Anda di halaman 1dari 46

WULANGAN 5

GEGURITAN

Kompetensi Dasar
3.1. Memahami isi teks geguritan
Indikator
 Mendengarkan pembacaan teks geguritan
 Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata sulit dalam geguritan
 Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi geguritan
 Menuliskan isi /amanat geguritan

I.A. Wacanen kanthi kedal lan intonasi kang trep geguritan iki!

Pamulangan

Jare simbah aku kudu sekolah


Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat


Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau


Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging
prakanca,

coba delengen kahanan nyata


apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadhang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dhokter
Jalaran dhuwite bapak boten wonten sakoper

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 1


Rama,
Nyadhong duka
Kula boten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,


Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu
(Sumber: http://alwib.net/geguritan-bahasa-jawa/)

Geguritan ing dhuwur kalebu geguritan gagrag anyar (geguritan modern).


Geguritan asale saka tembung gurit tegese tulisan, kidung (Baoesatra Jawa 1939).
Geguritan tegese tulisan (karangan) kang awujud tembang (basa pinathok) utawa syair.

Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan
gagrag lawas (geguritan tradisional) lan geguritan gagrag anyar (geguritan modern).

Beda karo geguritan gagrag lawas, geguritan gagrag anyar luwih bebas, ora kaiket
paugeran kaya geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar duwe titikan kayata:

 Basane kalebu basa endah, dudu basa padinan.


 Swara pungkasan saben gatra bebas /mardika.
 Isine mentes /cekak ora ngambra-ambra.

B. Ayo, negesi tembung

No Tembung Tegese
1. pamulangan pendidikan, pembelajaran

2. kareben supaya
3. genah mrenah manut aturan, ndalan, ora
neka-neka, ora aneh-aneh
4. nggladrah ora manut, sakarepe dhewe
5. kesrakat kekurangan
6. mlarat ora duwe banget; miskin
7. tinuju sing dituju, siseja, dikarepake
8. tumata mapan, kepenak
9. tuladha conto
10. suba sita, trapsila sopan santun, tata krama
11. lurung dalan
12. ...
13. ...
14. ...
15. ...

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 2


C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Ngendikane Simbah ngapa “aku” kudu sekolah?
________________________________________________________________
2. Apa tegese kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah?
________________________________________________________________
3. Ngendikane bapak ibu guru, ngapa “aku” kudu sregep sinau?
________________________________________________________________
4. Ngapa aku nyuwun pangapura marang Simbah?
_______________________________________________________________
5. Ngapa “aku” ora kepilut drajat lan pangkat?
________________________________________________________________

D. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi kedal lan lagu kang trep!

Sun gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa
(Kapethik saka : Ngengrengan Kasusastran Jawa, S. Padma Soekaca)
Geguritan ing dhuwur klebu geguritan gagrag lawas. Titikane/tandha-tandhane geguritan
gagrag lawas (geguritan tradisional) iku kayata:
 Cacahe gatra/larik saben pada ora ajeg, nanging sethithike ana patang larik.
 Cacahe wanda (suku kata) saben gatra ajeg, lumrahe ana wolung wanda.
 Dhong-dhinge (swara pungkasane gatra) nganggo purwakanthi guru swara.
 Lumrahe diwiwiti nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
 Geguritan gagrak lawas lumrahe isi piwulang, upamane bab tatakrama.
 Isine mentes /cekak ora ngambra-ambra.

B. Ayo, negesi tembung

No Tembung Tegese
1. sun ingsun, aku

2. gegurit gawe gurit (tembang, kidung


3. srawunge kekancan, bergaul
4. raket cedhak, kenthel, akrab
5. wewekane pangati-atine
WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 3
6. tan kadi ora kaya
7. nguni biyen
8. wasiteng (wasita+ing pitutur, piwulang, nasihat
9. kauripanira uripmu, panguripanmu
10. .... lsp ....

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!


1. Panulise geguritan gagrag lawas diwiwiti nganggo tembung apa?
2. Manut geguritan gagrag lawas, kepriye srawunge pemudha-pemudhi ing jaman biyen?
3. Kepriye srawunge para mudha-mudhi ing jaman saiki ?
4. Ngapa priya lan wanita setemah duwe jeneng ala lan wusanane tiba ing papa?
5. Piwulang becik apa kang ana sajroning geguritan gagrag lawas ing dhuwur ?

Wangsulan :
1. ……………………………………………………………………………………….
2. ………………………………………………………………………………………
3. ……………………………………………………………………………………….
4. ………………………………………………………………………………………
5. ……………………………………………………………………………………….

D. Diskusi : Nulis isine /amanat ( mengasosiasi ) geguritan ing dhuwur

Pokok-pokok isi /amanat geguritan “Gagrag Lawas”


………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….
Pokok-pokok isi/amanat geguritan gagrag anyar “Pamulangan “
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….

E. Tembung Saroja
Tuladha:
Kula lan panjenengan sedaya taksih keparengaken pepanggihan saha lelenggahan
wonten ing pasamuwan menika kanthi rahayu wilujeng kalis ing sambekala.
Tembung rahayu wilujeng tegese padha, yaiku rahayu = slamet, wilujeng = slamet.
Tembung liyane kang tegese padha karo rahayu wilujeng iku rahayu slamet, basuki
widada utawa rahayu widada.
Tembung loro kang tegese padha dienggo bebarengan kanggo nyethakake
(mbangetake) diarani tembung saroja.

Tembung-tembung ing ngisor iki ganapana saengga dadi tembung saroja, banjur
gawenen ukara kang mathuk!

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 4


No. Tembung Ukara

Tuladha :
rahayu ……………….. Kula lan panjenengan tansah rahayu wilujeng
rahayu wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

………………………………………………….
1. andhap …….. ………………………………………………….
2. bagas ……….. ………………………………………………….
3. bagya ………… ………………………………………………….
4. berkah .............. ………………………………………………….
5. cancut................... ………………………………………………….
6. dana ................... ………………………………………………….
7. darma.......... ………………………………………………….
8. eguh ............ ………………………………………………….
9. tata .......... ………………………………………………….
10. idi ............. ..........................................................................
11 kempal ..............
12 labuh.....................
13 lila .......................
14 mudha.....................
15 welas ..............................

F. Wangsalan
Tuladha :
Kula minangka sesulihipun panitia ngaturaken ”jenang sela wader kalen
sesondheran nyuwun agunging pangapunten tumrap sedaya kalepatan.”
Tembung jenang sela- jenang watu- watu sing wis kaya jenang tegese apu, mula
oleh tembung pangapunten, wader kalen sesondheran= iwak wader ing kalen sing
nduwe/nganggo sondher (slendhang) tegese iwak sepat, mula oleh tembung
kalepatan.

Wangsalan ing ngisor iki golekana batangane!


a. Nawon ireng, ... nganggur ayo padha tetembangan (kombang)
b. Nyega mambu, wong iku bok aja seneng ...., sing prasaja wae ( …)
c. Nguwoh bengkowang, yen tandang gawe apa wae ora usah ... mundhak
kleru ( ... )
d. Nganak bebek, kowe wiwit mau kok ... wae, ana apa ta, Lina?(…)
e. Witing klapa, Bambang, kowe ora usah aneh-aneh sing ... wae (...)
f. Roning mlinjo, menawi sampun sayah, mangga kula aturi ... ( …)
g. Lonthong janur, menawi kula ... nyuwun pangapunten.(...)
h. Roning kamal, mumpung ... goleka ngelmu sing akeh (…)

Bacutna wangsalan ing ngisor iki!


i. Ngebung kunci, wong wadon iku aja boros, sing gemi (boros).
j. Ngedom kreteg, aja seneng ... - ..., angger ana wong sugih kok diaku
sedulur. ( paku )
k. Bebek rawa, barang ... kebacut arep dikapakna ( mliwis)

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 5


l. Wilangan sanga lan kalih, mugia ... dhateng kula ingkang boten gadhah
menika ( sawelas)
m. Pring ijo, kowe ... aja precaya, aja ngandel (pring apus)
n. Petis manis, pancen wis kudu dadi .... penggedhe sing korupsi iku ( kecap )
o. Balung klapa, kowe ki piye ta, Aulia diundang wiwit mau kok meneng
wae ... ora krungu. ( bathok)
p. Ngembang tebu, yen ana wong tuwa ngendikan ora kena ... (gleges)

Wangsalan ing ngisor iki golekana batangane!


q. Reca kayu, goleka kawruh rahayu (golekan)
r. Sekar pucang, begja kemayangan tenan Paklik Ardi ketampa dadi pegawe.
(...)
s. Sarung jagung, abot-abote dadi murid saben dina kudu sinau menyang
sekolahan golek ngelmu. ( ... )
t. Jenang gula, aja lali marang janjimu lho, Tika!(…)
u. Kapi kresna, wong mutungan iku ora apik, Yayuk! ( …)
v. Kluwih eca, rukun iku marakake kuwat lan begja (…)

Goleka lima contone wangsalan liyane lan aranana apa batangane!

Kompetensi Dasar
4.1 Menulis dan Membaca Geguritan
Indikator
 Membaca pemahaman teks geguritan
 Mendiskusikan struktur geguritan
 Menulis geguritan
 Membaca indah geguritan yang ditulis

Geguritan iku kena diarani sastra kang adiluhung, amarga isi piwulang kang becik,
endah yen diwaca, lan migunani ( tumrap budi pekerti ) kanggone wong kang maca utawa
ngrungokake.
Struktur geguritan nyakup: tipografi (bentuk geguritan), diksi (pilihane tembung),
imajinasi, tema, rasa, nada, lan amanat.
Carane nulis geguritan yaiku: ngeling-eling salah sijine pengalaman kang tau
dialami, milih salah sijine pengalaman pribadi kang wis tau dilakoni/dialami, nemtokake
diksi /pilihan tembung kang duweni teges /makna, lan dijumbuhake karo bab kang arep
digawe geguritan, sabanjure terus nulis larik geguritan adhedhasar pilihan tembung kang
trep.
Supaya tulisane geguritan bisa apik lan onjo bisa methik /nyunting saperangan tembung –
tembung saka asil tulisan geguritane wong liya. Dene menawa nggawe geguitan iku, kang
dibiji yaiku isi lan judul/irah-irahan jumbuh /cocok, rima/persajakan (kasusatran Indonesia)
lan pamilihing tembung /diksi.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 6


A.Nyemak
Ayo padha nyemak /njingglengi kanthi permati geguritan kang lagi diwaca kancamu ing
ngisor iki!(tayangan LCD).

IBU
( Dening : Anggitani Nyai Langgeng )
Pangandikamu
Tumindakmu
Kabeh ngemu pitutur luhur
Luwih-luwih tresnamu ibu
Tresna kang tan bisa den ukur
Tresna kang tansah sempulur
Mula ibu
Aku putramu
Amung sumanggem
Sumungkem lan tansah ngesthi dhawuhmu Ibu
Awit ya ana samparanmu Ibu
Swargaku
( Kapethik saka : Panyebar Semangat No.29 – 21 Juli 2012 )

B. Diskusi
Ayo padha dirembug bebarengan ( menanya dan mengumpulkan informasi ) bab
struktur geguritan !
Struktur geguritan :
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………….

C. Nulis Geguritan
Ayo padha gladhen nulis geguritan ( mengasosiasi ) manut paugeran kang wis
gumathok.
Dirembug bebareng karo kanca saklompokmu !
Nulis geguritan ( gagrag anyar ) :
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………….
Paugerane mbiji nulis geguritan :
No Klompok/ Diksi/pamilihe Struktur Isi jumbuh Rima/ JUMLAH
siswa tembung Karo persajaka
judul n
/tema

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 7


D. Ayo padha maca asiling nulis geguritan (mengomunikasikan ) kang wis ditulis
mau !
Paugerane mbiji maca geguritan :
N Klompok Diksi/pamilih Penjiwaan/ Mentesin Penampila JUMLA
o / e Penghayata g isi n H
siswa tembung n
lan vokal

E.Ukara Pangajak
Tuladha :
a. Sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem
Pangeran Ingkang Maha Welas Asih ingkang tansah peparing
kawilujengan!
b. Sumangga lajeng kasekecakna anggenipun sami lelenggahan ngantos
dumugi paripurnaning pasamuan!
Gawea ukara pangajak nganggo basa krama (lugu) lan krama alus!
1. (mangan)
a. Mangga sampeyan kula ajak sami nedha sareng kanca-kanca! (krama)
b. Sumangga kula aturi dhahar Bapak-bapak sedaya!(krama alus)
2. (ndedonga kanggo katentremane bangsa lan negara)
a. ….
b. ….
3. (mampir/ngaso)
a. ….
b. ….
4. (gotong royong reresik lingkungan)
a. ….
b. ….
5. (ndongakake para siswa sing piguna/ shaleh shalekah)
a. ….
b. ….

F. Tembung Homonim
Tembung Homonim yaiku tembung kang padha ejaane/tulisane lan padha
pangucapane nanging beda tegese.
Tuladha : 1. Nurul iku bocah sing seneng digunggung.
Digunggung tegese dialembana/dibombong
2. Sapine Pak Maulana wis mbrenah nganti saiki yen digunggung ana
telungpuluhan.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 8


Digunggung tegese dietung/ditambah/dijumlah

Tembung-tembung homonim ing ukara ngisor iku tegesana !


1. Nalika dipundangu Bu Guru, Juwita mangsuli, “Kula boten ngertos, duka sinten
ingkang dereng mangsulaken buku paket ing perpustakaan.”
Duka
tegese : ......................................................................................................................
....
Bu Guru basa Jawa kang daleme Karangjati kae sabar banget, ora tau duka karo
muride.
Duka tegese:.............................................................................................................
2. Sasampunipun lulus SMP kajeng kula badhe nglajengaken sekolah ingkang
langkung inggil.
Kajeng tegese
:...........................................................................................................................
Kajeng jati saking Blora kawentar saindenging nusantara.
Kajeng tegese
:...........................................................................................................................
3. Gethuk iku asale saka tela.
Saka tegese
: ..........................................................................................................................
Ing mesjid Agung Demak ana saka tatal gaweane Walisanga.
Saka tegese
: ..........................................................................................................................
4. Ing mangsa panen biasane rega gabah luwih murah.
Mangsa tegese
: ..........................................................................................................................
Singa barong iku senengane mangsa kidang menjangan.
Mangsa tegese
: ..........................................................................................................................
5. Eyang Yoga dipriksakake menyang dhokter amarga gerah waja.
Waja tegese
: ..........................................................................................................................
Gaman berang (pedhang) sing landhep iku dagawe saka waja.
Waja tegese
: ..........................................................................................................................
6. Saben dinten Paklik Joni menawi dhateng peken langkung mriki.
Langkung tegese
: ..........................................................................................................................
Griya kula dumugi sekolahan tebihipun langkung saking tigang kilometer?
Langkung tegese
..........................................................................................................................
7. “Sampun kathah-kathah anggenipun dhahar sate!” ngono ngendikane Pak
Dhokter marang Eyang Kakung.
Sampun tegese
:.....................................................................................................................
Pak Guru sampun rawuh ing sekolahan kala wau enjing watawis jam setengah
pitu.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 9


Sampun tegese
.....................................................................................................................
8. Adhiku angger bar ngombe es ideran mesthi pilek.
Angger tegese
: ..........................................................................................................................
Sing sapa nerak angger-anggere negara bakal nampa paukuman.
Angger-angger tegese
: ..........................................................................................................................
9. ”Aja digalih nemen-nemen putramu iku!” ngendikane Eyang marang Pak Sabar.
Galih tegese
: ..........................................................................................................................
Galih kayu sanakeling iku apik yen digawe garan gaman.
Galih tegese
.: ..........................................................................................................................
10. Eyang Kakung socane isih cetha yen kanggo maos.
Socane tegese
: ........................................................................................................................
Kayu jati sing akeh socane ora apik digawe mebel.
Socane tegese
: ......................................................................................................................

Gawea ukara nganggo tembung homonim ngisor iki, banjur terangna tegese !
- miyos (metu; liwat)
....................................................................................................................
............
..................................................................................................................................
- wayah (wektu/mangsa; putu)
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
- kersa (gelem/doyan; duwe gawe/kajat)
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
- langkung (luwih, liwat)
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
- nedha (njaluk; mangan)
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................

G. Rimbag Hagnya lan Rimbag Sambawa


1. Rimbag Hagnya
Rimbag hagnya yaiku sakabehing tembung kang oleh panambang a, na, ana,
utawa en kang duwe surasa prentah.
Tuladha :

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 10


1. Dewi, nganggoa jaket ben ora kadhemen!
2. Astutik, ibu tukokna amplop ing toko Mojowetan!
3. Setyawati, bapak tulisna layang kanggo bakyumu!
4. Sofi, jogane saponana ben resik!
5. Handayani, buku ing dhuwur meja iku gawanen mrene !

2. Rimbag Sambawa
Rimbag sambawa yaiku sakabehing tembung lingga kang oleh panambang
a, na utawa ana kang duwe surasa upama, sanadyan, pangarep-arep, muga-
muga, utawa mokal.
Tuladha:
1. Mangkata esuk mau aku mesthi ora telat.
(upama mangkat)
2. Dak gawakna payung adhiku mesthi ora kodanan.
(upama dak gawakake)
3. Ko-pakanana akeh wong ora koombeni sapimu ya ora lemu-lemu.
(sanadyan ko-pakani)
4. Mengko sore udana sing deres sawahku ben agung
(pangarep-arep supaya udan)
5. Bapak rawuha, arep dak suwuni dhuwit
(muga-muga rawuh)
6. Kowe maneh bisaa nggarap, Putri wae sing pinter ora bisa.
(mokal yen bisa)
Terangna bedane ukara-ukara ing ngisor iki/ apa tegese tembung-tembung
kang kagaris ngisor iki lan aranana rimbage !
1. a. Udana ya, wong tani ben padha seneng atine!
Wangsulan : .........................................................................................
....
b. Udana yen ora deres ya ora bisa tandur aku!
Wangsulan : .........................................................................................
....
c. Udana, aku rak ora bisa teka mrene!
Wangsulan : .........................................................................................
....
2. a. Tekaa, menyang omahku kowe mengko sore!
Wangsulan : .........................................................................................
....
b. Tekaa sadurunge jam pitu aku mesthi ora telat!
Wangsulan : .........................................................................................
....
c. Tekaa dheweke aku ora ngerti merga durung tepung!

Wangsulan : .............................................................................................
d. Susi tekaa, aku bae sing cedhak ora bisa teka!
Wangsulan : .........................................................................................
....
3. a. Andre, mlayua sing banter !
Wangsulan : .........................................................................................
....

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 11


b. Mlayua maneh Novitsari, ngadeg bae gloyoran!
Wangsulan : .........................................................................................
....
c. Mlayua sabantermu tetep dakoyak nganti kecandhak!

Wangsulan : .............................................................................................
d. Mlayua, Mario mesthi ora disosor banyak !
Wangsulan : .........................................................................................
....
4. a. Marwati nggawaa payung arep udan !
Wangsulan : .........................................................................................
....
b. Kowe nggawaa payung yen ora ko-enggo ya tetep teles klambimu!
Wangsulan : .........................................................................................
....
c. Nggawaa dhuwit, aku sarupiah bae ora duwe!

Wangsulan : .............................................................................................
d. Nggawaa sepedha Choirul, aku arep nunut!
Wangsulan : .........................................................................................
....
5. a. Dilawati, nulisa latin sing apik !
Wangsulan : .........................................................................................
....
b. Nulisa, wiwit mau aku saiki mesthi wis rampung!
Wangsulan : .........................................................................................
....
c. Agus nulisa, buku tulise wis entek!

Wangsulan : .............................................................................................
d. Nulisa muspra kowe Wahono yen ora tau kowaca!
Wangsulan : .........................................................................................
....

UJI KOMPETENSI 5

I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c,
utawa d!
Sun gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 12


1. Manut geguritan ing dhuwur, srawunge nom-noman jaman saiki ....
a. anteng
b. medeni
c. saya ndadi
d. dikendhaleni
2. Srawunge nom-noman jaman mbiyen utawa jaman nguni … .
a. ngati-ati
b. grusa-grusu
c. saya ndadi
d. rumaket
3. Isine geguritan ing dhuwur yaiku nyritakake ... .
a. srawunge nom-noman
b. srawunge wong mbiyen karo wong saiki
c. kaknan jaman mbiyen lan jaman saiki
d. bedane jamanmbiyen karo jaman siki

IBU
Pangandikamu
Tumindakmu
Kabeh ngemu pitutur luhur
Luwih-luwih tresnamu ibu
Tresna kang tan bisa den ukur
Tresna kang tansah sempulur
Mula ibu
Aku putramu
Amung sumanggem
Sumungkem lan tansah ngesthi dhawuhmu Ibu
Awit ya ana samparanmu Ibu
Swargaku

4. Manut geguritan ing dhuwur ngendikane sapa sing ngemu pitutur luhur ....
a. ibu
b. putra
c. Gusti Allah
d. bapak
5. Wilangan sanga lan kalih, mugi panjenengan ... dhumateng kula.
a. sewelas c. sepuluh
b. puluh-puluh d. welas
6. Ukara pangajak basa krama alus kang trep unggah-ungguhe ....
a. Mangga panjenengan sedaya kula aturi tilem ing dalem kula!
b. Panjenengan sadaya sumangga kula aturi pinarak ing griya kula sinaosa namung
sekedhap!
c. Mangga sampeyan kula aturi nedha ingkang eca!
d. Mangga panjenengan kula aturi nedha kanthi eca lan sekeca!
7. RA Kartini iku minangka pahlawan kaum wanita.
Kaum ing desaku saben ana kajatan mesthi dipasrahi mimpin ndonga.
Tembung kaum tegese

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 13


a. modin; golongan c. kyai
b. santri d. golongan; Modin
8. Saben dinten Paklik Joni menawi dhateng peken langkung mriki.
Griya kula dumugi sekolahan tebihipun langkung saking tigang kilometer.
Langkung tegese ….
a. luwih; kliwat c. liwat/metu; luwih
b. kliwat; metu d. luwih; liwat
9. Pak guru jupukna buku ing dhuwur meja iku! Ukara iki nggunakake ....
a. rimbag hagnya c. rimbag sambawa
b. rimbag tanggap d. rimbag tanduk
10. Lulusa kabeh kanthi biji kang apik para siswa klas IX!
Iki kalebu tuladhane ukara kang nggunakake rimbag ....
a. tanduk c. sambawa
b. hagnya d. Tanggap

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep jumbuh karo prentahe!
1. Gawea ukara nganggo tembung homonim miyos lan wayah!
a. .......................................................................................................................................
........................................................................................................................................
b. .......................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
2. Gawea tuladhane ukara nganggo rimbag sambawa kang surasane upama, sanajan, muga-
muga , lan mokal nyiji-nyiji bae!
a.......................................................................................................................................
b. ......................................................................................................................................
c. .....................................................................................................................................
d .......................................................................................................................................
3. Gawea tuladhane ukara wangsalan loro bae!
a.........................................................................................................................................
b. ......................................................................................................................................
4. a. Aku putramu ,amung sumanggem, sumungkem lan tansah ngesthi dhawuhmu Ibu.
Tembung sumanggem tegese, … .ngesthi tegese … .
b. Awit ya ana samparanmu Ibu, swargaku.
Terangna tegese ( ukara pethikan geguritan )
.......................................................................................................................................
5. Gawea ukara rimbag hagnya lan sambawa nganggo tembung : nulisa
............................................................................................................................................
............................................................................................................................................

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 14


WULANGAN 6

TEMBANG DURMA

Kompetensi Dasar
3.2 Menelaah teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Durma
Indikator
 Mendengarkan teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Durma
 Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit
 Menjawab pertanyaan tentang isi tembang
 Mengungkapkan secara tertulis isi /amanat tembang Serat Wulangreh
pupuh Durma

Tembang Durma minangka salah sijine tembang ing Serat Wulangreh, anggitane
Paku Buwono kaping papat ( PB IV ), yaiku pupuh kapitu saka Serat Wulangreh kasebut.
Isine pupuh Durma yaiku carane ngendhaleni hawa nepsu, jlentrehe dadi wong iku aja
gumedhe/ angkuh, aja seneng nacat, aja seneng maido, aja seneng nyalahake wong liya.
Saben pada tembang Durma isi piwulang luhur kang migunani tumrape para siswa,
guru,lan sing gelem maca.

I. A.Wacanen kanthi permati cakepan tembang Durma ( Serat Wulangreh ) ing


ngisor iki !
Pada 1
Dipun sami ambanting sariranira,
cegah dhahar lan guling,
darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra,
rerema ing tyasireki,
dadi sabarang,
karsanira lestari.

Pada 2
Ing pangrawuh lair batin aja mamang,
yen sira wusudani,
mring sarianira,
lamun ana kang murba,
masesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.

Pada 3

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 15


Bener luput ala becik lawan begja,
Cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
pramila den ngati-ati,
sakeh durgama,
singgahana den eling.

Pada 4
Mapan ana sesiku telung prakara,
nanging gedhe pribadi,
paniki lilira,
ingkang telung prakara,
aja nggunggung sireki,
kalawan aja,
nacat kepati-pati.

Pada 5
Lawan aja mamaoni barang karya,
thik-thik memaoni,
samubarang polah,
tan kena wong kumlebat,
ing mangsa mengko puniki,
mapan wus lumrah,
padha wasis maoni.

Pada 6
Mung tindake dhewe nora winaonan,
ngrasa bener pribadi,
sanadyan benera,
yen tindake wong liya,
pesthine ingaran sisip,
iku kang lumrah,
nganggo bener pribadi.

Pada 7
Nora nana panggawe kang luwih gampang,
kaya wong maoni,
sira eling-elinga,
aja sugih waonan,
den samya raharjeng budi,
ingkang prayoga,
singa-singa kang lali,

Pada 8
Ingkang eling angelingna iya marang,
sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkana tindakira,

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 16


yen datan kaduga uwis,
teka menenga,
aja sokangrasani.

Pada 9
Nemu dosa anyela sapadha-pada,
dene wong ngalem ugi,
yen durung tetela,
ing becike manungsa,
aja age nggunggung kaki,
menek tan nyata,
dadi cirinireki.

Pada 10
Dene ingkang kaprah ing mangsa samangkya,
yen ana den senengi,
ing pangalemira,
pan kongsi pandirangan,
matane kongsi mandelik,
nadyan alaa,ginunggung becik ugi.

Pada 11
Aja ngalem aja mada lamun bisa,
yen uga jaman mangkin,
iya samubarang,
yen ora sinenengan,
den poyok kepati-pati,
nora prasaja,
sabarang kang den pikir.

Pada 12
Ngandhut rukun becik ngarepan kewala,
ing wuriangrasani,
ingkang orar-ora,
kabeh kang rinasan,
ala becik den rasani,
tan parah-parah,
wirangronge gumanti.

B. Ayo padha nyatheti tembung –tembung angel, banjur digoleki tegese bareng –
bareng
(Tugas kelompok ) saben pada tembang Durma ing dhuwur.

Tuladha panggarape :

Nomer Unine cakepan Tembung-tembung angel lan tegese


/pada
1 Dipun sami ambanting sariranira, sariranira tegese awakmu
cegah dhahar lan guling, guling tegese turu

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 17


darapon sudaa, darapon tegese supaya
nepsu kang ngambra-ambra,
rerema ing tyasireki,
dadi sabarang,
karsanira lestari.

2 Ing pangawruh lair batin aja mamang,


yen sira wus udani,
mring sarianira,
lamun ana kang murba,
masesa ing alamkabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.

3 Bener luput ala becik lawan begja,


Cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
pramila den ngati-ati,
sakeh durgama,
singgahana den eling.

4
Mapan ana sesiku telung prakara,
nanging gedhe pribadi,
paniki lilira,
ingkang telung prakara,
aja nggunggung sireki,
kalawan aja,
nacat kepati-pati.

5 Lawan aja mamaoni barang karya,


thik-thik memaoni,
samubarang polah,
tan kena wong kumlebat,
ing mangsa mengko puniki,
mapan wus lumrah,
padha wasis maoni.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 18


6 Mung tindake dhewe nora winaonan,
ngrasa bener pribadi,
sanadyan benera,
yen tindake wong liya,
pesthine ingaran sisip,
iku kang lumrah,
nganggo bener pribadi.

7 Nora nana panggawe kang luwih


gampang,
kaya wong maoni,
sira eling-elinga,
aja sugih waonan,
den samya raharjeng budi,
ingkang prayoga,
singa-singa kang lali,

8 Ingkang eling angelingna iya marang,


sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkana tindakira,
yen datan kaduga uwis,
teka menenga,
aja sokangrasani

9 Nemu dosa anyela sapadha-pada,


dene wong ngalem ugi,
yen durung tetela,
ing becike manungsa,
aja age nggunggung kaki,
menek tan nyata,
dadi cirinireki

10 Dene ingkang kaprah ing mangsa


samangkya,
yen ana den senengi,
ing pangalemira,
pan kongsi pandirangan,
matane kongsi mandelik,
nadyan alaa,ginunggung becik ugi.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 19


11 Aja ngalem aja mada lamun bisa,
yen uga jaman mangkin,
iya samubarang,
yen ora sinenengan,
den poyok kepati-pati,
nora prasaja,
sabarang kang den pikir.

12 Ngandhut rukun becik ngarepan kewala,


ing wuriangrasani,
ingkang orar-ora,
kabeh kang rinasan,
ala becik den rasani,
tan parah-parah,
wirangronge gumanti.

C.Tugas kelompok
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang gegayutan karo tembang Durma!

C.1.Wangsulana kanthi bener, kanthi milih aksara A,B,C utawa D !

Mapan ana sesiku telung prakara,


nanging gedhe pribadi,
paniki lilira,
ingkang telung prakara,
aja nggunggung sireki,
kalawan aja,
nacat kepati-pati.

1.Manut tembang Durma ing dhuwur kang kudu digatekake ing sajroning uripe
manungsa ana pirang prakara?
A.3 B.4 C.5 D.6

2.Bab piwulang sing dikarepake ing tembang Durma ing dhuwur, supaya manungsa
ora ngenggoni watak lan sipat ...
A.gumedhe lan serik B.gumedhe lan ngalem
C.gumedhe lan seneng nyacat D.nyacat lan serik

3.Isi /amanat tembang Durma ing dhuwur ,supaya manungsa iku tansah nengenake
piwulang /watak ...
A.nyacat wong liya B.nyeriki wong liya
C.ngamalmarang wong liya D.ngurmati,ora nyacat wong liya

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 20


Ingkang eling angelingna iya marang,
sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkana tindakira,
yen datan kaduga uwis,
teka menenga,
aja sokangrasani.

4.Wong kang lali iku wajib dikapakake karo kang eling?


A.dielingna B.dilalekna C.disukurna wae D.dieling-eling dhewe

5. Menawa ora bisa niru tumindak sing apik, luwih becik ...
A.nyacat B.meneng wae C.aweh pitutur D.ngeling-eling lupute

C.2.Jawaben kanthi pratitis!

Dipun sami ambanting sariranira,


cegah dhahar lan guling,
darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra,
rerema ing tyasireki,
dadi sabarang,
karsanira lestari.

1. Tembung badanira tegese ...


2. Nyuda dhahar lan guling tegese ngurangi ....lan ...
3. Nepsu kang ngambra-ambra perlu disuda .Tembung nepsu,ing tembang kasebut
sing dikarepake yaiku ...

Ing pangawruh lair batin aja mamang,


yen sira wus udani,
mring sarianira,
lamun ana kang murba,
masesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
4. Manut tembang Durma ing dhuwur ,beja cilaka iku saka ...
5. Badan priyangga mengku karep ...
6. Kanggo ngedohi durgama (ancaman ),manungsa kudu ...
7. Gatra sepisan tembang Durma ing dhuwur ,guru wilanganlan guru lagune yaiku ...

Bener luput ala becik lawan begja,


cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
pramila den ngati-ati,
sakeh durgama,
singgahana den eling.
8. Manut isine tembang Durma ing dhuwur, tumindak bener,luput,ala,becik beja lan

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 21


lan cilaka iku gumantung marang ...
9. Mula supaya ora cilaka ,manungsa kudu ngati-ati ngedohi sakabehing durgama,
durgama tegese ...
10. Guru wilangan lan guru lagune tembang Durma ing dhuwur yaiku ...

Wangsulan :
1. .............................................................................................................................
2. .............................................................................................................................
3. .............................................................................................................................
4. .............................................................................................................................
5. .............................................................................................................................
6. .............................................................................................................................
7. .............................................................................................................................
8. .............................................................................................................................
9. .............................................................................................................................
10. .............................................................................................................................

D. Tugas klompok
Ayo coba saben klompok njupuk 2 pada tembang Durma ing Serat Wulangreh (dhuwur),
banjur tulisen kanthi ringkes isine tembang Durma kang wis dipilih !

Tuladha carane nggarap :


No/ Unine cakepan Isine :
pada
1 Dipun sami ambanting sariranira, kudu padha ngulinakake urip
cegah dhahar lan guling, prhatin,kanthi cara ngurangi mangan lan
darapon sudaa, turu,iku srana kanggo nyuda hawa
nepsu kang ngambra-ambra, nepsu,yen perlu padha marek karo Gusti
rerema ing tyasireki, Kang Maha Kuwasa supaya kabeh
dadi sabarang, panjangka/cita-cita bisa kaleksanan.
karsanira lestari.

2 Aja ngalem aja mada lamun bisa, ................................................................


yen uga jaman mangkin, ................................................................
iya samubarang, ................................................................
yen ora sinenengan, ................................................................
den poyok kepati-pati, ................................................................
nora prasaja, ................................................................
sabarang kang den pikir. ................................................................

II. A. Tembung Garba


Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji,
nanging swarane ana sing luluh (cacahe wandane suda siji). Gunane tembnung
garba kanggo njumbuhake guru wilangan/ cacahe wanda kang dibutuhake ing
sajroneng ukara cakepan tembang.
WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 22
Jinising tembung garba ana 4, yaiku :
1. Garba sutrawam : yaiku garba kang nuwuhake aksara w, kayata jalwestri,
nujwari.
2. Garba sutraye : yaiku tembung garba kang nuwuhake aksara y, kayata
dupyarsa, pujyarja.
3. Garba warga ha : yaiku garba kang nyuda aksara ha dadi h, upamane
maharaja dadi mahraja.
4. Garba wantah : yaiku garba kang mung nyuda cacahing wanda kanthi
salugune, kayata prapta lan ing dadi prapteng

Tuladha :
Rerema ing tyasireki, iku saka tembung rerema ing tyas sira iki
Gatekna conto liyane kaya ing ingisor iki!
papa - iku digarba dadi papeku
prapta - ing digarba dadi prapteng
putra - ingsun digarba dadi putrengsun
lumebu - ing puri digarba dadi lumebeng puri
garwa - endra digarba dadi garwendra
narpa - endah digarba dadi narpendah

Tembung-tembung iki yen digarba dadi tembung apa?


sangsaya - arja digarba dadi sangsayarja
sarwi - njoget digarba dadi ...
sami - aji digarba dadi ...
dadi - ojat digarba dadi ...
dalan - agung digarba dadi ... (dalan gedhe)
rawi - atmaja digarba dadi ...
daya - ewuh digarba dadi ... (ewuh aya)
dupi - arsa digarba dadi ...
lagi - antuk digarba dadi ...
naga - endra digarba dadi ...

Tembung-tembung garba ing ngisor iki saka tembung apa?


jalwestri (lanang wadon)= jalu + estri
1. Pandhwengsun =………………….
2. Wadwaji =………………….
3. Wanodyayu (putri ayu) = ………………….
4. Nujwari =………………….
5. Ndulwaku =………………….
6. Randhwalas =………………….
7. Lagwanyar =………………….
8. Sugyarta =………………….
9. Prabwestri =………………….
10. Wirotama =………………….

B. Tembung homograf
yaiku tembung-tembung kang padha panulisane, nanging beda pakecapane lan tegese.
Tuladha :

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 23


1.Kula ngrumaosi kathah lepat saha kekirangan, nakal, rewel, asring geger
kaliyan kanca saengga saged ndadosaken kirang renaning penggalihipun Bapak
saha Ibu Guru.
geger tegese perang utawa regejegan
2. Silvia nggendhong adhine ing geger.
geger tegese perangan awak sisih buri

Tembung homograf iku tegesana !


1. a. Iwak lele iku pancen enak yen dipecel, mula diarani pecel lele!
..........................................................................................................................
b. Tunggak kayu sing arep kanggo kayu obong iku dipecel nganggo prekul.
..........................................................................................................................
2. a. Kowe ora usah meri karo anake wong duwe sing kabeh panjaluke keturutan.
........................................................................................................................
b. Meri iku sanajan isih cilik nanging wis pinter
nglangi. ...............................................................................................................
...........
3. a. Tiyang-tiyang ingkang nglayat sami ngagem ageman cemeng.
.........................................................................................................................
b. Kucinge Shandha sing ulese ngembang telon duwe cemeng telu lucu-lucu.
..........................................................................................................................
4.a. Giman wis ora bisa selak maneh, amarga wis kebukten yen ing jero tase ana jam
tangane kancaku sing ilang sesasi kepungkur.
...........................................................................................................................
b. Wahyu, kowe selak arep menyang endi ta, mangan kok cepet-cepet?
..........................................................................................................................
5. a. Yen pancen kendel, kowe mangkata dhewe ora usah njaluk diterke?
..........................................................................................................................
b. Mangga Paklik sampeyan kendel ing griya kula senaosa namung sakedhap.
........................................................................................................................
6. a. Kowe mengko yen wis sela dolana menyang omahku!
.............................................................................................................................
b. Pak tukang nembe mecahi sela kangge mondhasi mesjid dhusun.
.............................................................................................................................
7. a. Pakdhe Darna yen dhahar iwak pitik remen milih menthok.
..............................................................................................................................
b. Nalika ana kegiatan jalan santai ing kecamatan Budiman oleh hadiah menthok.
...........................................................................................................................
8. a. Budhe Popi wingi mundhut sepedha motor ing dealer mbayare kenceng.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 24


...........................................................................................................................
b. Adhiku dakboncengke sepedha gondhelan kenceng wedi yen tiba.
.............................................................................................................................
9. a. Wit jatine Pak Sigit ing pereng tegal kidul kali wis gedhe-gedhe.
...........................................................................................................................
b. Bulik Utari nggoreng peyek nganti pereng amarga lali ditinggal ngundang
adhine. ...................................................................................................
..........................
10. a. Wong sing gaweane nderes klapa utawa siwalan saben dina penekan.
...........................................................................................................................
b. Ing wulan Ramadhan akeh umat sing padha nderes Alqur’an ing mushala
utawa mesjid-mesjid.
............................................................................................................................
Gawea tuladha tembung homograf lima bae !
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
....................................................................................................................................
B. Rimbag guna
yaiku tembung-tembung lingga kang oleh panambang –en kang duweni teges
nandhang utawa ketaman kaya kang kasebut ing linggane.
Tuladha :
gringging + en = gringgingen
kukul + en = kukulen
wudun + en = wudunen
plenthing + en = plenthingen

C. Rimbag adiguna
yaiku tembung-tembung lingga kang oleh ater-ater ka- lan panambang –en kang
duweni teges luwih utawa kliwat.
Tuladha :
ka + cilik + en = kaciliken
ka + endhek + en = kaendheken (kendheken)
ka + luwe + en = keluwen
ka + apik + en = kaapiken

Tembung-tembung kang kinurung ing ngisor iki dadekna rimbag guna utawa
adiguna !

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 25


1. Adhiku wiwit esuk nangis amarga jempole (cantheng).
2. Klambimu iku (gedhe) mula katon kaya lawa mabur.
3. Nalagareng iku yen mlaku gejig amarga sikile (bubul)
4. Siti, olehmu nggawe teh aja (bening)!
5. Yen ndhudhuk lemah kanggo nandur cangkokan pelem aja (jeru)!
6. Marga ndhodhok suwe sikilku krasa (gringging)
7. Sapine cancangen ing buri kandhang nanging aja (cekak)
8. Anggonmu mlaku aja (rikat) supaya adhimu ora keponthal-ponthal nututi.
9. Tekamu ing stasiun (awan) mula lokete wis tutup marga karcise wis entek.
10. Yen mangan ora usah akeh-akeh mengko mundhak (wareg), ora apik!

D. Nulis kang bener !


Penulise tembung kang salah ing ukara-ukara iki beberna !
1. Poro wargo deso pada sengkot gumregot mbangon deso!
Para warga desa padha sengkut gumregut mbangun desa!
2. Bulek Popi buwoh menyang dhulure karo tonggo-tonggone.
.............................................................................................................................
3. Memujiyo wae marang sing Moho Kuwoso supoyo gegayuhanmu kasembadhan!
..................................................................................................................................
4. Ojo ndodok ono kono kanggo buang uwoh!
..................................................................................................................................
5. Katah tiang sami ningali ringget purwo ing alon-alon kuto.
..................................................................................................................................
6. Kowe iku piye tha mathur karo bu guru ojo ngoko, nganggoa boso kromo alos!
..................................................................................................................................

UJI KOMPETENSI 6

I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c,
utawa d!
Tembang Durma :
Mapan ana sesiku telung prakara,
nanging gedhe pribadi,
paniki lilira,
ingkang telung prakara,
aja nggunggung sireki,
kalawan aja,
nacat kepati-pati.

1. Manut tembang Durma ing dhuwur kang kudu digatekake ing sajroning uripe
Manungsa ana pirang prakara ...
A.3 B.4 C.5 D.6
2. Bab piwulang sing dikarepake ing tembang Durma ing dhuwur ,supaya manungsa
Ora ngenggoni watak lan sipat ...
A.gumedhelan serik B.gumedhe lan ngalem
C.gumedhe lan seneng nyacat D.nyacat lan serik

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 26


3. Isi /amanat tembang Durma ing dhuwur ,supaya manungsa iku tansah nengenake
Piwulang /watak ...
A.nyacat wong liya B.nyeriki wong liya
C.ngamalmarang wong liya D.ngurmati,ora nyacat wong liya

Tembang Durma :
Ingkang eling angelingna iya marang,
sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkana tindakira,
yen datan kaduga uwis,
teka menenga,
aja sokangrasani.

4. Wong kang lali iku wajib dikapakake karo kang eling ...
A.dielingna B.dilalekna C.disukurna wae D.dieling-eling dhewe

5. Menawa ora bisa niru tumindak sing apik, luwih becik ...
A.nyacat B.meneng wae C.aweh pitutur D.ngeling-eling lupute

6. Kowe yen pancen kendel mangkata dhewe ora usah njaluk diterke!
Mangga sampeyan kendel ing griya kula rumiyin!
Tembung kang kacithak kandel tegese ....
a. mampir; wani c. wani; mampir
b. mampir; mandheg d. mandheg; meneng

7. Tembung-tembung lingga kang oleh panambang –en kang nduweni teges nandhang
utawa ketaman kaya kang kasebut ing ukara ngisor iki ....
a. Lena, buku ing dhuwur meja iku jupuken! c. Sonia ora mlebu sekolah amarga
lara plenthingen.
b. Sepedhahku gawanen bali! d. Lusia, sepatu iku pepenen!

8. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake rimbag adiguna yaiku ...
a. Novita anggone nggawa tas kaboten.
b. Ember iku gawanen mrene, Tutik!
c. Jaman biyen akeh wong padha panunen!
d. Pelem sing padha gogrog iku uleren!

9. Segane goreng panganen saiki bae mumpung isih anget!


Ukara ing dhuwur nggunakake rimbag ....
a. adi guna c. hagnya/prentah
b. guna d. Sambawa

10. Nalagareng mripate kera. Bulik Shinta saiku sarirene ketok kera amarga diet. Tembung
kera klebu homograf, tuladha liyane ....
a. geget, gedheg, meri, cemeng, mendel, kendel, sela
b. geget, gedheg, meri, cemeng, mendel, cucuk, kalong
c. geget, gedheg, meri, cemeng, mendel, miyos, nedha
d. geget, gedheg, meri, cemeng, mendel, blanja, lakone

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 27


II. Wangsulana manut prentahe!
1. Tembung-tembung ing ngisor iki terangna tegese banjur gawenen ukara!
a. pawiyatan
.................................................................................................................
b. idham-idhaman
................................................................................................................
2. Gawea ukara nganggo tembung homograf tela banjur terangna tegese!
a. .................................................................................................................
b. ................................................................................................................
3. a. Nujwari Respati manis para nayaka sami sewaka ing sitinggil.
Tembung garba ing ukara dhuwur ... lan ...
b. Tembung garba iki saka tembung apa
lagyantuk =
putrengsun =
4. Ukara-ukara ing ngisor iki benerna panulise!
a. Karo kadhang sedhulor ojo podo tawor biso dadi ajor momor koyo bobor.
.................................................................................................................
b. Poro prio lan wanito saiki podho pinter ngadhi busono coro Jowo.
....................................................................................................................

5.
Bener luput ala becik lawan begja,
cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
pramila den ngati-ati,
sakeh durgama,
singgahana den eling.
Guru wilangan lan guru lagune tembang Durma ing dhuwur yaiku ...
Wangsulan :
........................................................................................................................

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 28


WULANGAN 7

PIDHATO UTAWA SESORAH

Kompetensi Dasar
3.3 Menelaah teks pidato
Indikator
 Mengidentifikasi struktur pidato
 Menjawab pertanyaan tentang isi pidato
 Mengungkapkan isi pidato secara tertulis

I. A. Wacanen teks pidhato iki kanthi kedal lan intonasi kang trep!

Assalaamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh


Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,
Bapak-Bapak pengurus komite sekolah ingkang kula urmati,
Bapak-Bapak / Ibu-Ibu Guru lan Karyawan ingkang kula bekteni,
Bapak-Bapak / Ibu-Ibu tiyang sepuh / wali siswa ingkang kinabekten,
Kanca-kanca lan adhik-adhik ingkang kula tresnani.

Keparenga sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur ing


ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, Allah Swt ingkang sampun peparing
rakmat, hidayah sarta inayahipun satemah kula saha panjenengan ngantos ing titi
wanci menika taksih kaparengaken kempal manunggal ing acara perpisahan siswa
kelas IX menika. Inggih awit saking sih kawelasaning Pangeran kula lan
panjenengan tansah wilujeng tebih ing sambekala.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu Guru, lan kanca-kanca
sadaya.
Sadangunipun tigang taun kula sakanca kempal manunggal lan nampi
sawernaning ngelmi, seserepan, kaprigelan, lan budi pekerti ingkang sae. Sadaya
kalawau inggih awit saking panggulawenthahipun Bapak Ibu Guru. Sedaya ingkang
sampun kula tampi badhe kula angge sangu nambah seserepan ing pawiyatan
salajengipun saha kula cakaken salebetipun gesang ing bebrayan (masyarakat).
Awit saking menika, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru sedaya.
Bapak saha Ibu Guru ingkang satuhu kula bekteni,
Kula sakanca badhe nglajengaken sekolah ing tataran ingkang langkung
inggil. Kula kepengin kasil ing salebeting gesang punika saha saged kasembadan
nggayuh idham-idhaman. Kula nyuwun sangu, temtu sanes dana arta nanging
donga pangestu pamuji rahayu anggen kula pados ilmu.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 29


Kula ngrumaosi salaminipun dipun- gulawenthah Bapak Ibu guru temtu
nggadhahi kathah lepat saha kekirangan, nakal, rewel, asring geger kaliyan kanca
satemah saged ndadosaken kirang renaning penggalihipun Bapak saha Ibu Guru.
Pramila saking menika, ing kalodhangan menika, kula minangka wakilipun kanca-
kanca nyuwun lumunturing pangaksami ingkang sakathah-kathahipun. Kula
sakanca namung saged ndendonga mugi-mugi Bapak saha Ibu Guru kaparingan
yuswa panjang tansah dipunayomi lan dipunridhani Allah subhanahu wataala.
Kula pesen lan ngajak dhateng adhik-adhik siswa klas 7 lan klas 8 supados
saged lan puruna sinau ingkang sregep, mituhu dhateng dhawuhipun Bapak Ibu
Guru. Matuhi tata tertib sekolah, manunggal, sayuk rukun sesamining kanca
saengga saged sinau kanthi jenjem ing sekolahan menika.
Bapak saha Ibu Guru sedaya, wasana cekap semanten atur kula, nyuwun
agunging pangaksami tumrap sedaya kekirangan, kalepatan saha keladuking atur.
Kula nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu. Mugi-mugi sedaya manggih
raharja lan sekolahan menika saya majeng lan kuncara. Makaten, matur nuwun.
Wassalaamualaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki,kang


gegayutan karo teks pidhato ing dhuwur !
1.Sesorah/pidhatoing dhuwur ,diwaca /dileksanakake ing adicara apa ?
2.Sapa kang paring sesorah ?
3.Apa pesene sing lagi pidhato marang kelas 7 lan kelas 8 ?
4.Coba sebutna perangan pambukane pidhato ing dhuwur !
5.Manut sesorah ing dhuwur apa wosing (inti sari ) pidhato ing alenia pungkasan ?

C. Isi pidhato ing dhuwur tulisen kanthi ringkes nganggo basamu dhewe/basa
padinan

Kompetensi Dasar
4.3 Membuat dan menyampaikan teks pidato
Indikator
 Mambaca contoh teks pidato
 Mengidentifikasi struktur pidato
 Menulis teks pidato
 Menyampaikan pidato

A. Wacanen teks pidhato ing ngisor iki kanthi kedal lan intonasi kang trep !

Tasyakuran Khitanan (Sunatan, Tetakan )

Assalmuala’alaikhum Wr.Wb.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 30


Nuwun para pepundhen, sesepuh, ingkang satuhu kinabekten. Bapak, Ibu para
rawuh sedaya ingkang kinurmatan.
Keparenga kula sumela atur munggel kamardikan panjenengan ingkang nembe
sekeca wawan pangandikan.
Kula minangka talanging atur, sumela atur ing ngarsanipun para rawuh, sumangga
kula dherekaken ngaturaken puji syukur ing ngarsa dalem Gusti ingkang Maha
Welas Asih. Inggih awit saking keparengipun Gusti, kula lan Panjenengan sedaya
saget makempal manunggal ing papan menika saperlu ngregengaken adicara
khitanan putranipun Bapa Mohamad Nizar ingkang nama Bagus Rahardiyan kanthi
bagas waras /sehat walafiat wilujeng boten manggih alangan setunggal menapa.
Salajengipun, shalawat saha salam sumangga kitua aturaken dhumateng junjungan
kita Nabi agung Muhammad Saw ingkang tansah kita tengga-tengga syafaat
pitulunganipun wiwit ing donya ngantos dumugi yaumil kiyamah. Aamiin,
Allahhuma aamiin.
Salajengipun Bapak Mohamad Nizar sakaliyan garwa ngaturaken pambagya
sugeng rawuh dhumateng para rawuh, lan ngaturaken agunging panuwun, awit
panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngrawuhi pawiwahan
menika.

Salajengipun kulawarga Bapak Moh.Nizar ngaturaken agunging panuwun


dhumateng para kadang, tanggi tepalih lan para mudha taruna ingkang kanthi lila
legawaning manah paring pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon satemah
adicara tasyakuran khitanan ing wekdal menika saged lumampah kanthi
rancag/lancar boten wonten alangan satunggal menapa. Bapak Moh.Nizar
sakulawarga boten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged
ngaturaken agunging panuwun. Mugi Gusti Allah ingkang paring piwales ingkang
langkung kathah.

Ing Salajenipun, Bapak Moh.Nizar sekaliyan nyuwun donga pangestu dhumateng


para tamu, kangge putranipun ingkang dipun tetakaken inggih menika anak Mas
Bagus Rahardiyan. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun, mugi ing tembe
wingking sageda dados putra ingkang shaleh bekti dhateng tiyang sepuh lan
murakabi dhateng bebrayan .
Amin , ya Raball ‘alamin

Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur, bok bilih Bapak Moh Nizar
sakulawarga anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya kirang mranani
penggalih kersaa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking
kula pribadi, kula nglenggana temtu kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula
matur, kula nyuwun agunging pangapunten, matun nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

(Kapethik Saka:http//www.satubahasa.com/2015/01, kanthi kabesut saperlune )

B. Sawise pidhato ing dhuwur kowaca kanthi bener, sabanjure tulisen perangane
pidhato !

Perangan pambuka:

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 31


……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
Isi /surasane pidhato :
……………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………..
Panutup /wasana :
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
C. Nulis Naskah Pidhato
Ayo, padha gladhen nulis naskah/teks pidhato !
Sadurunge nulis naskah pidhato temtokna luwih dhisik apa temane, apa acarane, sapa
sing pidhato lan sapa para tamune, uga basa kang digunakake.
Tulisen naskah pidhatomu nganggo basa krama alus kang trep karo unggah-ungguhe
basa!
Supaya anggone gladhen nulis pidhato bisa runtut lan ora ngambra-ambra ing ngisor iki
paugeran mbiji nulis naskah pidhato/sesorah :

No Arane siswa Bener orane Pambuka Isi/surasa Panutup JUMLAH


struktur pidhato pidhato pidhato
pidhato

D. Ayo padha maca/mraktekake (memperagakan ) naskah pidhato kang wis kotulis


ana
ing ngarep kelas !
Paugeran mbiji sesorah /pidhato :
No Arane siswa Mentes orane Mentes Mentes Unggah- JUMLAH
pambuka orane isi orane Ungguh/
panutup Penampilan

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 32


I. Maca Aksara Jawa (Aksara rekan lan Swara)
A. Wacan aksara Jawa ing ngisor iki wacanen kanthi lancar lan bener!

?autmni=wulnSiymLnLIltul\k+f/.
?pk\k+tib\jEnlM|sTp+nlikk+tBhtnShnemenNkenD|
mt_jmAhbbP}lunipunNi=ktTken\ImnLnTkWdt_&usTiAlLh.pvJen_znNipunHugiznD/rken
Kaut[mnNi=wulnRmdnHutwisiym\,wulnPunik
mujufFkenKnug]hanHgu=tum]pPi=Umt\IsLm\jlrnKqhpepeqi=znHutwikaut[mnHi=k=ag_s
zetPigunnipunÒ|m]pPi=UmtK=[ga=gyuhkbg-
n\kmulYn\lnKautmni=f]jtHi=z/sni=&usTiai=k=g+
Ib\,kaut[mni=wulnRmdnHnTwisSipunHi=gihpuniklIltu
l\k+f/,ai=k=tegesSipunStu=glLi=fluai=k=autminipunHzL=ku=zi :1000:wuln\,
?
ai=m2m\k+f/,&usTiAlLhmi]kSniUmt\IsLmKnQirhmtLnZpunTe[nFosnipun\kjwisekw[nG
o[l=oznTiy=,ai=gihpunik;pecnF|Ark\furkdte=bpaibu,me[dotTlini=silturhmi,lnF~=ki.
?sfyamlLnS[aai=wulnPunikfipunTikelLkenGvJ/rnNipun\,
[wo[nF[npfmelLnHi=k=sgetFipuniTnFkKkenK[fosT,
:g:zinDkKkenÒ|
minFkS[adt_ssmi,aupminipunV[aosSitjilLnHutwida/rnJmAhsltTr[wh,v[aosSibukt=giteplih
autwimusp+i/,vnÒ|nil[rl[rytim\,
:2:zinDkKkenZibfhdt_&usTiAlLhk[fosTsltTajuf\t[sBh,zqhzqhaken\f+iki/lnH[nFoz.
:3:zeflLkenHutwiamBy/j+ktMl\j+ktP+it]h,InP+k\suk
fnf]iyh,sfkhdt_p+ki/misKinHutwikUmD|Ap+.

B. Aksara Rekan
1. Aksara rekan iku gunane kanggo nulisi tembung-tembung manca kang dicethakake,
luwih-luwih tembung Arab. Dene wujude aksara rekan iku ana 5 yaiku:
k+: kha f+: dza p+: fa/va
j+: za g+: gha/qa
2. Aksara swara iku gunane kanggo nulis tembung-tembung manca kang dicethakake.
Dene wujude aksara swara iku ana 5 yaiku:
A:a I:i E: e
O:o U:u
C. Tuduhna/ dumuken endi tulisan Jawa kang unine kaya ing ngisor iki, banjur
tulisen!
1. Khatib Zaenal Mustafa =
2. Gusti Allah = &usTiAlLh k+tib\jEnlM|sTp+
3. Iman lan takwa
4. Gusti ingkang ghaib
5. Umat Islam
6. Zakat fitrah
7. Fakir miskin
8. Kaum dhuafa

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 33


II. A. Tembung Kerata Basa
Kerata Basa yaiku negesi tembung manut pepiridane wandane.
Tuladha :
Bapak Mohamad Nizar sakaliyan garwa ngaturaken pambagya sugeng rawuh
dhumateng para rawuh.
Tembung “garwa” yen dikerata dadi “sigaraning nyawa”
tebu dikerata antebing kalbu,
tepas dikerata titip napas

Tembung-tembung ing ngisor iki keratakna!


1. kaji : ____________________________________________________
2. kurma : ____________________________________________________
3. tarub : ____________________________________________________
4. bocah : ____________________________________________________
5. tuwa : ____________________________________________________
6. sajadah : ____________________________________________________
7. tirakat : ____________________________________________________
8. gusti : ____________________________________________________
9. bapak : ____________________________________________________
10. cangkir : ____________________________________________________

Goleka lima tembung kerata basa liyane, banjur keratakna!

B. Tembung Rasa Pangrasa (sing kulinane tumrape apa)


Tuladha:
Dumuginipun wulan Ramadhan dipun tampi kanthi manah remen, ayem, lega, lan
praupan sumringah.

Ukara-ukara ing ngisor iki jangkepana nganggo tembung kang trep karo rasa pangrasa
kaya sing kulinane!
1. Nggarap soal ujian sing angel sirahe Slamet krasa ...
2. Wiwit mau bengi untune Yudha krasa .. mula ora bisa turu.
3. Pak Jono sambat boyoke krasa ... sawise tindak adoh.
4. Atine Setiawati ... sawise diunen-uneni Wahyuni.
5. Susanti awake krasa ... lan bathuke ... amarga wingi kodanan nalika bali sekolah.
6. Pikirane Lik Sari ... yen ndeleng anake sing diinfus amarga lara tifus.
7. Weruh panganan sing enak-enak kalamenjinge Susanto munggah- mudhun
lambene ....
8. Nalika upacara awake Nyatmi ndhredheg, mripate ..., lan kringete ....
9. Amarga keweden ngliwati papan angker githoke Wahyu ..., atine ..., ambegane ...,
mripate ..., raine pucet, tangane wel-welan.
10. Wong-wong sing mlaku adoh padha ngrasakake yen gorokane ..., sikile ...,
gulune ... lan lambene ...

a. pegel f. mrinding; dheg-dhegan; menggos-

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 34


menggos; pendirangan
b. mumet g. ngorong; jimpe; cengeng; garing
c. klametan h. Greges-greges; sumer
d. judheg; bingung; sumpeg i. Cenut-cenut
e. pet-petan; gobyos j. Anyel/mangkel

IV. A. Pacelathon ngisor iki wacanen, banjur tindakna ing ngarep kelas !

Wis Nyambut Gawe

Siti : ”Bu, menapa leres penjenengan nimbali kula ?”


Ibu : ”Iya, kae lho tilikana sajake ana pegawe pos mrene!”
Siti : ”Inggih, leres, Bu. Menika serat saking Paklik ing Bandung.”
Ibu : ”Kene-kene dakwacane! Sajake lamaran pegawean Paklikmu ing Bandung wis
ditampa.”
Siti : ”Mangga panjenengan waos, Bu!”
Ibu : ”Bok menawa arep ngabari kahanane ing kana. Tenan Ti, saiki Paklikmu wis
kasil oleh pegawean ana perusahaan gedhe. Paklikmu wis nyambut gawe
tenan.”
Siti : ”Menawi boten lepat kala rumiyin Paklik badhe pados pedamelan sesarengan
kancanipun ingkang sampun dangu nyambut damel ing mrika.
Ibu : “Iya bener, Ti iki pancen wis samesthine. Saiki Paklikmu wis bisa ngundhuh
oleh-olehane anggone tekun lan sregep sekolahe malah melu kursus warna-
warna kanggo nambah keprigelane.”
Siti : “Menawi mekaten kula janji badhe sekolah ingkang sregep lan tekun. Bu, kula
nyuwun pangestu dhumateng panjenengan supados saged sekolah inggil lan
gampil pados padamelan.
Ibu : “Iya dak pangestoni, gegayuhanmu kang luhur iku, muga-muga diijabahi Gusti
Allah!”
Siti : “Matur nuwun, Bu. Mugi-mugi saget kelampahan.”

B. Pacelathon ing dhuwur critakna nganggo basamu dhewe! (basa padinan)

UJI KOMPETENSI 7

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 35


I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c,
utawa d!

1.Ing ngisor iki, sing ora kalebu cengkorongan adicara baku ....
a. pambuka c. Hiburan /selingan
b. sabda tama d. Underaning adicara

2.Ing perangan panutup pidhato, Bapak Moh.Nizar sakulawarga ,menawi anggenipu


nampi kerawuhan panjenengan sedaya kirang mranani ing penggalih kersaa panjenengan
para rawuh paring ... .
a. pangapunten c. pambiyantu
b. pandonga d. Pamrayoga

3. Tumekane wulan Pasa kudu bisa nggugah semangat kanggo nindakake amalan-amalan
kang prayoga. Tegese tembung prayoga ....
a. nistha/ala c. becik/apik
b. utama d. Wibawa

4. Atine Menik ... sawise diunen-uneni Setiawati.


a. anyel/mangkel c. mumet
b. pegel d. cekot-cekot

5. Weruh rujak kedhondhong, pelem, lan nanas sing ambune nduleg irung, ilate bocah iku .
a. melet c. kemecer
b. klametan d. Dleweran

6. Bu, apa bener sampeyan nyeluk aku? Ukara iki ora trep, kudune ....
a. Bu, apa leres sampeyan nimbali kula?
a. Bu, napa leres sampeyan nimbali kula?
a. Bu, menapa leres Panjenengan nimbali kula?
a. Bu, menapa leres sampeyan nimbali aku?

7. Bu, enya wacanen layange! Yen didadekake krama alus!


a. Bu, mangga sampeyan waos serate!
b. Bu, mangga Panjenengan waos serate!
c. Bu, mangga Panjenengan waos seratipun!
d. Bu, mangga Njenengan waos seratipun!

8. Pak Kaji Hasan kaliyan garwanipun sampun wongsal-wangsul tindak ing tanah suci
Mekah Medinah.
Kang klebu tembung kerata basa ing ukara dhuwur ....
a. kaji c. garwanipun
b. wongsal-wangsul d. Kaji lan garwa

9. ?kulzqhzqhaken\f+iki/lnH[nFoz.
Tembung sing digaris ngisore iku yen ditulis Latin ....
a. dzikir c. dhikir
b. dhohir d. zikir

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 36


9. Lailatul qadar menika tegesipun satunggaling dalu ingkang utaminipun nglangkungi
sewu wulan. Utaminipun tegese....
a. ganjarane c apike/becike
b. wengine d. Ngarepe

10. tiy=sugihsfkhdt_p+ki/misKin\
Kosok balene tembung kang kagaris ngisore ....
a. sugih brewu c. mlarat kesrakat.
b. sarwa kekurangan. d. papa cintraka

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki manut prentahe!


1. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese, banjur gawenen ukara!
a. kanugrahan
b. ganjaran
2. Tembung-tembung ing ngisor iki ganepana supaya mathuk, banjur gawenen ukara!
a. untune krasa ....
b. sirahe krasa ...
3. a. Ukara iki owahana nganggo basa krama!
Pak Lik arep golek pagawean bareng kancane sing wis suwe nyambut gawe ing
kana.
b. Ukara iki owahana nganggo basa krama alus!
Bu, aku njaluk pangestu marang sampeyan supaya bisa sekolah dhuwur lan
gampang golek pagaweyan.
4. Tembung-tembung iki keratakna banjur gawenen ukara!
a. Cangkir
b. Tarub
5. Siti : ”Bu, menapa leres penjenengan nyeluk kula ?”
Ibu : ”Iya, kae lho tilikana sajake ana pegawe pos mrene!”
Siti : ”Inggih, leres, Bu. Menika serat saking Paklik ing Bandung.”
Ibu : ”Kene-kene dakwacane! Sajake lamaran pegawean Paklikmu ing Bandung wis
ditampa.”

a. Pacelathon ing dhuwur, Ibu nganggo basa .....


b. ”Bu, menapa leres penjenengan nyeluk kula ?”Tembung nyeluk iku luput sing
bener... .

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 37


LATIHAN SOAL UJIAN AKHIR SEKOLAH

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka jawaban kang bener!
Wacan kanggo nomer 1 lan 2

Pangkur
Deduga lawan prayoga
Myang watara reringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng myang nendra
Duga-duga aja kari

1. Angucap meneng myang nendra.


Tembung nendra tegese ....
a. mangan
b. kira-kira
c. pangati-ati
d. turu
2. Sapada tembang pangkur ing dhuwur isine ... .
a. Pangira-ira utawa pangati-ati aja padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong urip sing
ora kena ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng
apa dene lunga.
b. Pangira-ira utawa pangati-ati aja padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong urip sing
ora kena ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng
apa dene turu.
c. Pangira-ira utawa pangati-ati padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong urip sing ora
kena ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng apa
dene lunga.
d. Pangira-ira utawa pangati-ati aja padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong urip sing
kena ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng apa
dene lunga.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 38


3. Jaka Tarub saya kepengin ngerti kepriye carane adang nalika Nawangwulan meling
marang dheweke supaya aja pisan-pisan mbukak kekep dangdangan ana pawon.
Kadereng saka anggone kepengin ngerti, Jaka Tarub mbukak kekep dangdangan. Saeba
kagete nalika nyawang ing jero kukusan mung ana pari sawuli. Kepriye carane kok bisa
dadi sega akeh?
Saka pethikan crita ing dhuwur aweh piweling/ nasihat/amanat yen wong iku ....
a. kudu mblenjanji janji
b. kudu nuhoni (netepi) janji
c. ora perlu janji
d. ora nampa janji
4. Dewi Sinta gumun mirsani sesawangan sing endah edi peni. Dheweke pirsa kidang kang
merak ati, werna kuning kaya mas, solahe trengginas. Dewi Sinta kepencut, pengin
kagungan kidang iku. Sinta banjur nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana
iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati
dheweke ngleksani panyuwune Sinta.
Ngapa Raden Rama kersa ngleksanani panyuwune Dewi Sinta nyekel kidang kencana?
a. Amarga saking ora tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, kang dudu garwane.
b. Amarga saking tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, kang dudu garwane.
c. Amarga saking tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, garwane.
d. Amarga saking ora tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, garwane.

5. Uripe bocah wadon sing ditinggal ninggal bapake iku tansah katula-tula katali.
Tembung kang kagaris ngisore klebu purwa kanthi guru sastra. Jinis purwakanthi liyane
yaiku guru swara lan guru basa/lumaksita.
Eyang kerep paring pitutur “Sapa jujur bakal kojur lan uripe makmur.”
Iki klebu purwa kanthi ....
a. Guru sastra
b. Guru basa
c. Guru swara
d. lumaksita
6. Ririn iku bocah wadon ayu sing menjeng, nanging bareng diunen-uneni bulike, pingget
atine. Dheweke nganti suwi ora gelem menyang daleme bulike.
Tembung entar pingget atine tegese … .
a. seneng
b. gampang muring-muring
c. sabar banget
d. serik, mangkel
7. Wong-wong kang melu kegiatan jalan sehat ana sing sepaton uga ana sing sandhalan.
Panambang -an ing tembung sandhalan tegese ....
a. nganggo
b. saben
c. memper
d. piranti (alat) kanggo
8. Shella nyirami kembang mawar.
Tembung kembang mawar minangka lesan panandhang.
Dene, ukara ing ngisor iki kang isi lesan panindak ....
a. Rahmawati ngedusi adhine
b. Safi’i makani pitik jagone.
c. Banyu ing sendhang diangsu Anisa.
d. Romdoni mangan sega pecel.
9. Gambuh
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 39


Yen kebanjur kojur sayekti tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Isine tembang Gambuh ing dhuwur ....


a. Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku ora apik,
luwih apik golek pitutur kang ora bener.
b. Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku ora apik,
luwih apik golek pitutur kang bener.
c. Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku apik, luwih
apik golek pitutur kang bener.
d. Aja nganti kebablasen marang tumindak kang jujur/ bener. Sebab iku ora apik, luwih
apik golek pitutur kang bener.
10. Nalika Sang Adipati tindak nggoleki sapa sejatine kang duwe jaran kang ulese ireng,
dumadakan kepethuk wong papat kang padha meneng amarga mikirake kedadeyang kang
lagi klakon. Wong papat iku Ki Gedhe Snori, Soreng Pati, Soreng Rangkut, lan Soreng
Rana.Katelune Soreng mau lagi ditingal mati putrane dhewe-dhewe.. Nalika weruh Jarane
Sang dipati, Soreng Pati muntab lan langsung nrajang Sang Adipati kang dikira ngrampog
jarane putrane. Sanajan dibantu sadulure sapaguran nanging ora bisa ngalahake Sang
Adipati. Kanthi ngobahake astane, wong telu padha kontal kabeh.
Piwulang kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur ....
a. Aja gampang ndakwa ngarani salah marang wong, nanging kudune dilarah (ditlesih)
luwih dhisik
b. Gampang ndakwa ngarani salah marang wong iku luwih becik lan ora perlu nlesih luwih
dhisik
c. Gampang ndakwa ngarani salah marang wong, nanging luwih becik dilarah (ditlesih)
luwih dhisik
d. Aja gampang ndakwa ngarani salah marang wong, nanging uga ora usah
dilarah(ditlesih) luwih dhisik
11. “Punika turangganipun Riman.” Midhanget jawaban kaya mangkono iku Sang Adipati Arya
Penangsang kalegan atine. Mula jaran kang dadi titihane iku dijenengake “Gagak Rimang.”
Amarga jaran iku duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Riman.
Isine wacan ing dhuwur ....
a. Adipati Arya Penangsang sing kagungan jaran Gagak Rimang sadurunge Riman.
b. Adipati Arya Penangsang sing maringi jeneng Gagak Rimang amarga ulese ireng kaya
manuk gagak duweke Riman.
c. Adipati Arya Penangsang ora maringi jeneng jaran Gagak Rimang.
d. Adipati Arya Penangsang maringi jeneng Gagak Rimang amarga rupane kaya gagak.
12. Ing tengahing paprangan Resi Bisma dikrocok panah dening mungsuh tatune nganti arang
kranjang.
Tembung sanepa arang kranjang tegese ....
a. Arang-arang
b. kerep
c. Kerep banget
d. Arang banget
13. Wanita loro ayu-ayu rupane iku kulite kuning pindha mas sinangling. Bareng ditamatake
jebule kembar, kaya-kaya ora ana bedane. Bocah sing kembar mangkono iku rupane
pindha ....
a. mucang kanginan
b. jambe sinigar
c. merak kasimpir
d. mimi lan mintuna
14. KInanthi

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 40


Padha gulangen ing kalbu
Ing samita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
sudanen dhahar lan guling

Pathokane tembang kinanthi ing dhuwur, sapada ana ....


a. 6 gatra: 8u, 8i,8a, 8i, 8a, 8i
b. 6 gatra: 8u, 8i,8a, 8i, 7a, 8i
c. 6 gatra: 8u, 8i,8a, 8i, 7a, 7i
d. 6 gatra: 8u, 8i,8a, 8i, 7a, 8i
15. Sawise prapteng alas Dhandhaka Raden Rama, Dewi Sinta, lan Raden Lesmana lerem
sawetara. Aneng alas akeh sesawangan kang endah edi peni. Tembung garba prapteng lan
aneng asale saka tembung ... .
a. Prapteng + eng, ana + eng
b. Prapta + ing; ana+ ing
c. Prapta + eng; an + neng
d. Prap+ teng; ane + ing
16. Eka Purwantoro iku putrane Pakdhe sing nomer siji. Eka tegese siji. Putrane sing nomer
loro jenenge Dwi Astuti. Dwi tegese loro. Lha, yen putrane Pakdhe sing angka papat
dijenengake ... .
a. Mas Catur Priambada
b. Mas Tri Priambada
c. Mas Panca Priambada
d. Mas Sapta Priambada
17. 1. Nurjanah maca Alquran.
2. Nabila nulis aksara Jawa.
3. Alfina diboncengke Ida.
4. Segane digoreng Eka Nurul.
Kang klebu ukara tanggap yaiku ....
a. Ukara 1, 2
b. Ukara 2, 3
c. Ukara 3, 4
d. Ukara 2, 4

18. Resi Subali salah sawijining wanara (kethek) kang masanggrah ana ing pertapan Wukir
Sonyapringga madeg dadi pandhita. Resi Subali iku putrane Resi Gotama. Dasanamane
putra yaiku … .
a. Atmaja, sunu, siwi, priya
b. Atmaja, sunu, siwi, surya
c. Atmaja, sunu, siwi, candra
d. Atmaja, sunu, siwi, yoga

19. Handika : Gus, Bagus, kowe ana apa kok mlakumu cepet-cepet?
Bagus : Aku mau saka kantor guru arep ngaturi Bu Guru mulang, nanging malah
diutus nggoleki Bapak Kepala Sekolah.
Handika : Diutus apa?
Bagus : ....
Ukarane Bagus kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur ....
a. Aku dikongkon nyanjangi Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.
b. Aku diutus ngaturi pirsa Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 41


c. Aku dikengken ngandhani Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.
d. Aku dikengken nyanjangi Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.
20. Aku weruh Pak Guru tuku buku ing toko buku karo anake. Yen diowahi dadi krama alus ....
a. Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan putranipun.
b. Kula sumerep Pak Guru tumbas buku ing toko buku kaliyan putranipun.
c. Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan putrane.
d. Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan anake.
21. 1. Sampeyan menapa sampun dhahar, Mas Danung?
2. Olivia kaliyan kanca-kanca sampun dugi ing sekolahan mbekta alat praktek masak.
3. Anita kaliyan Tasya nembe mawon dhahar bakso.
4. Shella sampun tigang dinten boten mlebet sekolah amargi sakit benter.
Ukara-ukara kang nggunakake basa krama lugu kang angka … .
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 2, 4
d. 4

22. Kula semerep Pak Pujiono nembe tumbas ageman kangge bojonipun.
Tembung –tembung kang kagaris ngisore ing ukara dhuwur kang trep unggah-ungguhe,
kudune ....
a. mundhut, kagem garwanipun
b. mundhut, kangge bojonipun
c. mundhut, kagem semahipun
d. mundhut, kangge estrinipun
23. Saiki tanggal 25 April 2019, yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
a. ?sakt=gl\:25: Ap]il\:2018.
b. ?siaikit=gl\:25: Ap]il\:2018.
c. ?saikit=gl\:25: Ap]il\:2019.
d. ?naikit=gl\:25: Ap]il\:2018.
24. Tobib, kowe mangkata saiki mumpung isih esuk!
Tembung mangkata yen ditulis Jawa ....
a. m=katT
b. m=ktT
c. mkatT
d. m=kt
25. ?ai=wulnRmdn\ Umt\IsLmSmisiym\, Yen ditulis Latin ... .
a. Ing wulan Ramadhan umat Islam padha siyam
b. Ing wulan Ramadhan wong Islam sami siyam
c. Ing wulan Ramadhan wong Islam padha siyam
d. Ing wulan Ramadhan umat Islam sami siyam
26. ?UsTf\j+Enl\Arip+in\lgif+ik/+. Yen ditulis nganggo aksara Latin dadi ... .
a. Ustad Jaenal Aripin lagi dikir
b. Ustad Zainal Arifin lagi dzikir
c. Ustad Zaenal Arifin lagi dzikir
d. Ustad Zaenal Aripin lagi dzikir
27. Bu Triman : Ora les, Le, kok ora nyang sekolahan?
Sujono : Ora,…males! Males sekolah!
Pak Triman : Lho,lho cah bagus kok males sekolah.Ya ,isin karo jenengmu ta. Sujono.
Sujono : Mbuh ….
Bu Triman : Kowe ngerti ta ,Le tegese Sujono?
Sujono : Embuh, ra ruh !
Bu Triman :Su iku tegese linuwih, su iku apik, jono iku tegese uwong. Dadi sujono iku
tegese wong linuwih utawa wong sing apik.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 42


Adhedhasar pacelathon ing dhuwur watake Bu Triman … .
a. ora sabaran, gampang nesu
b. sabar lan ora gemati
c. sabar, gemati, welas asih
d. sabar gemati nanging ora welasan

28. Wah, Puput iku yen ana wong sugih dicritak-critakake. Apa maneh yen sedulure. Nanging
kosok balene, yen dulure sing ora duwe emoh ngakoni, senajan sedulur cedhak.
Iki cocok karo paribasan “Kadang Konang” tegese ....
a. Kabeh dulure diakoni
b. Sing diaku sedulur mung sanak sedulur sing sugih-sugih
c. Ora gelem ngakoni sedulure
d. Sing diaku sedulur mung sedulure sing cedhak
29. Mesakake temenan Bu Surti kae, putrane lanang loro beda watake. Sing mbarep bocahe
sregep tur manut, gelem lan sregep sekolah nganti tamat perguruan tinggi. Saiki uripe
kepenak amarga cekel gawe sing mapan. Beda putrane sing kapindho, sekolah wae kerep
mbolos, banjur metu ora neruske sekolah wusanane dadi pengangguran. Bareng saiki
uripe rekasa malah nganggep wong tuwane mbedak-bedakake, ora padha pangrengkuhe
siji lan sijine, pilih sih, ora adil. Watake putra kapindho iku ora patut ditiru, penganggepe iku
padha karo bebasan ....
a. Diwenehi ati ngrogoh rempela
b. Nabok nyilih tangan
c. Emban cindhe emban siladan
d. Lambe satumang kari samerang
30. Ukara ing ngisor iki kang nduweni gatra katrangan karana/sebab yaiku ... .
a. Dhek wingi Umi ora mlebu sekolah amarga lara panas.
b. Bulik Hanifah ngonceki pelem nganggo peso.
c. Bu Armei mundhut janganan ing pasar.
d. Saben dina Vio mesthi sinau supaya pinter.
31. Dumadine Kabupaten Blora dipengeti saben tanggal 11 Desember kanthi nggelar kirab
budaya. Madege Kabupaten Blora kanthi tinengeran sengkalan “Trus Kawarna Sabdaning
aji” nuduhake taun 1749. Yen kanggo ngeling-eling ambruke Kraton Majapahit nganggo
sengkalan “Sirna ilang kertaning bumi” nuduhake taun ... .
a. 1600
b. 1500
c. 1400
d. 1300
32. 1. Dita dadi juara lomba pidhato basa Jawa.
2. Fadhila masak soto.
3. Sahroni mangkat sekolah.
4. Bu Guru Basa Jawa sing daleme Todanan.
Kang klebu ukara elip (ora ganep) ... .
a. Ukara 1
b. Ukara 2
c. Ukara 3
d. Ukara 4
33. Ukara ing ngsor iki kang klebu tuladhane ukara ganep ... .
a. Bocah wadon sing pinter dhewe ing kelasku.
b. Adhine Ibu sing daleme Randublatung.
c. Saben dina pasaran Kliwon lan Pahing.
d. Niha maca geguritan.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 43


34. Inggih awit saking sih kawelasaning Gusti, kula lan panjenengan tansah kaparingan
rahayu ... boten manggih alangan satunggal menapa. Tembung kanggo ngganepi ukara
supaya dadi tembung saroja, yaiku ....
a. Wilujeng/slamet/widada
b. Santosa
c. Tentrem
d. Waras
35. Wanita kang minangka juara “Puti Ayu Sejagad” iku pranyata ayu sulistya ing warna.
Pakulitane kuning nemu giring, mripate ndamar kanginan, pipine nduren sajuring, idepe
tumenga ing tawang, astane nggendhewa pinenthang, alise nanggal sepisan, waja
(untu) ....
a. nanggal sapisan
b. miji timun
c. ngelung gadhung
d. memak ngembang bakung
36. Nalika sowan bendarane Raden Janaka, Ki Lurah Semar ngendika marang putra-putrane,
“Thole, anak-anakku kabeh mumpung sira isih mudha tumaruna, aja nganti kendho
anggonmu sinau. Goleka ngelmu kanggo sangune urip!”
Ukara kasebut nuduhake yen dhalang njaluk tembang… .
a. Durma
b. Maskumambang
c. Sinom
d. Kinanthi

DHANDHANGGULA
Ana maneh pitutur prayogi
Lamun sira wis ndungkap dewasa
Dadya janma utamane
Mbangun turut mring guru
Bapa ibu tan kena keri
Manembah mring Hyang Suksma
Ugi para sepuh
Iku dadya tindakira
Kang tumuju kautamaning dumadi
Tundhone urip mulya
37. Isine tembang dhandhanggula ing dhuwur ....
a. Pitutur kanggo kowe kang wis ngancik dewasa, dadia wong sing apik, ora manut
dhawuhe guru lan wong tuwa, bekti marang Gusti Allah, supaya bisa nggayuh urip
bagya mulya.
b. Pitutur kanggo kowe kang wis ngancik dewasa, dadia wong sing apik, manut dhawuhe
guru lan wong tuwa, bekti marang Gusti Allah, supaya bisa nggayuh urip bagya mulya.
c. Pitutur kanggo kowe kang wis ngancik dewasa, dadia wong sing apik, manut dhawuhe
guru lan wong tuwa, ora bekti marang Gusti Allah, supaya bisa nggayuh urip bagya
mulya.
d. Pitutur kanggo kowe kang wis ngancik dewasa, dadia wong sing apik, ora manut
dhawuhe guru lan wong tuwa, bekti marang Gusti Allah, supaya bisa nggayuh urip
bagya mulya.
38. Tontonan wayang kulit purwa kejaba minangka tontonan uga tuntunan tumrape penonton,
sebab ubarampe ing pakeliran wayang purwa isi kebak pralambang utawa sasmita tumrap
uriping manungsa, kaya ta: kelir minangka pralambange langit utawa awang-awang.
Wayang minangka pralambange manungsa, lampu (blencong) minangka pralambange
srengenge utawa rembulan. Gedebog minangka pralambange ... . Dene gamelan kang
werna-werna kaya ta kendhang, gender, saron, bonang, kenong, gong, lan liya-liyane
minangka lambange kabutuhane urip kang maneka warna.
a. lakuning urip
WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 44
b. sangkan paraning dumadi ( asal-usule lan parane baline manungsa)
c. bumi utawa dharatan
d. sing gawe urip
39. 1. Novi, mangkata saiki mumpung durung udan!
2. Nicholas maneh tekaa ing omahku, Anggi wae sing omahe cedhak ora teka!
3. Dila, nggawaa payung arep udan!
4. Budhala esuk, kowe yen mampir-mampir ya ora ndang tekan sekolahan.
Ukara ing dhuwur kang klebu ukara hagnya (prentah) ....
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 2, 4
d. 4
40. Mangkata esuk mau, aku mesthi ora telat!
Tembung mangkata ing ukara rimbag sambawa dhuwur tegese ....
a. Senajan
b. Upama
c. Muga-muga
d. Mokal/ora bakal klakon

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki ing lembar jawaban kang cumawis !

41. a. Tulisen nganggo aksara Jawa!


Bapak nambakake adhiku sing lara menyang dhokter anak.
a. Tulisen nganggo aksara Latin!
?pkPujiynmi[yosT=gl\:25: Ap]il\:1968.
42. Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsa dalem Pangeran Ingkang Maha Welas Asih ingkang tansah peparing kawilujengan,
katentreman saha kabagaswarasan dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula. Inggih
awit saking rahmat, hidayah, inayah, sarta berkahipun, kula lan panjenengan sedaya
taksih saged pepanggihan saha lelenggahan wonten ing pasamuwan menika kanthi
rahayu wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

Pethikan ing dhuwur klebu perangan pambukane pidhato.


Gawea panutupe pidhato nganggo basa krama alus kang mathuk /trep karo unggah-
ungguhe!

43. Jangkepana pacelathon ing ngisor iki!


a. Bapak : Ndhuk, delengen sapa sing lagi teka kae. Ketoke numpak mobil!
Dita : Ingkang nembe ... Pakdhe lan Budhe Jono, Pak. ... mobil inova.
Bapak : Lho, Pakdhe lan Budhe Jono rawuh mrene, Ndhuk. Nitih mobil inova?
Dita : Inggih leres, Bapak.
b. Yudha : Pak Guru, kula badhe ....
Pak Guru : O, kowe Yud. Iya, ndang matura ana apa?
Yudha : Menapa leres Pak Guru ... kula, badhe dipunutus ndherek lomba nembang
macapat?
Pak Guru : Ya, bener Yud, kowe daktimbali, arep dakatus melu lomba nembang
macapat.
Yudha : Inggih, Pak. Kula sagah ndherek.
44. Apa tegese tembung homograf ing ukara ngisor iki?
a. Kowe mengko yen wis sela dolana ing omahku!
Tukang batu sami mecahi sela kangge ndamel pondhasi griya.
b. Bulik Azaqiyah wingi mundhut sepedha motor ing dealer mbayare kenceng.
Rizal dakboncengke sepedha gondhelan kenceng amarga wedi yen tiba.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 45


45. Benerna panulisa tembung-tembung ing ukara ngisor iku!
a. Poro wargo deso padha sengkot gumregot mbangon deso.
b. Bulek Linda buwoh menyang dhulure karo tonggo-tonggone.

WASITA BASA JAWA Kelas IX Semester 2 46

Anda mungkin juga menyukai