tindak wonten pundi kemawon ngagem masker
D. Ampun kesupen menawa kesah wonten pundi kemawon ngagem masker
32. Bapaku lagi maca koran lan adhiku lagi maca puisi. Krama alusipun inggih punika ….
A. Bapak kula nembe maos koran lan adhi kula nembe maca puisi
B. Bapak kula nembe maos kalawarti lan adhi kula maca geguritan
C. Bapak kula nembe maos kalawarti lan adhi kula nembe maos puisi
D. Bapak kula nembe maos Koran lan adhi kula nembe maos geguritan
33. Pakdhe nembe gerah waja ngantos boten saged dhahar marneng jagung. Ukara kasebut
dipungantos dados ngoko lugu inggih punika ….
A. Pakdhe lagi sakit untu nganti ora isonedha marneng jagung
B. Pakdhe lagi lara untu nganti ora iso mangan marneng jagung
C. Pakdhe nembe lara untu nganti ora iso nedha marneng jagung
D. Pakdhe nembe sakit untu nganti ora iso dhahar marneng jagung
34. Ibu tuku klambi gamis ana ing Butik. Ukara menika ngoko alusipun ….
A. Ibu tumbas klambi gamis wonten Butik
B. Ibu tumbas rasukan gamis wonten Butik
C. Ibu mundhut klambi gamis ana ing Butik
D. Ibu mundhut rasukan gamis ana ing Butik

Danang : “ Kula nuwun”


Pak Jono : “ Mangga. Oh…Danang, ana wigati apa, Nang. Kadingaren dolan
mrene?”
Danang : “ ….……………………”
Pak Jono : “ Oh ya, matur nuwun.”
Danang : “Nggih sampun, Pak. Kula nyuwun pamit, nuwun.”
Pak Jono : “ Mangga-mangga.”

35. Ukara ingkang trep kangge ngisi titik-titik ing nginggil kasebat inggih punika ….
A. Arep ngaturi undangan pengajian
B. Badhe paring undangan pengajian
C. Arep menehi undangan pengajian

7
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021
D. Badhe ngaturaken undangan pengaosan

36. Sedina iku ana 24 jam. Aksara Jawanipun….


A. ?sefinaikuan;24;jm¿.
B. ?sefisaikuan;25;jm¿.
C. ?sefisaikuan;24;jm¿.
D. ?sefinaikuan;25;jm¿.
37. Tembung “Wasis basa marang wong tuwa” menawi dipunsalin aksara jawa
wujudipun….
A. ?wsisBsjw. C. ?wsisBsmr=sefy.
B. ?wnimr=[w=otuw. D. ?wsisBsmr=[w=otuw.
38. ?a[yopd[go[lkHilM|.Menawi dipunserat latinipun inggih punika ….
A. Ayo padha golek ilmu C. ayo padha golek sangu
B. Aja padha gojegan ing dalan D. ayo padha sregep sinau

39. ?pid[tosmikliynTegesSipun\….
A. priwr C.se[sorh
B. pw/t D. geguritTn\
40. ?[p]op+inSijwtezhf+iki/bx=.
Aksara latinipun inggih punika....
A. Provinsi Jawa Tengah dikir sareng
B. Provinsi Jawa Tengah dzikir bareng
C. Provinsi Jawa Timur dikir sareng
D. Provinsi Jawa Timur dzikir bareng

8
SOAL PAT/GENAP/BASA JAWA/TP 2020-2021

Anda mungkin juga menyukai