Anda di halaman 1dari 11

1.

Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

Miturut geguritan kang ana ing ndhuwur, Merapi wis ana ing saperangan jaman,
kajaba...........
A. Hyang Bagaskara
B. Kraton Ngayogyakarta
C. Mataram Kuna
D. Soeharto

2.

Pahlawanku
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdeka
Geguritan ing ndhuwur ngrembug ngenani..........
A. Kepengin merdeka
B. Perjuangane Pahlawan
C. Perjuangan sang ibu
D. Paprangan

3. Perangan kang mantha-mantha manut jinis utawa klompoke kalebu ing struktur teks
tanggapan deskriptif......
A. Dheskripsi bageyan
B. Idhentifikasi
C. Klasifikasi
D. Orientasi

4. Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget
nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung
Bromo dumunung ing wilayah pamarentah propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang
wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang.

Pethikan teks tanggapan deskriptif ing ndhuwur, kalebu ing struktur.........


A. Dheskripsi bageyan
B. Idhentifikasi
C. Klasifikasi
D. Orientasi

5. Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane
kalebu kaum bangsawan, jalaran isih putrane bupati Jepara. Asma kang rama yaiku Raden
Mas Adipati Ario Sosrodiningrat, ibune asma M.A Ngasirah, lan nduweni putra tiga.
Raden Ajeng Kartini kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng
Rukmini.

Putra pambarep saka Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat yaiku.........


A. M.A Ngasirah
B. Raden Ajeng Kartini
C. Raden Ajeng Kardinah
D. Raden Ajeng Rukmini

6. Asmane garwa saka Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat yaiku.........


A. M.A Ngasirah
B. Raden Ajeng Kartini
C. Raden Ajeng Kardinah
D. Raden Ajeng Rukmini

7. Sawijine Pandhu tindak mbebedhag menyang alas Himawanpada. Dumadakan weruh


kidang sajodho lanang wadon. Pandhu ora srantan, kidang mau banjur dijemparing.
Sanalika kidang wadon mati. Kidang lanang banjur nyumpahi Pandhu, “He Pandu! Kok
tego temen kowe mateni bojoku sing ora duwe dosa. Kamangka dheweke lagi seneng-
seneng karo aku. Eling-elingen!Tekane patimu mbesuk uga padha karo bojoku!”. Sawise
pandhu nampa sumpahe kidang lanang dheweke rumangsa susah banget lan getun marang
apa sing ditindakake, jalaran kidang iku mau sejatine panjelmane Resi Kindama.
Kamangka dheweke durung dhuwe katurunan, ateges mbesuke ora ana anak sing
ngganteni kelenggahane dadi raja ing Hastinapura.
Saka crita ing ndhuwur, kang nyumpahi Pandu yaiku......
A. Arjuna
B. Bimasena
C. Resi Kindama
D. Yudhistira

8. Pandhu wis dhuwe tekad sing gilid kanggo nebus dosa sing mentas dialami, yaiku sarana
mertapa ing alas Saptarengga. Sawise oleh pirang-pirangane wektu angone mertapa,
Pandhu banjur tuwuh pepenginane supaya duwe putra. Pandhu banjur ngandhakake
pepenginane iku mau marang Dewi Kunthi lan Dewi Madrim.
Sawise Kunthi krungu dhawuhe Pandhu, dheweke banjur sowan lan matur marang
pandhu menawa deweke duwe mantra kanggo nakakake dewa lan nyuwun supaya
diparingi putra. Pandhu sarujuk, wusanane sawijine dina Dewi Kunthi ngeningake cipta
nekakake Hyang Darma banjur diparingi putra terus dijenengake Wrahatnala. Banjur
Dewa Bayu, yaiku dewa sing paling kuat ketimbang dewa-dewa liya. Saka Dewa Bayu
lair Bhismasena sing gagah perkasa Sabanjure Dewi Kunthi nekakake Hyang Indra banjur
pinatingan putra lan dijenengake Arjuna. Dewi Madrim sing uga melu nggunakake
mantra nekakake Dewa Aswin. Hyang Aswin kembar loro, rupane padha. Dewi Madrim
banjur diparingi putra loro, kembar, uga banjur dijenengake Nakula lan Sadewa.

Saka crita ing ndhuwur, Dewa kang ditekakake dening Dewi Kunthi lan Dewi
Madrim…kejaba
A. Dewa Bayu
B. Hyang Darma
C. Hyang Indra
D. Resi Kindama

9. Menthok- Menthok
Menthok-menthoktakkandanimunglakumuangisin-isini
Mbokyaajangetokanakandhangbae
Enak-enakngorokoranyambutgawe
………….
Tembangingdhuwurkalebutuladhanetembangyaiku……
A. Dolanan
B. Gedhe
C. Macapat
D. Tengahan

10. Menthok- Menthok


Menthok-menthoktakkandanimunglakumuangisin-isini
Mbokyaajangetokanakandhangbae
Enak-enakngorokoranyambutgawe
Tembangingdhuwurnyritakakengenanikewankang……
A. Nesu
B. Males
C. Seneng
D. Sregep

11. Dhewekepancenbacahkangwasis, bijiulanganeapikkabeh.


Tegesewasislankatulisaksarajawayaiku…..

12.

Pamacaneaksarajawaikiyaiku….
A. Arepmati
B. Bisamati
C. Sidamati
D. Wismati

13. Sawise kapilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe Dea dadi tansaya akeh. Saliyane
ngayahi jejibahane minangka murid dheweke kudu bisa ngoordhinir kanca-kancane
saengga ora ana kang nglanggar aturan sekolahan. Saliyane iku dheweke uga kudu bisa
dadi sesulihe bu guru nalika ora bisa rawuh jalaran gerah utawa ana tugas saka sekolahan.
Wacaningdhuwurwujudeyaiku…..
A. Geguritan
B. Gancaran
C. Pacelathon
D. Tembang

14. Tanggung jawabe Dea tansaya akeh jalaran yaiku…..


A. Dadi patuladan
B. Dadi panutan
C. Dadi ketua kelas
D. Dadi siswa teladan
15. CritaingdhuwurngandarakemanawaDeabacahkang……..
A. Becikbanget
B. Kesetbanget
C. Sregepbanget
D. Tanggungjawab

16.Pak Sarman seda, kabeh sakeluarga padha udan tangis. Udan tangis kalebu tuladhane
tembung yaiku...
A. Cangkriman
B. Entar
C. Paribasan
D. Saroja
17. Farah iku kembang desa ing desa Boyolangu.
Kembang desa kalebu jinis basa rinengga....
A. Bebasan
B. Entar
C. Paribasan
D. Saloka
18. Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude....
A. Dheskripsi sing arep ditakokake
B. Dhaftar pitakonan sing kanggo takon
C. Tape recorder kanggo ngrekam
D. Ringkesan materi sing ditakokake

19. Anik : Kula nuwun


Pak Karji : Mangga nak. Kene mlebu kene.
Anik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.
Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Anik : .........................................................
Pak Karji : Usaha bathik ikidakjenengake “Sekar Jagad”.

Kanggo nggenepi pacalathon ing dhuwur, ukara sing trep yaiku.....


A. Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak?
B. Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak?
C. Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak?
D. Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak?

20. Jinis surat resmi kang isine ngundang pawongan kanggo teka ing adicara mantenan
diarani ......
A. Layang dhawuh
B. Layang kitir
C. Layang lelayu
D. Layang ulem
21. Perangan sajroning layang pribadi ing ngisor iki kang runtut yaiku....
A. Adangiyah, pambuka, papan lan titi mangsa
B. Adangiyah, papan lan titi mangsa, pambuka
C. Papan lan titi mangsa, adangiyah, pambuka
D. Papan lan titi mangsa, pambuka, adangiyah

22.

Madiun 16 Juni 2015


Katur dhumateng
Pakdhe Kartasumarma
Ing Surabaya
Atur pamuji rahayu,
Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing
Madiun tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung,
mugi-mugi Pakdhe saha sedaya kulawarga wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng,
kalis saking rubeda.
Kejawi saking punika,...................................................
Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula
nyuwun lubering samudra pangaksami.
Ingkang Putra

Surat ing ndhuwur kalebu jinis surat....


A. Layang kitir
B. Layang lelayu
C. Layang paturan
D. Layang pribadi

23. “Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten klentu atur kula nyuwun
agunge pangapunten” punggelan layang kasebut manggon ing perangan....
A. Adangiyah
B. Bebuka
C. Surasa basa
D. Wasana basa
24.

Dhandhanggula

Sun tuturi kabeh putra putri


Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkira na tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
EstoKna tutur ika

Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru lagune yaiku...


A. i, a, a, u, i, a, u, a, u,a
B. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
C. i, a, e, u, i, a, u, i, i, a
D. i, a, a, u, i, a, u, i, i, a

25.Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru wilangane yaiku...


A. 10, 10, 9, 7, 9, 6, 7, 8, 12, 7
B. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 7, 8, 12, 7
C. 10, 10, 9, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
D. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

26. Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru gatrane yaiku...


A. 12
B. 11
C. 10
D. 9

27. “Bethara Guru paring pirsa dhateng Punakawan” yen katulis ing aksara Jawa, yaiku ...
28. “sasi Oktober aku lunga menyang Eropa” yen katulis ing aksara Jawa, yaiku ....

29. “Radhen Ajeng Kartini miyos taun 1879” yen katulis ing aksara Jawa, yaiku ....

30. Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing
pundhake during ana sing payu. Dina iku ora ana padatan, panase nylomot bunbunan nganti
gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendaraan ing prapatan
pasar Manukan iku gembrubug nambahi ati susah.
Paragraph ing dhuwur miturut struktur teks kalebu perangane…

A. Eksposisi

B. Ending

C. Klimaks

D. Komplikasi

31. Pacelathon kang kudu diucapake para paraga, anggone ngucapake kanthi penghayatan
slaras karo tokoh sing diperanake diarani…

A. Dhialog

B. Paraga
C. Plot

D. Tema

32. Lumrahe rupa synopsis crita, sing ngandharake paparan diarani…


A. Anti klimaks

B. Eksposisi

C. Ending

D. Narator

33.JakaTarub
Para
nawanglagigunemaningkahyangan.Dhewekemudhunsakakahyanganarepadusingbumi.
Nawangsekar : “ Ayodulur, dolanmenyangbumi!”
Nawanglintang : “ wah …ayo! Nangingdolanmenyangngendi?”
Nawang sari : “ Akuduwepamikiran, ayoadusingtlagawae”
Para nawang : “Nggawaslendangeayo…!”

Pesan moral kang bias diteladhani ing crita dhuwur yaiku…


A. GolekaWidodariingpinggiretlaga
B. Tulung-tinulungmarangsapadha-padha

C. Ajanangisingsadhengahingpanggonan

D. Ajining raga gumantungingbusana

34. Sing dudukalebutitikanetekspalapuranasilobservasiyaiku…


A. Ana tembungkriyalantembungwilangan

B. Ditulislelandhesankasunyatan (fakta)

C. Isi teks kudu objektif

D. Isi teks kudu subjektif

35. Banjir Kali Lamong Kapan Mandhege


Puluhan taun kali Lamong mbanjiri warga ing sakiwa tengene. Bupati Gresik, Walikota
Surabaya, Gubernur Jawa Timur, wis bola-bali ganti, nanging meksa during bias ngatasi
banjir kali ing tapel wates kabupaten Gresik lan kota madya Surabaya iku. Saben taun
warga kecamatan Benjeng, Menganti, Cerme ing kabupaten Gresik lan warga kecamatan
Benowo ing Surabaya iku mesthi keleban banjir, sing sok nganthi nuwuhake kurban jiwa.
Tandhuran pangan padha kelem, iwak-iwak ing tambak padha kentir embuh parane. Sing
sekolah kepeksa prei amarga sekolahane kebanjiran. Kantor kecamatan, kantor desa,
polsek, lan koramil, uga ora bias aweh paladenan jalaran kelem.
Manut wacan ing dhuwur kali sing mbanjiri warga sakiwa tengene nganti puluhan taun
yaiku…
A. Kali Lamongan
B. Kali Bengawan Solo

C. Kali Lamong

D. Kali Brantas

36. Gatekna ukara iki:


1). Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 14 desember 2016
2). Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake sawise ulangan semester
ganjil
3). Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.
4). Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalane sejarah.
Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan yaiku ing ukara nomer…
A. 1, 2

B. 3,4

C. 1, 3

D. 2, 4

37. Sing ora kalebu carane pidhato yaiku…


A. Mawa teksutawanaskah

B. Orangapalakenaskahpidhato

C. Ekstemporan

D. Impromptu

38. Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten
sekolah ingkang dipunkajengaken. Ukara iku ana ing perangan pidhato perpisahan
sekolah, mapan ana ing perangan…
A. Panutup

B. Pangarep-arep

C. Purwaka

D. Wigathiningpidhato

39. Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten
sangajengwiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.
Tembung “ jumeneng” ana ing ukara iku nduweni teges…
A. Lunggguh
B. Mlak
C. Ngadeg
D. Sumadya
40. Wasananamungsamantenaturkulaminangkasesulihrencang-rencangkelas IX sedaya,
mbokbilihwontengalap-gangsulingsahabencengcewengingatur,
kulatansahnyuwunlumunturingsamodrasihpangaksami. Nuwun
Ukaraingdhuwurikupethikansakapidhatokangkagolonganaingperangan….
A. Salam pambuka

B. Purwaka

C. Pangarep-arep

D. Panutup

URAIAN

1. Sebutnatokohpandhawalima!

2. Sebutna unsur instrinsik geguritan!

3. Dadiarekikuajagedheendhasemengkondakgakdisenengikarokanane.
Apategesetembung “gedheendhase” sing kalebutembungentariku?

4. Ndadeknabasakramaalusingngisorikidadibasangokolugu :

Simbahnembedhahar roti kalian ngunjuk kopi

5. Sebutnajinisetembangmacapat?

Anda mungkin juga menyukai