Anda di halaman 1dari 11

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI
KEBAKKRAMAT
Jalan Nangsri-Kebakkramat, Karanganyar Kode Pos 57762 Telepon 0271-654881
Web : smankebakkramat.sch.id Email : smankebakkramat@gmail.com

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
LEMBAR SOAL
Kelas : X MIPA-IPS Hari/ tanggal : Senin, 4 Oktober 2021
Mapel : Bahasa Jawa Waktu : 09.30-10.30 WIB

PETUNJUK UMUM
1. Isikan identitas anda ke dalam lembar Jawaban yang tersedia dengan tepat.
2. Tersedia 60 menit untuk mengerjakan paket tes tersebut.
3. Jumlah soal sebanyak 40 butir, pada tiap butir soal terdapat 5 (lima) pilihan jawaban.
4. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya.
5. Periksalah jawaban anda sebelum dikirim di aplikasi.
6. Semua soal wajib untuk dijawab.

1. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada
yaiku …
A. guru sastra
B. guru basa
C. guru lagu
D. guru wilangan
E. guru gatra
2. Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
yaiku ….
A. guru sastra
B. guru basa
C. guru lagu
D. guru wilangan
E. guru gatra
3. Tembang macapat pangkur iku asale saka tembung mungkur kang ateges ….
A. nyingkiri hawa nepsu angkara murka
B. madhep mburi
C. ora bisa nyawang kahanan donya
D. mapan ana ing mburi
E. kudu bisa dadi conto kanggo kanoman
4. Pathokan tembang pangkur yaiku …
A. gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, i,
B. gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a
C. gatra : 7, wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, lagu : a, i, u, a, u, a, i
D. gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
E. gatra : 7, wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, lagu : o, i, u, o, u, o, i
5. Kang nganggit Serat Wedhatama yaiku...
A. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
B. Sri Susuhunan Pakubuwana V
C. KGPAA Mangkunegara IV
D. KGPAA Mangkunegara V
E. Sri Sultan Hamengkubuwana IV
6. Tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha lan digunakake bebarengan
yaiku ….
A. tembung Saroja
B. tembung Garba
C. tembung Plutan
D. saloka
E. bebasan
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kakembeng ing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi
7. Tembang ing ndhuwur kapethik saka serat....
A. wedhatama
B. wulangreh
C. wulangdalem
D. wedhawata
E. wulangsunu
8. Werdine yekti sepi asepa lir sepah samun yaiku ....
A. sakarepe dhewe mula ngisin-isini
B. supaya ora mangu-mangu tumindake
C. mapan ing papan sepi murih wening atine
D. aja tumindak kang singular saka wewaton urip
E. tumindak becik iku minangka lambang kamulyan
9. Tembung lir padha tegese karo tembung ing ngisor iki, kajaba....
A. kadya
B. pindha
C. kaya
D. nir
E. laksana
10. Tembung nglelingsemi iku tegese….
A. luwih
B. ragu
C. pinter
D. ngisin-isini
E. kulina
11. Pratelan kang ateges ngedohi sawenehe tumindak kang ala yaiku ….
A. mingkar-mingkur ing angkara
B. akarana karenan mardi siwi
C. sinawung resmining kidung
D. sinuba sinukarta
E. mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
12. Panulise tembung ing ngisor iki kang bener yaiku ….
A. kapetik
B. sederek
C. sethithik
D. sapanthuk
E. kulo
13. Tembung aku kang lumrah digunakake para raja yaiku ….
A. ingsun
B. kula
C. ulun
D. dalem
E. kawula
14. Tembung jalma iku pada karo tembung ….
A. kewan
B. wewangunan
C. tanduran
D. piranti
E. manungsa
15. Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras asline,
nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan iku
kang diarani ….
A. cakepan
B. cengkok
C. laras
D. pathet
E. pedhotan
16. Wos surasane tembang macapat iku isa dingreteni kanthi tenanan yen anggone ndunungake
pedhotan iku pas. Amarga yen ora pas makna tembung utawa ukarane dadi slenca. Upamane
tembang maskumambang gatra sepisan (12i) kudune anak pitik kuthuk//anak bebek meri
nanging dipedhot anak pitik//kuthuk anak bebek meri. Pedhotan yaiku ….
A. syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
B. lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
C. rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
D. ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
E. pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik
Setitekna lan wacanen kanthi batin!

Kethuthuk thuthuk kenong


Dening : mas gandung

Nalika malem rasulan ing desaku nanggap wayang. Iku wis dadi adat sabene. Aku salah
sijining bocah sing seneng nonton wayang, angger nonton mesti nutug tekan esuk. Saking akehe
penonton, ing wiwitane wayang aku ora isa lungguh ing sajroning panggung. Nanging bareng
wis bubar gara-gara aku isa nonton munggah ing panggung. Sing daksenengi aku isa lungguh ing
cedhak kenong amarga isa sendhen rancakan kenong. Bareng wis parak esuk ana kedadeyan sing
ora bakal daklalekake, embuh merga saka kesele lan ngatuk apa merga wis pirang-pirang dina
ketanggap lan kurang turu, tukang kenong kuwi sing dithuthuk dudu kenonge nanging kleru
gundhulku mula swarane ora nong…nong…nong…nanging aduhhh…….
17. Sapa paraga utama kang ana ing crita iku?
A. tukang kenong
B. dhalang
C. aku
D. sindhen
E. penonton
18. Ana ngendi kedadeyan kuwi dumadi?
A. omah
B. panggung
C. dalan
D. pasar
E. bale kalurahan
19. Kapan kedadeyan kuwi dumadi?
A. nalika gara-gara
B. nalika limbukan
C. sore
D. wengi
E. parak esuk
20. Kedadeyan apa kang dadekake crita kuwi dadi narik kawigaten?
A. penontone akeh
B. wayangane gayeng
C. tukang kenonge ngantuk
D. kethuthuk tabuh kenong
E. ora entuk nggon kanggo nonton
21. Crita kasebut ngemot surasa kang ….
A. gawe gela
B. nengsemake
C. nyusahake
D. gawe tangis
E. gawe kaget
22. Pamaos crita iku yen maca kudu nggunakake basa kang trep lan gaya maca jumbuh karo
tema lan amanat kang kamot sajroning crita. Tata cara iku diarani
A. isa nggunakake piranti kanggo mragakake.
B. crita kanthi ekspresi kanthi kombinasi suara lan gaya basa kang narik kawigaten,
C. cethaning lafal miturut watak para paragane supaya luwih imajinatif.
D. kudu njumbuhake alur crita karo kang dicritakake.
E. nutup crita kanthi pungkasan kang narik kawigaten.
23. Pamirsa iku nalika mirsani crita yen wis kasengsem mesthi nganti pungkasan wae
digatekake. Mula sasuwene crita kawitan nganti pungkasan kudu tetep narik kawigatene
pamirsa. Bab iku uga isa disebabake pemahaman lan perubahan mimic wajah kang jumbuh
karo critane. Kaprigelan iku diarani ….
A. isa nggunakake piranti kanggo mragakake.
B. crita kanthi ekspresi kanthi kombinasi suara lan gaya basa kang narik kawigaten,
C. cethaning lafal miturut watak para paragane supaya luwih imajinatif.
D. kudu njumbuhake alur crita karo kang dicritakake.
E. nutup crita kanthi pungkasan kang narik kawigaten.
24. Kanggo nyengkuyung amrih becike pamaose crita, pamaos isa kanthi nggawa wayang,
boneka, pusaka, payung, lan sapiturute. Kaprigelan iku diarani ….
A. isa nggunakake piranti kanggo mragakake.
B. crita kanthi ekspresi kanthi kombinasi suara lan gaya basa kang narik kawigaten,
C. cethaning lafal miturut watak para paragane supaya luwih imajinatif.
D. kudu njumbuhake alur crita karo kang dicritakake.
E. nutup crita kanthi pungkasan kang narik kawigaten.
25. Pangreten babagan sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba ….
A. tulisan kang ngemot dudutan sawijining crita kang katulis nggunakake ukara-ukara
kang prasaja.
B. kudu langsung nyritakake babagan buku kang dadi klimaks saka alur crita
C. ora ngrembuk nglambrang kalebu karakter tokoh apadene latar crita
D. isa crita babagan panemu pribadi
E. nggunakake basa kang prasaja, gampang dipahami
26. Tata carane nulis sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba ….
A. nyathet gagasan utama
B. nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama nggunakake ukara kang efektif
lan narik kawigaten, sabanjure karakit dadi karangan cekak kang nggambarake
karangan asline.
C. dialog lan monolog tokoh cukup tinulis isi pokoke.
D. ringkesan/synopsis ora kena nyebal saka crita asline.
E. katulis kanthi komplit
27. Unsur sajroning crita kang ngandharake karep pangrakite kang ora dikandhakake kanthi
cetha mung isa dionceki sawise rampung anggone maca karyane yaiku ….
A. alur
B. penokohan
C. amanat
D. skenario
E. setting/latar
28. Crita kasebut dumadi ana ing pinggir kali kang gedhe iline. Ing kono katon akeh uwuh lan
barang-barang kang isa ndadekake tekane lelara tumrap kang manggon ing sakiwa tengene.
Perangan iki kamot ing unsur intrinsik crita perangan ….
A. alur
B. penokohan
C. amanat
D. skenario
E. setting/latar
29. Nilai kang ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang minangka dhasar
panguripan manungsa lan masarakat iku diarani nilai. . .
A. sosial
B. moral
C. budaya
D. pendidikan
E. religius
30. Nilai kang ana sesambungane karo owah-owahan tumindak saka ala dadi becik diarani nilai.
..
A. sosial
B. moral
C. budaya
D. pendidikan
E. religius
Wacanen pawarta iki!
Pawarta 1 kanggo mangsuli pitakonan no 31 - 35
Guru Punika Pancen Kedah Mumpuni

Kinten-kinten ingkang cekap dados rembagan, utaminipun ing madyaning pendidikan,


inggih punika perkawis sertifikasi guru, kanthi ancas boten sanes kangge nemtokaken
standarisasi profesinipun guru, ingkang salajengipun ugi kangge nemtokaken
standarisasinipun pendidikan nasional kita. Pranyata boten sekedhik cacahipun guru-guru
ingkang nalika dipunuji boten lulus.
Sanajan kados menapa kemawon standarisasi pendiikan punika penting sanget. Pramila
piyayi ingkang dados guru kedah saged minangkani standar tartamtu ingkang
dipuntemtokaken dening Pamarentah, kangge mujudaken pendidikan ingkang mutunipun
becik. Jalaran pendidikan pancen sanes barang gampil, pramila boten sedaya piyayi saged
dados guru, sanajan malah wonten ingkang kapeksa milih profesi guru amargi gagal pados
padamelan ing pundi-pundi papan.
Mangka satemenipun guru punika mujudaken profesi ingkang kebak tantangan.
Ingkang cetha, guru kedah keconggah njalari tiyang boten saged maos lan etang dados saged.
Guru ugi kedah saged maringi motivasi dhateng putra siswanipun supados sregep sinau lan
dados warga masyarakat ingkang becik. Pancen boten gampil tumrapipun guru ngyakinaken
putra siswanipun, menawi kekiyatan tembe wingkingipun gesangipun saperangan ageng
badhe gumantung dhateng daya kekiyatan pikiripun.Lan kekiyatan pikiran wau boten
dhawah mandhap ngaten kemawon saking langit, nanging kedah lumantar proses sinau
ingkang sregep lan dangu.
Kangge mujudaken sedaya kala wau dipunbetahaken fasilitas sinau ingkang nyekapi.
Sebab kados pundi guru saged mucal kanthi becik, lan putra siswanipun saged sinau kanthi
taberi, menawi ruwangan sekolahipun (kelasipun) kerendhem banjir utawi payonipun meh
ambruk lan tembok-tembokipun sami ambrol? Ateges ing ngriki sarana pendidikan,
sasanesipun faktor guru, ugi perlu pikantuk kawigaten ingkang mirunggan.
31. Miturut pawarta kasebut ancas wontenipun sertifikasi guru inggih punika …
A. Nemtokaken standarisasi guru
B. Supados guru mucalipun kathah
C. Namung kangge lelamisan
D. Minangka sarana syarat kemawon
E. Kangge ngindhakaken gaji
32. Kangge ngindhakaken profesionalisme guru, guru punika kedah purun …, kajawi …
A. Minangkani standarisasi tinamtu.
B. Maringi motivasi dhateng putra siswanipun.
C. Saged ndadosaken ingkang boten saged dados saged.
D. Tansah ningkataken profesionalismenipun.
E. Dados guru tinimbang boten wonten padamelan sanesipun
33. Adhedhasar saking pawarta ing nginggil, wos suraosipun paragraf sepisan inggih punika

A. ngindhakaken gaji
B. kapinteran punika baku sanget
C. standarisasi guru
D. dados guru menika pancen angel
E. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan
34. Ingkang dados wos suraosipun paragraf katiga inggih punika …
A. ngindhakaken gaji
B. kapinteran baku sanget
C. standarisasi guru
D. dados guru menika pancen angel
E. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan
35. Ingkang dados tema pawarta ing nginggil inggih punika …
A. kabudayan
B. basa
C. pariwisata
D. pendidikan
E. panggesangan
36. Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa.
Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta
lan tha. Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
37. Kaprigelan kang digunakake nalika ngatur mandheg lan teruse pamacane naskah pawarta
iku diarani babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
Pawarta 2.
Ngancik wulan siam, cacah ewon masyarakat ing sakiwa tengening kutha Tegal
nganakake tradisi Padusan. Tradisi iki turun tumurun ditindakake dening warga ing
sakupenge gunung Slamet ing sisih lor kulon.Kepara malah padusan Guci dadi objek wisata
kang misuwur ing kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal. Tradisi padusan kuwi duwe
tujuan kanggo reresik awak minangka simbol reresik jiwa kanggo ngadhepi wulan siam.
Kapethik saka pantura news.

38. Kapan tradisi padusan ditindakake……


A. wulan syawal
B. wulan sa’ban
C. wulan ramadhan
D. wulan ruwah
E. wulan sura
39. Apa surasane wacan kasebut……
A. reresik awak
B. reresik dhiri
C. reresik jiwa
D. reresik padusan Guci
E. reresik kabupaten Tegal
40. Apa kang dikarepake wulan siam ing wacan kasebut……
A. wulan syawal
B. wulan ramadhan
C. wulan say’ban
D. wulan ruwah
E. wulan sura

Anda mungkin juga menyukai