Anda di halaman 1dari 8

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 PURWAREJA KLAMPOK
Jalan Purwareja Klampok Banjarnegara Kade Pos 53474 Telp. 0286-479092
Faksimile 0286-479376 e-mail : sman1klampok@gmail.com, website : sman1klampok.sch.id

LEMBAR SOAL
PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS)GASAL
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas/Program :X
Hari/tanggal :
Waktu :

PETUNJUK UMUM :
1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal
2. Isikan identitas anda ke dalam Lembar Jawaban
3. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum anda menjawabnya
4. Mintalah kertas buram kepada pengawas bila diperlukan
5. Tidak diizinkan menggunakan kalkulator dan alat bantu hitung lainnya
6. Periksalah pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada pengawas

A. Jawablah pertanyaan di bawah ini dengan memilih jawaban yang benar !

Wacanen tembang Pangkur ing ngisor iki kanggo soal nomer 1- 8


Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartaning ilmu luhung,
Agama ageing aji.
1. Saka tembang ing dhuwur wataking tembang Pangkur yaiku ....
A. tresna asih lan canthas
B. gegayutan, pitutur
C. tinarbuka
D. susah, sedih, welas asih
E. sereng, gagah, antepan ati
2. Tibaning swara i, lan guru wilangane wonten 11, ing tembang Pangkur ana gatra kaping ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5
3. Saka tembang ing dhuwur guru lagu lan guru wilangane yaiku ....
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
B. 8a, 8i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 8a, 11i, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 8a, 11i, 8u, 7a, 11u, 8a, 8i
E. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 9i
4. Tegese tembung siwi ana ing tembang pangkur ing duwur yaiku ….
A. murid
B. bocah wadon
C. putra/anak
D. bocah lanang
E. bocah sinau
5. Tegese tembung mingkar mingkuring angkara ing gatra kaping sepisan yaiku ….
A. ngadohi saka tumindak nista
B. ngadohi saka tumindak ala
C. ngadohi saka tumindak apik
D. ngadohi saka hawa nepsu ala
E. ngadohi saka tumindak angkara
6. Pathokan tembang sinom yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Guru gatra yaiku ….
A. cacahing gatra saben sapada
B. cacahing wanda saben sagatra
C. tibaning swara ing pungkasaning gatra
D. cacahing gatra saben sakbaris
E. cacahing wanda saben sapada
7. Cacahe pupuh pangkur ing Serat Wedhatama yaiku ....
A. 10
B. 11
C. 12
D. 13
E. 14
8. Piwulang luhur saka tembang ing dhuwur yaiku ….
A. Manungsa kudu ngadohi tumindak utama lan agama yaiku kang utama tumprap wong tanah Jawa
B. Manungsa kudu ngadohi tumindak angkara lan agama yaiku dudu kang utama tumprap wong tanah
Jawa
C. Manungsa kudu ngadohi tumindak utama lan agama yaiku kang utama tumprap wong tanah Jawa
D. Manungsa kudu ngadohi tumindak angkara lan agama yaiku kang utama tumprap wong tanah Jawa
E. Manungsa kudu ngadohi tumindak utama lan agama yaiku dudu kang utama tumprap wong tanah
Jawa
9. Gancaran kang ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi
cekak wae. Bab kang kaya mengkono diarani ….
A. cerkak
B. novel
C. roman
D. geguritan
E. crita pengalaman

Setitikna pratelan cerkak ing ngisor iki!


“Ristanti dudu wanita kang seneng ngumbar ukara. Jinem ora sugih gunem. Pindhane gong yen ora
ditabuh ora muni. Pak Hariyono dhewe pinter nyamudana, ora over acting. Bisa njaga praja. Isih
ngugemi menawa minangka ndhuwuran kudu bisa dadi tuladha kanggo karyawan reh-rehan”.
(kapethik saka PS. No. 4-26 Januari 2019 kaca 23)
10. Nilai kang kamot saka cerita cerkak ing ndhuwur yaiku ....
A. nilai moral
B. nilai budaya
C. nilai sosial
D. nilai moral
E. nilai estetis

Gatekna pethilan cerkak ing ngisor iki!


Kanggo soal nomor 11 - 15
“Ibu…Ibuuu…..”. Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune sing nembe
ing mburi age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare Agus.
“Ana apa Le”.
“Anu Bu….awak kula mboten penak banget,” Agus sambat ngrasakake awake sing ora
nggenah.
Ibune banjur ndemok bathuke.Rada panas. Tangan lan sikile diusap-usap, ya rada panas. Dene
Agus turune njingkrung kemulan brukut sajak kadhemen kae.
“Wooooo..genah iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu mau.Ya ngene iki undur-
undurane yen ora manut marang wongtuwa. Saiki lak Agus ngrasakake dhewe ta akibate?”.
“Nggih Bu. Nyuwun pangapunten Bu. Agus pancen salah, mboten manut Ibu. Boten kula baleni
malih Bu”.
“Ya wis. Ayo saiki dak keroki sedhela, mengko gek maem dhisik banjur ngombe obat. Bubar
kuwi mapan turu maneh,” ujare Ibu.
Kapethik saka : Jagad Sastra, SOLOPOS
11. Unsur-unsur kang mbangun cerita cerkak yaiku tema, amanat, paraga, latar, alur lan punjering crita.
Saka cerita ing dhuwur latar panggonan crita yaiku ana ing ….
A. njero umah
B. njero kamar
C. mburi omah
D. pawon
E. ngarep omah
12. Paraga ana ing crita kaperang dadi loro yaiku paraga utama lan paraga pembantu. Saka crita ing
dhuwur kang dadi paraga utama yaiku ….
A. Ibu
B. Bapak
C. Agus
D. Suroso
E. Arman
13. Amanat yaiku ayahan saka pangripta kanggo pamaos lumantar crita. Dene pitutur luhur utawa utawa
amanat saka crita ing dhuwur yaiku ….
A. dadi bocah kudu manut guru
B. dadi bocah kudu manut kanca
C. dadi bocah kudu manut aturan
D. dadi bocah kudu manut wong liya
E. dadi bocah kudu manut wong tuwa
14. Punjering crita yaiku carane pangripta nglakokake paraga-paragane ana ing lakon. Saka crita cekak
ing dhuwur pangripta nganggo punjering crita ….
A. pola wong katelu
B. pola wong kaloro
C. pola wong kasiji
D. pola kang netral
E. pola kang bebas
15. Struktur utawa urut-urutaning teks crita utawa urut-urutan kang dumadi ana ing sawijining crita. Saka
crita ing dhuwur pangripta ngginakaken ….
A. alur maju
B. alur mundur
C. alur maju mundur
D. alur bebas
E. alur netral
16. Ikhtisar karangan ilmiah kang biyasane diterbitake bareng karo karangan asli utawa karangan wutuh
kang diringkes nanging ora ninggalake isi karangan asline yaiku diarani ….
A. ringkesan
B. sinopsis
C. rangkuman
D. suntingan
E. glosarium
17. Warta kang digiyarake asipat nyata lan kedadeyan tumememen. Adedasar bab kasebut mula pawarta
kudu…supaya narik kawigatene wong akeh..
A. Factual
B. Actual
C. Objektif
D. Unik
E. Intelektual
18. Ing ngisor iki paugerane basa sajrone pawarta, kajaba...
A. Ringkes
B. Komunikatif
C. Subjektif
D. Padet
E. narik kawigaten
19. Ing ngisor iki kang bisa dadi sumber pawarta prastawa kacilakan, kajaba...
A. tukang becak
B. korban
C. polisi
D. saksi mata
E. cctv
20. Basa ngoko lugu digunakake marang....
A. wong tuwa
B. kangmas
C. pakdhe
D. bocah enom
E. mbakyu
21. Pawarta kang digiyarake tanpa dipengaruhi dening opini pribadhi diarani...
A. Objektif
B. Subjektif
C. Factual
D. Actual
E. Resolusi
22. Tegese tembung dinyana yaiku ..
A. Dikira
B. Ngira-ira
C. Ngirane
D. kira-kira
E. kirane
Wacanen pawarta iki!

Guru Punika Pancen Kedah Mumpuni

Kinten-kinten ingkang cekap dados rembagan, utaminipun ing madyaning pendidikan, inggih punika
perkawis sertifiksi guru, kanthi ancas boten sanes kangge nemtokaken standarisasi profesinipun guru,
ingkang salajengipun ugi kangge nemtokaken standarisasinipun pendidikan nasional kita.Pranyata boten
sekedhik cacahipun guru-guru ingkang nalika dipunuji boten lulus.

Sanajan kados menapa kemawon standarisasi pendidikan punika penting sanget. Pramila piyayi  ingkang
dados guru kedah saged minangkani standar tartamtu ingkang dipuntemtokake dening Pamarentah,
kangge mujudaken pendidikan ingkang mutunipun becik. Jalaran pendidikan pancen sanes barang gampil,
pramila boten sedaya piyayi saged dados guru, sanajan malah wonten ingkang kapeksa milih profesi guru
amargi gagal pados padamelan ing pundi-pundi papan. 

Mangka satemenipun guru punika mujudaken profesi ingkang kebak tantangan. Ingkang cetha, guru kedah
keconggah njalari tiyang boten saged maos lan etang dados saged. Guru ugi kedah saged maringi motivasi
dhateng putra siswanipun supados sregep sinau lan dados warga masyarakat ingkang becik. Pancen boten
gampil tumrapipun guru ngyakinaken putra siswanipun, menawi kekiyatan tembe wingkingipun
gesangipun saperangan ageng badhe gumantung dhateng daya kekiyatan pikiripun. Lan kekiyatan pikiran
wau boten dhawah mandhap ngaten kemawon saking langit, nanging kedah lumantar proses sinau ingkang
sregep lan dangu. 

Kangge mujudaken sedaya kala wau dipunbetahaken fasilitas sinau ingkang nyekapi. Sebab kados pundi
guru saged mucal kanthi becik, lan putra siswanipun saged sinau kanthi taberi, menawi ruwangan
sekolahipun (kelasipun) kerendhem banjir utawi payonipun meh ambruk lan tembok-tembokipun sami
ambrol? Ateges ing ngriki sarana pendidikan, sasanesipun faktor guru, ugi perlu pikantuk kawigaten
ingkang mirunggan.

23. Miturut pawarta kasebut ancas wontenipun sertifikasi guru inggih punika …

A. Nemtokaken standarisasi guru   

B. Supados guru mucalipun kathah 

C. Namung kangge lelamisan     

D. Minangka sarana syarat kemawon

E. Kangge ngindhakaken gaji 

24. Kangge ngindhakaken profesionalisme guru, guru punika kedah purun …, kajawi … 

A. Minangkani standarisasi tinamtu.

B. Maringi motivasi dhateng putra siswanipun.

C. Saged ndadosaken ingkang boten saged dados saged.

D. Tansah ningkataken profesionalismenipun. 

E. Dados guru tinimbang boten wonten padamelan sanesipun 

25. Adhedhasar saking pawarta ing nginggil, wos suraosipun paragraf sepisan inggih punika … 

A. ngindhakaken gaji      

B. standarisasi guru     
C. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan 

D. kapinteran punika baku sanget  

E. dados guru menika pancen angel

26. Ingkang dados wos suraosipun paragraf katiga inggih punika … 

A. ngindhakaken gaji     

B. standarisasi guru     

C. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan 

D. kapinteran baku sanget  

E. dados guru menika pancen angel

27. Ingkang dados tema pawarta ing nginggil inggih punika … 

A. kabudayan    

B. pariwisata    

C. basa 

D. pendidikan 

E. panggesangan

28. Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa. Amarga ana
perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta lan tha. Perangan iku
kalebu kaprigelan babagan ….

A. nggunakake pangucap kang trep

B. pamedhote frasa kang trep

C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

D. ngreteni tandha wacan kanthi trep

E. swara kang cetha

29. Ngatur mandheg lan nerrusake pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….

A. nggunakake pangucap kang trep

B. pamedhote frasa kang trep

C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

D. ngreteni tandha wacan kanthi trep

E. swara kang cetha

30. Trap-trapan ngembangake cengkorongan dadi paragraf minangka sepisanan yaiku …. 

A. nemtokake topik/tema

B. nemtokake ancas karangan

C. nglumpukake bahan karangan

D. gawe cengkorongan/kerangka karangan


E. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh

31. Trap-trapan kang ditindakake panulis eksposisi nalika ngrinci lan mithati sakabehe bahan kang
diklumpukake yaiku ….

A. nemtokake topik/tema

B. nemtokake ancas karangan

C. nglumpukake bahan karangan

D. gawe cengkorongan/kerangka karangan

E. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh

32. Pathokan panulise eksposisi kaya ing ngisor iki, kajaba ….


A. eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok
prastawa/persoalan. 
B. isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos. 
C. gaya eksposisi kudu imajinatif.
D. basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional. 
E. ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi
33. Mase bapakmu kok sebut ...

A. paklik

B. pakdhe

C. simbah

D. pak tua

E. budhe

34. Puisi Jawa anyar sinebut ....

A. pupuh Pangkur

B. kakawin

C. kidung

D. macapat

E. geguritan

Dina Minggu tanggal 27 Juli 2014 pasa dina pungkasan. Pak Kades sore iku nganakake buka puasa
bersama. Sing diundang para warga sak RT 06/ RW 02. Buka puasa bersama iku ngiras pantes karo
sukuran putrane Pak Kades kasil ketampa ing UGM. Kabeh warga padha nekani undhangan mau. Gedhe
cilik, enom tuwa nekani kegiyatan buka puasa bersama mau. Kabeh padha seneng Ian marem awit
suguhane pancen enak tenan.

35. Teks ing dhuwur klebu teks ....

A. narasi

B. eksposisi

C. argumentasi

D. pawarta

E. persuasi
36. Bagian sing dianggo ngibadah ana ing omah adat Jawa sinebut…
A. gandhok
B. gadri
C. senthong tengah
D. pringitan
E. pendhapa
37. ßapake simbah disebut ..

A. wareng

B. canggah

C. buyut

D. simbah

E. gantung siwur

38. Kanggo menehi tandha wekasaning ukara sing aksarane panutup di pangku di sebut...

A. pada lingsa
B. adeg-adeg
C. pada quru
D. Wiqnyan
E. pada lungsi
39. Manawa kowe omongan karo pakdhemu sing bener ukarane
A. Pakdhe, kula badhe wangsul.
B. Pakdhe, kula ajenq kondur.
C. Pakdhe, kula arep wangsul.
D. Pakde, kula arep mulih.
E. Pakdhe. kula badhe kondur.
40. Manawa kowe omong karo gurumu, ukara sing bener yaiku..
A. Pak, buku penjenengan sampun kula paringke Pak Harta.
B. Pak, buku penjenengan sampun kula caosaken Pak Harta.
C. Pak, buku penjenengan sampun kula paringaken Pak Harta.
D. Pak, buku penjenengan sampun kula caoske Pak Harta.
E. Pak, buku panjenengan sampun kula wenehaken Pak Harta.

B. Jawablah pertanyaan berikut dengan jawaban yang benar !


41. Gancaraken tembang pangkur ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!
Jinejer ing wedhatama,
mrih tan kemba kembenging pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi sepa lir sepah asamun,
samasane pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.
42. Andharaken unsur-unsur intrinsik saka cerkak!
43. Sebutna telung perangan omah limasan lan jelasna gunane!
44. Adharma kang diarani teks deskripsi lan structure!
45. Gambarna susunan teks pawarta kanthi ngangngo piramida kuwalik!

Anda mungkin juga menyukai