Anda di halaman 1dari 11

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA

PEMERINTAH DAERAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA


DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA
SMA ...............................................
Alamat: ......................................................................................................................

LEMBAR SOAL UJIAN SEKOLAH


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas / Program : XII / .......................
Hari / Tanggal : ...............................
Waktu : ...............................

PETUNJUK UMUM
1. Berdoalah sebelum dan sesudah mengerjakan!
2. Sebelum mengerjakan soal, tulislah identitas Anda pada Lembar Jawaban yang
3. disediakan!
4. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat tulisan yang kurang jelas!
5. Semua soal harus dijawab pada lembar jawaban!
6. Dahulukan menjawab soal yang Anda anggap paling mudah!
7. Dilarang menggunakan alat bantu hitung dan kamus

PETUNJUK KHUSUS
I. Kawangsulana pitaken-pitaken ing andhap punika kanthi milih aksara A, B, C, D, utawi E ingkang
leres!

1. Kagatosna pethikan pawartos ing andhap punika!


Jathilan “Mlebu Kraton”
Seni rakyat Jathilan, kaya dadi kesenian endemic, tegese sumrambah ing sadhengah papan.
Saben desa, malah saben dhusun ing DIY padha duweni grup jathilan. Ana kang laris ditanggap, ana
kang beber setahun pisan nalika merti dhusun. Emane, seni jathilan akeh kang ninggal rasa senine
lan kedlarung dadi “akrobat ndadi”, utawa katunggu anggone para paraga padha ndadi (trance)
ngedan bedhigasan sakarepe lali purwaduksina. Uga akeh kang banjur kacawisake saanane, kayata
kostum lethek sruwal-sruwal, utawa sandhangane sakecandhake, wirama iringane waton seru
gumyak, rumpaka joget tanpa waton, sindhenan sakarepe, lan lakune baku carita ora kaudi. Ora ana
isi wulang lan gatraning panjangka kang sinandi.
Kamangka , yen kaparsudi kanthi becik, jathilan bisa dadi kesenian rakyat kang endah kadulu,
resep kapriksani, lan gawe ati marem sanajan sarwa sarwi prasaja corek ragam jogete, sandhangan
busanane, wirama iringan kendhangane, gumyak prasaja senggakan sindhenane. Saiki wis akeh
“Jathilan alus” kang kaudi dening para paraga lan penguri-uri budaya jathilan. Nalika kabeber katon
resep pangrakite, kepenak dideleng, empuk ulem kapireng.
(kapethik saking Sempulur, nomer: 30/II-2018)

Andharan ing andhap ingkang jumbuh kaliyan pethikan pawartos ing inggil inggih punika ….
A. Jathilan mujudaken satunggaling seni rakyat ingkang sampun awis-awis kapanggihaken ing
madyaning masyarakat miliginipun ing DIY.
B. Seni jathilan ingkang tasih kathah kapanggihaken ing madyaning masyarakat sampun katata
kanthi sae.
C. Seni jathilan ingkang tasih kathah kapanggihaken ing madyaning masyarakat boten nggatosaken
piwulang saha ancas ingkang utama.
D. Ingkang ndadosaken seni jathilan punika sae inggih punika wontenipun paraga ingkang sami
ndadi.
E. Seni jathilan ingkang tasih kathah kapanggihaken ing madyaning masyarakat punika sampun
mujudaken seni ingkang adi luhung pramila boten sisah dipunewah-ewahi malih.

1
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

2. Kawaosa geguritan “NGGER” ing andhap punika!

NGGER …
dening: Ki Dwija Disastra

Ngger ……
Duk ing nguni lumantar sang Narapati
praja iki lila legawa manunggalake dhiri
nglabuhi adeging nagri
nglilakake kaskayane nyengkuyung jejeging Republik iki
Duk ing nguni praja iki
nate dadi kutha garaning nagri
dimen lestari kamardikan kang wis ana tangan
Senadyan laladan kari saperangan
Ngger….., kuwi dudu dongengan
nanging kasunyatan kang tinulis ing lembaraning jaman

wingi dadi perdondi


anane laladan kang mligi
saperangan panguwasa Republik padha lali
anane lelabuhan kang suci

kanthi rembug kang gawe horeg kahanan


saiki kasembadan
Istimewa wis kasandhang
angrantu para warga padha tumandang
mujudake apa kang wis digegadhang

Istimewa……, istimewa…….., istimewa…….


aja mung dadi sebutan
ungalna kabisanmu
kabudayan,
pamulangan,
lan sakabehing kawegigan
dimen murakabi nuswantara
dimen murakabi bawana
Buktekna Istimewaning Ngayogyakarta
Ngger ………..

Isinipun teks geguritan ing inggil inggih punika ….


A. Cariyos adeging negari Republik Indonesia
B. Nyariyosaken kenging punapa Ngayogyakarta dados Daerah Istimewa
C. Ndongengaken adeging satunggaling nagari ingkang kabiyantu dening negari sanes
D. Nyariyosaken menawi Ngayogyakarta punika punjering Nuswantara
E. Nyariyosaken bilih Republik Indonesia boten badhe mardika menawi boten wonten
Ngayogyakarta.

GARUDHA WULU SIJI


........................................................
Wis dadi adat saben dina Minggu padha mlaku-mlaku ngubengi dhusun kanggo refreshing. Kala-
kala uga plesir ing Parangtritis. Dina Minggu iku sawise bali anggone mlaku-mlaku banjur padha
nglumpuk ing ruang tengah. Amarga isih krasa kesel, mula padha santai caturan dhewe-dhewe. Bapak
maos koran, semono uga ibu. Adhiku uga ora keri, dheweke mbukaki buku wacan kang ana gambare.
Gandheng durung bisa maca mula adhiku kapengin ibu macakake lan nyritakake. Salah sijining
gambar kang aneng kono yaiku gambar garudha. Mula ibuku ya crita apa kang katulis ing kono, kayata
apa maknane lambang-lambang kang ana dhadhane, kayata bintang, wit ringin lsp.
Ing buku kang basane nganggo basa Indonesia iku mau uga ditulis ngapa kok cacahe wulune
garudha ing gulu lan awake 45, ing swiwi 17, lan ing buntut 8. Mula ibu banjur nerangake asal-usule
bab mau, yaiku Indonesia merdika tanggal 17-8-45. Lha kok adhiku nyela-nyela takon.

2
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

“Terus nek biyen le merdika tanggal siji apa ya wulune garudha mung siji bu?’ pitakone adhiku
kanthi serius.
“lha iya ngono”, wangsulane ibuku.
“Lha teneh garudhane kadhemen nek wulune mung siji.”
Lha banjur piye le arep mangsuli? Apa tumon garudha kok kadhemen? Karang ya bocah!
(Fistari, Djoko Lodhang no. 37/2007)
3. Wacana 2 ing inggil mujudaken satunggaling tuladha cariyos pengalaman ingkang sipatipun ....
A. nggegirisi
B. njuwarehi
C. sedhih
D. gumun
E. lucu

Wacana 3
mangga sami ngudi bumu mrih rahayu
kang sampun purun peparing
sakehe kang wulu wetu
dadya cihna sihing Gusti
kang satuhu Maha manon
4. Pratelan ing andhap punika ingkang jumbuh kaliyan isining sekar (wacana 3), inggih punika....
A. Bumi ingkang kathah asilipun punika minangka bukti bilih Gusti tresna dhateng sedaya titahipun.
B. Njagi kawilujenganipun bumi punika sanes kuwajibanipun manungsa.
C. Bumi punika sampun kajagi dening Gusti Allah pramila titahipun boten sisah ndherek njagi.
D. Asiling bumi punika wonten awit namung saking budi dayaning manungsa.
E. Bumi badhe purun paring asilipun menawi manungsa ugi purun njagi kawilujenganipun.

Wacana

?ai=[fovaikianlimsi=fisebu[tW=otuw,yaiku;1;si=zuki/jiwrgmu,
;2;si=mitulu=ziskbby,;3;si=[zo[pnNitnPanJlukPiwXs\;4;gu
ru,;5;si=a[wh[zlM|agm.
5. Miturut wacana ing inggil wonten ing alam donya punika ingkang saged kasebat minangka tiyang
sepuh boten namung tiyang ingkang ngukir jiwa raga, ananging tasih wonten malih sanesipun inggih
punika ….
A. tiyang ingkang tansah ngetingalaken katresnanipun
B. tiyang ingkang tansah paring kawigatosan
C. tiyang ingkang paring ilmu agama
D. tiyang ingkang tansah paring arta
E. tiyang ingkang tansah paring sambutan utawi utangan.

6. Miturut isinipun jinising karangan warni-warni. Salah satunggalipun jinising karangan inggih punika
narasi inggih punika karangan ....
A. ingkang isinipun ngengingi pamanggih kanthi linambaran pawadan-pawadan ingkang mathuk.
B. ingkang nyariyosaken satunggaling prakawis ingkang dumados kanthi wekdal utawi kadadosan
ingkang runtut saking kawitan dumugi pungkasan satemah ingkang maos kados dene nglampahi
piyambak kadadosan kasebat.
C. ingkang isinipun ngejak para pamaos supados kepilut tumrap punapa ingkang dipunandharaken
panyerat.
D. ingkang isinipun nggambaraken satunggaling obyek saged awujud panggenan punapa dene
wewangunan kanthi trewaca saengga pamaos kados dene mangretos piyambak prakawis ingkang
dipungambaraken punika.
E. ingkang isinipun ngandharaken kanthi cetha dhateng pamaos adhedhasar kasunyatan.

7. Panyerating aksara murda ingkang leres saged kapanggihaken ing ukara ....
A. ?$]i$ulTnHm_ku*uwnaikugube/nu/z[yog-k/t.
B. ?ktep=zkenNmkul$upn.
C. ?#[wonHikuk2bu[@wnK=migunni.

3
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

D. ?*pkHikuk=zuki/jiwrg.
E. ?@ulklwizi[sownSimBh.

8. Kagunan / seni pagelaran ingkang saged kapanggihaken ing laladan Kulon Progo, paraganipun
sadaya wanita lan mangagem busana kados dene prajurit Walanda. Seni pagelaran punika kanthi
titikan awujud beksan, lan saking ingkang mbeksa punika ing mangkenipun wonten ingkang ndadi.
Seni pagelaran punika namanipun ….
A. Kethoprak
B. Incling
C. Angguk
D. Topeng gedruk
E. Lenong

9. Wonten ing pagelaran ringgit/wayang wonten pirantos ingkang kadamel saking mori pethak, lan
kagelar ing sangajenging dhalang. Pirantos punika namanipun kelir ingkang minangka gegambaran....
A. jagad
B. kothak
C. tembok
D. griya
E. raos suci

Lamun arsa palakrami


tumraping jalu wanita
aywa ninggal ugerane
wewarahe para lebda
jangka olahing bebrayan
nora becik grusa-grusu
pakolehe bisa prenah

10. Guru wilangan saha guru lagu gatra 5 sekar ing inggil inggih punika ….
A. 3 i
B. 8 a
C. 8 n
D. 3 n
E. 2 u

Ngundhuh Wohing Pakarti


..................................................................
Pinuju satunggalipun dinten Dewi Anjani dolanan cupu paringanipun ingkang ibu. Guwarsa lan
Guwarsi mangertos dolanan kala wau lajeng sami kepingin, pepuntonipun dados rebatan. Resi
Gutama pirsa putra-putranipun sami rebatan, lajeng duka lan ndangu dhateng Anjani saking pundi
cupu kala wau. Dewi Anjani matur manawi cupu punika paringanipun ingkang ibu. Salajengipun Resi
Gutama ndangu dhateng Windrati, nanging Windrati boten enggal suka wangsulan. Satemah Resi
Gutama nyepatani garwanipun dados tugu. Putra tetiga nyuwunaken pangapunten ibunipun, ananging
Resi Gutama netepi sabda pandhita ratu.
Cupu ingkang sampun kaasta Resi Gutama lajeng dipunbucal kasawataken kanthi
kasektenipun ngantos dumugi satengahing wana lan lumebet ing tlaga Madirda. Sang Resi ngendika
menawi cupu kala wau boten dados hakipun putra-putranipun. Awit kadereng raos melikipun putra
tetiga sami mbujung cupu kala wau. Resi Gutama dhawuh dhateng rayinipun inggih punika Jembawan
saha Danurwenda kinen ngawat-awati plajaripun ingkang putra.
Sadumuginipun samadyaning wana Guwarsa lan Guwarsi mangertos cumloroting cupu
dhumawah ing tlaga, mila kekalihipun lajeng sami ambyur ing tlaga kala wau. Semanten ugi Anjani
awit ngraosaken sayah, sadumuginipun sacelaking tlaga lajeng masuh pasuryan saha astanipun.
Jembawan saha Danurwenda ingkang saderengipun sampun dipunweling supados boten gadhah
raos melik dhateng cupu sami kesupen kekalihipun ugi ambyur ing tlaga. Wusana sadaya boten
manggihaken cupu malah wujudipun sami dados wanara. Dewi Anjani ingkang namung masuh
pasuryan saha astanipun ingkang salin wujud dados wanara inggih namung pasuryan saha
astanipun...................

4
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

11. Piwulang ingkang saged kapendhet saking cariyos ringgit ing inggil, mliginipun ingkang dados
sumbering sebab ingkang njalari Guwarsa, Guwarsi, Jembawan, Danurwenda saha Anjani salin
wujud dados wanara inggih punika ....
A. Sadaya sami cecongkrahan
B. Tiyang gangsal punika boten sami rukun
C. Tiyang gangsal punika ambyur ing tlaga Madirda
D. Tiyang gangsal kala wau sami gadhah melik dhateng cupu ingkang sejatosipun sanes hakipun.
E. Tiyang gangsal kala wau boten nuhoni dhawuhipun Resi Gutama.

12. Kanggé maos geguritan kanthi saé, kedah nggatosaken wirasa. Wirasa inggih punika ....
A. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken kedaling pocapan rikalanipun maos geguritan
kedah cetha, lan saged mbèntenaken ing antawisipun sedaya foném.
B. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken ébahing salira, asta, suku, lan pérangan badan
sanèsipun supados saged nyengkuyung kanggé mahyakaken suraosing geguritan.
C. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken membat mentuling swanten, sora lirihipun
swanten, lan panjang cekaking swanten.
D. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken polatan ing pasuryan ingkang kedah
kajumbuhaken utawi kaselarasaken kaliyan suraosing geguritan.
E. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken sinten ingkang ngripta geguritan lan kados
pundi kawontenan gesangipun.

13. ................ wukusu=s=k=a[tomP,yAlLhk=luwihwikn\[aobh[aosikKi= kwul¦£¦


Pada mangajapa ingkang kapanggihaken ing pethikan wacana kasebat kangge tandha mungkasi
wacana ingkang kawastanan wasana pada dene namanipun ....
A. pada mandrawa
B. pada iti
C. pada mangajapa becik
D. pada lingsa
E. pada adeg-adeg

14. Geguritan saged rinaos endah awit kadhapuk lumantar pamilihing tembung-tembung ingkang trep, lan
ugi ngginakaken lelewaning basa (gaya bahasa/majas) ingkang saged nuwuhaken greget lan raos
ingkang kiyat, ugi ngginakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaendahanipun. Makaten punika
satunggalipun unsur geguritan ingkang sinebut ....
A. estetis
B. koheren
C. nuwuhaken raos tresna
D. edukatif
E. aspiratif

15. Wonten bab-bab ingkang dhasar lan kedah kasamektakaken dening tiyang ingkang badhe dados
panatacara ingkang sae. Ingkang boten kedah kasamektakaken dening tiyang ingkang badhe dados
panatacara inggih punika …
A. kabudayan, filsafat, sarta kapitadosan.
B. kawruh ing logika, etika, estetika
C. basa saha sastra
D. ngadi sarira saha ngadi busana
E. kawruh bab kaprajan

PRAON
dening Ki Narto Sabdo
Yo kanca neng gisik gembira
alerab-lerab banyuning segara
anggliyak numpak prahu layar
ing dina minggu keh pariwisata
alon prahune wis nengah
byak byuk byak banyu binelah
ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
ngilangake rasa lungkrah lesu
adhik njawil mas jebul wis sore

5
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

witing kalapa katon ngawe-awe


prayogane becik bali wae
dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe

16. Miturut tembang Praon punika, bilih tiyang ingkang nembe remen manahipun boten pareng
katungkul awit benjangipun tasih ...
A. nyambut damel
B. numpak prau
C. pariwisata
D. gembira
E. njawil

17. Tiyang dados panatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap
tegesipun ..
A. pocapan cetha
B. membat mentulipun swanten
C. jumeneng jejeg
D. anteb saha manteb
E. tanggap dhateng swasana

Ojo dipleroki
mas, mas, ojo dipleroki
mas, mas ojo dipoyoki
karepku njaluk diesemi
tingkah lakumu kudu ngerti coro
ojo ditinggal kapribaden katimuran
mengko gek keri ing jaman
mbok ya seng eleng
eleng bab opo, iku budoyo
pancene bener kandhamu

18. Seratan cakepan tembang campursari ing inggil kapanggihaken kathah ingkang lepat miturut tata
panyerat ingkang lumampah, tembung-tembung ingkang lepat tata panyeratipun inggih punika….
A. ojo, coro, seng, eleng, opo, budoyo
B. dipleroki, dipoyoki, diesemi, kudu, kapribaden, ditinggal
C. ojo, coro, opo, budoyo, kandhamu, kapribaden
D. kudu, kapribaden, ditinggal, seng, eleng, bener
E. dipleroki, dipoyoki, diesemi, seng, eleng,

Wacana:
¥[zlM|aikukl[ko[nNknQilku,Xk[sSlwnKs\tege[sSksV[nTosni,set-
buf-pzeke[sSfu/a=kr.¥

19. Miturut wacana ing inggil tiyang ingkang badhe kepingin gadhah ngelmu kedahipun ….
A. kanthi mbayar mahar
B. purun nyukani arta
C. wani niru
D. kanthi lampah utawi laku
E. kanthi niyat

Wacana:
mapan ana sêsiku têlung prakara,
nanging gêdhe pribadi,
pan iki lirira,
ingkang têlung prakara,
aja anggunggung sirèki,
kalawan aja,
nacad kapati-pati

6
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

20. Miturut wacana ing inggil, wonten tigang prekawis ingkang kedah kagatosaken ing antawisipun
inggih punika ….
A. gadhah raos bombong dhateng dhiri pribadi
B. nacad ngantos ingkang dipuncacad mati
C. ngrumaosi leres piyambak
D. boten pareng nggunggung dhateng awakipun piyambak
E. boten pareng nggunggung dhateng tiyang sanes

21. Rikalanipun badhe nyerat artikel kedah saged milih judul / irah-irahan ingkang sae, irah-rahan saged
kawasatanan sae tumrapipun seratan artikel inggih punika ingkang ....
A. narik kawigatosan, mujudaken ukara ingkang jangkep lan saged gampil dipunmangertosi.
B. ringkes kepara menawi saged satembung kemawon.
C. cetha lan gamblang ukaranipun panjang boten dados punapa.
D. narik kawigatosan, kanthi milih ukara ingkang ngayawara.
E. basanipun kedah ngginakaken basa Jawi krama ingkang leres.

22. Ingkang boten kedah kamot ing serat ulem inggih punika ….
A. Nama ingkang tinuju.
B. Pambuka.
C. Nama lan yuswa.
D. Isi.
E. Nama ingkang paring serat.

Urut Reroncening Adicara Ambal Warsa Sekolah


1. Atur pambagya saking pangarsaning panitya
2. Wedharing pangandikan saking Kepala Sekolah
3. Wedharing pangandikan saking Ketua Komite
4. Pambuka
5. Wedharing wacana saking pangarsaning OSIS
6. Panutup

23. Urut reroncening adicara ambal warsa sekolah ing inggil dereng tumata kanthi sae, tatanan ingkang
sae inggih punika ….
A. 1 – 4 – 2 – 3 – 5 – 6
B. 4 – 1 – 5 – 2 – 3 – 6
C. 4 – 5 – 1 – 3 – 2 – 6
D. 4 – 3 – 2 – 1 – 5 – 6
E. 4 – 2 – 3 – 1 – 5 – 6

Ldr. Santi Mulya


Santi mulya, santi mulya
Luhur mulyaning nagara Indonesia pasti jaya
Tarlen saking golonging sedyatama
Manunggal mrih santosa cipta rasa budi karsa
Gumelaring mamayu-hayuning bangsa
Basuki yuwana sirna papa sangsaya
Sampurnaning bebrayan gung Pancasila
Mangambar gandanyarum Indonesia langgeng mardika

24. Miturut wacana 1, kanthi manunggalipun kekajengan ingkang sae saha linandhesan santosaning
cipta rasa budi lan karsa, bangsa Indonesia badhe saged nggayuh ...
A. santi mulya
B. bebrayangung Pancasila
C. mamayu-hayuning bangsa
D. mangambar gandanyarum
E. luhur lan mulyanipun negari

7
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

25. Cara utawi metode sesorah punika wonten mawarni-warni. Cara sesorah ingkang kasebat
impromptu inggih punika ….
A. tiyang ingkang sesorah nyamektakaken teks langkung rumiyin salajengipun kawaos rikalanipun
sesorah.
B. tiyang ingkang sesorah damel teks langkung rumiyin lajeng dipunapalaken.
C. tiyang ingkang sesorah damel cathetan alit ingkang isinipun wosipun ingkang badhe
kaandharaken ing sesorah lan ing rikalanipun sesorah cathetan wau dipunbekta.
D. tiyang ingkang sesorah boten nindakaken cecawis langkung rumiyin, awit tiyang ingkang
nindakaken sesorah punika tiyang ingkang sampun kulina sesorah.
E. tiyang ingkang sesorah nindakaken gladhen langkung rumiyin, sasampunipun rumaos saged
nembe nindakaken sesorah.

Wacana Pawartos:
Aparat kepolisian DIY sampun gembleng tekadipun badhe mbebasaken siswa-siswa saking
bebayanipun narkoba saha tawuran.
Bab wau kangge nyuak anggepan bilih kitha Ngayogyakarta punika mujudaken kitha narkoba,
kados anggepanipun saperangan kalangan saderengipun punika. Pratelan kasebut kaandharaken
Kabag Reskrim Polda DIY wonten ing “Kampanye Anti Narkoba” ingkang dipunadani dening SMA 3
Ngayogyakarta. Dipuntemenaken program punika kaajab saged katindakaken kanthi samesthinipun,
mbudidaya amrih aruming gegambaran DIY minangka kitha pendidikan, budaya, lan pariwisata. Kanthi
punika pihakipun nggadhahi tekad badhe nyeret sinten kemawon ingkang tumindak lampah nalisir.

26. Pratelan ing ngandhap punika jumbuh kaliyan punapa ingkang kaandharaken ing wacana 1 ...
A. Kitha Ngayogyakarta kabukten menawi dados kitha narkoba.
B. Sinten kemawon ingkang nggadhahi lampah nalisir badhe kaseret ing pengadilan dening aparat
kepolisian.
C. Lumebetipun narkoba ing kitha Ngayogyakarta sampun boten saged dipunkendhaleni malih.
D. Kampanye anti narkoba katindakaken ing SMA 3 Ngayogyakarta, awit ing ngriku kathah kapang-
gihaken korban narkoba.
E. Kawontenan DIY minangka kitha budaya, pariwisata, lan pendidikan sampun luntur awit
lumebetipun narkoba.

27. Omah sing bakal dikontrakake iku omah loji kang mapan ana ing kidul pasar Kranggan. Wangune
wae biyen bangunan iki omah Landa katitik bangunane njero sarwa jembar.
Pethikan cariyos ing nginggil punika nedahaken latar/setting ...

A. panggonan
B. wektu
C. kahanan
D. swasana
E. wanci

28. Titikanipun cerkak inggih punika ...


A. Paraganipun langkung saking gangsal tiyang
B. Prekawisipun muyek
C. Aluripun boten temtu
D. Latar/setting boten cetha
E. Tembung ingkang kaginakaken watawis 1000 tembung

29. Rikala badhe nyerat sekar macapat Dhandhanggula sampun kapanggihaken ukara kangge larikan
sepisan inggih punika mrabawani sorote sang surya. Supados ukara kala wau jumbuh lan trep
kaliyan paugeraning sekar Dhandhanggula larikan kapisan, pramila wonten tembung ingkang kedah
kagantos, inggih punika …
A. surya kagantos rawi
B. sorote kagantos sunare
C. sorote kagantos sunaripun
D. surya kagantos pratanggapati
E. surya kagantos bagaskara

8
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

30. Dhumateng pangarsanipun Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, para guru lan karyawan,
saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Wacana ing nginggil pethikan saking wacana panatacara, wonten kalih tembung ingkang luput
kaginakaken. Tembung ingkang luput inggih punika ....
A. dhumateng - pangarsanipun
B. pangarsanipun - Kepala Sekolah
C. pangarsanipun - rencang-rencang
D. kinurmatan - tresnani
E. satuhu - saha

31. “Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”. Ukara punika boten trep
kaliyan unggah-ungguh basa, ingkang leres inggih punika...
A. “Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.
B. “Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng
Puskesmas”.
C. “Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”.
D. “Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng
Puskesmas”.
E. “Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi sampeyan badhe tindak dhateng
Puskesmas.

32. Wasana, cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah kirang saha lepatipun anggen kula matur
saestu nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami saking panjenengan sadaya.
Pethikan teks sesorah punika saged kapanggihaken ing teks wacana sesorah ing perangan ....
A. pambuka
B. wigatosing sesorah
C. panutup
D. atur donga pamuji
E. salam panutup

Amenangi jaman edan,


Ewuh aya ing pambudi,
melu ngedan nora tahan,
Yen tan melu anglakoni,
Boya keduman melik,
Kaliren wekasanipun,
Ndilalah kersa Allah,
Begja-begjane kang lali,
Luwih begja kang eling klawan waspada

33. Piwulang ingkang saged kapendhet saking sekar Sinom ing inggil inggih punika ….
A. Tiyang gesang punika kedah tansah eling dhateng piwulang suci lan tansah waspada.
B. Menawi badhe tumindak punapa kemawon boten sisah kalelimbang
C. Supados boten kaliren pramila nglampahi gesang punika kedah wantun ngedan
D. Tiyang ingkang begja punika tiyang ingkang tansah keduman melik
E. Ngedan murih gesangipun saged begja

Wacana
Sawisé diusulaké Djawatan Geologi, sisa Gunung Gamping iku déning pemerintah DIY
dipageri nganggo kawat berduri, saha dinyatakake minangka cagar alam. Nalika jaman Orde Baru
cagar alam kang ambane 1.084 ha iki dipageri nganggo batako saha diwènèhi rumahpenjaga sarta
plataran kanggo upacara Saparan mbelèh bekakak. Cagar alam iki tau dadi rebutan antarané Dinas
Pelestarian Peninggalan Purbakala karo Dinas Kehutanan DIY. Nanging jalaran karo Menteri
Kéhutanan kanthi resmi dinyatakaké dadi cagar alam rikala tanggal 16 Desember 1998, tekan saiki
cagar alam iki dadi wewenangé Dinas Kehutanan saha Pertanian. Kuciwané, Ibu Sumini karo putrané
Jiyanto kang dipasrahi keamanané cagar alam saha ngenggoni rumahpenjaga iki, tekan sepréné
durung tau nampa honor. Ning senadyan wis patang taun luwih ora tau nampa honor, Bu Sumini muji

9
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

sukur déné bisa manggon ana omah gedhong sawétané cagar alam iki. Tugasé mula ora abot, mung
resik-resik plataran, luwih-luwih menawa dhong Saparan.

34. Ukara lajer paragraf ing inggil inggih punika ...


A. Tugasé mula ora abot, mung resik-resik plataran, luwih-luwih menawa dhong Saparan.
B. Nalika jaman Orde Baru cagar alam kang ambane 1.084 ha iki dipageri nganggo batako saha
diwènèhi rumah penjaga sarta plataran kanggo upacara Saparan Mbelèh bekakak.
C. Nanging jalaran karo Menteri Kéhutanan kanthi resmi dinyatakaké dadi cagar alam rikala tanggal
16 Desember 1998, tekan saiki cagar alam iki dadi wewenangé Dinas Kehutanan saha Pertanian.
D. Sawisé diusulaké Djawatan Geologi, sisa Gunung Gamping iku déning pemerintah DIY dipageri
nganggo kawat berduri, saha dinyatakake minangka cagar alam.
E. Kuciwané, Ibu Sumini karo putrané Jiyanto kang dipasrahi keamanané cagar alam saha ngenggoni
rumah penjaga iki, tekan sepréné durung tau nampa honor.

Saka Candhi Prambanan, tumuju Candhi Ijo bisa ngliwati dalan arah mangidul Prambanan-
Piyungan. Tekan sakidul dhusun Jobohan ana dalan mangétan ngunggahi èrènging Pegunungan
Séwu iring elor ing désa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Sléman, Yogyakarta. Dalané nracak
dhuwur tur rusak amarga kanggo lalulintas ngusung watu saka papan-papan penambangan watu
putih. Sawisé ngunggahi dalan nracak adohé watara 3 km iku tekan Komplèk Candhi Ijo sing
dumunung ing dhusun Groyokan, Désa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Kabupatèn Sleman.
35. Adhedhasar dunungipun ukara lajer, paragraph ing inggil kasebat paragraph ....
A. induksi
B. deskripsi
C. campuran
D. persuasi
E. deduksi

36. Kraton Ngayogyakarta tasih asring sanget ngedalaken serat kekancingan. Serat kekancingan punika
limrahipun kangge ….
A. tandha yekti minangka abdi dalem.
B. paring kabar dhateng para kawula
C. paring kabar dhateng para abdi dalem
D. tandha yekti menawi wonten perjanjen
E. paring wara-wara ing laladan kraton.

37. Sasampunipun calon ibu nindakaken siraman, calon bapak nyepeng duwung/keris ingkang
kaparingan kunir. Lajeng keris kala wau kangge magas janur ingkang katangsulaken ing padharanipun
calon ibu, salajengipun calon bapak mecah klenthing. Acara punika kasebut …
A. brojolan
B. wiyosan
C. kudangan
D. luwaran lan simparan
E. rencakan

38. ?je/bsukimw[by. Paribasan punika nggadhahi teges ...


A. Ora ngrungokake guneman sing ala.
B. Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
C. Kabeh gegayuhan kudu nganggo pangorbanan.
D. Durung nyambut gawe nanging wis duwe pepinginan werna-werna.
E. Kabeh pagaweyan kudu dicoba dhisik bisa lan orane.

39. Yen kepeksa nyacad gunakna tembung manis.


Ukara kasebat ing inggil menawi kaserta kanthi aksara jawa dadosipun ….
A. ?[ynKepekSvcfG|nkNtemB|=mnis\,
B. ?ye[nK[pkSvcfG|nkN[tmB|=mnis\,
C. ?[ynKepekSavcfG|nkNtemB|=mnis\,
D. ?yenKepekSvcdG|nkNtemB|=mnis\,
E. ?[y[nK[pkSvcfG|nkN[tmB|=mnis\,

10
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

Tekan dalan jurusan Prambanan – Piyungan ( ngalor - ngidul) Djaka Lodang (DL) banjur
ménggok ngétan ngunggahi dalan nracak aspalan bodhol ing èrènging Pegunungan Sèwu iring
elor. Jarum jam ing Pos Jaga Candhi Ijo nuduhaké wektu 12.30 WB nalika DL tekan papan sing dituju.
Hawa panas amarga sumubé hawa saka pegunungan gamping saya gawé sumuking awak sing
gemrobyos ing tengahé srengéngé panjer rina.

40. Miturut isinipun seratan/wacana 1 ing inggil kalebet seratan ...


A. narasi
B. eksposisi
C. argumentasi
D. deskripsi
E. persuasi

II. Kawangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap punika kanthi pratitis!


41. Kaserata ukara ing andhap punika kanthi aksara Jawa!
Ngundhuh wohing pakarti.

42. Kangge nyengkuyung amrih endahing geguritan panyerat saged ngginakaken purwakanthi.
Purwakanthi punika wonten tigang werni, kasebatna punapa kemawon lan kaparingana
tuladhanipun!

Wacana pacelathon.
Kagatosna pacelathon ing ngandhap punika:
(Wonten satunggaling dinten Prasetya kadhawuhan bapakipun supados sowan Pak Darna saperlu
nyambut mobil.)
Prasetya : Kula nuwun.
Darna : Mangga, oh...., mas Pras, mangga lungguhéa) mas.
Prasetya : Inggih matur nuwun.
Darna : Ngaturaken pambagya sugeng tekanéb) mas.
Prasetya : Inggih pangèstunipun slametc), bapak sakulawarga mugi tansah ginanjar ing karahayon.
Darna : Alhamdulillah wilujeng, nuwun sèwu punika kok njanur gunung, badhé wonten wigatos
punapa?
Prasetya : Inggih kepareng matur bapak, sowan kula ingkang sepisan silaturahmi tuwi
keslametand) bapak sakulawarga
Darna : Matur nuwun.
Prasetya : Kaping kalihipun, kula dikongkone) bapak, kapurih matur. Menawi kepareng badhé
nyuwun nyilihf) kagunganipun mobil badhé kanggé mapag simbah ing bandhara
Darna : O..., nggih Mas mangga, badhe dipunasta piyambak punapa kaliyan sopir.
Prasetya : Badhe kula bekta piyambak. Nuwun sewu, rehning rinaos cekap keparenga badhé
nyuwun pamit. Matur nuwun.
Darna : Inggih mongga.

43. Saking wacana pacelathon ing nginggil wonten tembung-tembung ingkang luput utawi dereng trep
kaliyan unggah-ungguhipun, inggih punika ingkang kacithak kandel lan kaparingi nomer. Tembung-
tembung kasebat kagantosa tembung ingkang leres lan trep kaliyan unggah-ungguhipun!

44. Piwulang punapa ingkang saged kapendhet saking upacara tingkeban rikalanipun calon ibu
nindakaken sungkeman?

45. Kadamela teks sesorah kanthi basa Jawi krama perangan panutup ingkang ngginakaken parikan!

11

Anda mungkin juga menyukai