Anda di halaman 1dari 3

NASKAH SOAL ULANGAN SEMESTER GASAL

TAHUN PELAJARAN 2018 /2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas / Program : XII / Semua Jurusan
Jumlah Soal : 20 Soal Pilihan Ganda dan 5 Essai
Hari / Tanggal : Kamis, 29 Nopember 2018
Waktu : 07.00 – 08.00 WIB

PETUNJUK UMUM :

1. Tulis nomor dan nama anda pada lembar jawaban yang disediakan.
2. Periksa dan bacalah soal dengan teliti sebelum anda bekerja.
3. Kerjakanlah soal anda pada lembar jawaban.
4. Gunakan waktu dengan efektif dan efisien
5. Periksa pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada Pengawas.

A. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C,D utawa E tumrap
pratelan kang trep!
Teks dialog ing ngisor iki kanggo soal 1-3!

Pak Ari : “Lho, Jeng Santi! Titihan panjenengan ana ngendi?


Bu Santi : “Ana bingkil, lagi rusak. Pak Ari nitih apa?”
Pak Ari : “ Aku nggawa mobil, yen kersa ayo bareng wae?”
Bu Santi :” Mengko penggalihe Bu Ari gek sujana…”
Pak Ari :” ah, ora ngendika ngunu kuwi, wis dadi wong tuwa kabeh kok!”
Bu Santi :”Yaw is maturnuwun, dakdhere tekan halte wae.”

1. Pacelathon ing dhuwur nggunakake tataran basa …..


A. Ngoko lan Krama D. Krama lank ram alus
B. Ngoko lan ngoko alus E. Ngoko alus
C. Ngoko lan krama alus
2. “Aku nggawa mobil, yen kersa ayo bareng wae?” Tembung kersa tegese …..
A. Ora nggawa B. Gelem C. Kesusu D. Repot E. Seneng
3. Pacelathon kasebut kira-kira dumadi nalika ….
A. Wonten dalemipun Bu Santi D. Kepanggih wonten peken
B. Wonten dalemipun Pak Ari E. Wonten celak parkiran
C. Kepanggih ing pinggir margi
4. “Jare bapak, aku dikon numpak bis wae.” Manawa diowahi dadi basa ngoko alus yaiku ….
A. “Ngendikane bapak, aku didhawuhi numpak bis wae.”
B. “Ngendikane bapak , aku dikon numpak bis wae.”
C. “Ature bapak, aku diutus numpak bis wae.”
D. “Ngendikane bapak, aku diutus numpak bis wae.”
E. Ngendikane bapak, kula dipundhawuhi numpak bis kemawon.”
5. “Eyang, kowe kandhaa marang ibu. Takona marang ibu, sida jagong apa ora?Yen sida mengko bulik
arep ngampiri.” Manawa diowahi dadi karma alus yaiku …..
A. “Eyang, kowe matura marang ibu. Nyuwuna pirsa marang ibu, sida jagong apa ora?Yen sida
mengko bulik arep rawuh ngampiri.”
B. “Eyang, panjenengan ngendika dhateng ibu, panjenengan mundhut pirsa dhateng ibu, sios jagong
menapa mboten? Menawi sios mangke bulik badhe rawuh ngampiri.”
C. “Eyang, kowe matura marang ibu. Tangkleta marang ibu, sida jagong apa ora? Yen sida mengko
bulik arep rawuh ngampiri.”
D. “Eyang, kowe matura marang ibu. Mundhuta pirsa marang ibu, sida jagong apa ora? Yen sida
mengke bulik arep rawuh ngampiri.”
E. “Eyang, sampeyan matur marang ibu. Nyuwuna pirsa marang ibu, sida jagong apa ora? Yen sida
mengko bulik badhe rawuh ngampiri.”
6. Bapak nembe rawuh saking Semarang. Ukara iki menawa didadekake basa ngoko alus yaiku ….
A. Bapak lagi teka saka Semarang D. Bapak nembe teka saking Semarang
B. Bapak wis rawuh saka Semarang E. Bapak wis teka saking Semarang
C. Bapak nembe rawuh saka Semarang
7. Ibu :” Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!.”
Rina :”Inggih, Buk. Kula sampun solat.”
“Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyen!
Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa …
A. Ngoko lugu D. Krama alus
B. Ngoko alus E. Ngoko lan krama
C. Krama lugu
8. Crita gancaran kang ngandharake lelakon/kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak bae,
diarani ….
A. Crita misteri D. Roman sacuwil
B. Crita cekak E. Dongeng
C. Crita sambung
9. Punjere lelakon sajroning crita kang bisa diandharake kanthi eksplisit utawa implisit (tersirat) diarani
A. Amanat D. Tema
B. Alur E. Sudut Pandang
C. Latar
10. Adhedasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ….
A. Coda, orientasi, komplikasi lan resolusi D. Orientasi, komplikasi, resolusi lan coda
B. Resolusi, coda, orientasi lan komplikasi E. Orientasi, komplikasi, coda lan resolusi
C. Komplikasi, resolusi, coda lan orientasi
11. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani ….
A. Resolusi B. Coda C. Orientasi D. Komplikasi E. Klimaks
12. Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani …
A. Resolusi B. Coda C. Orientasi D. Komplikasi E. Klimaks
13. Tuwuh pengarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur cerkak kalebu ….
A. Resolusi B. Coda C. Orientasi D. Komplikasi E. Klimaks
14. Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ….
A. Basa baku D. Lelewaning basa
B. Basa standar E. Basa padinan
C. Dhialek lan idhiolek
15. Guyon maton mujudake adat kebiasaan masyarakat Jawa kanggo ….
A. Nerak norma-norma ing masyarakat
B. Mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan
C. Ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni
D. Ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma
E. Pralambang kang nglatih lantiping pikir
16. Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajroning nindakake ayahane, kanggo ….
A. Nabet ing atine para panyemak
B. Nyemoni para priyayi
C. Guyon karo para panyemak
D. Guyon karo wong penting/pejabat publik
E. Sarana guyon maton
17. Teks anekdot iku mujudake guyon inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran ….
A. Akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor
B. Sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor
C. Teks anekdot iku drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor
D. Teks anekdot drajate padha wae yen katandhing karo teks humor
E. Teks anekdot nduweni isi, lelewaning basal an tujuan kang gumathok
18. Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku …
A. Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah
utawa wejangan
B. Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone
wong biasa
C. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate
minangka sarana kritik social
D. Teks anekdot kadhapuk adhedasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedasar
prastawa kang nyata
E. Teks anekdot guyonane ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake
lelewaning basa
19. Ajaran moral sajroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis,
jalaran …
A. Diwedharake pengarang lumantar para paraga
B. Pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan
C. Minangka kaca benggala
D. Kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin
E. Masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik
20. Supaya bisa dadi sarana kritik social kang dulce et utile nyenengake lan migunani, teks anekdot kudu
….
A. Dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep
B. Dibungkus kanthi crita horror kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep
C. Dibungkus kanthi crita kang upto date lan dibumboni lelewaning basa kang trep
D. Dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar – gambar kang endah
E. Dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

1. Undha usuk basa jawa kaperang dadi pira? Sebutna!


2. Ukara ngisor iki owahana dadi basa karma alus!
a. Simbah ngendika menawa mau bengi ora bisa turu.
b. Aku dikongkon bapak menehne undangan kanggo pak Usman.
3. Sebutna unsur intrinsik lan ekstrinsik cerkak!
4. Ukara kang digunakake ing cerkak bisa awujud ukara langsung lan ukara ora langsung. Apa
bedane? Wenehana tuladha!
5. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Aku wegah ngrepek utawa nurun kanca nalika ulangan.

Anda mungkin juga menyukai