Anda di halaman 1dari 16

Kode.

SOAL UTAMA

NASKAH SOAL
UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Indonesia


Kelas/Program : XII / AKL, OTKP, TBSM, TKJ semua
Hari/tanggal : …… 2020
Dimulai pukul :…
Diakhiri pukul : …WIB

Petunjuk Umum :
1. Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum menjawabnya.
2. Jumlah soal sebanyak 50 butir soal terdiri dari 40 butir soal pilihan ganda, dan 10
butir soal uraian

Petunjuk Khusus :
1. Pilihlah salah satu jawaban yang paling tepat.
2. Apabila ada jawaban yang Anda anggap salah, maka anda bisa Kembali lagi ke soal
yang salah dan anda klik Kembali jawaban yang benar:

SOAL

1. Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis!

Satekane ing omah, Hamid mung bisa ngelus dhada ndeleng adhi-adhine
padha dene udur-uduran sapa sing arep ngopeni lan njagani bapake sebanjure.
Kabeh rumangsa duwe jejibahan dhewe-dhewe kang ora bisa ditinggalake.
Ngrasa dadi anak mbarep, dilambari kreteg ngrumati wong tuwa, Hamid
sidane mutusna metu sekang pegaweyane minangka manajer biro iklan ing Jakarta.
(Angin Mangsa Ketiga -
Jefrianto)

Nilai sing bisa dejiyot sekang cupikan cerkak neng ndhuwur, yakuwe....
A. nilai moral
B. nilai sosial
C. nilai budaya
D. nilai agama
E. nilai tradisi
2. Cerita rakyat duweni jenis kang wernane akeh. Ana kang diarani fabel, legenda, mite,
sage, epos, dongeng. Kang diarani fabel yaiku....
A. cerita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato ingkang tindhak-
tandhukipun kados manungsa.
B. satunggaling cerita ingkang mboten nate kedadosan namung cerita fiksi, ingkang
nyritakaken satunggaling bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten saged dipun logika.
C. carios dangu ingkang wonten gegayutanipun kalian sujarahingkang nyritakaken,
kasekten, kepahlawanan satunggaling tiyang utawi tokoh.
D. cerita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para dewa-dewi utawi makluk lembut
ingkang kedadosan teng dunya sanes.
E. cerita rakyat ingkang dipun anggep leres nate kedadosan, ingkang ceritanipun dipun
hubungaken kaliyan tokoh sujarah.

3. Wacanen teks pawarta nang ngisor kiye kanthi premati!


Sekitar 20 wedhus dhuwene peternak neng telu desa Kecamatan Kedungbanteng,
Banyumas mati sakcara misterius ana tatu neng gulu lan dhadhane. Kasus mau
kedadeyan neng pungkasaning Maret nganti april 2012. Nganti siki, wedhus-wedhus
sing mati kasebar neng Desa Beji (15 wedhus), Desa Karangnangka (2 wedhus) lan
neng Desa Keniten (3 wedhus).

Sekang pawarta neng dhuwur unsur-unsur pawarta sing ora bisa ditemokaken yakuwe
....
A. apa
B. sapa
C. kapan
D. neng ngendi
E. kena ngapa

4. Wacanen teks pawarta nang ngisor kiye kanthi premati!


Ngancik wulan siam/pasa, cacah ewon bebrayan ing sakiwa tengening kutha Tegal
nganakake tradisi Padusan. Tradisi iki turun temurun ditindakake dening warga
ingsakupenge gunung Slamet, ing sisih lor kulon. Kepara malah padusan Guci dadi
objek wisata kang misuwur ing kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal. Tradisi
padusan kuwi duwe maksud kanggo reresik awak minangka reresik jiwa kanggo
ngadhepi wulan siam.
Surasane pawarta neng dhuwur yakuwe reresik ....
A. padusan Guci
B. awak
C. dhiri
D. jiwa
E. Kabupaten Tegal

5. Guru wilangane tembang pangkur yakuwe ...


A. 8, 11, 8, 7, 8, 12, 8
B. 8, 11, 7, 8, 12, 8, 8
C. 8, 8, 11, 7, 12, 8, 8
D. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
E. 8, 8, 8, 7, 11, 12, 8

6. Pangkur
Deduga lawan prayoga,
Myang watara reringa aywa lali,
Iku parabot satuhu,
Tan kena tininggala,
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
Angucap meneng anendra,
Duga-duga nora kari.
Deduga lawan prayoga. Tembung prayoga tegese yakuwe ...
A. Apik
B. Awak
C. Para anak
D. Pra yoga
E. Ala

7. Manut tembang Pangkur anggone kita lungguh, ngadeg, mlaku, ngucap, menenng lan
turu kuwe ...
A. Klalen duga prayoga
B. Kudu klalen duga prayoga
C. Kudu nganggo duga prayoga
D. Ora perlu nganggo duga prayoga
E. Nganggo duga prayoga

8. guru gatrane tembang Pangkur yakuwe ...


A. 7
B. 8
C. 9
D. 10
E. 11

9. Guru lagune tembang pangkur yakuwe ...


A. a, i, u, a, i, u, i
B. a, i, u, a, u, a, i
C. a, i, u, a, u, i, a
D. a, i, u, u, a, a, i
E. a, i, u, u, u, a, i

10. Wacanen teks deskripsi nang ngisor kiye kanthi patitis!

Pendhapa dadi bageyan paling ngarep sekang Joglo. Pendhapa kiye gunane kanggo
nampa dhayoh. Ningen, dhayohe mengko lemprakan. Kuwe pendhapa jaman kuna.
Jaman sekiye pendhapa wis desogi kursi lan meja.
(Modul “Gemregah” hal. 25)
Gunane pendhapa yakuwe kanggo....
A. bageyan paling ngarep sekang Joglo
B. nampa dhayoh
C. lemprakan
D. ngesog kursi lan meja
E. bageyan Joglo

11. Blangkon yakuwe perangan busana adat jawa kanggo nutup sirah. Kang umume digawe
saka kain bathik, lan digunakake dening priya. Nang daerah jawa akeh jinise blangkon,
ana model solo, Surabaya, jogja, banyumasan, sunda lan sapiturute. Sakabehe wujud
blangkon kang beda iku ora marakake prakara, nanging sing kudu dingerteni yen piranti
iku minangka sawijining busana kang digunakake supaya rambute wong lanang ing
jaman semono akeh kang gondrong bisa sinawang katon rapi amarga ketutupan
blangkon.
Sekang paragraf nang nduwur nyritakake bab apa, kejaba….
A. blangkon kuwe salah sijine perangan busana jawa kanggo nutup sirah
B. blangkon kuwe nduweni fungsi nutupi sirah supaya rambute wong lanang katon
rapi
C. blangkon kuwe umume digawe sekang kain bathik
D. blangkon kuwe umume dienggo dening kaum priya
E. blangkon kuwe ora kalebu salah sijine busana jawa

12. Wacanen pethilan teks novel nang ngisor kiye kanthi premati!

Wong Karangsoga pancen ngormati Eyang Mus. Mulane bareng depenging


kon aja ngrasani ala maring Lasi, kabeh padha manut. Bar kuwe amleng. Ning mung
sedhela.
(Jegingger - Ahmad Tohari)
Latar swasana pethikan novel neng ndhuwur, yakuwe....
A. gembira
B. nlangsani
C. nggemuyokna
D. gregah
E. anteng
13. Wacanen teks crita wayang nang ngisor kiye kanthi premati!

..............“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis


warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken
duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa
kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang
sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya
binelah, samodra asat.
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud
gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi
angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Saka petikan cerita wayang ing dhuwur. Pitutur kang bisa kapundhut....
A. Dadi manungsa kudu sabar
B. Guru dadi panutan
C. Kabeh manut karepe dewe
D. Kudu cepet supayane bisa ndang klakon
E. Jaluk pitulung marang sapa bae sing penting dadi

14. Wacanen pethilan teks pranatacara nang ngisor kiye kanthi premati!
Sumangga, sami memuji sukur dhateng Ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun
paring kathah kanikmatan.
Pethikan teks neng ndhuwur kalebu teks pranatacara bageyan....
A. salam pambuka
B. purwaka basa
C. surasa basa
D. wasana basa
E. salam panutup

15. Pak Karso nembe bae njagong grok. Ujug-ujug dheweke deundang neng pranatacara kon
ngenei sambutan. Pak Karso durung siyap apa-apa. Ningen maju bae.
Temindhake Pak Karso bisa dearani lagi nganggo metode sesorah....
A. Impromtu
B. Teks
C. Ekstemporan
D. Apalan
E. Eksplorasi

16. wesi[nan;4; diwaca....

A. wesine ana 2
B. wesine ana 3
C. wesine ana 4
D. wesine ana 5
E. wesine ana 6

17. Aj+nWyhmg+]ib\
Ukara neng dhuwur diwaca …
A. Adzan wayah magrib
B. Azan wayah maghrib
C. Azan wayah magrib
D. Azan maghrib
E. Adzan magrib

18. Kabupaten Banyumas kalebu tlatah Provinsi Jawa Tengah.

Ukara neng dhuwur nek disalin maring aksara Jawa mawi aksara Murda dadine . . . .
A. ?kbup[tnBvumsKXbutLth[p]op+inSijwtezh.
B. ?@bup[tn\*vumsKlebutLth[%]op+inSijw#ezh.
C. ?@bup[tn\*vumsKXbutLth[%]opinSijw#ezh.
D. ?@bup[tn\*vumsKXbuteLth[%]op+inSijw#ezh.
E. ?@bup[tn\*vumsKXbutLth[%]op+inSijw#ezh.

19. Tembang macapat kuwi salah sijine tembang kang nggambarake panguripane manungsa
wiwit lair tumeka mati, salah siji tembang kang nduweni filosofi yen manungsa urip iku
esih butuh tuntunan supaya ing panguripan saklanjute, mula kuwajibane wong tuwa kudu
mbimbing lan tansah aweh pepeling marang putra-putrane.Gambaran filosofi tembang
nang nduwur kalebu tembang….
A. pocung
B. kinanthi
C. gambuh
D. pangkur
E. dhandhanggula

20. Marma den taberi kulup


Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami
Isi utawa inti sekang tembang nang nduwur kang bener yakuwe….
A. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane
B. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
C. Aja tumindak kang sakkepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula
kudu ngati-ati
D. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail lan mung anteng ing ati
E. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

21. Kanthi ati kang krasa rinujit


Kepingin dak rakit gurit
Sanajan krasa perih lan sakit
Nyangga panyandhang kang kudu dilampahi
Nggoleki apa maknane saripati
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani
Alam krasa panas bumi uga nangis
Lan amarah tan bisa diendhani
Nanging aku yakin isih ana sunar suci
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen,
Ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pakarti
Donga ing tengah ratri, muga dadi tamba jampi urip iki
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

Tegese tembung ratri ing geguritan nduwur, yakuwe….


A. esuk
B. wengi
C. surup
D. awan
E. sore

22. Kanthi ati kang krasa rinujit


Kepingin dak rakit gurit
Sanajan krasa perih lan sakit
Nyangga panyandhang kang kudu dilampahi
Nggoleki apa maknane saripati
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani
Alam krasa panas bumi uga nangis
Lan amarah tan bisa diendhani
Nanging aku yakin isih ana sunar suci
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen,
Ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pakarti
Donga ing tengah ratri, muga dadi tamba jampi urip iki
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
Inti isi bait kapisan ing geguritan nduwur yakuwe….
A. Gegambaran ati kang kelara-lara
B. Tumindak kang nalisir
C. Ora bisa kecukupan
D. Ngerteni kahanan kang endah
E. Dong marang Gusti

23. Sun gegurit


Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani
Geguritan nang nduwur kalebu jenis geguritan….
A. Gagrak anyar
B. Gagrak lawas
C. Gagrak kekinian
D. Gagrak bebas
E. Gagrak modern

24. Gatekaken pethilan geguritan neng ngisor!


...............................
Godhong-godhong njoged kausap banyu
Suwaraning manuk kaprungu pating cruwet
Suara angin,
Sing gunakake majas Personifikasi ana ukara ....
A. Swaraning manuk kaprungu pating cruwet
B. Suara angin, melu mahargyan tekane esuk
C. Melu mahargya tekane esuk
D. Swaraning manuk keprungu
E. Godhong-godhong njoged kausap banyu

25. Tuladha tokoh kang banget setya lan teguh anggone nglaksanakake kewajiban mboyong
putri (citrangada) lan 800 pengiring, asmane yakuwe….
A. Arjuna Sasrabahu
B. Adipati Karna
C. Patih Suwanda
D. Kumbakarna
E. Bima

26. Tuladha tokoh kang nduweni watek kesatriya lan setya banget marang negarane, rikala
Alengka diserang dening tentara kethek (wanara), yakuwe….
A. Arjuna Sasrabahu
B. Adipati Karna
C. Patih Suwanda
D. Kumbakarna
E. Dasamuka

27. Tuladha tokoh kang mbelani negara tinimbang sedulure ing perang Bharatayuda
yakuwe….
A. Arjuna Sasrabahu
B. Adipati Karna
C. Patih Suwanda
D. Kumbakarna
E. Sumantri

28. Nang upacara adat Jawa Mantu, wujud bektine anak maring wong tuwa mawi
pralambang acara . . . . .
A. Sinduran
B. Timbang
C. Sungkeman
D. Mertui
E. Panggih

29. Wacanen teks eksposisi nang ngisor kiye kanthi premati!

Kethoprak inggih punika salah satunggaling sandiwara utawi teater rakyat


ingkang paling populer ing Jawa Tengah, nanging ugi wonten ing tlatah Jawa Timur.
Masyarakat Jawa Tengah / Timur umumipun tepang sanget kaliyan kethoprak. Kados-
kados kethoprak nyawiji wonten salebetipun panggesangan masyarakat ing Jawa
Tengah lan ngawonaken kesenian sanesipun kadosta Srandul, Emprak saha kesenian
rakyat sanesipun. Kethoprak wiwitanipun namung minangka dolanan tiyang-tiyang
ing dhusun ingkang nembe ngenggar-enggar manah kanthi nabuh lesung, kanthi irama
ing wanci padhang bulan (bulan purnama), kanthi sebatan gejog. Salajengipun
dipunimbuhi kanthi tembang (nyanyian) ingkang dipuntindakaken sesarengan kaliyan
tiyang-tiyang ingkag sami suka parisuka, saha katambah kendhang, terbang (rebana)
saha suling, pramila lajeng dados Kethoprak Lesung, ingkang madeg udakara warsa
1887. Nembe ing udakara warsa 1909 kethoprak dipunpentasaken sepisanan kanthi
samukawis ingkang jangkep.
Prathelan sekang teks nang dhuwur sing nyritakena nek wong-wong desa duwe
pakulinan ngenggar-enggar ati kanthi nabuh lesung kuwe nudhuhna neng
wong Jawa kuwe . . . . .
A. jail methakil
B. babak bundhas
C. malang kadhak
D. njungkir wali
E. guyub rukun

30. Saron penerus yakuwe salah sijine perangkat gamelan jawa sing ditabuh, saron penerus
diso’ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore, ing laras slendro, saron penerus
diarani peking
Ukara nang nduwur kalebu paragraph eksposisi….

A. definisi
B. proses
C. klasifikasi
D. ilustrasi
E. perbandingan

31. Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen.(tegese bantal kuwi ganjel sirah, upama
digawe ganjel bokong mesthi bae saru utawa ora becik), ukara kuwe kalebu jenis gugon
tuhon….

A. salugu
B. isi wasita sinandi
C. wewaler
D. sukerta
E. falsafah
32. Manungsa urip ing alam donya ora bisa owal saka tepa slira lan samad sinamadan.
Kudu nggatekake marang welinge para leluhur kang kebak ing kautaman. Para leluhur
wis akeh paring patuladhan becik marang anak turune kang awujud wewaler utawa
pitutur kabecikan. Minangka anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwa
kaya dene wewalere wong jawa “aja sira wani marang wong atuwanira, jalaran sira
bakal kena bendu saka kang Murbeng dumadi”, saka andharan iku bisa
dimangerteni menawa kanggone wong jawa, wong tuwa iku utama ateges kudu diajeni,
diurmati, kanthi gelem ngajeni lan ngurmati.
Isi pethilan wacan ing nduwur yakuwi….
A. Ngelmu kuwi wigati kanggo gawe ati dadi adem ayem lan tentrem
B. Ngelmu kuwi kudu disianunikanthi wong tua
C. Menawa urip bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi bae
D. Menawa urip bebrayan kuwi kudu rukun, pada urmat lan ngurmati
E. Wong tua iku kudu diajeni, diurmati yen gelem diarani anak sing bekti

33. Prathelan sekang teks sing nyritakena nek wong-wong desa duwe pakulinan ngenggar-
enggar ati kanthi nabuh lesung kuwe nudhuhna neng wong Jawa kuwe . . . . .
A. Jail methakil
B. Babak bundhas
C. Malang kadhak
D. Njungkir walik
E. Guyub rukun

34. Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen.(tegese bantal kuwi ganjel sirah, upama
digawe ganjel bokong mesthi bae saru utawa ora becik), ukara kuwe kalebu jenis gugon
tuhon….
A. salugu
B. isi wasita sinandi
C. wewaler
D. sukerta
E. falsafah

35. Gambar gamelan nang ngisor kiye kepriwe cara nganggone….

A. dithuthuk
B. dikeplak
C. disebul
D. digesek
E. dipetik
36. Etiopia Negara sing rakyate asring keluwen, ukara iki yen ditulis nganggo tulisan
aksara jawa yaiku...
A. ?Eti[yopianegrsi=rkY[tTas]i=kelu[wn\.

B. ?Eti[yopiynegrsi=rkY[tTas]i=kelu[wn\.

C. ?Etiypiy negrsi=rkY[t as]i=kelu[wn\.

D. ?[ati[yopiynegrsi=rkY[tTas]i=kelu[wn\.

E. ?ati[yopiynegrsi=rkY[tTas]i=kelu[wn\.

37. Negara Indonesia merdeka tahun 1945, ukara iki menawa katulis nganggo aksara jawa
dadine….
A. ?negrai[nFo[nsiyme/[dktau\;1945;.
B. ?negrI[nFo[nsiahme/[fktaun\;1954;.
C. ?!egrI[nFo[nsiyhme/[fktaun\;1945;.
D. ?!egrI[nFo[nsiyhme/[dktaun\;1917;.
E. ?negrI[nFo[nsiyhme/[fktaun\;1945;.

38. Apa irah-irahan wacan nang nduwur….


A. Indonesia tetep mitra karo Malaysia
B. Indonesia lan Malaysia tetep mitra
C. Indonesia uga mitranan karo malaysia
D. Indonesia Malaysia tetep mitranan
E. Indonesia sarta Malaysia tetep mitra

39. Pak Adi : “Gasik arep maring ngendi Mas Joni?”


Joni : “Mau ke rumah Lutfi Pak?”
Pak Adi : “Lho jare Lutfi lagi kemah nang Kendhalisada.”
Joni : “Sudah pulang Pak, baru saja tadi pagi.”
Pachelaton nang ndhuwur kepentingane Joni yakuwe ...
A. Dolanan
B. Sinau basa
C. Nemoni Lutfi
D. Bali kemah
E. Mangkat kemah

40. Bu, iki ana tamu endi ..., kok kawit mau dianggurna ora disuguh.
Basa ngoko alus kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku ...
A. Wedangipun
B. Wedange
C. Unjukanipun
D. Unjukane
E. Inumane

SOAL ESSAY!
41. Gatekaken tugelan cerkak neng ngisor!
Taksi mlayu banter nggawa atine dheleg-dheleg mikiraken nasibe. Mikiraken katresnan
sing ora kasampaian. Nanging akhire dheweke sadar, yen lair, jodoh, lan pati wis diatur
dening Kang Murbeng Dumadi. Sasuwene kiye dheweke tansah nindakaken kabecikan,
bekti, marang wong tua, asih marang sepada-pada, makarya kanthi temen lan ora kaiket
mring bandha. Nyatane asil saka perusaahaane iku lewih akeh sing di gunakaken kanggo
kepentingan social. Utamane kanggo mbiyantu para karyawane sing mbutuhaken
pitulungan, mbiyantu panti asuhan lan tangga-tanggane sing pancen perlu di bantu. Kabeh
mau ditindakaken surti kanthi ikhlas, tanpa ngarep-arep walesan babar pisan.
Miturut cerkak nang nduwur tokoh utama, nduweni watak sing ....

42. Gatekaken pawarta sing urung urut neng ngisor!


Regi Lombok
Bantul,www.jogjatv.tv
(1) Samangke dhateng sawetawis peken, regi lombok rawit abrit ngantos sewidak ewu
rupiyah saben kilo. Sinaosa reginipun awis nanging pasokan kawawas taksih aman
lan nyekapi. Samangke lombok kedah masok saking tlatah Wonosobo sarta
Karanganyar Jawa Tengah.
(2) Tundhanipun pasokan lombok randhat lan winates satemah regi lombok mindhak
sakalangkung awis. Sinaosa makaten Disperindagkop dereng badhe nindakaken
operasi pasar, awit reginipun taksih kapetang limrah.
(3) Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok ing
Kabupaten Bantul anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis. Dinas Perindagkop
mawas regi lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi pasar.
(4) Miturut pandugi kalih ngantos tigang minggu ngajeng regi badhe wangsul popog
malih awit para petani lombok ing Gunung Kidul tumapak wanci panen. ( Anang
Zainuddin )
(5) Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken,
ngantos samangke regi sawetawis komoditas kadosta lombok lan sayur sampun
mindhak awis. Kawontenan punika inggih jalaran kawontenan cuaca ingkang boten
kantenan satemah kathah taneman lombok ingkang katerak sesakit.

Urutan kang bener saka pawarta ing dhuwur yaiku ....

43. Gatekaken pethilan teks sesorah neng ngisor!


“Supados ndadosaken kahanan ingkang sehat, endah, lan edipeni. Sumangga samia tansah
nguri – nguri bab budaya reresik menika sageda hangrembaka ngantos dumugi generasi
selajengipun.”
Ukara pethikan sesorah ing dhuwur kalebu bagian sesorah kang diarani ....

44. Gatekaken pethilan teks sesorah neng ngisor!


Langkung rumiyin mangga kula kaliyan panjenengan aturaken syukur dhumateng Allah
SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan lan kesarasan dhumateng kula
kaliyan panjenengan sedaya. Sehingga kula kaliyan panjenengan saged makempal
wonten adhicara ing siyang menika.
Ukara kang trep kanggo njangkepi sesorah ing dhuwur yaiku ….
45. Gatekaken tugelan teks sesorah neng ngisor!
Para rawuh ingkang minulya, mbok menawi namung menika ingkang saged kula
aturaken, menawi kathah kalepataning atur saha solah bawa ingkang kirang nuju prana,
kula nyuwun agunging pangaksami.
Pratelan nang ndhuwur kalebu perangan sesorah kang diarani ....

46. Gatekaken pethilan geguritan neng ngisor!


...............................
Godhong-godhong njoged kausap banyu
Suwaraning manuk kaprungu pating cruwet
Suara angin, melu mahargya tekane esuk
...............................

47. Gatekaken pawarta neng ngisor!


Neng taun 2002, produksi pari mudhun 3, 85 %. Akibate impor beras mundahak lan
diperkirakake dadi 3,1yuta ton neng taun 2003. Sawise swasembada pangan neng taun
1984, neng taun 1985 kita ngekspor 371,3 beras, malah 530,7 ewu ton neng taun 1993.
Nanging, neng taun 1994 neraca perdagangan beras kita tombok 400 ewu ton.Wiwit
kuwe impor beras mundhak lan neng taun 2002 nganti angka 2,5yuta ton.

Wacana teng inggil kalebu pola pengembangan eksposisi ….


48. Gatekaken teks pacelathon neng ngisor!
Pak Imam : “Bu Suswanti, menapa panjenengan …. kalender enggal taun 2018?”
Ibu Suswanti : “Ngapunten, Pak. Kula boten …. Kalenderipun. Sapunika malah kalender
2017”
Pak Imam : “Walah, Bu. Saiki wis ganti taun kok isih wae dinggo ta?”
Ibu Suswanti : “Inggih, Pak. Kula malah kesupen badhe gantos.”
Tembung kang mathuk kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur yaiku ....

49. Gatekaken teks pacelathon neng ngisor!


Nita : “Kulo nuwun .”
Bu RT : “ Mangga ,sinten nggih ?”
Nita : Kula Nita ,Bu RT .”
Bu RT : “O…,ana perlu apa ?”
Nita : “…………..
Wangsulan Nita kang bener ,yaiku…..

50. Gatekaken pethilan teks drama neng ngisor!

Lajeng Santi minangka sekretaris ngeterake Pita ( panglamar kerja ) dhumateng pak
Direktur.
Santi : “Pak niki wonten piyantun ingkang badhe nglamar kerja wonten mriki”.
Direktur : “Ya lungguh kene, Mbak.”
Direktur : “Keahlianmu apa, Mbak?”
Pita : “Kula lulusan SMK jurusan Akuntansi, Pak.”
Direktur : “Kebeneran aku lagi butuhna lulusan Akuntansi, aku percaya karo kowe
lan langsung tek trima ngesuk kerja neng perusahaan kiye.”
Pita : “ ..........?”
Direktur : “Iya padha-padha.”

Tembung ingkang trep kangge jangkepi ukara drama ing dhuwur yakuwe ....

KUNCI JAWAB
UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Indonesia


Kelas/Program : XII/SEMUA/ semua
Hari/tanggal : ………………………………… 2020
Dimulai pukul : …………………
Diakhiri pukul : ………………... WIB

PILIHAN GANDA

1 A 11 E 21 B 31 C
2 A 12 E 22 A 32 E
3 E 13 A 23 B 33 E
4 A 14 B 24 E 34 C
5 A 15 A 25 C 35 B
6 A 16 C 26 D 36 B
7 A 17 B 27 B 37 B
8 C 18 E 28 C 38 B
9 B 19 B 29 E 39 D
10 B 20 A 30 A 40 A

URAIAN
41. Bekti marang wong tua, Welas asih marang sakpadha padha
42. 3, 5, 2, 1, 4
43. Pangarep-arep
44. Sholawat ugi salam mugi kacurahaken dhumateng junjungan kula kaliyan panjenengan
sedaya Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi kula kaliyan panjenengan pikantuk
syafaatipun wonten yaumil kiyamah.
45. Panutup
46. Godhong-godhong njoged kausap banyu
47. Sebab-akibat
48. Kagungan-gadhah
49. Kula di pun utus ibu ngaturaken arta punika
50. Saestu, Pak. Matur nuwun awit kapitadosanipun panjenengan

NORMA PENILAIAN
UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : BAHASA JAWAIndonesia


Kelas/Program : XII/SEMUA / semua
Hari/tanggal : ………………………………… 2020
Dimulai pukul : …………………
Diakhiri pukul : ………………... WIB

Soal terdiri dari 30 soal pilihan ganda


1. Tiap soal dikasih score 2
2. Skor maksimal adalah 80
3. Nilai maksimal adalah 80
4. Nilai ahir dihitung dengan rumus sebagai berikut

Score perolehan
Nilai soal PG = Score maksimal
x Nilai maksimal

Soal terdiri dari 10 soal uraian


Tiap soal dikasih nilai 2
Jika benar skor 2
Jika salah skor 1

TOTAL NILAI
1. Total nilai pilihan ganda 80
2. Total nilai uraian 20

Total nilai 100

Anda mungkin juga menyukai