Anda di halaman 1dari 3

I.

       Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!


1.      Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben
sapada yaiku …
1. Aturan dalam tembang macapat yang memuat tentang aturan jumlah baris dalam satu
bait disebut...
a.       guru sastra
b.      guru wilangan 
c.       guru basa
d.      guru gatra
e.       guru lagu
jawaban: B
2.      Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra
yaiku …
2. Adapun yang memuat aturan jatuhnya suara vokal pada akhir baris disebut...
a.       guru sastra
b.      guru wilangan 
c.       guru basa
d.      guru gatra
e.       guru lagu
Jawaban: E
3.      Pathokan tembang Mijil yaiku …
a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,
b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  
c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u
d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u
Jawaban: E
 
4.      Pathokan tembang Asmarandana yaiku …
a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,
b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  
c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u
d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u
 
Jawaban: C
Nasihat lan pitutur
Kang bener terapna nggo uripmu
Kabeh eling–elingen ja nganthi lali
Aja lali pituturku
Merga sira isih enom
5.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …
a.    dhandhanggula                
b.    sinom
c.     gambuh    
d.    maskumambang  
e.    mijil
Jawaban: C

 
Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
sadulur myang sanak,
kalamun muruk tan becik,
nora pantes yen den nuta
6.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …
a.    dhandhanggula                
b.    sinom
c.    gambuh
d.    maskumambang 
e.    mijil
Jawaban: D
 
7.      Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati
kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé sinebut …
a.       dhandhanggula
b.      pangkur
c.       Sinom      
d.      maskumambang  
e.       mijil
Jawaban: C
 
8.      Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa
nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha
diarani ....
a.       dhandhanggula               
b.      pangkur
c.       Sinom      
d.      maskumambang  
e.       mijil
Jawaban: B
 
9.      Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi
laras  asline, nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat.
Kaprigelan iku kang diarani ….
a.       cakepan
b.      cengkok
c.       laras
d.      pathet
e.       pedhotan
Jawaban: B
 
10.  Wos surasane tembang macapat iku isa dingreteni kanthi tenanan yen
anggone ndunungake pedhotan iku pas. Amarga yen ora pas makna tembung utawa
ukarane dadi slenca. Upamane tembang maskumambang gatra sepisan (12i)
kudune anak pitik kuthuk//anak bebek meri nanging dipedhot anak pitik//kuthuk anak
bebek meri. Pedhotan yaiku ….
a.       syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
b.      lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
c.       rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
d.      ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
e.       pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
Jawaban: E

Anda mungkin juga menyukai