Anda di halaman 1dari 10

PEMERINTAH DAERAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA


SMA NEGERI 1 NGAGLIK
Jalan Yogya-Pulowatu Donoharjo, Ngaglik, Sleman. Yogyakarta 55581
Telepon: (0274) 4360378, Faksimilie (0274) 4360378
Website : www.sman1ngaglik.sch.id Email : ngaglik_satu@yahoo.com

UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL


TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Program : IPA/IPS
Hari , Tanggal : Senin, 26 Maret 2018
Waktu : 10.00 – 12.00

A. Pitakènan menika kawangsulana kanthi milih A, B, C, D utawi E minangka


wangsulan ingkang leres lan laras kaliyan kawontenanipun!
Waosan 1, pawarta kangge mangsuli pitaken nomer 1-3

Gunung Kidul wektu iku nembe moncer dadi papan plesiran. Saben dina prei, para
wisatawan lokal lan manca negara padha enggar-enggar penggalihe ing Gunungkidul,
mligine ing gisiking samudra kang jembar. Bab iki (2) .......... penghasilan daerah saka
industri pariwisata nalika dikertaaji pranyata mundhak tikel tekuk. Mula ora mokal yen
Gunungkidul banjur yasa slogan mapag tumbuk yuswa 186 taun, yaiku “Kabupaten
Gunungkidul Unggul, Kita Bangun Potensi Pariwisata yang Berbudaya Menuju Masyarakat
yang Maju dan Sejahtera”.
“Sempulur”, September 2017
Kanthi ewah-ewahan sawetawis

1. Tembung moncer ingkang kaserat wonten teks pawarta, mengku teges ingkang sami kaliyan
tembung....
A. okeh
B. endah
C. misuwur
D. rame
E. sepi

2. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara wonten waosan 1, inggih menika ....
A. njalari
B. amargi
C. nanging
D. nyandhet
E. ngewuhake

3. Wosan 1, teks pawarta menika nyariosaken babagan ....


A. Kabupaten Gunungkidul ingkang mengeti tumbuk yuswa 186 taun
B. Kabupaten Gunungkidul kondhang dados papan plesiran
C. Gisiking pesisir ing tlatah Gunungkidul ingkang wiyar
D. Mindhaking penghasilan daerah saking asiling tumbuk yuswa
E. Para wisatawan manca yasa sloganipun tlatah Gunungkidul

Waosan 2
Kawaosa geguritan menika!
....
pedah apa dadi siswa limpad, lamun ora ngerti adat
pedah apa dadi siswa wegig, lamun tata kramane njepat
pedah apa dadi siswa wasis neka basa, lamun ora ngerti basa ibu
basa kang wigati diudi murih siswa awatak luruh
tata kramane mungguh.

Bambang Nursinggih, 2018. Kawuryan, “Pedah Apa”.


Yogyakarta: Sinar Pengetahuan

1
4. Salebeting pethilan geguritan wonten waosan 2, ingkang kalebet watak luruh, inggih menika
...
A. sabar
B. kendel
C. trengginas
D. brangasan
E. grusa-grusu

5. Piwucalan ingkang saged dipuntuladhani saking pethilan geguritan wonten waosan 2, inggih
menika ....
A. nyinau basa ibu saged ndadosaken para mudha awatak luruh
B. wegig bab basa manca boten kedah nyinau tata krama
C. para siswa kasuwun nilaraken basa ibunipun
D. para ibu kedah paring pitedah babagan basa manca
E. para siswa kedah nggladhi kawasisanipun bab neka basa

6. Salebeting cariyos Mahabharata, putranipun Pandhu Dewanata kalihan Dewi Madrim, inggih
menika....
A. Puntadewa, Werkudara
B. Gathotkaca, Pregiwa
C. Nakula, Sadewa
D. Wisinggeni, Abimanyu
E. Rahwana, Kumbakarna,

7. Putra cacah satus saking Prabu Destarastra kalihan Dewi Gandari ingkang kawastanan
Kurawa, salah satunggalipun inggih menika estri, ingkang katelah .....
A. Dewi Drupadi
B. Dewi Sumbadra
C. Dewi Dursilawati
D. Dewi Srikandhi
E. Dewi Kunthi

8. Paraga wayang menika kawentar kanthi nama ...


A. Semar
B. Togog
C. Gareng
D. Bilung
E. Bagong

Waosan 3
Kawaosa tembang macapat menika kanthi setiti!

Pantes tetep atut runtut


Rentang-renteng siyang ratri
Rantab-rantab reruntungan
Tan ana renganing ati
Kadya mimi lan mintuna
Wit donya tumekeng akir

9. Cakepan wonten waosan 3, kalebet jinising tembang macapat ....


A. pocung
B. sinom
C. gambuh
D. kinanthi
E. dhandhanggula

10. Salah satunggaling tembung wonten waosan 3, minangka dasanamaning bengi, inggih
menika ....
A. kadya
B. ratri
C. tan
D. siyang
E. tumekeng

2
11. Cakepan tembang wonten waosan 3, minangka pralambang......
A. tiyang ingkang tansah regejegan saben dinten
B. kluwarga ingkang nembe guyup rukun
C. tiyang ingkang tansah rukun
D. sesrawungan ingkang tansah ewah
E. pasedherekan ingkang nembe nemahi pacoban

12. Andharan menika ingkang kalebet jinising sekar macapat, inggih menika…
A. Durma, Sinom, Balabag
B. Mijil, Megatruh, Jurudemung
C. Asmaradana, Pangkur, Maskumambang
D. Girisa, Dhandhanggula, Pocung
E. Gambuh, Wirangrong, Kinanthi

Waosan 4, teks aksara jawa kangge mangsuli pitaken nomer 13

13. Wosipun waosan 4 inggih menika, ....


A. Buku-buku kapustakan Jawi wiwit warsa 1941 sampun angel pinanggih wonten toko-toko
buku
B. Wiwit warsa 1941 boten wonten percetakan ingkang kersa nyithak buku-buku bab
kabudayan Jawi
C. Buku basa Jawi menika wiwit warsa 1941, sampun saged dipunpanrangguli wonten toko
buku.
D. Sadangunipun warsa 1941, namung sekedhik tiyang jawi ingkang kersa maos buku-buku
basa Jawi
E. Buku-buku babagan kabudayan Jawi boten dipuncithak malih wiwit warsa 1941 dumugi
samenika

Waosan 5, cariyos mawi seratan aksara Jawa kangge mangsuli pitaken nomer 14 -16.

3
14. Paraga ingkang kacariyosaken wonten waosan 5, inggih menika ....
A. singa lan alas
B. alas lan wit-witane
C. manungsa lan alas
D. manungsa lan singa
E. singa lan mangsane

15. Saking waosan 5, bab ingkang njalari manungsa menika gampil anggenipun mejahi singa,
inggih menika ....
A. alas lan singa sami guyup rukun
B. singa boten pikantuk tedhan wonten alas
C. singa boten gadhah papan pandhelikan saleberting alas
D. alas nembe boten purun memitran kaliyan singa
E. singa kenging tombakipun manungsa

16. Piwucalan ingkang saged dipunpendhet saking waosan 8, inggih menika ....
A. singa menika tinitah minangka rajaning sato kewan
B. sesamaning titah menika kedah paring pangayoman antawis setunggal lan setunggalipun
C. alas kang gung liwang liwung menika paring pangayoman dhumateng pagesanganing
manungsa
D. kewan menapa kemawon saged gesang tentrem ayem salebeting alas.
E. manungsa menika tinitah kangge njagi lestarining alas

17. Andharan urut-urutaning utawi cengkoronganipun sesorah ingkang leres lan laras, inggih
menika ....
A. salam pambuka, bebuka, purwaka, wigatosing atur, pangajeng-ajeng, panutup
B. bebuka, salam pambuka, purwaka, wigatosing atur, pangajak lan panutup
C. salam, pambuka, purwaka, wigatosing atur, pangajak lan panutup
D. salam pambuka, purwaka, isi utawi wigatosing atur, pangajeng-ajeng lan panutup
E. salam, pambuka, panuwunan, purwaka wigatosinng atur, pangajeng-ajeng, panutup.

18. Amrih langkung resep utawi sae dipunpirsani, paraga sesorah saged migunakaken astanipun,
esemipun, ngadi sarira, ugi ngadi busana.
Wonten sesorah, bab menika kala wau gegayutan kaliyan ....
A. wicara
B. wibasa
C. wirama
D. wiraga
E. wirasa

Waosan 6
4
....
Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga
mugi-mugi SMA Negeri 1 Sembada langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang
migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Ngayoyakarta. Aamiin.

19. Pethilan sesorah salebeting waosan 6, minangka tuladha perangan....


A. pamuji syukur
B. wigatining sedya
C. dudutanipun sesorah
D. pangajeng-ngajeng
E. atur pakurmatan

20. “Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabektèn.
Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu, para kadang sepuh
anem, para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan.”

Andharan wonten tuladhaning sesorah, kalebet perangan .....


A. pamuji syukur
B. wigatining sedya
C. dudutanipun sesorah
D. pangajeng-ngajeng
E. atur pakurmatan

Waosan 7
Kawaosa kanthi setiti!
(1) Bapak saha Ibu Wiraguna
Jln. Kaliurang, Sleman Yogyakarta.

(2) Sembah sungkem,


(3) Lumantar serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah
ginanjar wilujeng nir ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng Gusti Allah
SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi makaten. Aamiin.

(4) Kejawi punika, ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi
rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken kanggé prabéya
sekolah. Tirahanipun kanggé nyekapi kabektahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula
ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhé tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing
berkah pangèstu mugi-mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang
saé. Aamiin.

(5) Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanès wekdal dipunsambet malih.
Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun
lumunturing samudra pangaksami.

(6) Surakarta, 26 Maret 2018


(7) Ingkang Putra

(8)

(9) Pramuji Wicaksana

21. Peranganing layang nomer 8, dipunwastani…….


A. Adangiyah
B. Purwaka
C. Peprenahan
D. Satata Basa
E. Nama terang

22. Ingkang boten kapanggihaken salebeting wosing layang iber-iber wonten waosan 8, inggih
menika …….
A. Sasampunipun ujian semester, Pramuji badhe mantuk nuweni tiyang sepuhipun
B. panyuwunipun P r a m u j i dhumateng Gusti Allah, kangge kawilujenganipun tiyang
sepuhipun

5
C. Pramuji nyuwun donga pangestu supados saged nglampahi tes semesteran kanthi sae
D. Pramuji ngaturi priksa bilih kintunan arta sampun katampi
E. Pramuji ngaturi uninga babagan kawontenanipun Pramuji.

Waosan 9, pethilan cerkak kangge mangsuli pitaken nomer 23 dumugi 24.


KEMBANG API

Warti lagi judeg. Amerga ditakoni wae dening Ardi, anake ontang-anting kang lagi
umur limang taunan kuwi.
“Mak, Bapak sesuk yen bakda bakal teka ya Mak?”
“Iya Le, bapak suk mben teka”, wangsulane kepeksa goroh kanggo ngayem-ayemi
atine Ardi.
“Asyik, aku suk malem bakda bisa dolanan kembang api karo Bapak, kaya Mbak Ade
karo Mas Riyan ya Mak?” tembunge sajak seneng banget, bayangne, mendah senenge
atine mengko bisa dolanan kembang api karo Bapake, kaya sedulur-sedulur misanane yen
angger wayah bakda Idul Fitri mesthi padha ketunggonan dening wong tuwane.
Warti ora wangsulan, mung manthuk karo ngunjukne kathok kolore Ardi sing rada
mlorot, banjur ngarasi pipine Ardi sing pating plenthu kaya bakpao kuwi. Mripate mbrabak
mbrebes mili, atine keranta-ranta merga ora ngerti apa sing lanang bakal bali tilik anak
bojone maneh apa ora.
Biyen patang tahun kepungkur, sing lanang minggat saka ngomah merga
ditundhung dening maratuwane lanang, ya bapake Warti dhewe. Nalika semana Ardi isih
umur sangang sasinan. Wartono sing rumangsa ketonyok atine merga diunek-unekake
dening maratuwane banjur minggat ninggal anak ninggal bojo, lunga mbuh menyang endi
juntrunge ora ana sing weruh, lan ora nate kirim kabar tekane saiki.
“Wong lanang kok mung klular-klulur, saben dina gaweane mung mangan-turu
mangan-turu wae! Anak bojo rak diopeni, sembarang kalir kari nyadhong. Mbok macul-
macul apa reresik kebon kana rak ya isa. Ngertia yen biyen kowe mung arep dadi panji
klanthung, sarjana rak gableg gaweyan, ra bakal Warti takwenehne kowe. Ra sembada karo
umukmu biyen. Jarene anake wong sugih blegedhu, anak pejabat. Pret. Endi buktine. Ra
gableg apa-apa, anak bojo ben dina sing nyandhangi sing makani kok isih aku! Wis kana
lungaa wae, timbang nyepet-nyepeti mripatku!”
……………………………………………………………………………………………………..

23. Sudut pandang (point of view) saking pethilan cerkak wonten waosan 9, inggih menika....
A. orang ketiga
B. orang ketiga terbatas
C. orang pertama sentral
D. orang ketiga serba tahu
E. orang pertama sebagai pembantu

24. Topik ingkang kapanggihaken wonten cerkak ing waosan 9, inggih menika....
A. Kahananipun tiyang ingkang saweg duka
B. Lare alit ingkang kangen kalihan ramanipun
C. Tiyang gesang kedah usaha pados sandang saha pangan
D. Lampahipun tiyang emah-emah ingkang nembe nandhang pacoban
E. Tanggel jawabipun para tiyang sepuh dhumateng putra-putrinipun

Waosan 10, cariyos pengalaman kangge mangsuli pitaken nomer 25

Ngedhemke Awak

Dina Selasa kepungkur aku mulih saka kantor sisan blanja ana ing pasar
Kotagede. Nukokke welingane anakku tuku semangka karo melon karemane.
Kebeneran nalika blanja ana ing pasar Kotagede, semangka karo melone wis
entek. Wadhuh, kudu nggolek ana ngendi maneh iki. Aku kelingan yen neng ngarep
Kantor Pos Kotagede ana bakul buah. Aku banjur mrana. Nalika tekan kana, bakule lagi
lunga, mula aku nunggu ana sandhing ATM sisih lor Kantor Pos. Nalika lagi nunggu kuwi,
ujug-ujug ana ibu karo putrane mlebu ATM. Ing ruang ATM ibu kuwi ora nggawa apa-apa
lan ketoke ya ora arep njupuk dhuwit. Nanging kok suwe ora metu-metu, kamangka sing
antri lumayan akeh. Bareng metu ibu kuwi ngendika ”Sorry ya mbak, aku lagi
ngedhemke awak, lumayan neng ruang ber-ac suejuk,” ngono kandhane karo klepat
lunga. Mangerteni kuwi,, kabeh sing padha nunggu mung isa mesem lan nggondhuk.

(Djaka Lodang 14 taun 2010,

6
Ayu Dewi Widowati, Kotagede)

25. Waosan 10, mujudaken satunggaling tuladha cariyos pengalaman ingkang sipatipun ....
A. nggegirisi
B. gumun
C. sedhih
D. njijiki
E. lucu

26. Arti : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”


Dina : “Durung Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”
Miturut unggah-ungguhing basa, pacelathon antawisipun Arti lan Dina, ngginakaken basa
jawa ....
A. ngoko
B. ngoko alus
C. krama inggil
D. krama alus
E. krama
27. Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’
Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”
Simbah : “Dani ana neng ....... ora?”
Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Dani tilem wonten ......... kancane.”
Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih
menika .....
A. griyane – omah – daleme
B. daleme – omah – griyane
C. daleme – omah – daleme
D. omahe – omah – omahe
E. daleme – griya – griyane
28. Ukara menika ingkang boten trep miturut unggah-ungguhing basa jawi, inggih menika ....
A. “Aku wis omong karo Pak Guru, jarene nganggo sragam iki wae ora apa-apa.”
B. “Pak Lurah, sowan kula mriki dipunutus bapak nyaosaken layang menika.”
C. “Ngendikane Bu Giyah, kowe mau ora sekolah ya Nok?”
D. “Sik ta, yen kowe wis njupuk, banjur sing durung sapa?”
E. “Aku wis ngerti kok Mas, wong ibu wingi wis ngendikan bab kuwi karo aku lan bapak.”

29. Upacara adat ingkang katindakaken rikala umur jabang bayi 35 dinten, inggih menika…
A. Brokohan
B. Puputan
C. Selapanan
D. Tedak siten
E. among-among
30. Salah sawijining perangan upacara adat panggih ngginakaken gantal minangka
ubarampenipun. Dene ingkang sinebat gantal, inggih menika .....
A. enjet
B. toya
C. suruh
D. wos
E. tebu
31. Salah satunggaling upacara salebeting upacara adat panggih inggih menika kacar-kucur,
minangka pralambang....
A. pinanganten kekalih menika karengkuh sami dening tiyang sepuh
B. bektinipun piyantun putri dhumateng garwanipun
C. tumangkepipun sih katresnaning penganten kekalih
D. pangabekting pinanganten kekalih dhumateng tiyang sepuhipun
E. tanggel jawabipun piyantun kakung ingkang nyekapi kabektahing kluwarga
32. Upacara adat ingkang katindakaken nalika kandhutanipun ibu jangkep 7 sasi, inggih
menika....
A. tingkeban
B. tetesan
C. tedhak siten
D. bubak kawah
E. tumplak punjen
33. Perangkat gamelan ingkang cara nabuhipun kanthi dipunkosok inggih menika....
A. kendhang

7
B. demung
C. rebab
D. gendèr
E. bonang
34. Tembang kanggé mbukani utawi miwiti gendhing tanpa tabuhan kawastanan….
A. irama
B. pathet
C. titi laras
D. laras
E. bawa

Waosan 11, pawarta kangge mangsuli pitaken nomer 35 – 36

(1) Kangge miwiti lampahing pasinaon sarta kangge ngraketaken para siswa kaliyan kanca-
kancanipun setunggal angkatan, para siswa SD Az-Zahra Sragen ingkang cacahipun
atusan, dipungladhi mentalipun supados nresnani lingkunganipun. (2) Bab menika
katindakaken kanthi cara ngajak para siswa dolanan out bond ing lingkungan Taman Kota
Sragen. (3) Kanthi wontenipun outbound menika, pranyata para siswa sami rumaos remen.
(4) Yusuf, salah satunggaling siswa kepengin dherek kegiatan out bond ingkang
katindakaken.
(5) Para siswa dipunajak dolanan nggladhi kekendelanipun, kadosta lompat botol, mlampah
ing sanginggiling tali, minggah andha rodha karet. (6) Miturut salah satunggaling pengajar,
Murti, kangge wiwitan pasinaon para siswa perlu dipunajak dolan mirunggan kaliyan
tetepangan salah satunggalipun kanthi ngajak para siswa nindakaken out bond. (7)
Nanging ingkang wigatos tumrap para siswa inggih menika nggladhi para siswa supados
gadhah raos kendel, tepa salira kaliyan sesaminipun, sarta raos tresna asih kaliyan
lingkunganipun. (Nata, TA TV)

35. Ukara wonten waosan pawartos, ingkang kalebet fakta inggih menika ....
A. 1, 2, 3, 4, 5, 6
B. 1, 2, 5
C. 7
D. 6, 7
E. 1, 2, 3, 4, 5

36. Ukara wonten waosan pawartos, ingkang kalebet opini inggih menika ....
A. 3, 4, 6, 7
B. 1, 2, 3, 4, 5, 6
C. 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
D. 4, 5, 6
E. 1, 2
37. Cariyos kethoprak saged kapendhet saking....
A. cariyos lisan, tulis, gambar, mitos
B. cariyos Ramayana, Mahabharata
C. cariyos rakyat, dongèng, babad
D. cariyos simbah-simbah, sejarah
E. dongèng, cariyos lisan, tulisan, opini

38.

Tembung kangge jangkepi unen-unen kasebat, inggih menika ....

A.

B.

C.

D.

8
E.

38. Unen-unen tuna satak bathi sanak menawi kaserat mawi aksara Jawa ingkang trep kaliyan
paugeranipun, inggi menika ....

A.

B.

C.

D.

E.

39. Pasangan lan aksara jawa nglegene ingkang trep, inggih menika ....
A. cJ
B. tQ
C. vN
D. sP
E. bB

B. Pitakènan menika kawangsulan, trep kaliyan kawontenanipun!


1. Kaseratna cengkoronganing sesorah (saking pambuka dumugi panutup) kanthi runtut!
2. Kasertna geguritan (watawis kalih pada), kanthi tema “Kitha Ngayogyakarta”
3. Waosan mawi aksara Jawa menika kaseratna Latinipun!

9
4. Kagatosna cakepan tembang Macapat menika!

Pra kadangku, keparenga amba matur


Langgenging budaya
Gumantung sira pribadi
Nresnani lan nindakna amrih kuncara

a. Menapa namaning cakepan sekar macapat kasebat?


b. Kaandharna wosing cakepanipun!

5. Kasebatna (5) upacara ingkang katindakaken salebeting upacara adat panggih!

10

Anda mungkin juga menyukai