Anda di halaman 1dari 8

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

PIMPINAN WILAYAH MUHAMMADIYAH DIY


BADAN KERJASAMA SEKOLAH (BKS) SMP /MTs MUHAMMADIYAH D.I. YOGYAKARTA
Jl. Gedongkuning 130 B. ' (0274) 377078 7 (0274) 371718 Yogyakarta 55171

UJIAN SEKOLAH (USEK)


SMP/MTs MUHAMMADIYAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA
TAHUN PELAJARAN 2019/2020
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS : IX (SEMBILAN)
HARI/TANGGAL : SELASA, 5 MEI 2020
PUKUL/WAKTU : 09.30 – 11.00 WIB (90 MENIT)
PETUNJUK UMUM:
1. Berdo’alah sebelum dan sesudah mengerjakan soal.
2. Perhatikanlah dan ikuti pengisian pada lembar jawab yang disediakan.
3. Periksa dan bacalah setiap soal dengan seksama sebelum menjawab.
4. Laporkan kepada pengawas kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah soal kurang.
5. Mintalah kertas buram kepada pengawas apabila diperlukan.
6. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan ballpoint/tinta.
7. Periksalah seluruh pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas.
SELAMAT MENGERJAKAN
PETUNJUK KHUSUS:
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih tandha ping (X) ing aksara A, B, C utawa D
minangka wangsulan kang bener!
1. Pak Sholeh : “Mas, kowe bocah kelas 7A ta? Jenengmu sapa?”
Hasan : “…., Hasan, Pak”
Ganepana kanthi wangsulan sing bener!
A. Jeneng kula
B. Nama kula
C. Asma kula
D. Asmaku
2. Nalika piwulangan Basa Jawa Fatimah karasa pengin ana ing buri. Fatimah banjur ngadeg lan ngacungake
tangan tandha yen dheweke arep nyuwun idin. Kepiye anggone Fatimah matur marang gurune?
A. “Nuwun sewu Pak, aku teng wingking riyin nggih.”
B. “Nuwun sewu Pak, aku ajeng wonten wingking nggih.”
C. “Nuwun sewu Pak, kula idin badhe dhateng wingking.”
D. “Nuwun sewu Pak, kula badhe tindak dhateng wingking.”
3. Basa ngoko alus iku lumrahe digunakake kanggo guneman marang wong sing drajate dhuwur nanging wis
rumaket. Basa ngoko alus kasebut nganggo tetembungan ….
A. ngoko lan krama inggil
B. krama lan krama inggil
C. ngoko kabeh
D. krama kabeh
4. “Bocah-bocah ayo dimirengake dhisik, Pak guru ana pengumuman!”
Ukara ing dhuwur kalebu ukara nalika … .
A. nyuwun idin
B. nyuwun kawigaten
C. nyuwun pangapunten
D. nyuwun pangalembana

USEK TP 2019/2020 {1} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


5. Ngaturi rawuh wong liya supaya kersa rawuh ana ing sawijining acara kanthi basa lisan utawa tulis yaiku diarani ….
A. pamedhar sabda
B. mangayubagya
C. pranatacara
D. atur-atur
6. Nalika ing rapat karang taruna ana bab sing ora cocok karo panemumu, kepiye anggonmu matur kanggo nelakake
rasa ora sarujuk sing trep karo unggah-ungguh?
A. “Panemumu kuwi ora bener, aku ora sarujuk karo apa sing mbok aturke”
B. “Nyuwun pangapunten, pokoke sing leres niku pamanggih kula”
C. “Nuwun sewu menawi pamanggih kula makaten.”
D. “Wah usulmu kuwi ora bener!”
7. Wong atur-atur iku nalika ngayahi kuwajibane kudu migunakake unggah-ungguh sarta tata krama. Dene unggah-
ungguhe wong atur-atur kayata ….
A. nganggo sandhangan kang apa anane
B. migunakake sandhangan kang murwat, pantes lan sopan
C. anggone matur ora prelu nggatekake basa kang digunakake
D. nalika matur sirahe dhungkluke wae lan tangan ngapurancang
Gatekna pacelathon ing ngisor iki! (kangngo nomer 8 – 9)
Burhan : “Kula nuwun Pak.”
Pak Ali : “O mas Burhan, kene kene rak ya padha slamet ta?”
Burhan : “Alhamdulillah Pak, pangestunipun.”
Pak Ali : “Wah kok kadingaren ana wigati apa?”
Burhan : “Nuwun sewu Pak, kepareng kula …. (8) dhumateng Bapak, Ingkang sapisan sowan kula mriki
silaturahim dene kaping kalihipun kula dipunutus pak Sutoyo …. (9) dipunaturi rawuh wonten
dalemipun mangkih bakda maghrib saperlu kendhuri tasyakuran,”
8. Tembung kang trep kanggo ngganepi ature Burhan (nomer 8) ana pacelathon ing dhuwur yaiku ….
A. matur
B. ngomong
C. ngendika
D. celathu
9. Tembung kang trep kanggo ngganepi ature Burhan (nomer 9) ana pacelathon ing dhuwur yaiku ….
A. kowe
B. sliramu
C. sampeyan
D. panjenengan
Wacanen crita pengalaman ing ngisor iki! (kanggo nomer 10 lan 11)
....
Dina Selasa ana kagiyatan literasi ing sekolahanku kang diwiwiti jam pitu kurang limang menit. Esuk iku aku
kerinan. Jam enem esuk aku lagi tangi amarga mau bengi anggonku ndelok tivi nganti wengi. Mesthi wae aku
grubyugan adus, sarapan banjur mangkat sekolah. Jam semono iku wong tuwaku pancen wis padha tindak
makarya bakul ing pasar. Mula aku ora pamitan marang sapa-sapa amarga omahku pancen wis ora ana sapa-
sapa kajaba aku. Sawise ngetokake sepedha lan ngunci lawang aku nggeblas numpak sepedha menyang
sekolah. Ndilalah ing ndalan ban sepedhaku kempes. Tujune ana bengkel kang cerak ing kono. Sawise ditliti,
bane mung nggembos mula cukup dikompa nganti atos. Aku nerusake laku. Tekan sekolahan jebul wis jam pitu
ateges aku telat mlebu kelas. Banjur aku nyuwun layang idin melu wulangan dina iku.
(Kapethik saking Gladhi Basa Jawa kelas VII kaca 48)
10. Adhedhasar crita pengalaman ing ndhuwur apa sebabe paraga bisa telat mlebu kelas?
A. Kerinan anggone tangi
B. Ora ana sing nggugah
C. Memeng mangkat sekolah
D. Ngewangi bapak ibune makarya

USEK TP 2019/2020 {2} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


11. Piwulang saka crita pengalaman ing dhuwur yaiku ….
A. aja melek tekan wayah wengi
B. mangkat sekolah becike ngebis
C. kudu pesen bapak ibu supaya nggugah
D. menawa telat mlebu kelas becike idin luwih dhisik
12. Gatekna pacelathon kang ngemu cangkriman ing ngisor iki!
Zahra : “Eh mi. Aku wingi krungu kabar ana wong mati dilumpati kucing urip lho!”
Aminah : “ Lah iya. Yen kucinge mati yo ora bisa mlumpat ngono!”
Zahra : “Wah, pinter kowe ya!. Saiki coba bedheken!. Kewan apa sing anane wedok kabeh?”
Aminah : “….”
Wangsulane Aminah kang bener yaiku ….
A. lele
B. yuyu
C. urang
D. wader
13. Gatekna ukara - ukara ing ngisor iki!
(1) Uwong urip ora gampang
(2) Ijo-ijo godhong jati
(3) Mula padha ngati-ati
(4) Kayu urip ora ngepang
Owahana supaya bisa dadi parikan kang becik!
A. (4), (2), (1), (3)
B. (4), (3), (1), (2)
C. (4), (1), (2), (3)
D. (4), (2), (3), (1)
14. Dina iki piwulangan Basa Jawa ngandharake bab maos geguritan. Pak Guru nyaosi tuladha maos ing ngarep
kelas. Pak guru anggone maos geguritan migunakake obahe awak kang jumbuh karo isi geguritane. Geguritan
kang diwaos sansaya urip lan katon becik. Kaya mangkono iku tegese Pak guru nggatekake ….
A. wirama
B. wicara
C. wiraga
D. wirasa
15. Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Kekudanganku
dening Suyati, S.Pd
….
Ngger anakku,
Tatanen atimu tatanen lakumu
Aja ngglewar saka dalan kang lempeng
Apa maneh kanthi ninggal paugeran
Padhangana jiwamu adoh saka pepeteng
Siramana sukmamu kanthi kabecikan
Udinen gegayuhmu kanthi estu
Murih raharja lan rahayu
….

Geguritan ing dhuwur ngandharake bab ….


A. pangarep-arepe wong tuwa kanggo putrane
B. kahanan para mudha jaman saiki
C. pandongane anak kanggo ibune
D. carane nggayuh pajangka

USEK TP 2019/2020 {3} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


16. Gatekna cakepan tembang dolanan ing ngisor iki!

Gundhul-gundhul pacul
Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Piwulang sing bisa dijupuk saka tembang ing dhuwur yaiku ….
A. tansah syukur marang kersane gusti
B. tumindak sembrana bakal cilaka lan rugi wekasane
C. mumpung isih ana wektu mula padha tumindak becik
D. aja kakehan dolan mundhak dadi bocah gembelengan
17. Nalika arep nulis pawarta, kudu mangerteni perangane pawarta. Ana telung perangane pawarta yaiku ….
A. pambuka, irah-irahan lan isi pawarta
B. irah-irahan, isi pawarta lan panutup
C. teras pawarta, isi pawarta lan panutup
D. irah-irahan, teras pawarta lan isi pawarta
18. Titikane pawarta iku salah sijine kudu ngemot kedadeyan kang isih anyar utawa lagi wae dumadi kang diarani ….
A. faktual
B. aktual
C. wigati
D. fiktif

Wacanen pethikan cerkak ing ngisor iki! (kanggo nomer 19-20)


Esuk kuwi, Narto lan Nardi wis padha budhal sekolah kaya saben dinane. Narto ujian, Nardi Ulangan umum.
Lagi kira-kira jam sewelas, Nardi wis mulih, nuli didangu ibune:
“Di, kowe Ulangan umum yahmene kok wis bali, Le?” wangsulane Nardi ”garapan kula pun rampung dhisik
dhewe kok Bu, mulane kula nggih njur mantuk. Ning kantun sedinten sesuk, njur empun. Keri ngentosi pengumuman
unggah-unggahan.”
“Ya syukur ta Le, nek kowe mesthekake munggah, dadi wong tuwa kuwi marem.” Rampung didangu ibune,
Nardi njur neng meja dhahar banjur maem. Bubar nggawa ajang digawa ing buri, terus wisuh nyedhaki ibune karo
matur, “Bu kula tak tilem nggih mangkih jam kalih digugah ajeng teng sekolahan sinau Matematika.”
“Yoh Le muga-muga ora lali.”
Kira-kira jam setengah loro Narto teka saka sekolah, rampung nyelehake tas lan salin terus jupuk piring
mangan. Sakwise iku nyedhaki Ibune karo matur “Bu, ujian kula sampun rampung dinten niki, ning mangkih jam
gangsal kula angsal undhangan ulang tahun mangkih nyuwun arta nggih kagem sangu.”

(Kapethik saking Kaloka Basa 3 kaca 46, kanthi ewah-ewahan sawetawis)

19. Pamawasing pangripta (sudut pandang) saka pethikan cerkak ing dhuwur yaiku ….
A. wong kapindho
B. wong kapisan
C. wong katelu
D. campuran
20. Paraga sing ana ing pethikan cerkak dhuwur yaiku ….
A. Narto, Nardi lan Ibu Guru
B. Narto, Nardi lan simbahe
C. Narto, Nardi lan kancane
D. Narto, Nardi lan Ibu

USEK TP 2019/2020 {4} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


21. Gatekna tabel ing ngisor iki!
1. isine ngemot piweling
2. alur critane prasaja
3. paragane akeh
4. ceritane dawa
Saka tabel ing dhuwur iku, kang kalebu titikane cerkak ana ing angka … .
A. 1 lan 2
B. 2 lan 3
C. 3 lan 4
D. 4 lan 1
22. Wacanen tembang pangkur ing ngisor iki!
Mingkar mingkuring angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap ning tanah jawa,
agama ageming aji.
Guru wilangan sing cacahe 12 dumunung ana ing gatra kaping….
A. 2
B. 3
C. 5
D. 6
23. Akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung. Tembung sing kacithak miring duweni teges….
A. putu, serat
B. anak , serat
C. anak, tembang
D. putu, tembang

24. ?bpkHibuai=k=bg-mulY.

Ukara aksara jawa iku menawa katulis latin kang bener yaiku ….
A. Bapak ibu kang bagya mulya.
B. Bapak ibu kang bahagya mulya.
C. Bapak ibu ingkang bagya mulya.
D. Bapak ibu ingkang bahagya mulya.
25. Klapa mudha, leganana rasane atiku iki.
Ukara wangsalan ing dhuwur menawa ditulis aksara jawa ….
A. ?kelpmud,legnnrs[natikuaiki.

B. ?kLpmud,Xgnnrs[natikuaiki.

C. ?kLpmuf,legnNnrasneatiku.

D. ?kelpmuf,Xgnnrsneatiku.

USEK TP 2019/2020 {5} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


Wacanen teks aksara jawa ing ngisor iki! (kanggo nomer 26 lan 27)

?wwrhluau/.

1:?si=spwefi ai=luputWniai=bene/,aikukXbumnu=slinuwih.

2;?[ynHxpWeruht]hai=zluau/,titikKenHlusSi=ti=khlkuzufibs[n.

3; ?ffiy[w=oluau/bubu[f[nN.

26. Adhedhasar teks ing ndhuwur, bisa diarani manungsa linuwih iku manungsa sing ….
A. wedi marang pimpinan
B. wedi marang lelembut
C. wedi menawa nglakoni kaluputan
D. wedi menawa nglakoni kabecikan
27. Apa isi wawarah luhur nomer telu?
A. dadiya bocah kang nggatekake tingkah lakune.
B. dadiya siswa kang nggatekake basane.
C. dadiya wong kang becik patrape.
D. dadiya wong luhur bubudene.

Gatekna pethikan teks sesorah ing ngisor iki! (kanggo nomer 28 lan 29)

Mugi-mugi acara menika saged dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten
kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf menika sandhanganipun tiyang gesang,
sumangga kula panjenengan sami tansah tepa salira, amrih gesang kula panjenengan sami tansah bagya mulya.

28. Pethikan teks sesorah ing dhuwur kalebu perangan sesorah ….


A. pangarep-arep
B. pambuka
C. panutup
D. pamuji
29. Miturut isine pethikan teks sesorah ing dhuwur lumrahe kaandharake ing acara ….
A. sripah
B. syawalan
C. pawiwahan
D. tanggap warsa
30. Nalika tlapak asta tengen ing nginggil tlapak asta kiwa lajeng dipunselehaken sangandhaping puser iku diarani ….
A. mbanda tangan
B. ngapurancang
C. malang kerik
D. sedhakep
31. Sesorah tanpa persiapan lumrahe ditindakake wong sing kulina medharsabda. Tehnik sesorah iku diarani ….
A. tehnik ekstemporan
B. tehnik impromptu
C. tehnik naskah
D. tehnik apalan

USEK TP 2019/2020 {6} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


32. Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula.
(2) Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula.
(3) Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
(4) Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangapura.
Sing kalebu ukara wangsalan kanggo nutup adicara yaiku ….
A. (1) lan (2)
B. (2) lan (3)
C. (3) lan (4)
D. (4) lan (5)
33. Pranatacara kudu mengerteni sapa priyayi sing diaturi rawuh ing acara iku, tujuane supaya ….
A. ketok luwih kondhang
B. ketok wiyar srawunge
C. bisa ngetung sing rawuh
D. bener anggone menehi pakurmatan
34. Ngancik adicara ingkang kaping tiga inggih menika lain-lain.
Tembung lain-lain becike diganti tembung ….
A. sanes - sanes
B. warna - warna
C. maneka warna
D. mancawarni
35. Gatekna urutan acara pengajian ing ngisor iki!
(1) Panutup
(2) Pambuka
(3) Waosan Kalam Ilahi
(4) Pangandikan saking Ketua panitia
(5) Pengaosan
Urutan acara pengajian ing dhuwur durung trep, sing bener ….
A. (2), (3), (5), (4), (1)
B. (2). (3), (4), (5), (1)
C. (2). (4), (5), (3), (1)
D. (2). (5), (4), (3), (1)
36. Wong kang golek pawarta ing layang kabar diarani ….
A. editor
B. reporter
C. redaktur
D. wartawan
37. Titikane maca pawarta kang becik iku bisa narik kawigatene pamirsa mula iku anggone maca kudu nggatekake
intonasi kang becik, alon banter suwara nyukupi, nggatekake tandha koma lan titik. Penyiar sing wis nindakake
bab kasebut tegese wis nggatekake ….
A. wicara
B. wirasa
C. wirama
D. wiraga
38. Nyemak pawarta iku wigati kanggone masyarakat jaman saiki, kang kalebu mumpangate nyemak pawarta
yaiku ….
A. tambah pasrawungan
B. tansaya kethul pikirane
C. mangerteni mlakune jaman
D. mangerteni gossip paling anyar

USEK TP 2019/2020 {7} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA


Wacanen pethikan karya jurnalistik ing ngisor iki! (kanggo nomer 39 lan 40)

Sinau Nganggo Cara Sinaune Dhewe


dening : Fiati Yuwaningsih

Miturut Prof.Ken lan Rita Dunn ing buku Belajar dengan Hati Nurani, kabeh uwong duwe gaya pasinaon
dhewe-dhewe. Gaya pasinaon kang sifate alami iki ndadekake luwih nyaman lan hasile luwih apik tinimbang
nganggo gaya pasinaon liyane. Saben wong paling ora duwe telung cara sinau nanging mung siji sing paling
menonjol. Gaya pasinaon kuwi: visual, auditorial lan kinestetik.
Gaya pasinaon visual luwih mentingke apa kang diweruhi. Apa wae kang diweruhi gampang dimangerteni.
Titikane wong kang duwe gaya pasinaon visual ing antarane rapi, teratur, teliti, luwih seneng maca ketimbang
diwacakake lan menawa ana pitakon dijawab kanthi singkat.
Gaya pasinaon auditorial luwih mentingke apa sing dirungokake, titikane yaiku seneng ngrungokake tinimbang
ndelokake, seneng omong dhewe wektu sinau utawa maca kanthi sora lan dheweke seneng crita.
Gaya pasinaon kenestetik, gaya pasinaon iki luwih mentingake obahe awak. Wong kang duwe gaya pasinaon
iki anggone sinau nganggo isyarat awak, ora bisa anteng menawa maca kudu nuding tulisan tulisane lan menawa
ngapalake karo mlaku-mlaku.
(kapethik saking Kalawarti Djaka Lodang, no: 52, 2015 kanthi ewah-ewahan sawetawis)

39. Saka pethikan pawarta ing dhuwur bisa dimangerteni kang diarani gaya pasinaonan kinestetik yaiku ….
A. gaya pasinaon kang mentingke apa kang diweruhi
B. gaya pasinaon kang luwih mentingake obahe awak
C. gaya pasinaon kang mentingke apa sing dirungokake
D. gaya pasinaon kang seneng ngrungokake tinimbang ndelokake
40. Titikane wong kang duwe gaya pasinaon visual yaiku ….
A. ora bisa anteng menawa maca kudu nuding tulisan tulisane
B. rapi, teratur, luwih seneng maca ketimbang diwacakake
C. seneng ngrungokake tinimbang ndelokake
D. menawa ngapalake karo mlaku-mlaku

B. URAIAN
Pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi pener!
41. Ganepana parikan ing ngisor iki!
a. Klapa sawit, ….
…., aja seneng keceh dhuwit
b. Godhong waru, pating slebar.
.... , ….
42. Owahana ukara ing ngisor iki dadi basa krama!
“Pak njaluk pangapura aku telat, apa oleh aku mlebu kelas?”
43. Supaya geguritan iku katon luwih endah bisa migunakake purwakanthi. Purwakanthi iku kaperang dadi telu.yaiku
purwakanthi swara, purwakanthi sastra lan purwakanthi lumaksita. Andharna teges saka telung purwakanthi iku!
44. Gawea tuladha perangan sesorah kang kalebu pamuji!
45. Salinana wangsalan ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!
Cecak toya, den waspada mring ubaya.

USEK TP 2019/2020 {8} SMP/MTs KELAS IX/BAHASA JAWA

Anda mungkin juga menyukai