Anda di halaman 1dari 16

LATIAN SOAL US KELAS XII

A. BERILAH ARSIRAN PADA HURUF A, B, C, D ATAU E YANG MERUPAKAN


JAWABAN PALING TEPAT !

Jinejer ing Wedhatama


Mrih tan kemba kembanganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah asamun
Samangsane pakumpulan
Gunyak ganyuk nglelingsemi
1. Nitik pathokanipin, tembang punika kalebet tembang macapat ...
A. Sinom
B. Kinanthi
C. Asmaradhana
D. Pangkur
E. Gambuh

... Batine muntap kalawan pawongan wingi kang katon alus, ananging sardula awewujud
manungsa, kekudhung walunglang macan. Wicarane alus mangayuwara, jebule julig lan
culika. Batine pengin nesu ananging mung kandheg ing sajroning dhadha.
Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah,
dislonjorake sikile banjur dheleg-dheleg.
“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-
angklik kok tegel-tegele diapusi. Wis bejamu Sri ... Aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.

2. Carita ing nginggil kalebet crita ingakang damel ...


A. Eling
B. Guyu
C. Marem
D. Remen
E. Trenyuh
3. Miterat pethilan cerkak ing nginggil Mbah Surip mudujaken paraga kang kagungan
watak ...
A. Julig
B. Culika
C. Kuwat
D. Pasrah
E. Gampang nesu Soal

Rega kedhele Nekak Gulu, Pedagang Tahu Tempe Dhemo


Pedagang tahu tempe cacah ewon kang sumebar ing laladan DKI Jakarta
nggelar unjuk rasa ana sangarepe Istana Merdeka, Senen (14/1). Para pedagang
mau ndheseg marang pamarentah supaya tumuli ngundhunake regane kedhele sing
rinasa wis nekak gulu. Regane kedhele mundhak sundhul langit saka ing sakawit
Rp. 3. 450 saben sekilone dadi Rp. 7. 500 ing telung sasi pungkasan iki. Ndedele
rega kedhele njalari para pedagang tahu lan tempe ora kuwat kulakan maneh.
Naggapi panjaluke pedagang-pedagang mau, Wakil Presiden Jusuf Kalla ora bisa
tumindak apa-apa jalaran sasuwene saperangan gedhe, kedhele sing ana ing
Indonesia mau diimpor saka manca Negara.

Kapethik sacukupe saka Sari Warta, Panjebar Semangat, No. 4, tgl 26 Januari
2008, kaca 5-6
4. Sinten ingkang nggelar unjuk rasa ing sak ngajenge Istana Merdeka…..
A. Pedagang Tahu
B. Pedagang Tempe
C. Warga DKI Jakarta
D. Pamerentah DKI Jakarta
E. Pedagang tahu tempe ingkang sumebar ing laladan DKI Jakarta
5. Kapan lan wonten pundi kadadosan demo punika ...
A. Senin (15/1) ing Jakarta
B. Senin (15/1) ing Istana Negara
C. Senin (14/1) ing sak ngajengipun Istana Negara
D. Minggu (14/1) ing Kantor DPR/ MPR
E. Minggu (14/1) wonten ing Peken

Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah
tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakake minangka simbol utawa
panandha status sosial saka bangsawan Jawa. Biasane omah Joglo mung diduweni
wong kang duwe banda akih. Omah joglo duweni keunikan yaiku payone kang
dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan
lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ruangan ing
omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan
kanggo patemon kang disebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa
ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan, bagian kaping telu yaiku
ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero ruangan iki ana telu
senthong, yaiku senthong kiwa, senthong tengah lan senthong tengen.
Kapetik saka: Holoesciences.blogspot.co.id/2017/04/deskripsi-rumah-adat-joglo-
dalam-bahasa.html?m=1, kanthi owah-owahan sawetara

6. Saking paragrap wacana deskriptif ing nginggil, bagian-bagian omah Joglo kaperang
wonten 3, salah satunggaling bagian inggih punika kang karanan pringgitan kang
kagungan fungsi kangge ...
A. Ruang keluarga
B. Nanggap wayang kulit
C. Patemon
D. Masak
E. Sare

Nuladha laku utama


Tumrape wong tananh Jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Penembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
7. Guru wilangan lan guru lagu saking tembang ing ngginggil inggih punika ...
A. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. 8a, 8i, 8a, 7i, 7i, 8u, 8a, 8i, 12a
C. 8a, 8i, 8a, 8i, 7u, 8u, 7a, 8i, 12i
D. 8a, 8i, 8a, 7u, 7a, 8u, 7a, 8i, 12a
E. 8a, 8i, 7a, 7u, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

Saisine negara Astina bela sungkawa awit putrane Prabu Pandhu lan Dewi
Kunthi lair kanthi wujud kang ora lumrah yaiku kanthi kahanan bungkus. Sawetara
ibune bungkus, dewi Kunthi sing kudune bungah nampa kanugrahan putra, mung bisa
pasrah marang keparenge Gusti nalika nyipati kahanan kang kaya mangkono. Ora ana
senjata kang bisa tumama mecah wujuding bungkus. Pirang-pirang pambudidaya
kanggo ngluwari panandhange bungkus ora ana sing kasil. Wusanane ana wangsite
dewa kang ditampa dening Prabu Pandhu, kang nelakake supaya bayi bungkus
dibuang ing alas . Wusanane Prabu Pandhu mutusake bungkus dibuang menyang alas
Krendhawahana.
Sawetara iku ing kahyangan Suralaya, Bathara Guru nimbali putrane kang
wujud gajak yaiku Gajah Sena tumuli kadhawuhan kinen mecah si bungkus murih
bisa dadi sejatining manungsa. Gajah Sena banjur nglaksanakake parintahipun
Bathara Guru, kanthi kekuwatane mbudidaya buka bungkus. Ananging pecahing
bungkus malah ndadekake bayi ngamuk amarga rumangsa dilarani. Dredah ora bisa
diendhani maneh, kalorone gelut nganthi wusanane Gajah Sena tumekeng pati.
Eloking lelakon sasirnane Gajah Sena, sukma lan kekuatane manjing ing badane si
bayi bungkus.
Kapetik saka:Carita Wayang.blogspot.com/buku Mumpuni Basa Jawi X

8. Saking carios wayang ing nginggil saged dipun pendhet dudutan bilih dewi Kunthi
kagungan watak ingkang saged kangge patuladhan, inggih punika ...
A. Pasrah marang keparenge Gusti nalika nyipati kahanan kang kaya mangkono
inggih punika putranipun lair awujud bungkus.
B. Gampang nesu
C. Boten narima putranipun lair awujud bungkus
D. Jahat
E. Ora becik
9. Kawilujengan, katentreman miwah karahayon awit sih welasing Gusti ingkang Maha
Agung, Allah Swt, mugi tansah hamemayungana ing madyaning sasana pahargyan
ing wanci siyang punika.
Saking petikan teks pranatacara ing nginggil kelebet bagian ...
A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Isi
D. Penutup
E. Salam penutup
10. Gambar ing nginggil kalebet panganan tradisional kang aranipun ...
A. Cotot
B. Klepon
C. Lepet
D. Karang gesing
E. Mendhut

Angkara gung neng angga anggung gumulung


Gegolonganira
Tri loka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
11. Yen den umbar ambabar dadi rubeda. Tembung rubeda kagungan teges ...
A. Alangan
B. Memper
C. Pacoban
D. Ora padha
E. Beda-beda
12. ...awan-awan dhokare Sabar mlaku nggendring ngulon, nggawa penumpang wong
lanang siji. Ing buri gegere kusir, penumpang mau tolah-toleh sajak gumun ndeleng
kahanane dhukuh-dhukuh sing diliwati.
Ingkang nuduhaken latar wektu wonten ing tembung ...
A. Ngendring ngulon
B. Awan-awan
C. Tolah-toleh
D. Buri gegere kusir
E. gumun
13. ing ngandhap punika titikanipun maos sesorah ingkang becik, kajaba ...
A. Lafal utawa pangucap cetha
B. Nguwasani isinipun seseorah kang diwaos
C. Boten pedhot-pedhot utawa kamisosolen
D. Ngangge sandangan pangangge kang resik
E. Wiramaning lumrah, boten kecepeten boten kerindiken
14. Tata cara siraman maknanipun ...
A. Temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga
B. Calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten
C. Supados calon penganten endahing warna kadya widadari, saderengipun upacara
nikah
D. Mbucal sedaya sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakakan
mboten wonten alangan
E. Wujud tanggung jawab ingkang badhe dipunayahi calon penganten kakung
dhumateng calon garwa lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan
ubarampe kangge pagesanganipun
15. Carios kang wonten gegayutanipun kaliyan dumadinipun sawijining papan
panggonan, wonten gandheng cenenge kaliyan sawijining paraga lan diyakini nate
dumadi, punika tegesipun
A. Cerita rakyat
B. Febel
C. Legenda
D. Sage
E. Mite

Panjenengan mbutuhake lemah pekarangan?


Ing ratan Merbabu RT 5 RW 4 Rejomulyo ana lemah
kanthi status hak milik, ambane 20m x 30 m didol kanthi
rega 300 yuta rupiyah. Menawa ana sing ngresakake,
panjennegan bisa sesambungan karo Bapak Suyono, kanthi
no HP. 08123456789

16. Ancasing pariwara ing nginggil inggih punika ...


A. Nawakke lemah pekarangan
B. Layanan masyarakat
C. Warta kulawarga
D. Nawakake jawa
E. Nawakake barang
17. Adegan kang umume dipungunakaken dhalang kangge sesambungan kaliyan kang
sami mersani ing pagelaran wayang kulit lan isinpun kebak hiburan lan guyonan
inggih punika ing adegan ...
A. Brubah
B. Paseban njaba
C. Jejer raja
D. Gara-gara
E. Perang gagal
18. Tembang macapat ingkang cacahipun 11 punika, saged nggambaraken urut-urutaning
gesang manungsa. Tembang macapat ingkang nggambaraken mangsanipun lare
ingkang taksih alit, lan mbetahaken tuntunan (digandheng), inggih punika tembang....
A. mijil
B. kinanthi
C. asmaradana
D. dhandhanggula
E. gambuh
Umpama wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi
19. Pitutur (amanat) ingkang jumbuh kaliyan tembang ing nginggil inggih punika....
A. Dados tiyang kedah sugih pangati-ati supados slamet.
B. Dados tiyang punika kedah pinter guneman
C. Dados tiyang menawi guneman kedah ngati-ati
D. Dados tiyang kedah sregep sinau
E. Dados tiyang punika kedah bekti dhateng tiyang sepuh

Lintang Wengi
Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawane gili
Wasana ...den semu
Geneya ...?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung

20. Tegesipun tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu
endah rinasa inggih menika .......
A. getih
B. banyu
C. angin
D. geni
E. laut
21. Wos surasanipun geguritan ing nginggil inggih menika...
A. Ora katon srengenge
B. Langit kang kebak mendhung
C. Swasana kang peteng
D. Lintang kang njerit
E. Lintang kang abyor
22. Geguritan miturut jinisipun punika kaperang dados kalih, salah satunggalipun inggih
punika geguritan modern. Titikanipun geguritan gagrag anyar/modern inggih
punika....
A. Tibaning swara kedah runtut
B. Caching gatra boten ajeg, nanging paling sekedhik sekawan
C. Dhong-dhing swara ing pungkasaning gatra boten ajeg
D. Cacahing wanda ing gatra setunggal lan setunggalipun kedah sami cacahipun
E. Sangajengipun geguritan dipunwiwiti ngangge tembung “sun nggegurit”
23.
Gambar ing nginggil kalebet salah satunggaling perangan atribut ingkang dipunagem
ing busana adat jawa putra. Gambar kasebut naminipun inggih punika...
A. surjan
B. dhuwung
C. canela
D. sabuk
E. epek timang
24. Ing jaman rumiyin para tiyang Jawi, mliginipun para priyayi ing tlatah Surakarta,
tumrap para estri ing padintenan sami mengangge sinjang, punapa malih menawi
pinuju wonten kaperluan (mantu utawi njagong) punika sami ngangge sinjang. Punika
mboten namung priyayi estri kemawon, dalasan ingkang kakung ugi mengangge cara
Jawi (bebedan/jaritan). Jalaran nalika semanten taksih ing jamanipun.
Pokok surasa/ isi cuplikan teks deskripsi ing nginggil inggih punika....
A. Jaman rumiyin tiyang jawi sami bebedan
B. Para priyayi ing Surakarta jaman rumiyin sami ngangge sinjang/ bebedan
C. Para priyayi estri jaman rumiyin sami ngangge sinjang
D. Para priyayi kakung jaman rumiyin sami ngangge bebedan
E. Para priyayi sami ngangge sinjang ing acara mantu

25. Gambar ing nginggil mujudaken piranti gamelan jawa ingkang dipunwastani....
A. Gong
B. Bonang
C. Kenong
D. Kempul
E. Slenthem

26. Gambar piranti gamelan ing nginggil punika, inggih piranti gamelan ingkang
dipuntabuh kanthi cara...
A. Dipunthuthuk
B. Dipungesek
C. Dipunpetik
D. Dipunsebul
E. Dipuntabok
27. Bangsa Indonesia wis samesthine bombong dene nduweni warisan budaya kang
maneka warna. Warisan leluhur kasebut ing antarae yaiku gamelan. Ing Jawa Tengah,
gamelan wis dimangerteni masyarakat wiwit jaman paprentahan kraton lan ing wektu
iki terus ngrembaka. Sing gawe mongkog kanyatan gamelan Jawa ora mung kawentar
ing nuswantara ananging uga kawentar nganti mancanegara.
Andharan ing nginggil, kalebet perangan struktur teks eksposisi.....
A. pambuka
B. argumentasi
C. isi
D. panutup
E. dudutan
28. Amir tuku tipi ing sasi Oktober. Menawi kaserat kanthi aksara Jawa ingkang leres
inggih punika....
A.

B.

C.

D.

E.

29. Bangsa Indonesia mardika ing tanggal 17 Agustus taun 1945.Tembung ingkang
kacethak kandel punika menawi kaserat aksara Jawi ingkang leres ....

B.

C.

D.

E.
º

30. Cacahipun aksara swara sajroning teks ing nginggil, inggih punika...
A. 2
B. 3
C. 4
D. 5
E. 6
31. Miturut waosan aksara jawa ing nginggil, giyaran radhiyo pisanan dipungiyaraken
wonten ing. ...
A. Eropa lan Asia
B. Eropa lan Afrika
C. Eropa lan Amerika Serikat
D. Asia lan Amerika Serikat
E. Amerika lan Afrika

Yogyanira kang para prajurit,


lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama. (kangge no. 35)
32. Saking tembang dhandhang gula ing nginggil saged dipunmangertosi bilih
lelabuhanipun Patih suwanda inggih punika...
A. Nggayuh kautaman ing perang
B. Lila maju perang kanggo mbelani negara lan leluhure
C. Guna, kaya lan purun
D. Lila maju perang kangge males budi marang negarane.
E. Lila mati ing peperangan

Kumbakarna kinen mangsah jurit,


mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.(kangge no.36)

33. Saking tembang dhandhang gula ing nginggil saged dipunmangertosi bilih
lelabuhanipun Kumbakarna inggih punika....
A. Nggayuh kautaman ing perang
B. Lila maju perang kanggo mbelani negara lan leluhure
C. Guna, kaya lan purun
D. Lila maju perang kangge males budi marang negarane.
E. Lila mati ing peperangan

Minungsuhken kadange pribadi,


Aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
Dene sira pikantuk,
Marga dennya arsa males-sih,
Ira sang Duryudana,
Marmanta kalangkung,
Dennya ngetog kasudiran,
Aprang rame Karna mati jinemparing,
Sumbaga wirotama.(kangge no. 37)
34. Saking tembang dhandhang gula ing nginggil saged dipunmangertosi bilih
lelabuhanipun Adipati Karna inggih punika....
A. Nggayuh kautaman ing perang
B. Lila maju perang kanggo mbelani negara lan leluhure
C. Guna, kaya lan purun
D. Lila maju perang kangge males budi marang negarane.
E. Lila mati ing peperangan
35. Ora ilok nglungguhi bantal, mengko ndak wudunen. Unen-unen punika kalebet
jinising gugon tuhon ...
A. salugu
B. wewaler
C. wasita sinandhi
D. bebasab
E. paribasan
39. Wewaler utawa ila-ila marang pakarti tinamtu sing asring kaucapake dening leluhur.
Ora cetha kepriye mula bukane dene wewaler kasebut wekasane dadi kapercayan
turun temurun. Dinuga ila-ila mau adhedhasar kedadeyan negatif sing tau kelakon lan
mbebayani tumrap sing ngalami. Percaya orane sumangga, jalaran ana kene watonane
mbok menawa mung ngelmu titen.
Pokok surasa/isi saking cuplikan teks eksposisi ing nginggil inggih punika....
A. Pangertosanipun wewaler
B. Jinising wewaler
C. Tuladhanipun wewaler
D. Peranganipun wewaler
E. Kapercayanipun wewaler
40. Salah satunggaling tuladha wewaler inggih punika, aja sok nampani nganggo tangan
kiwa, mundhak ngedhe. Manawa dipunnalar wewaler ing nginggil, nggadhahi pitutur
kang kinandhut inggih punika....
A. Tangan tengen luwih trampil
B. Tangan kiwa iku dianggep asor tinimbang tangan tengen
C. Nganggo tangan kiwa dianggep ora lumrah utawa nyleneh
D. Amarga prigele mung kanggo nguwil utawa tetulung tangan tengen
A. Wangsulan A,B,C,D leres

41. Isi puji syukur dhumateng Gusti, lan atur panuwun dhateng para tamu ingkang
sampun kersa rawuh ing acara punika, kalebet perangan sesorah ...
A. Salam pambuka
B. Isi/wigatining atur
C. panutup
D. purwaka
E. pangarep-arep
42. Cara sesorah ingkang migunakaken cathetan alit kang isinipun balunganipun
karangan, dipunarani sesorah kanthi cara...
A. cara naskah
B. cara apalan
C. cara ekstemporan
D. cara dadakan
E. cara impromptu
43. Ukara ”Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten ceweting atur kula
nyuwun pangapunten. “kalebet ing perangan sesorah...
A. Salam pambuka
B. Isi/wigatining atur
C. panutup
D. purwaka
E. pangarep-arep
44. Mantu punika kagungan teges ...
A. Kagungan kersa/ hajat ngomah-omahke putra-putrinipun ingkang diwasa
B. Kagungan kersa/ hajat nyunataken putra bajengipun
C. Kagungan kersa/ hajat ulang tahun
D. Syukuran
E. Kagungan kersa/ hajat Mantenan
45. Ing ngandhap punika ingkang boten kalebet ing tata cara urutanipun mantu inggih
punika ...
A. Lamaran
B. Asok tukon
C. Srah-srahan
D. Tarub
E. Sinoman
46. Maknanipun supados calon penganten putri sulistya ing warna kados widadari.
Adicara punika katindhakaken ing wanci dalu sak derengipun pahargyan temanten.
Punika kalebet urutanipun mantenan ingkang kasebat ...
A. Midodareni
B. Siraman
C. Asok tukon
D. Nontoni
E. Srah-srahan
47. Tiyang kakung menika kedah saged maringi nafkah marang kulawarganipun, ing
tatacara manten jawa dipunsimbulaken ing acara ...
A. Kacar-kucur
B. Wiji dadi
C. Sinduran
D. Dhahar klimah
E. Midodareni
48. Ing ngandhap punika crita rakyat ingkang wujudipun legenda, kajaba...
A. Baruklinthing
B. Prabu Kamandaka
C. Rawa pening
D. Kanjeng Ratu Kidul
E. Grojogan sewu
49. Saking Crita rakyat “Asal-usule Aksara Jawa”amanat utawa pesen ingkang saged
kapendhet inggih punika...
A. Wong kudu gelem prihatin
B. Reresik tumindak ala
C. Adigang adigung adiguna
D. Ratu iku duwe panguwasa
E. Kasetyan ing bendarane

50. Abdine Ajisaka ingkang ndherekaken njajah tanah jawa inggih punika.....
A. Dora lan Sembada
B. Dora lan Prayoga
C. Duduga lan Sembada
D. Dora lan Duduga
E. Duduga lan Prayoga
51. Wara wara ingkang surasanipun nawakake sawijining barang utawi papan,
dipunarani....
A. Brosur
B. Sayembara
C. Iklan
D. Lelayu
E. Undhangan
52. Iklan ingkang mbetahaken piranti swara, audio visual, lan efek inggih punika....
A. Nawakake barang/jasa
B. Surasane lomba/andon
C. Iklan radio
D. Iklan TV
E. Iklan cetak

Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu


Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahyeng sekar srinata
53. Punapa aranipun tembang ing nginggil...
A. Pangkur
B. Kinanthi
C. Pocung
D. Sinom
E. gambuh
54. Tembung kalbu menika tegesipun...
A. pikir
B. mripat
C. jantung
D. ati
E. rikma
55. Watakipun tembang kinanthi inggih menika ...
A. Bingah, tresna kangge pitutur utawi nelakaken sih tresna
B. Sigrak, mrabawani, grengseng kangge medhar menapa kemawon
C. Gemes, greget sak penake dewe, kendo
D. Sedih, kuciwa, trenyuh kangge gambaraken swasana sedih
E. Tandhes, lugas, tinabuka, wani, kendel
56. Tembang macapat Kinanthi kalebet tembang ...
A. Macapat
B. Alit
C. Tengahan
D. Gedhe
E. gancaran

Lire lelabuhan tri prakawis


Guna bisa saneskareng karya
Binudi dadi unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang Manggada nagri
Amboyong putri domas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana
57. Punapa aranipun tembang ing nginggil ?
A. Gambuh
B. Dhandhanggula
C. Pangkur
D. Sinom
E. Kinanthi
58. Tembung katur nggadhahi teges...
A. Dalan
B. Omong
C. Matur
D. Sekalian
E. kanggo
59. Ingkang pikantuk sebatan “ditya ngalengka aji” inggih menika...
A. Kumbakarna
B. Adipati Karna
C. Rahwana
D. Anoman
E. Sumantri
60. Patih Raja Harjunasasrabahu saking negara Maespati inggih punika...
A. Suryaputra
B. Adipati Karno
C. Bambang Sumantri
D. Kumbakarna
E. Gathotkaca
61. Serat Tripama kaanggit dening....
A. KGPAA Mangkunegara VI
B. KGPAA Mangkunegara IV
C. Pakubuwana VI
D. Pakubuwana IV
E. Sri Sultan HB IX

Lintang Wengi
Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana ...den semu
Geneya ...?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
... miris ...jebul datan anyandhak

62. Wos surasanipun geguritan ing nginggil inggih menika ...


A. Ora katon srengenge
B. Langit kang kebak mendhung
C. Swasana kang peteng
D. Lintang kang njerit
E. Lintang kang ambyor
63. Tegesipun tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu
endah rinasa inggih menika ...
A. Getih
B. Banyu
C. Angin
D. Geni
E. Laut
64. Ingkang dados tema geguritan ing nginggil inggih menika ...
A. Rasa seneng
B. Rasa kangen
C. Rasa kaget
D. Rasa miris
E. Rasa tresna
65. Wiru jarik tumpalipun ketingal ing ngajengan, menika ciri wiru jarik saking ...
A. Yogyakarta
B. Surakarta
C. Magelang
D. Surabaya
E. Pekalongan
66. Busana kejawen beskap dilengkapi dening benik (kancing baju) wonten sisih ...
A. Ngajeng
B. Tengah
C. Wingking
D. Kiwa lan sisih tengenipun
E. ngandhap
67. Busana Jawa kathah piwulang kang sinandhi. Sinandhi nggadahi teges ...
A. Ajaran tersamar
B. Ajaran samar-samar
C. Ajaran cemeng
D. Ajaran gesang
E. Ajaran cetha
68. Kapercayan tiyang jawi marang sawenehing bab utawi prakara ingkang boten tinemu
nalar kalebet pangertosan...
A. Budaya
B. Basa rinengga
C. Parikan
D. Wangsalan
E. Gugon tuhon
69. Wujuding gugon tuhon saged awujud menapa kemawon, kejaba...
A. Tembang
B. Pitutur luhur
C. Dolanan
D. Parikan
E. Geguritan
70. ...

A.

B.

C.

D.

E.

71. ....

a.

b.

c.
d.

e.

72. tegesipun...

a.

b.

c.

d.

e.

73. Ukara “Weruh uler ning awak dadi gemeter” menawi kaserat aksara jawanipun…
a.

b.

c.

d.

e.

Anda mungkin juga menyukai