Anda di halaman 1dari 18

LATIHAN SOAL “BAHASA JAWA”

PEMANTAPAN USPBKS TA. 2022-2023

Jawablah pertanyaan-pertanyaan berikut dengan memberi tanda (X) pada salah satu
pilihan jawaban yang benar !

1. Kerusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa ketimbang faktor alam kang
dumadine ora saben dina. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni
kawigaten gedhe tumrap rusake alam. Menawa iklim global owah, bab iki nyebabake
munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global
Warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake
alam kang duweni dampak negative tumrap karaharjane panguripan. Kerusakan lingkungan
amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapituhunan tumrap
manungsa dhewe. Wacan artikel kasebut kalebu jinis artikel . . .
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

2. Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit. Kendhang
ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Kendhang
diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing
musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik. Teks kasebut kalebu teks
eksposisi . . .
a. Analisis
b. Ilustrasi
c. Definisi
d. Klasifikasi
e. Kosok balen

3. Handphone utawa kita sebut HP minangka obyek sing menehi mupangat kanggo manungsa,
saengga manungsa dadi gampang nggawe kabeh perkara. Senajan mangkono, ponsel kudu
digunakake kanthi wicaksana. Teks kasebut kalebu teks eksposisi . . .
a. Analisis
b. Ilustrasi
c. Definisi
d. Klasifikasi
e. Kosok balen

4. Kerusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa ketimbang faktor alam kang
dumadine ora saben dina. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni
kawigaten gedhe tumrap rusake alam. Menawa iklim global owah, bab iki nyebabake
munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global
Warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake
alam kang duweni dampak negative tumrap karaharjane panguripan. Kerusakan lingkungan

1
amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapituhunan tumrap
manungsa dhewe. Simpulna Gagasan pokok ing cuplikan wacan kasebut . . .
a. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana
lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
b. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina.
c. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas
emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global Warming (pemanasan global).
d. Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak
negative tumrap karaharjane panguripan.
e. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap
rusake Alam.

5. Wayang wong menika salah satunggaling jinis pagelaran tradhisional Jawa. Wayang wong
menika gabungan saking seni drama ingkang ngrembaka ing Negri Eropa kaliyan seni
pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing tanah Jawa. Pagelaran wayang menika ngrembaka
ing Kraton kangge hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Ana ing pethilan teks
eksposisi kasebut ana tembang ngrembaka kang nduweni teges yaiku . . .
a. Tumbuh
b. Rintisan
c. Bersemi
d. Berkembang
e. Kelestarian

6. Ing Ngastina, Dewi Kunthi ngairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa, bungkus
kudu di buang ing alas Kredawahana. Ing pertapaan, Raden Permadi njelasake kahanan Bima
Bungkus marang Retawu Begawan Abiyasa. Amarga si bungkus ngegerakake donya. Batara
Guru ngutus Gajah sema kanggo mecah si bungkus lan uga ngutus Dewi Umayi kanggo
ngajari babagan apik marang si bungkus. Sak sampunipun si bungkus pecah, si bungkus
mateni Gajah Sema. Banjur Batara Narada nerangake awake si bungkus lan maringi asma
Bratasena. Ratu Tasikmadu nyuwun tulung Bratasena kanggo mateni Raja Raseksa lan
patihipun. Sawise Raja Raseksa lan patihipu mati, kekiyatanipun mlebu ing awake Bratasena.
Simpulna Amanat kang bisa dijupuk saka cerita Bima Bungkus kasebut . . .
a. Kudu ati-ati marang apa kang ditindakake marang liyan.
b. Aja gampang nesu sakdurunge ngerti perkarane.
c. Sedhulur iku wong bisa dipercaya.
d. Kudu manut marang guru.
e. Guru ora mesthi pinter.

7. Sadurunge lakon kagelar, scenario (naskah/ teks) kudu didhudhah lan dibabar supaya . . .
a. Gambaran kasar ngenani swasana lakon sajrone naskah kasebut bisa kabayangake
b. Dhalang bisa milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge nganti serampunge pagelaran
c. Dhalang bisa milih para paraga kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks
d. Dhalang bisa milih pirantining pagelaran (perabotan, busana, lan paes) sing kudu
dicepakake
e. Dhalang bisa milih lan netepake irah-irahan lakon sing arep kagelar lan bisa andum gawe

2
8. Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancer lan apik, yen . . .
a. Sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
b. Sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
c. Sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
d. Sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng.
e. Sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.

9. Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur suara, supaya . . .


a. Antawacanane bisa kaprungu endhek-dhuwur dening pamiarsa ing sajerone gedhung
utawa panggung.
b. Antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamiarsa ing sajeroning gedhung utawa
panggung.
c. Paraga lakon bisa ngatur intensitas (kekuatan/seru-lirihe suara) ing sajerone gedhung
utawa panggung.
d. Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung
utawa panggung.
e. Paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk) ing sajerone
gedhung utawa panggung.

10. “Sapa wae wonge yen krungu dirasane kaya mangkoo kuwi ya mesthi bakal abang kupinge,
apa maneh critane ora cocok karo kasunnyatane”. Predhiksien kang diarani Tembung Abang
kupinge . . .
a. Nesu banget
b. Ngamuk banget
c. Isin banget
d. Abang banget
e. Seneng banget

11. “Alif nek karo kancane, jembar segarane”. Tembung jembar segarane ateges . . .
a. Salam asring
b. Nesuan
c. Karepe dhewe
d. Manut
e. Sabar

12. Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo
ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau
pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune.
Bisa luwih iki. Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal
muring-muring jalaran aku mulih kewengen. Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke
mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa
meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah.
Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap. Mlebu kamar, aku
langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, aku
nyawang rembulan sing bundher, aku nyawang nganti rasa ngantukku teka. Predhiksien
ukara “Rembulan sing bundher” yen dirubah ing tembung saroja . . .
3
a. Padhang jingglang
b. Abang mbranang
c. Teguh rahayu
d. Nyala wedi
e. Gulung koming

13. Gatekna tabel ing ngisor iki!


1. Welas asih kang romo ibu iku sedawane urip
2. Dadi manungsa kudu ngerti pait getire urip
3. Masyarakat Indonesia pancen ayem tentrem
4. Dadi bocah kudu andhap ansor marang wong
tuwo
5. Tangi – tangi wis terang banget
Ingkang ora kasebut tembung saroja, ana ing ukara nomor . . .
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
e. 5

14. Gatekna parikan ing ngisor iki!


“Gunung Merapi gunung Merbabu
...
Manga sami greget sinau
Ngangsu kawruh akeh gunane”
Ukara kang cocok ngge ngisi titik-titik ing parikan . . .
a. Kali Praga ing mburi omah
b. Kali Praga agung banyune
c. Kali Praga kotor
d. Kali Praga resik
e. Kali Praga asat

15. Gatekna parikan ing ngisor iki!


“Esuk nyuling sore nyuling
...
Esuk eling sore eling
Sing dieling mung Sing Kuasa”
Ukara kang cocok ngge ngisi titik-titik ing parikan . . .
a. Sulinge arek Banyuwangi
b. Sulinge arek Jember
c. Sulinge arek Pasuruan
d. Sulinge arek Suroboyo
e. Sulinge arek Malang

4
16. Kasebut menawa ditulis latin . . .

a. Wedhang bubuk tanpa gula, aja ngamuk mundhak tuwa.


b. Kembang aren sumebar tepining kalen, aja dahwen yen kowe kepengen kajen.
c. Cangkir wungu, wungune ketiban daru, watau guru kudu sabar momot mengku.
d. Wajik klethik gula Jawa, luwih becik sing prasaja.
e. Becik ketitik ala ketara, becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine.

17. Ukara “Dicokot Nyamuk” yen ditulis Aksara Jawa . . .


a.

b.

c.

d.

e.

18. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Tapsiren tegese “Setya budya pangekese dur angkara” . . .
a. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan.
b. Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa.
c. Sipat kang ala bakal ilang kanthi ngelmu kang becik.
d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan, bakal bisa kagayuh.
e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil.

19. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba Sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageing aji

5
Predhiksien pitutur luhur kang kamot ana ing tembang dhuwur . . .
a. Nalika ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak angkara.
b. Manungsa kudu milih agama sing paling bechik.
c. Nalika mulang anak kudu nganngo kidung.
d. Manungsa kudu sregep nyambut gawe.
e. Manungsa kudu gelem sunau.

20. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Nuladha laku utama
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksi ganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Tembang sinom ing dhuwur dumadi saka . . . gatra.
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
e. 10

21. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Mangkya darajating praja
Kawuryan wus sunyaruri
Rurah pangrehing ukara
Karana tanpa palupi
Atilar silastuti
Sujana sarjana kelu
Kalulun kala tidha
Tidhem tandhaning dumasi
Ardayengrat dene karoban rubeda
Tembang sinom ing dhuwur dumadi saka . . . gatra.
a. 10
b. 9
c. 8
d. 7
e. 6

22. Sabtu Bersih

Dina Sabtu ing wanci enjang


Suasono tasih katon remeng
Katambah kluruk pitik kang gayeng
Katon Siswa SMK kang nggrengseng
6
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Katah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resik pasinaon

Namun tekat saiyeg saeka kapti


Yambut gawe bareng kanthi senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri

Predhiksien Tema kang sesuai geguritan ing nduwur . . .


a. Lingkungan omah
b. Lingkungan sekolah
c. Pinggir dalan
d. Kantin sekolah
e. Ruang guru

23. Ngaji

Ngaji, ngaji, ngaji


Isuk, awan lan wengi
Penggaweane poro santri

Nindake dawuh ora keno lali


Di lakoni kanthi ikhlase ati
Pangarep oleh berkahe pak kiyai

Ngudi ilmu agomo


Adoh dulur adoh keluargo
Botabote golek dalan suargo

Ora keno sambat


Senajan kroso angel lan abot
Amargo dadi sangu tembe ing akherat

Saiki ing donyo


Digodog di gembleng rekoso
Mugo-mugo akherate di dohne soko geni neroko

Predhiksien Tema kang sesuai geguritan ing nduwur . . .


a. Pak Kyai
b. Ilmu Agomo
c. Keluargo
d. Akherat
e. Santri

7
24. Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawene gili
Wasana . . .
Den semu
Geneya . . . ?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
. . . miris . . . jebul datan anyandhang

Tapsiren tegese tembung ludira ing ukara Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu
endah rinasa . . .
a. Getih
b. Awan
c. Surup
d. Angin
e. Kringet

25. Lintang Wengi


Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawene gili
Wasana . . .
Den semu
Geneya . . . ?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
. . . miris . . . jebul datan anyandhang

Predhiksien wos surasane geguritan ing ndhuwur . . .


a. Lintang kang njerit
b. Lintang kang anyor
c. Ora katon srengenge
d. Swasana kang peteng
e. Langit kang kebak mendhung

26. Srengenge Esuk Iki


Dening : Aming Aminoedhin

Sumunare srengenge esuk ki


8
Kayadene sumunare dina-dina liyane
Katon abang mbranang ana wetan
Nanging kok rasane rada seje
Abange nengsemake
Endah wernane

Sumunare srengenge esuk iku


Nggawa senenge atiku
Amarga ibu ngasta roti
Kanggo ulang taunku

Ana latar njaba, kembang mlathi


Lan anggrek, padha ndherek
Gumuyu . . .

Predhiksien wos surasane geguritan ing ndhuwur . . .


a. Srengenge kang njerit
b. Srengenge kang anyor
c. Ora katon srengenge
d. Swasana kang peteng
e. Swasana kang padhang

27. Gatekna gambar ing ngisor iki !

Gambar ing dhuwur iku kalebu ana ing perangan pakaian adat Jawa. Predhiksien jenenge
perangan ing dhuwur . . .
a. Beskap
b. Blangkon
c. Selop
d. Jarik
e. Keris

9
28. Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki !

Piranti gamelan ing dhuwur iku diarani . . .


a. Rebab
b. Saron
c. Kempul
d. Kenong
e. Gambang

29. Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki !

Piranti gamelan ing dhuwur iku diarani . . .


a. Rebab
b. Saron
c. Kempul
d. Kenong
e. Gambang

30. Peragan pakaian adat Jawa kanggo nutup sirah sing digawe saka bahan batik. Lumrahe sing
nganggo wong lanang. Biasane ana mondholan ing burine. Predhiksien perangan pakaian
adat sing dikarepake saka wacan ing dhuwur . . .
a. Selop
b. Jarik
c. Keris
d. Beskap
e. Blangkon

10
31. Gatekna gambar ing ngisor !

Gambar ing dhuwur iku tuladha panganan tradisional Jawa sing padhetan akeh di temokake
ana ing tlatah Wonogiri sing bahan bakune saka tepung ketan. Panganan tradisional iku
jenenge . . .
a. Thiwul
b. Urap
c. Mendut
d. Naga Sari
e. Lemper

32. Gatekna gambar ing ngisor !

Gambar ing dhuwur iku tuladha panganan tradisional Jawa sing padhetan akeh di temokake
ana ing tlatah Wonogiri sing bahan bakune saka pohung. Predhiksien panganan tradisional
kasebut . . .
a. Thiwul
b. Urap
c. Sega megana
d. Sega jagung
e. Gendar pecel

33. Pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, perangan iki tansah dibuka tanpa ana wates
ruwangan. Wujud ruwangan iki ora tanpa ngemu teges, iki aweh pralambang luruhe pribadi

11
Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake kerukunan. Predhiksien salah siji piguna
pendhapa, yaiku kanggo . . .
a. Nampa tamu
b. Nyimpen pari
c. Nggelar wayang
d. Nyimpen pusaka
e. Ngumpul kaluwarga

34. Gatekno macem-macem rangkaian upacara adat Jawa ing ngisor iki!
1) Selapanan
2) Upacara sepasar utawa puputan
3) Tedhak siten
4) Nyapih
5) Brokohan
Sambungake rangkaian tradhisi slametan kanggo jabang bayi . . .
a. 1 – 2 – 3 – 4 – 5
b. 2 – 1 – 5 – 4 – 3
c. 5 – 2 – 1 – 3 – 4
d. 4 – 3 – 5 – 2 – 1
e. 3 – 1 – 2 – 5 – 4

35. Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sawijine upacara sacral adat Jawa sing duwe
rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki nglambangake
sepatemonan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya
dene raja lan ratu. Padhatan, rantaman inti upacara dilakoni ing daleme penganten putri, sing
dadi pemangku gati yaiku wong tuwa utawa kaluwarga pengantin putri dibiyantu dening
kaluwarga saka pengantin kakung. Rantaman adicara penganten adat Jawa ing saben laladen,
beda miturut kahanan ekonomi saben kaluwarga. Miturut pethilan wacan eksposisi ing
ndhuwur, koreksien sing ora kalebu filosofi adat tradhisi Mantu . . .
a. Lakune adicara mantu lumaku miturut adat tradisi ana ing papan panggonan tinamtu.
b. Lakune prosesi pengantenan gumantung saka kersane pengantenan lan kaluwarganipun.
c. Fitrahe manungsa iku betah pasangan urip kanggo mbagi rasa seneng lan susah kanthi
kebak rasa tresna.
d. Adicara pengantenan kudu bisa gawe seneng para tamu kang rawuh tanpa nggatekake
prabeya/ biaya.
e. Upacara pengantenan duwe tujuwan kang mulya kanggo nerusake sesambungan anggone
omah omah.

36. Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pengembating praja
igkang tuhu sinudarsana. Bapa-bapa, ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat
kinurmatan. Pethilan teks pranatacara ing nduwur minangka peragan . . .
a. Salam pembuka
b. Ancasing gati
c. Surasa Basa
d. Wasana basa
e. Purwaka Basa

12
37. Ibu : “Aja kesusu turu, sholat isyak dhisik, Rin!”
Rina : “Inggih, Buk. Kula sampun sholat. Menawi ibuk sampun sayah, manga sare
rumiyin!”
Ing panggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa . . .
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Ngoko lan karma

38. Bapak : “Le, tulung tukokno bapak koran neng took Restu.”
Andi : “Nggih pak. Ndi duwite?”
Bapak : “Iki 10.000. Tukua sing koran Suara Merdeka ya. Kuwi akeh beritane.”
Andi : “Nggih pak. Kula pamit ajeng tumbas koran.”
Bapak : “Yo kono. Ati-ati ya le.”
Andi : “Nggih pak.”
Ing panggelan teks kang kacithak kandhel, kudune . . .
a. “Nggih pak. Pundi duwite?”
b. “Nggih pak. Pundi artanipun?”
c. “Ya pak. Pundi artanipun?”
d. “Ya pak. Ndi artanipun?”
e. “Ya pak. Pundi duwite?”

39. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Jam 06.00 esuk, Jono wis nganggo klambi rapi amarga dina iki arep mangkat kerja. Ana
ing panggonan kerja Jono kondhang dadi wong sing apik. Dheweke kalebu pawongan kang
sregep, ora tau telat kerja lan tinulung marang kanca-kancane. Ana ing kantor uga dadi wong
kang di percaya, amarga saben pakaryan sing di cekel mesthi rampung lan apik banget hasile.
Merga saka iku Jono disenengi wong akeh ana ing kantore.
Miturut pethilan cerkak kasebut, predhiksien watak wantune Jono . . .
a. Sregep, seneng makarya, lan bisa dipercaya.
b. Sregep, seneng tulung tinulung, lan kudu sabar.
c. Sregep, seneng tulung tinulung, lan seneng ceria.
d. Sregep, seneng tulung tinulung, lan bisa dipercaya.
e. Grapyak, seneng tulung tinulung, lan sregep makarya.

40. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Bapakku yaiku peternak ayam ing desoku, bapak gadah ayam katah ing mburi omah.
Kandang ayam nek mburi omah kabeh e ono 5, saben tiap-tiap kandang nduwe ukuran 5 x 6
meter ingkang kuat nampung ayam sing jumlah e 50 ekor. Saben esuk aku mbantu bapak
menehi pakan lan ngombe gawe ayam supoyo gelis gede lan payu larang. Pakan ayam sing
biasa digunakne ono berbagai macem, kadang dipakani beras, jagung, utowo dedak. Pakan
kasebut biasa ditumbas bapak ten tengkulak khusus sing wes kerjasama suwe dadine iso oleh
rego ingkang murah.
Ayam ing kandang mburi omah biasane di jupuki tigan e saben dino, selain kuwi ono
juga ayam ingkang khusus di jupuk daging e gae dipangan. Alhamdulilah keluargaku saget

13
wirausaha dewe soko kandang ingkang di budidayakne bapakku. Aku seneng belajar ngingah
ayam langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita sok bien gedhe bakal iso nerusne usahane
bapakku supoyo luweh gede lan berkembang.
Periksaen latar kang ana ing pethilan teks cerkak kasebut . . .
a. Deso
b. Ngarep omah
c. Mburi omah
d. Pekarangan
e. Sekolah

41. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Minggu wingi aku ulang tahun umur 17 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang
tahun nek omah lan ngundang kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 25. Aku seneng banget
pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno.
Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae
acara kasebut. Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon
apik lan meriah. Ora ketinggalan, ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minions sesuai
karo sing tak senengi. Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi
masak gae acara kasebut. Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado
buku, pensil, tas, lepak lan sepatu. Acara kasebut berjalan dengan meriah, momen iku ora
bakal iso tak lalekne.
Latar kang ana ing pethilan teks cerkak kasebut yaiku . . .
a. Njero Omah
b. Njero Pasar
c. Njero Toko
d. Pekarangan
e. Sekolah

42. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni
potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor
alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan, mesthi ora
bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita
bisa njaga, agawe kestarine alam, kaedahe lan mumpangate bisa kanggo anak putu.
Miturut pethilan cerkak kasebut, tampilna ukara kang kelebu ukara camboran . . .
a. Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni
potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene.
b. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam lan uga manungsa.
c. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan.
d. Mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure.
e. Kaedahe lan mumpangate bisa kanggo anak putu.

43. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Jam 06.00 esuk, Jono wis nganggo klambi rapi amarga dina iki arep mangkat kerja. Ana
ing panggonan kerja Jono kondhang dadi wong sing apik. Dheweke kalebu pawongan kang
sregep, ora tau telat kerja lan tinulung marang kanca-kancane. Ana ing kantor uga dadi wong

14
kang di percaya, amarga saben pakaryan sing di cekel mesthi rampung lan apik banget hasile.
Merga saka iku Jono disenengi wong akeh ana ing kantore. Predhiksien pitutur luhur kang
kamot ana ing pethilan teks cerkak kasebut . . .
a. Dadi wong iku kudu sabar lan nerima.
b. Dadi wong iku kudu sregep sinau.
c. Dadi wong iku kudu seneng tulung tinulung.
d. Dadi wong iku kudu kurmat marang liyan.
e. Dadi wong iku kudu kurmat marang guru.

44. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Melody, bocah kelas loro SMK iki seneng banget tuku klambi. Melody bedo banget karo
kancane sak bangku yaiku Ricis.
Isuk-isuk ing Sekolahan, Melody ndeloki katalog klambi lewat HP ne banjur diparani karo
Ricis.
Ricis : “Lod, awakmu iki panggah ngono ae. Panggah ndeloki katalog klambi.”
Melody : “Laa apik-apik lho. Iki lho sawangen uapik klambine.”
Ricis : “Hooh apik, tapi sawangen kuwi regane.”
Melody : “Alah iki durong sepiro, nek omahku ana sing luwih larang.”
Ricis : “Piro regane?.”
Melody : “900 ewu.”
Ricis : “halah, rego sakmono kok dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang ora.?”
Melody : “piro regane sing luwih larang?.”
Ricis : “1 milyar.”
Melody : “Biyuh larange, klambi opo kuwi?.”
Ricis : “Klambi tahanan KPK.”
Melody : “Kok iso?.”
Ricis : “Iyolah, politisi kae kudu njupuk duwite rakyat minimal 1 milyar lagek oleh
gawe klambi kuwi.”
Melody : “Owalah ngono to, larang yo.”
Sakwise omong-omongan HP ne Melody dilebokne tas amarga bel wis muni. Banjur kanca-
kanca sak kelas donga bebarengan kanggo ngewiwiti pelajaran.
Miturut isine, teks ing dhuwur kalebu . . .
a. Cerkak
b. Anekdot
c. Drama
d. Fabel
e. Dongeng

45. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/ samara) iku bisa dadi anggota DPR saka
partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-tula ketali, mula budhal
saka kampung biyen, Bandhot mung modhal ijazah SMP. Ananging mbuh kanthi cara piye,
sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dewa yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si.
Kanthi kedhok nindakake studi banding, asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-
seneng ing Singapura. Dhasar Bendhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nanging tindak-

15
tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan. Ora sadhar yen
tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngrokok karo lungguh
ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak prung ceblok ing
sisih tengen sikile.
Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen
nglanggar aturan?”
“Aturan sapa sing tak langgar”, Bandhot balik takon karo malang kerik.
“Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe,
sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu.
Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegese rokok sing dibuwang mau
pijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo… sepurane, rokokku ceblok”.
“Ati-ati aja nganti ceblok maneh”!, jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.
Punggelan teks kang kacithak kandhel, miturut struktur teks anekdot kelebu perangan . . .
a. Janturan
b. Pawadan
c. Prakara
d. Tanggapan
e. Wasana

46. Perhatekno teks ing ngisor iki!


Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/ samara) iku bisa dadi anggota DPR saka
partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-tula ketali, mula budhal
saka kampung biyen, Bandhot mung modhal ijazah SMP. Ananging mbuh kanthi cara piye,
sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dewa yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si.
Kanthi kedhok nindakake studi banding, asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-
seneng ing Singapura. Dhasar Bendhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nanging tindak-
tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan. Ora sadhar yen
tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngrokok karo lungguh
ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak prung ceblok ing
sisih tengen sikile.
Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen
nglanggar aturan?”
“Aturan sapa sing tak langgar”, Bandhot balik takon karo malang kerik.
“Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe,
sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu.
Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegese rokok sing dibuwang mau
pijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo… sepurane, rokokku ceblok”.
“Ati-ati aja nganti ceblok maneh”!, jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.
Punggelan teks kang kacithak kandhel, miturut struktur teks anekdot kelebu perangan . . .
a. Janturan
b. Pawadan
c. Prakara
d. Tanggapan
e. Wasana

16
47. Perhatekno teks ing ngisor iki!
Ana wadon tuwa sing bubar dikunjara. Ing dina kapisan dheweke nginep ing kunjara, tahanan
sabanjure takon kenapa dheweke dikunjara.
Napi : “Sampeyan wis tuwa, kepiye sampeyan wis ing penjara? Tumindak
kejahatan apa sing sampean lakoni?”.
Wong Tuwa : “Aku mung nyolong kayu”.
Napi : “Pirang taun sampean wis dihukum?”.
Wong Tuwa : “Isih 3 wulan”.
Kanti rasa nggumun, napi kasebut takon maneh amarga iki cukup aneh.
Napi : “Mung nyolong kayu bisa diukum nganti 3 wulan. Kayu opo sing kok
colong?”.
Wong Tuwa : “Lah aku njupuk kayu kanggo kayu bakar ing omah banjur dicekel karo
pemilik”.
Napi : “Wah yen mun sawetara dina ora butuh 3 wulan”.
Wong Tuwa : “Durung rampung masalahne aku pancen njupuk kayu ing wilayah sing
diduweni Perhutani”.
Napi : “Hahaha… sampeyan kudu mlebu kunjara, sampeyan nyolong kayu
ing wilayah Perhutani. Nanging kenapa koruptor sing njupuk
milyaran rupiah kang dhuwit masyarakat ora dipenjara?”.
Dheweke juga kaget karo tumindak ora adil lan terus pecelathon karo diskusi liyane.
Teks ing dhuwur nyritakne . . .
a. Debat masalah suwene hukuman
b. Dongeng napi ing kunjara
c. Pidato wong tuwa ing kunjara
d. Koruptor kang ketangkep ing kunjara
e. Wong tuwa kang kena musibah lan kudu dikunjara

48. Perhatekno tataran utawa trap-trapan ing ngisor iki !


1) Pahami tema utawa idhe pokok cerkak kang arep dikonversi
2) Bagenen cerkak miturut urutan wektu lan papan kedadean, banjur owahi dadi babak/
adegan
3) Gantien cerkak kalebu aksara jawa
4) Owahana janturan pasulayan/ konflik antarane para tokoh dadi antawacana
5) Rancangen pituduh pocapan (kramagung) kang ngandharake tatacarane maca (alus/
kasar, seru/ lirih, cepet/ alon), unsur music, lan tiruan swara
Tataran ing nduwur sing ora kalebu konversi (alih wahana) Teks Gancaran dadi Teks
Sandhiwara Radhio . . .
a. 5
b. 4
c. 3
d. 2
e. 1

17
49. Mangga para pamiyarsa menawi betahaken winih jagung ingkang top markotop, kulo aturi
mundhut jagung Bisi 2.
Iklan kang ana ing dhuwur kuwi kalebu iklan ana ing ngendhi . . .
a. Kalawari
b. Ariwarti
c. Baliho
d. Radhiyo
e. TV

50. Para pemain ludruk professional, biasane tampil tanpa naskah, ananging . . .
a. Tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan.
b. Sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan.
c. Pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan.
d. Pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah.
e. Isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk.

Selamat Belajar, Semoga Sukses !!!

18

Anda mungkin juga menyukai