Anda di halaman 1dari 18

SOAL UJIAN SEKOLAH

BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
I. Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi menehi tandha ping (X) ing sangarepe
aksara A, B, C, D, utawa E!
1. Gatekna tembang pangkur ing serat Wedhatama pupuh pangkur ing ngisor iki!
Pada I Pada II
Mingkar mingkur ing ukara, Jinejer ing wedhatama,
akarana karenan mardi siwi, mrih tan kemba kembenganing pambudi,
sinawung resmining kidung, mangka nadyan tuwa pikun,
sinuba sinukarta, yen tan mikani rasa,
mrih ketarta pakartining ngelmu luhung, yekti sepi sepa lir sepah asamun,
kang tumrap neng tanah Jawa, samasane pakumpulan,
agama ageming aji. gonyak ganyuk nglelingsemi.
Pada III Pada IV
Nggugu karsane priyangga, Si pengung nora nglegewa,
nora nganggo peparah lamun angling, sangsayarda denira cacariwis,
lumuh ingaran balilu, ngandhar-andhar angendukur,
uger guru aleman, kandhane nora kaprah,
nanging janma ingkang wus waspadeng semu, saya elok alangka longkangipun,
sinamun samudana, si wasis waskitha ngalah,
sesadoning adu manis. ngalingi marang si pinging.
Pada V
Mangkono elmu kang nyata,
sanyatane mung we reseping ati,
bungah ingaranan cubluk,
sukeng tyas yen den ina,
nora kaya si punggung anggung gumunggung,
ugungan sadina-dina,
aja mangkono wong urip.

Saka limang pada tembang pangkur ing dhuwur, kang isine supaya aja miskin elmu senajan
wis tuwa pikun yaiku ing pada ….
A. I
B. II
C. III
D. IV
E. V

2. Wacanen pethikan cerkak ing ngisor iki!


“Malah aku dikongkon ndang rabi maneh,” bacute. “Coba sampeyan deleng apa Bapak
iki isih pantes rabi maneh ta, Nak?” aku mung bisa mesem, bapak tuwa kuwi banjur meneng
suwe kaya-kaya lagi mikirke nasibe.
Nilai sastra pethikan cerkak ing dhuwur yaiku ....
A. etika
B. moral
C. budaya
D. estetika
E. ekonomi

3. Wacanen pethikan cerkak ing ngisor iki!


Umur-umure watara patang puluh taun, nanging praupane katon tuwa banget. Pawakane
cilik dhuwur ngiyeyet nggeger wungsu. Ulate anyep njejet tanpa greget. Nanging sorot
mripate tajem kaya kuwawa nembus kahanan jagad liya. Rambute dawa ikel-ikel, brengose
kandel, duwe godheg lan jenggot ketel sarwa kruwel-kruwel. Diumbar njembrung ora kopen.
Sandhangane uga pating sradhul ora karu-karuwan padane. Kala-kala nganggo udheng-
udhengan sorban amoh ngentra Bengawan Abiyasa, mrana-mrene seneng ndlamak tanpa
lambaran sikil. Sing ora keri, Gus Panut tansah nggawa kamplik ireng mbladhus disampirne
pundhak.
Unsur kang katon banget ana pethikan cerkak ing dhuwur yaiku ….
A. alur
B. latar
C. basa
D. tema
E. paraga

4. Gatekna pethikan pawarta ing ngisor iki!


Jaksa penuntut umum Abdul Rauf, jroning sidhang ing Pengadilan Negeri Jakarta Timur,
Rebo (8/1), nuntut tokoh organisasi Gerakan Fajar Nusantara (Gafatar) Ahmad Mussaddeq
alias Abdussalam ukuman 12 taun pakunjaran. Kejaba Mussaddeq, pimpinan Gafatar cacah
loro, Mahful Muis Tamanurung lan Andry Cahya uga dituntut padha. Miturut jaksa,
Mussaddeq sakanca darbe niyat nistha agama Islam lan ngrancang njongkeng panguwasa
kanthi cara makar. Rauf ngandharake, jaksa duwe bukti Mussaddeq sakanca niyat merong
kampuh jingga, ora ngakoni panguwasane presidhen Jokowi.
Kapethik saka Panjebar Semangat No.7/ 18 Februari 2017
Pokok isine pawarta ing dhuwur yaiku ….
A. Mussaddeq sakanca niyat merong kampuh jingga
B. Mussaddeq sakanca ora ngakoni panguwasane presidhen Jokowi
C. tokoh organisasi Gerakan Fajar Nusantara (Gafatar) Ahmad Mussaddeq alias
Abdussalam dituntut ukuman 12 taun pakunjaran
D. Mussaddeq, pimpinan Gafatar cacah loro, Mahful Muis Tamanurung lan Andry Cahya
uga dituntut padha
E. Mussaddeq sakanca darbe niyat nistha agama Islam lan ngrancang njongkeng
panguwasa kanthi cara makar
5. Kira-kira telung taun kepungkur, Gunung Solok katon endah lan wingit. Kayu gedhe-gedhe
lan wit-witan rungkut nutupi gunung. Menawa mlaku-mlaku ngambah papan pamujan,
hawane adhem. Swara manuk rame pating cruwet. Nanging, saiki swasana mau wis ilang.
Perangan pawarta ing dhuwur kang ora ana yaiku ….
A. apa
B. sapa
C. kapan
D. kepriye
E. ing endi

6. Ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep
digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep
digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit
kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi
maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan
budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana
(kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
Saka pratelan ing dhuwur, nuduhake yen perangan omah joglo kasebut duwe nilai ….
A. religi
B. etika
C. moral
D. budaya
E. ekonomi

7. Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!


Nuladha laku utama,
tumrape wong tanah Jawi,
wong agung ngeksi ganda,
panembahan Senapati,
kepati amarsudi,
sudaning hawa lan nepsu,
pinesu tapa brata,
tanapi ing siyang ratri,
amemangun karyenak tyas ing sasama.
Amanat saka tembang sinom ing dhuwur yaiku ….
A. urip iku kudu bisa gawe senenge wong liya
B. urip iku kudu bisa meper hawa lan nepsu
C. panggayuh iku seneng tapa brata
D. urip iku kudu tapa awan bengi
E. urip iku kudu prihatin

8. Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung
cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku
kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Punakawan sing jujur, prasaja, lan
ora neka-neka.
Pratelan ing dhuwur kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ….
A. alur
B. latar
C. paraga
D. watak paraga
E. pesen/amanat

9. Gatekna tuladha teks panatacara mbuka acara!


Assalamualaikum Wr. Wb.
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah
kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkat dahat kinabekten. Para pangembating
praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid
ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken
lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene wigatosing sedya, Bapak…….sekaliyan kersa mahargya putra penganten
sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha nakmas…………,
putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan
nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang
sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a. Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b. Adicara ingkang kaping kalih, inggih menika atur pambagya saking keluwarga.
c. Ndhungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika paring sabda saking
keluwarga penganten kakung.
d. Kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikan
saking keluwarga penganten putri.
e. Tataran adicara ingkang kaping gangsal inggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f. Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika
sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang
ngrasuk agama sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak.
Sumangga kula dherekaken.
Adicara kang kaping papat ana ing reroncening adicara kasebut yaiku ….
A. atur pangandikan saking kulawarga penganten putri
B. sabda saking kulawarga penganten kakung
C. atur pambagya saking kulawarga
D. sabda tama utawa ular-ular
E. panutup
10. Panganan iki wujude bunder, digawe saka glepung beras. Panganan iki uga nduweni filosofi
nyuwun pangapura awit sakabehing dosa, yaiku ….
A. juwadah
B. gethuk
C. ketan
D. kupat
E. apem

11.

Yen ditulis nganggo aksara Latin yaiku ….


A. Tanggal 13 Agustus
B. Tanggal 14 Agustus
C. Tanggal 15 Agustus
D. Tanggal 16 Agustus
E. Tanggal 17 Agustus

12. Gatekna tembang pocung ing serat Wedhatama pupuh pocung ing ngisor iki!
Pada I Pada II
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Angkara gung neng angga anggung gumulung,
lekase lawan kas, gegolonganira,
tegese kas nyantosani, triloka lekere kongsi,
setya budya pangekese dur angkara. yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Pada III Pada IV
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun, Taman limut durgameng tyas kang weh limput,
semune ngaksama, kerem ing karamat,
samasane bangsa sisip, karana karoban ing sih,
sarwa sareh saking mardi martotama. sihing sukma ngrebda sahardi gengira.
Pada V
Yeku patut tinulad tulad tinurut,
sapituduhira,
aja kaya jaman mangkin,
keh pra mudha mundhi dhiri rapal makna.
Tembang pocung kang surasane golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya
bisa kasil yaiku tembang pocung ing pada ….

A. I
B. II
C. III
D. IV
E. V
13. “Oo…yen Warsobo kae mono satemene dudu apa-apaku. Wong kae mung putra angkate
pakdhe kok. Wah pancen kementhuse, gumaguse wis nganti ora ilok temenan. Kemaki lan
gemaipe prasasat entek ngamek. Dupeh dadi putrane wong sugih bae, dheweke iku
anggepe kumawani nggegampang marang aku, cetha banget yen dheweke iku sawijining
bocah kang kurang ajar.”
Kapethik saka : S.H.Purusa, Iramaning Kasetyan Djati, Surakarta, MAS, 1966
Ing ngisor iki kalebu pitutur luhur saka pethikan novel kasebut, kajaba ….
A. aja dadi wong kang gemagus
B. aja dupeh putrane wong sugih
C. aja kumawani lan nggegampang
D. aja dadi bocah kang kurang ajar
E. aja kemaki lan gemaip

14. Wacanen pethikan sesorah ing ngisor iki!


….
Ing sawalikipun tudingan palsu sata minangka sumbering sesakit kanker, sata pranyata
ngandhut protein antikanker. Manut panalitenipun Dr. Arief Budi Witarto, M.Eng.ing Pusat
Penelitian Bioteknologi Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LIPI), protein wonten ing
sata kuwawi nedahaken reaksi kangge nyapih protein saking virus kanker. Salajengipun zat
kala wau saged kaginakaken angrangsang ngrembakanipun sel trubusan (stemcell) ingkang
piguna kangge mullihaken jaringan ingkang risak jalaran kanker kasebat kala wau.
Gegayutan kaliyan dayanipun mbrastha kanker, sata ugi ngandhut sumber protein ingkang
saged ngrangsang antibody tumrap Human Papiloma Virus (HPV), ingkang nyebabaken
kanker mulut rahim (carcinoma cervics). Boten namung menika, protein sanesipun ing sata
ingkang nama sitokinin gadhah daya ngrangsang gesangipun sel-sel panambar (kekebalan)
ing badan. Damel cingak malih, pranyata protein saking sata ingkang kasebat griffithsin ugi
kuwawi ngandheg ngrembakanipun virus HIV.
Kasiyat-kasiyatipun sata kados andharan ing nginggil kala wau namung sakedhik
tuladha daya paedahipun sata. Mila miturut pamanggih kula budi dayaning kadang tani
ngrembakaken sata mujudaken satunggaling lelabuhan ingkang utami. Boten namung
kangge njejegaken upaboganing kulawarga para kadang tani, nanging ugi mupangati
kangge lestarining gesangipun gesangipun manunggal ing alam donya samangke.
….
Kapethik saka Baud Basa Jawa XI

Ing ngisor iki sing kalebu mupangate sata yaiku ….

A. kanggo nambahi tenaga amarga ngandhut karbohidrat


B. kanggo mbancarake anggone ngetokake kringet
C. kanggo mbancarake lakuning getih ing awak
D. kanggo njaga kasarasan awak
E. kanggo nyegah lara jantung
15. Wis jamak lumrahe yen wong lanang iku kudu tanggung jawab marang kulawargane, mula
kudu bisa menehi nafkah marang kulawargane. Tata cara mantu kang jumbuh karo pratelan
kasebut yaiku ….
A. siraman
B. midodaren
C. kacar-kucur
D. sungkeman
E. upacara wiji dadi

16.

Ukara ing dhuwur wacane ....


A. kalifah iku beda karo kafilah
B. kalipah iku beda karo kapilah
C. kalifah iku beda karo kapilah
D. khalifah iku beda karo kafilah
E. kafilah iku beda karo khalifah

17. Gatekna pethilan crita rakyat ing ngisor iki!


Si Lancang wis wiwit bosen karo panguripan kang sarwa kekurangan. Dheweke
nggresula, katon riweng. Wis bola-bali ibune menehi wewaler marang si Lancang supaya
putrane setiti nyambut gawe. “Sabara, Nak! Aja sliramu nggresula terus! Awake dhewe
pancen kudu sengkut nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dina. Aja riweng
lan aja gampang nyerah.” Mangkono ibune si Lancang menehi piwejang marang putrane.
Kapethik saka Modul Pengayaan Bahasa Jawa SMA/SMK 2B
Pitutur luhur kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur yaiku ….
A. urip iku kudu kerep nggresula
B. bosen iku sipat kang manusiawi
C. nikmatana urip iki kanthi hura-hura
D. aja gampang riweng lan gampang nyerah
E. panguripan iku kang ngatur Gusti Kang Maha Kuwasa

18. Gatekna pariwara ing ngisor iki!


Diobral 6 unit traktor MF -390 kanthi
kualitas dhuwur, kondhisi kerjane apik
lan canggih. Ora bakal rugi nganggo
traktor MF-390. Rega bisa nego.

Hubungi sacepete ing nomer


08154172636

Barang kang ditawakake ing pariwara kasebut yaiku ….

A. bajak
B. pacul
C. MF-390
D. traktor MF-390
E. gilingan lemah

19. Sinau tari ora mung … ketrampilan lan ngatonake kaluwesan obahing awak, ananging
gladhen tari ateges olah rasa, daya lan cipta.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur kasebut yaiku ….
A. gladhi
B. nggladhi
C. gladhen
D. nggladhen
E. nggladheni

20. Bambang Sumantri.


Ukara ing dhuwur iku yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….

A.

B.

C.

D.

E.

21. Gatekna pratelan ing ngisor iki!


1) Sapada kadadean saka enem gatra
2) Cocog kanggo medhar pitutur lan tresna ati
3) Nduweni sasmita tembang jumbuh
4) Guru wilangane 8, 8, 6, 8, 8, 8
Saka pratelan ing dhuwur sing kalebu cirine tembang Kinanthi yaiku ….
A. 1) lan 2)
B. 1) lan 3)
C. 1) lan 4)
D. 2) lan 3)
E. 2) lan 4)
22. Gatekna tembang kinanthi ing serat wedhatama pupuh kinanthi ing ngisor iki!
Pada I Pada II
Mangka kanthining tumuwuh, Marma den taberi kulup,
salami mung awas eling, angulah lantiping ati,
eling lukitaning alam, rina wengi den anedya,
dadi wiryaning dumadi, pandak panduking pambudi,
supadi nir ing sangsaya, bengkas kahardaning driya,
yeku pangreksaning urip. supadya dadya utami.
Pada III Pada IV
Pangasahe sepi samun, Dene awas tegesipun,
aywa esah ing salami, weruh warananing urip,
samangsa wis kawistara, miwah wisesaning tunggal,
lalandhepe mingis-mingis, kang atunggil rina wengi,
pasah wukir Reksamuka, kang mukitan ing sakarsa,
kekes srabedaning budi. gumelar ngalam sakalir.
Pada V
Aywa sembrana ing kalbu,
wawasen wuwusireki,
ing kono yekti karasa,
dudu ucape pribadi,
marma den sembadeng sedya,
wewesen praptaning uwis.
Tembang kinanthi ing dhuwur iku kang duwe pitutur luhur, yen manungsa iku urip neng
alam donya kudu eling lan waspada kanggo nggayuh kamulyaning urip, yaiku tembang ing
pada ….
A. I
B. II
C. III
D. IV
E. V

23. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Lintang Wengi
Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana ….
Den semu
Geneya …?

Panjeriting lintang wengi


Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
… miris … jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku ….
A. lintang kang njerit
B. lintang kang abyor
C. ora katon srengenge
D. swasana kang peteng
E. langit kang kebak mendhung

24. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


R.A. Kartini
Samengko raga wis lebur wor lan lemah
Mung wewayangan ngrengga lembaran sejarah
Napas lawas
Lan ganda arum angambar-ambar
Kubur lan wewayangan
Kaca brenggala ngegla ing panon
Gendhing panggugah
Suluhe jiwa wanita
Mekare puspa anjrah sumebar
Yen noleh wuri …
Jasa-jasane Kartini kusumaning negari
Kapethik saka Baud Basa Jawa XII
Tembung liyane ngrengga ana ing geguritan ing dhuwur yaiku ….
A. ngarumake
B. mernani
C. cinathet
D. katulis
E. ngiasi

25. Gatekna geguritan-geguritan ing ngisor iki!


I II
Sun Nggegurit: Lindhu ing Dina Setu
Kaanan jaman saiki Gagat rahina wis gumanti parak esuk
sipat pemudha-pemudhi Wayahe wong padesan padha obah
srawunge saya ndadi Kang arsa anambut kardi
raket wewekane sepi Dumadakan bumi horeg prakampita
tan kadi duk jaman nguni Kumrosok swara kumrosok swarane gendheng
srawung sarwa ngati-ati padha gathik
Sangsaya banter horeging swarane bumi
Yen manut wasiteng kuna prasasat
priya srawung lan wanita Ginenjot yayah ginonjang ganjing
gampang ketaman panggodha
nerak ing laku susila Bumi Klaten sisih kidul lan Ngayogyakarta sisih
temah darbe jeneng ala kidul
wasanane tibeng papa Jogonalan, Prambanan, Gantiwarno, Wedi,
Trucuk, Bayat, Bambanglipura lan Bantul
III IV
Sun Nggegurit Sawangen Srenngenge
Ing jaman saiki Sawangen srengenge kae
Akeh kahanan kang nggegirisi Esuk teka sore lunga
Pit montor, trek, lan bis nyemplung kali Ora kesel, ora nggresula
Saengga ndadekake akehing pepati Gaweane madhangi manungsa ngupaya boga
Mulane ayo padha sing ngati-ati Kabeh kuwi mung netepi pepesthi
Nambahana sokurmu marang Gusti Wajibe Bathara Surya madhangi donya
Kang nguwasani isine jagad saindhenging bumi
Mung panyuwunku siyang ratri Tirua lakune srengennge
Enggala ayem, tentrem, kasembadan, lan Elinga jejere bocah sekolah
murakabi ing sesami. Wajibe sinau lan maca buku
Ora kudu dielingake ibu
Sebab ngelmu kalakone kanthi laku
Saranane sekolah sowan guru
Saka geguritan-geguritan ing dhuwur iku, kang kalebu geguritan tradhisional yaiku ….
A. I lan II
B. I lan III
C. I lan IV
D. II lan III
E. II lan IV

26. Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki!


Batik
Batik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake.
Pangolahing batik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula
saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang diakoni
dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 Oktober 2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi perangan kang
narik kawigaten. Jinising corak batik ing antarane kayata: batik kraton, sida mukti, kawung, lan
sapiturute. Batik kraton mula bukane ginawe dening para pembatik kang dumunung ing
sajroning kraton. Motif utawa corake kayata parang barong, parang rusak, lan udan liris.
Batik Sida mukti yaiku motif corak batik kang lumrahe ginawe saka zat pewarna soga
alam. Batik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku
gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi mangkono, corak batik kang
kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan. Mula sida mukti
duwe makna filosofi ngandhut pangarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.
Batik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper klapa utawa
woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka gambaran reroncening
kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong Jawa duwe makna nglambangake
umur dawa lan kasucen. Corak batik kawung uga kaperang saka wujud gedhe lan cilike.
Kawung bribil corake saemper kawung picis, nanging bunderan kang kasusun luwih gedhe saka
corak picis. Bab iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges dhuwit kang
wujude luwih gedhe lan pangajine setengah sen.
Kapethik saka Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK jilid 3

Sida mukti iku corak batik kang maknane ….


A. duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan
B. dadi manungsa kudu aja seneng gawe laraning liyan
C. manungsa kang nyata iku becik martabate
D. kudu duwe rasa tepa slira marang kanca
E. nyuwun pangapura marang wong tuwa

27. Gatekna gambar ing ngisor iki!

Manut gambar ing dhuwur, busana adat Jawa kasebut jenenge ....
A. jarit
B. kupluk
C. kopyah
D. udheng
E. blangkon

28. Wacanen teks eksposisi ing ngisor iki!


Kendhang
Kendhang yaiku perangan gamelan kang cara nabuhe dikeplak nganggo epek-epek
(tlapak tangan). Perangan gamelan iki penting banget amarga minangka pengatur irama,
kalamangsa uga minangka pambuka gendhing. Kendhang ginawe saka kayu kang dibolongi
nganti tembus banjur bolongan iku ditutup nganggo kulit kewan, kayata sapi, kebo utawa
wedhus.
Saka wacan ing dhuwur kasebut, bab kang dijlentrehake ing wacana eksposisi kang awujud
….

A. data faktual
B. sawijining analisis
C. fakta ngenani objek
D. kahanan kang nyata
E. penafsiran objek
29. Gambar alat musik tradhisional ing ngisor iki jenenge ....

A. gong
B. bonang
C. slenthem
D. kendhang
E. gendhang

30. Carane nabuh perangan gamelan ing ngisor iki yaiku ….

A. dithuthuk
B. disebul
C. digesek
D. dikeplak
E. dipethik

31. Ahmad lunga menyang Amerika.


Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi ….

A.

B.

C.

D.

E.

32. Arini lair tanggal 4 Maret 2017.


Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ….
A.

B.

C.

D.

E.

33.

Pak Rozak nduweni anak ... yaiku ... lan ....


A. 2, Fatimah Nur Khasanah lan Ghani Farizan
B. 2, Fitri Khadijah lan Ghani Farizan
C. 2, Fatimah Nur Khasanah lan Fitri Khadijah
D. 1, Fitri Khadijah
E. 3, Fatimah Nur Khasanah, Ghani Farizan, lan Fitri Khadijah

34.

Ukara ing dhuwur yen ditulis latin yaiku ….


A. Ali menyang Semarang tanggal 6 karo Fani.
B. Ali menyang Semarang tanggal 7 karo Fani.
C. Ali menyang Semarang tanggal 8 karo Fani.
D. Ali menyang Pemalang tanggal 8 karo Fani.
E. Ali menyang Pemalang tanggal 9 karo Fani.

35. Gatekna tembang dhandhanggula ing ngisor iki!


III IV
Wonten malih tuladhan prayogi, Kumbakarna kinen mengsah jurit,
satriya gung nagari Ngalengka, mring kang raka sira tan lenggana,
sang Kumbakarna namane, nglungguhi kasatriyane,
tur iku warna diyu, ing tekad datan purun,
suprandene nggayuh utami, amung cipta labuh nagari,
duk awit prang Ngalengka, tan noleh yayah rena,
dennya darbe atur, myang leluhuripun,
mring raka amrih raharja, wis mukti aneng Ngalengka,
Dasamuka tan kengguh ing atur yekti, mangke arsa rinusuk ing bala kapi,
de mung mungsuh wanara. punagi mati ngrana.

Kang bisa dituladhani saka Kumbakarna yaiku ….

A. sipat raseksa
B. cipta labuh negari
C. ora mbelani raka
D. mungsuh wanara
E. mati ngrana

36. Gatekna tembang dhandhanggula ing ngisor iki!


V VI
Yogya malih kinarya palupi, Minungsuhken kadange pribadi,
Suryaputra Narpati Ngawangga, aprang tandhing, lan sang Dananjaya,
lan Pandhawa tur kadange, Sri Karna suka manahe,
len yayah tunggil ibu, dene sira pikantuk,
suwita mring Sri Kurupati, marga dennya arsa males sih,
aneng nagri Ngastina, ira sang Duryudana,
kinarya gul-agul, marmanta kalangkung,
manggala golonganing prang, dennya ngetok kasudiran,
Bratayudha ingadegken senapati, aprang rame Karna mati jinemparing,
ngalaga ing Kurawa. sumbaga wirotama.

Kang bisa dituladhani saka Adipati Karna yaiku ….


A. kinarya gul-agul
B. suwita mring Sri Kurupati
C. suka manahe
D. ngalaga ing Kurawa
E. mati jinemparing

37. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang negara sarta rajane.
Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan setya marang negarane.
Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna Sasrabau setya lan miturut
kabeh dhawuh pangandikaning Gustine.
Saka wacan ing dhuwur iku, patih Suwanda duweni nilai guna, kaya, lan purun. Nilai purun
kang diduweni dening patih Suwanda yaiku ….
A. pinter bab apa wae
B. pinter ing bab perang
C. nurut marang rajane
D. sugih bandhane
E. gawe sugih negarane
38. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1) Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen.
2) Urip iku urup.
3) Sapa nandur bakal ngundhuh.
4) Aja sok sedhakep mundhak didohi rejeki
Ukara ing dhuwur kasebut kang kalebu wewaler yaiku ukara nomer ….
A. 1) lan 2)
B. 1) lan 3)
C. 1) lan 4)
D. 2) lan 3)
E. 2) lan 4)

39. Gatekna wacan ing ngisor iki!


Pepali Ki Ageng Sela
Ki Ageng Sela salah sawijining tokoh ing Jawa keturunan Brawijaya V saka Majapait.
Piyambake kondhang minangka wong kang sekti. Kacarita, Ki Ageng Sela tau nyekel
bledheg nyamber-nyamber nalika piyambake lagi makarya.
Wewaler kang diandharake babagan pepacuh ora kena angkuh. Wong kang angkuh iku
bakalane nemahi cilaka ing tembe mburine. Wong angkuh uga gampang dimungsuhi dening
wong liya.
Pepali kapindho yaiku pepacuh supaya anak turune ora kena ladak lan jail. Ladak ing
kene uga babagan sikap kang angkuh lan umuk. Dene jail iku sikap kang seneng nyilakani
marang liyan. Dadi Ki Ageng Sela kepengin anak turune supaya ngadohi tumindak jail kang
seneng maeka marang liyan.
Pepali katelu yaiku pepacuh supaya ora duwe ati kang srakah. Wong kang srakah
bakalane disengiti dening wong liya. Pepali liyane yaiku aja seneng nyolong bandhane liyan,
aja ugungan lan seneng aleman, sarta aja seneng nyeleweng.
Isine pepali saka Ki Ageng Sela yaiku ….
A. nyekel bledheg kang nyamber-nyamber
B. aja dadi wong kang angkuh
C. anak turune ora kena ladak lan jail
D. aja duwe ati kang srakah
E. aja angkuh,ora kena ladak lan jail, aja srakah, lan aja nyolong

40. Gatekna wacan ing ngisor iki!

Aja sok sedhakep mundhak didohi rejeki

Sedhakep iku nduweni sasmita sinandi kang nerangake menawa atine lagi nandhang
susah. Dadi wong kang waras kok sedhakep iku ngatonake menawa dheweke kaya wong
kesusahan lan ora ilok disawang dening wong liya.
Nilai kang ana ing wewaler ing dhuwur kasebut yaiku ….
A. nilai etika
B. nilai sosial
C. nilai budaya
D. nilai religius
E. nilai estetika

II. Garapen manut prentahe!


41. Gatekna pacelathon ing pethikan cerkak ing ngisor iki!
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Senadyan regane
larang, Rp 5.000,- nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu
Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing
katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi
marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh
menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“….” wangsulane Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dienggo dodol Bu Umi.

Gawea ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur kasebut!

42. Sebutna lan jlentrehna urut-urutane adat mantu ing Jawa!

43. Gatekna tembang dhandhanggula ing ngisor iki!


Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
Saka tembang dhandhanggula ing dhuwur, jlentrehna sipat sing bisa dituladhani saka
Bambang Sumantri (Patih Suwanda)!

44. Wacanen teks wewaler ing ngisor iki!


Aja nglungguhi bantal mundhak wudunen
Aja lungguh ing dhuwur bantal, amarga dikuwatirke mundhak wudunen. Kanthi cara
irasional, bantal sing dilungguhi ndadekake wudunen kanggone wong sing nglungguhi.
Dene kanthi cara rasional, bantal kuwi digunakake kanggo sirahe wong nalika turu. Yen
bantal dienggo kanggo bokong mula bab kuwi ora patut dilakoni.
Sebutna filosofine wewaler ing dhuwur iku!

45. Ukara ing ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa!


Siti Fatimah iku kancaku saka Ungaran. Omahe cedhak pasar Ungaran, yaiku nomer 234
saka gang manggis.

*****SUGENG NGGARAP*****

Anda mungkin juga menyukai