Anda di halaman 1dari 10

PIWULANG 1

Kompetensi inti :
3.1 Menelaah teks serat wedhatama pupuh Gambuh.
4.1 Menanggapi isi serat wedhatama pupuh Gambuh , menulis dan menyajikan
Syair tentang Gambuh

Indikator :
3.1.1 Membaca contoh teks serat wedhatama pupuh Gambuh.
3.1.2 Mencermati uraian yang berkaitan dengan guru gatra , guru lagu, dan guru
wilangan serat wedhatama pupuh Gambuh.
3.1.3 Mempertanyakan unsur - unsur pembangun serat wedhatama pupuh
Gambuh.
3.1.4 Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks serat wedhatama
pupuh Gambuh.
3.1.5 Menemukan nilai - nilai yang terkandung di dalam serat wedhatama pupuh
Gambuh.
3.1.6 Menulis syair tembang Gambuh dengan bahasa sendiri.
4.1.1 Menyunting kesalahan syair terimbang gambuh tulisan teman.
4.1.2 Menganalisis unsur - unsur pembangun.
4.1.3 Menyajikan secara lisan atau tulisan tembamg gambuh yang di tulis.
4.1.4 Memberi tanggapan isi dengan bahasa sendiri serat wedhatama pupuh
Gambuh.

NYEMAK

A. Pangerten Macapat

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing
bisa awake dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing
kerep awake dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka
pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra,
2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka
wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo
paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.Puisi tradisional Jawa
utawa tembang biasane diperang dadi telung kategori: tembang cilik,
tembang tengahan lan tembang gedhe. Macapat digolongake kategori
tembang cilik lan uga tembang tengahan, dene tembang gedhe arupa
kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram
Anyar, ora dipatrapake prabedan antara suku kata dawa lan cendhak.
Saliyane kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi
tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.

Yen dibandhingake karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi beda


lan luwih gampang dipatrapake jroning basa Jawa amarga beda karo
kakawin sing didhasarake marang basa Sanskerta, jroning macapat
prabedan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakake.

Aturan-aturan iku ana ing:


a.Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b.Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c.Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

B. Gunggungipun tembang macapat

Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:


1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Watak lan Gunane Tembang Macapat


Nama Sekar :Watak Ginanipun
Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang,
tresna
Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih
nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa
kemawon cocok
Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos
panalangsa
Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih,
getun
Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi.

Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat


1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

C. Tembang Gambuh

Tembung Gambuh tegese nyambung. Filosofi tembang Gambuh iki


nyritakake ngenani lelakon uripe wong sing wis ketemu pasangan urip sing
cocok. Kekarone diklumpukake kanggo nggawe tali sing luwih suci, yaiku
kanthi nikah. Supados kekalihipun saged gesang langgeng.
Saka sudut liya, Gambuh tegese tahu roggeng, biyen, lan jeneng tanduran.
Ing babagan iki, tembang Gambuh nduweni watak utawa biyasane
digunakake ing swasana kang wis mesthi utawa ora mangu-mangu, tegese
kesiapan maju tumuju ing lapangan kang nyata.
Watak Gambuh uga nggambarake bab silaturahmi lan bab paseduluran.
Tembang Gambuh biyasane uga digunakake kanggo ngaturake crita
panguripan.

Contoh Tembang Gambuh (7u – 10u – 12i – 8u – 8o)


Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon

Berikut penjelasan mengenai aturan guru gatra, guru lagu dan guru
wilangan dari tembang Gambuh .
1. Guru gatra = 5
Tembang Gambuh memiliki 5 larik atau baris kalimat.
2. Guru wilangan = 7, 10, 12, 8, 8
Kalimat pertama berjumlah 7 suku kata. Kalimat ke dua berjumlah 10 suku
kata. Kalimat ke tiga berjumlah 12 suku kata. Kalimat ke empat berjumlah 8
suku kata. Kalimat ke lima berjumlaj 8 suku kata.
3. Guru lagu = u, u, i, u, o
Akhir suku kata dari setiap kalimatnya harus bervokal u, u, i, u, o.
UJI KOMPETENSI 1

I. Wenegana tandha ping ana aksara a, b, c, d utawa e ana wangsulan kang


paling bener!

1. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungongake


yaiku....
A. Karya sastra
B. Cipta sastra
C. Tembang macapat
D. Guru gatra
E. Guru wilangan
Jawaban: C

2. Tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing migunakne


....
A. Guru wilangan
B. Guru lagu
C. Bahasa Jawa anyar
D. Geguritan
E. Cipta sastra
Jawaban: C

3. Puisi tradisional Jawa Utawa tembang biasane di perang dadi....


A. Telung kategori
B. Limo kategori
C. Wolu kategori
D. Sepuluh kategori
E. Pitu kategori
Jawaban: A
4. Tembang macapat Asmaradana nggambarake....
A. Asih,prihatin
B. Seneng, asih, kasmaran
C. Ethes, prasaja piwulang
D. Keras, nepsu, semangat
E. Tresna, sedhih, sengsem
Jawaban: E

5. Tembang macapat durma nggambaraken....


A. Asih,prihatin
B. Seneng, asih, kasmaran
C. Ethes, prasaja piwulang
D. Keras, nepsu, semangat
E. Tresna, sedhih, sengsem
Jawaban: D

6. Tembang macapat mijil nggambaraken....


A. Asih,prihatin
B. Seneng, asih, kasmaran
C. Ethes, prasaja piwulang
D. Keras, nepsu, semangat
E. Tresna, sedhih, sengsem
Jawaban: A

7. Tembang macapat sinom nggambaraken....


A. Asih,prihatin
B. Seneng, asih, kasmaran
C. Ethes, prasaja piwulang
D. Keras, nepsu, semangat
E. Tresna, sedhih, sengsem
Jawaban: C
8. Filosofi tembang Gambuh nyritakaken....
A. Ekonomi
B. Perjalanan hidup
C. Welas asih
D. Seneng
E. Melas
Jawaban: B

9. Watak gambuh nggambaraken tentang....


A. Filosofi kehidupan
B. Cerita rakyat
C. Keramahtamahan
D. Novel
E. Dongeng
Jawaban: C

10. Tembang Gambuh iku nduweni guru lagu kaya ing ngisor Iki....
A. u,u,i,u,o
B. u,a,i,a
C. u,i,u,i,o
D. u,i,a,u,o
E. a,u,i,u,u
Jawaban: A
11. Sekar macapat Gambuh ing ndhuwur, karipta kanthi paugeran apa bae?
A. Guru madya, Guru Lagu, Guru Wilangan
B. Guru gatra, Guru wilangan, Guru Djiwa
C.Dwi lingga, Dwi wasana, Dwi purwa
D. Purwakanthi sastra, swara, lan basa
E.Guru gatra, Guru Wilangan, Guru Lagu
Jawaban: E

12. Pitutur tembang gambuh ing ndhuwur, paring piweling marang


manungso supaya…
A. Bisa nyembah raga
B. Nindhakake sholat limang waktu
C. Ngamalake panncasila kanthi becik
D. Njaga sopan santun
E. Beciik-ketitik ala ketoro
Jawaban: B

13. Tembung Warih sng ana ing tembunng gambuh kasebut tegese yaiku..
A. banyu surge
B. Banyu zam-zam
C. Banyu kembang setaman
D. Banyu kanggo wudhu
E. Banyu alcohol
Jawaban: D

14. Miturut falsafahe, tembang gambuh iku nduweni watak kang kepriye?
A. Nelangsa, prihatin, susah
B. Semangat, prawiro, temen-temen
C. Pitutur marang para mudha bab kautaman urip
D. Grapyak, seneng, sedih
E. Gumolong, tresno, asi
Jawaban: C
15. Kang dikarepake sembah raga ing tembung gambuh kasebut, ateges….
A. Nindhakakeperintah-perintah agama kanthi kasad mata
B. Ngendhaleni hawa napsu
C. Ngresiki bathin kanthi waspada lan eling
D. Ora mangu-mangu marang kakuwasaane allah
E. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara
Jawaban: A

II. Wangsulana kang premati

1. Apa tegese gambuh!


Wangsulan: sarujuk utowo cocok

2. Apa tegese guru gatra!


Wangsulan: guru gatra cacahe larik/gatra saben sapada

3. Sebutna tembang macapat!


Wangsulan: Maskumambang, pangkur, sinom, pucung, gambuh,
megatruh, mijil, asmorodono

4. Tembang Pangkur watake!


Wangsulan: sereng (gambarake kahanan kang ora gampang nglokro)

5. Tembang Sinom watake!


Wangsulan: krapyak, sumanak

Anda mungkin juga menyukai