Anda di halaman 1dari 27

KOMPETENSI INTI (KI)

KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.

KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dan pro-aktif dan menunjukkan sikap sebagai
bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam
pergaulan dunia.

KI 3 : Memahami, meneraokan, menganalisis pengetahuan faktual, koneptual, prosedural berdasarkan


rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan
wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan
keajaiban, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai
dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.

KI 4 : Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abtrak terkain dengan
pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan
metode sesuai kaidah keilmuan.

1
WULANGAN 1 : BUDI PEKERTI

Kompetensi Dasar (KD):


KD 3.1 : Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa lisan dalam berbagai
situasi sesuai tata krama
KD 4.1 : Melakukan simulasi penggunaan bahasa daerah dalam berbagai konteks sesuai dengn tata
krama
Indikator :
3.1.1. Menjelaskan unggah-ungguh basa/ondhaghna basa
3.1.2. Menjelaskan karakteristik unggah-ungguh basa/ondhaghna basa
3.1.3. Menjelaskan penggunaan unggah-ungguh basa/ondhaghna basa
3.1.4. Menjelaskan isi teks drama
4.1.1. Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah
4.1.2. mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis
4.1.3. memberikan komentar atau tanggapan terhadappenampilan temannya dalam bermain drama

Nulis Materi
“Pepeling :Istilah Drama” (Paket Sayaga Basa JawaXII hal 8-9)

2
Paraf Guru dan point

Nulis Materi
Unggah-ungguhing Basa Jawa (Paket Sayaga Basa Jawa XII hal 9-12

3
4
Paraf Guru dan point

Gladhen 1
Coba ukara-ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa krama alus!
1. Mbak Reni nganggo klambi werna putih saben dina rebo.

2. Saben riyoyo aku mesthi diwenehi duit karo si mbah.

3. Adhik dikongkon ibuk tumbas gula.

4. Pak guru lagi ngombe kopiing kantin.

5. Rio budhal menyang sekolah numpak sepedamotor.

5
Paraf Guru dan point

Gladhen 2
Sabanjure sinau bab unggah-ungguhing basa jawa, coba gawea Pacelathon cekak (percakapan
singkat) antarane anak lan wong tua.
Sabanjure praktekna pacelathon kasebut marang wong tuamu lan direkam.

Nulis materi
Nintingi wacan drama kanthi Mandiri (Paket Sayaga Basa Jawa XII Hal 20-21)

6
Paraf Guru dan point

Nulis Materi
Struktur Drama (Paket Sayaga Basa JawaXII hal 25-28)

7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
Paraf Guru dan point

ANAK MOLAH BAPAK KEPRADHAH


Dening: Lilis y.S.Pd lan Dra. Umi N.
Babagan 1
Ing tengah dalan keprungu suara HPmuni bola bali, Pak Ucup minggir ngendhek motore.
Pak Ucup : “ Haloo … haloo…” (bingung nrima telpun).
Bu Sati : “ Assalamualaikum…”
Pak Ucup : “ Waalaikumsalam, niki sinten nggih?”
Bu Sati : “ Kula gurunipun cecep.”
Pak Ucup : Inggih, Bu, wonten kawigatosan punapa?
Bu Sati : “Menika, Cecep tumut nyolong nangka wonten kebonan kagunganipun Pak Saji.”
Pak Ucup : “Astagfirullah, oalah … Cep … Cecep… Nggih, Bu kula dhateng sekolahan sapunika.”
Bu Ucup : “Ana apa, Pak?”
Pak Ucup : “Iya iki lah, Bu. Anake dhewe, Cecep kuwi…”
Bu Ucup : “Cecep kena apa tha, Pak? (karo nangis).”
Pak Ucup : “Lha, Bu, aja nangis disik tha. Iki mau gurune Cecep kandha yen Cecep… nyolong nangka
neng kebone Pak Saji, Bu.”
Bu Ucu : “Masha Alloh, Pak. Apa yabener tha, Pak, yen Cecep ki nyolong?”
Pak Ucup : “Ya muga-muga wae ora bener, Bu. Wis ya, Bu, aku dak budhal menyang sekolahane Cecep.
Gladhen 3 Pandongane wa, Bu,muga muga isih dislametake dening Gusti Alloh. Aamiin.” (karo nyandak
seped motor).
Wacanen Pacelathon ing ngisor iki kanthi premati
Bu Ucup : “Iy, Pak, aamiin. Ngati-at, Pak.”

Babagan 2
Ing ruang BK Cecep lan Boim padha ndingkluk karo dolanan sikile.
Bu Sati :” Lha, … ya, tha le… le, kowe iki kok akal nyolong nangka ing kebonan Pak Saji, njur kok
pendhem ing mburi klasmu. Sopo sing nduwe ide ngunu kuwi?”
Cecep : “Boim niku, Bu…”
Boim : “We enake, Ora… aku mung ngandani ono nangka wis gedhe tur wangi ambune. Kowe ora
percaya, banjur menek wite nyatakne ambune tha.”
Cecep : “Iya, aku mung ngambu thok, mbukteake bener ora khandamu lha kok kepleset, spontan
nangka sing tak ambu mau kegandholan njur nibani awak dhewe.”
Boim : “Merga, ketiban awakmu, aku nglundung nerak kacange Pak Saji, wis… buyar sak pagere
coklek kabeh.” (karo ngeeyel emoh kalah).
Bu Sati : “Wis … wis ora usah udur-uduran ngono kuwi. Blaka suta wae supaya enggal rampung
prakarane. Kapan kedadeyane iku?”
Cecep : “Wangsul sekolah, Bu… wektu nengga kegiyatan ekstra.”
Boim : “Niku, Bu … ingkang ngengken mendhem wonten wingking kelas, nggih Cecep Bu …”
Bu Sati : “Ya … ben ora konangan, Pak Saji.” ( rada mbesengut ngeplak tangane Boim)
Boim : “Koruptor klas teri … ya tetep wae konangan. “
Bu Sati : “Wis … wis… ayo, ing ruang tamu, kae wong tuwamu wis padha rawuh.”
Cecep : “Matheng aku …” (ngeplak bathuke)
Boim : “Apa? Kowe meteng? wah tambah berabe iki…” (karo longak longok mlaku)
Cecep : “Arek iki… njalok diglundungne.” (igit-igit)
Boim : “Apa Cep? Nangkane digulung? Kowe iki ana-ana wae. Nangka kok di gulung, la kaya klasa
ngunu tha?”
Cecep : “Wis embuh, omonga sakarepmu.”
Boim : “Iya, aku pancen arep nangka kuwi, Cep. Mengko aku njaluk ah.”
Cecep : “Heh, wis menenga!”( karo njiwit pupune Boim lan nutup lambene nganggo tangan sijine)
Boim : “Hem.. iya, Cep. Aku saiki meneng. Lha geneya kok Bapakku lan Bapakmu tha, Cep?”
Cecep :” Lha, ya kuwi. Kowe meneng.” (karo nutup lambene Boim nganggo tangane)

Babagan 3
Ing ruang tamu kepala sekolah wis rawuh Pak Saji, bapake Boim lan bapake Cecep,kabeh padha salaman karo
Bapak Kepala Sekolah. 17
Kepalah sekolah : “Nuwun duka,sarehne sampun ngempal mangga dirembag ingkang sae kados pundi
sekecaknipun. Kula pitados sedaya prakara saged dirampungaken kanthi kakulawargaan lan
mboten ngrugiaken sinten kemawon.”
Bu Sati : “Nuwun duka, Bapak Kepala Sekolah, Pak Saji, Pak Bagong saha Pak Ucup,…miturut
pranyatane Cecep ugi Boim, perkawis punika boten dipunsengaja.” ( sajak mbela).
Pak Saji :” Boten sengaja kados pundi Bu, kebonan kulo rusak, nangka kula ical. Boten nangka
mawon pelem kulo inggih asring dibalangi watu!” (rada mbresengut).
Kepala Sekolah : “Sabar Pak, (ngelus gegere Pak Saji) dipirengaken rumiyin crita perkawisipun.”
Cecep Lan Boim : “Kesusu ngamuk wae, dasar pelit tur galak. Kapok pelem e di colongi arek-arek.
(ngrundel).”

Sawise dijelasakeke dadeyane, Pa Saji isih durung trima.


Pak Saji : “Aku tetep ora nerimakake, kabeh tumindake bocah kuwi tetep salah turala senajan ora
sengaja. Aku tetep njaluk tanggung jawabe.” (ngadek rada muntab)
Pak Bagong : “Ngih… ngih…pinarak rumiyin mangga dipunrembag ingkang sae.”
Pak Ucup : “Leres, Pak saji sumangga, panjenengan nyuwunipun kados pundi?”
Pak Saji : “Aku njalok (1) Pager kebon sing rusak didandani, (2) Ngijoli regane nangka 2x lipat, (3)
Ngijoli tanduran kacangku sing mati, (4) Bocah loro iki dakjalok ngresiki suket ing kebonku
seminggu saben mulih sekolah.”
Cecep : “Mateng aku”.(kukur-kukur sirahe singora gatel).
Boim : “Mosok tha? Cecep meteng? Deweke lanang opo wadon ya?” (karo longak longok).
Kepala Sekolah :” Kados pundi Pak, punopo sarujuk?”
Pak Bagong : “Kados pundi maleh anak kulo ingkang salah”.
Pak Ucup :” Inggih, kepeksa kula urunan kaliyan Pak Bagong ndandosi pager ugi ngijoli nangka lan
kacang ingkang rusak.”
Bu Sati : “Piye le… kowe kudu sanggup ngresiki kebonane Pak Saji, saben mulih sekolah sasuwene
seminggu. “(ngelus sirahei bocah loro).
Cecep lan Boim : “Inggih, Bu kula sagah.” (barengan olehe mangsuli)
Bu Sati : “Ya wis, aja dibaleni maneh. Iki (menehake kertas) nulisa pernyataan kesanggupan ing
kertas iki banjur ditapak astani wong tuwomu.”

Bocah loro banjur nulis surat pernyataan kesanggupan lan ditapak astani dening bapake dhewe-dhewe.

Bu Sati : “Mangga, Pak, samenika putranipun saged dipunjak wangsul. Prakaranipun sampun beres.
Pak Bagong, : “Inggih Bu, matur nuwun sanget. Nyuwun pangapunten nggih.”
Pak Ucup : “Bu, Nuwun. “(meh bebarengan anggone mangsuli).
Bu Sati : “Sami-sami, Pak. Mangga.”
Pak Bagong, Pak Ucup : “Assalamu’alaikum.”
Bu Sati :” Walaikumsalam.”

Babagan 4
Ing omah ibune Cecep lagi nggoreng tempe lan nyambel korek ultras (uyah ,lombok, trasi).
Bu Ucup : “Shediluk maneh anaku sing ngguantheng bakal teka. Sambel korek iwak tempe goreng, wis
senengane… iki. “(nyiapake piring lan sambel ing meja makan).
Pak Ucup : “Assalamu’alaikum, Bune …”
Bu Ucup : ‘Walaikumsalam, lha … kok wis kondur? Kok nggonceng Cecep? Kok padha lesu kabeh
ana apa iki Pakne?kok … kok… kok… “(ndeleng rupane anake)
Pak Ucup : “Aja kak …kok … kak…kok wae, Bu.”
Cecep :” Bu kula nyuwun ngapunten Bu.”
Bu Ucup : “Ana apa tha le…? Pak? “
Pak Ucup : “Lara rasane atiku!”
Bu Ucup : “Ya wis tha, Pak ngunjuk dhisik.’
Pak Ucup : ‘Senajan wis dakombeni banyu putih atiku isih panas.”
Cecep : “Ngapunten, Pak.’ (ndingkluk keweden)
Bu Ucup : “Sareh dhisik, Pak. Ana apa tha, Pak? Aku dadi tambah bingung.”
Pak Ucup : “Jane, ya wis ora kurang-kurang olehe ngandhani. Dadi wong aja pek pinek barange liyan.
Ngene iki wirang bapakmu Cep!... wirang! Piye iki Bune…? Kudu ngijolli pager lan tanduran
sing rusak durung nangka sing dicolong Cecep. Ngelu aku Bune…dhuwit tekan ngendhi iki.”
( ngusek-ngusek sirahe).
Cecep : (Nyedhaki Bapake karo nangis sesenggukan nyuwun ngapura marang Bapake). 18
Bu Ucup : “Ya iki, sing diarani anak molah Bapak Kepradhah. Pak, coba dakdelenge celenganku
menawa bisa kanggo tambah ngijoli kabeh mau Pak. Lha,yen durung cukup, ya klambiku sing
panjenengan pundhutake wingi kae tak dole wae, Pak?” (nelangsa ngelus sirahe Cecep).
Pak Ucup : “Cep,yen wong tuwone Boim kuwi sugi bandha. Dadi ya bisa bayar pira wae. Lha, yen bapak
mu iki mangan wae tanpa lawuh. Kowe kok ana ana wae sing dilakoni. Yen wis koyo ngene
iki banjur kepriye? Aku bingung , Bune. Klambimu kuwi aja kokdol Bune,yen kokdol lha
moso yahmana yahmene klambimumung telu iku wae tur wis amoh pisan. Aku daknyoba
golek silihan marang Kangmas Danu lan semayan saben oleh bayaran dak nggo nyicil. Ngono
wae ya, Bu? Aku isin Bu yen ora bisa ngijoli.”
Bu Ucup : “Lah, yen kersane panjenengan mengkono, ya mangga Pak. Neng iki lah, Pak, Alhamdulillah
celengaku isih rada akeh dadi yen kurang ya mung sethitik Pak.”
Pak Ucup : “Alhamdulillah Bune, Muga-muga Gusti Alloh paring dalan kanggo awake dhewe supaya
bisa ngijoli kabeh mau, Aamiin. Wis ya le, kowe sing pinter ngrewangi ibumu yen pinuju ing
ngomah. Aja lali semingggu saben mulih sekolah, kowe kudu ngresiki suket ing pakebone Pak
Saji karo kancamu Boim. Kana saiki ndang adusa, sholat, banjur mangana saanane.”
Cecep : “Inggih, Pak. Matur Nuwun.”
Bu Ucup : “Pak, muga-muga iki kabeh bisa kanggo piwulangan Cecep, supaya bisa dadi bocah sing
sholeh lan migunani tumrape agama, nusa, lan bangsa. Aamiin ya Alloh.”
Pak Ucup :” Aamiin ya Alloh. Iya Bune.”

I. Sawisw kokwaca,cobawangsulana pitakoning ngisor iki kanthi patitis!


1. Apa temane wacan drama ing dhuwur? Lan apa tegese “Anak polah Bapak kepradhah”?

2. Sapa wae paragane lan kepriye watak wantune?

19
3. Tulisna Setting/latar critane:
a. Latar panggonan

b. Latar wayah/waktu

4. Sapa sing dadi paraga utama lan paraga panyengkuyung?

5. Tulisna amanah sing bisa kokjupuk saka wacan drama ing dhuwur!

Paraf Guru dan point

BAB II : PENDIDIKAN

Kompetensi Dasar (KD):


KD 3.2 : Mengidentifikasi,memahami,dan menganalisis karya fiksi dan nonfiksi secara lisan maupun
tulis.
KD 4.2 : Memproduksi dan mempublikasikan karya fiksi (naskah drama, cerita pendek,karya
terjemahan)

Indikator :
3.2.1. Mengidentifiksi struktur teks cerita pendek (Cerkak)
3.2.2. Menganalisis struktur teks cerita pendek (Cerkak)
3.2.3. Menganalisis unsur kebahasaan teks cerita pendek (Cerkak)
3.2.4. Membandingkan karakteristik bahasa teks cerita pendek (Cerkak) dengan teks sastra lainnya
3.2.5. Menjelaskan pesan moral teks cerita pendek (Cerkak)
3.2.6. menerjemahkan teks cerita pendek (Cerkak) dengan ragam bahasa yang berbeda

4.2.1. Menulis teks cerita pendek (Cerkak)


4.2.2. Mempublikasikan teks cerita pendek (Cerkak) hasilkarangannya
4.2.3 Menerjemahkan teks cerita pendek (Cerkak) ke atau dari bahasa yang berbeda
4.2.4. Membaca teks cerita pendek (Cerkak) hasil terjemahan
4.2.5. Mempublikasikan teks cerita pendek (Cerkak) hasil terjemahan
4.2.6. Mengunggah teks cerita pendek (Cerkak) hasil karangan dan hasilterjemahan ke internet

Nulis Materi
ASAL USULECRITA CEKAK (Paket Sayaga Basa Jawa XII hal 51-53, 57)
KAWRUH PARAMASASTRA (Paket Sayaga Basa Jawa XII hal 62)

20
21
22
GARA-GARA LENDHUTLAPINDO
Dening : Riyadi

Angine kdhang-kadhang teka, kadhang-kadhang mamring. Ing petenge wengi iki, aku nyawang
mendhuwur,lintang-lintang pancen isih abyor, nanging mung mligi ngendahake wengi, dudu kanggo
aku, dudu kanggo manungsa sing isih tresna tumpak ing bumi.
Umurku saiki 60 taun, aku kelingan ndhek rikala 30 taun kepungkur ing taun 2006. Waku iku aku
isih manten anyar, yen wayah jam 10 wengi ngene iki aku mesthi metu neng latar lungguh Paraflincak
Guru dan point
ngarep omah dikancani mbok wedok , Rahayu jenenge bojoku. Nyawang nduwur langit isih tansah
rukun. Sarimbit karo lintang-lintang sing tansah lila nyorotake landhepe sunar. Ora mung kuwi,
sakabehing wit-witan, amna wit pelem, ana jati, jambu, johar, kambil, lan sakpiturute isih tansah setya
ngobah-ngobahake godhong-godhonge nyemilirake hawa wengi.
Ing wengi iki aku nyawang nduwur maneh, lintange tetep ambyor,nanging sakiwa tengenku wis
ora dikupeng godhong-godhong nanging wis ganti gedhong-gedhong , mulane wes bakal ora ana
angin sing
TUGAS 1 dadi sumilir.
Wacanen“Kung,
crita apa durungngisor
cekaking ngantuk?” aku noleh,
iki kanthi swarane Uti, celukane putu-putuku marang Rahayu
setiti!
bojoku, ngungak ing lawang.
“Durung, Ti, sedhela maneh!” aku semaor alon, swaraku wes pancen ora bisa sora amarga dak
trepake karo kahanan ndonya sing wis banget mrihatinake iki.
“Aku turu dhisik ya, Kung!” Swarane Uti.
“Iya dhisika…”
Aku banjur nerusake nglamunku ing teras iki. Uga nglamunake putu-putuku kabeh, si Ferdy,
Nanio, Safira, lan Hanif, ya talah temen le, ndhuk, kowe kok yo keduman urip ing jaman saiki, ora
mbiyen-mbiyen ndek telung puluh apa seket taun kepungkur. Mbiyen isih ana kewan sing jenenge
pitik, wedhus, manuk emprit, lan sakpiturute. Mbahmu iki uga isih mangan sing jenenge segah, roti,
jangan bayem, pecel, lan panganan liyane saka ijon-ijon asil bumi.
Nanging saiki ing taun 2037 iki, bebasan ilat lan cangkem babar blas ora ana gunane. Aku, putu-
putuku, uga manungsa kabeh ing ndonya sing wis rusak iki, saiki mung kudu cepak pil nutrisi sing
kudu diuntal sedina sepisan (yen jaman mbiyen mangan lumrahe ping telu). Dak omongake diuntal,
amarga pancen carane nglebokake pil kuwi ing weteng ora diglondor banyu kaya carane ngombe obat
jaman 30 taun kepungkur. Amarga sing jenenge banyu resik wis ora ana maneh.
Embuh amarga pancen ndonyane wes tuwa apa piye, yen kelingan sejarah ing tahun 2006
mbiyen, kawiwitan saka Sidoarjo ing tlatah Jawa Wetan sing dumadakan klelep endhut amarga
semburan lendhut panas PT. Lapindo Brantas Incorporation ing Kecamatan Porong. Rikala semena
pancen wes diudi, direka daya amrih mampete semburan saka njero weteng bumi kuwi, nanging buk
blas ora ana asile, saya suwe tambah ngglogok nggembuleng semburane. Pirang-pirang kampung lan
desa wusanane kerendhem banyu lendhut, banjur mremen-mremen, pungkasane pulo Jawa klelep
kabeh dening endhut.
Ora mung mandheng tekan semono, Sumatra, Kalimantan, Papua mremen teka Australia, Asia
kabeh, Afrika, Eropa, Amerik lan ndonya iki bumine rata dening endhut. Nanging eloke mung
omahku sing aman saka segara lendhut, amarga bangunane tingkat papat, yen mung rong lantai sing
kelem endhut isih tetep bisa dak panggoni lantai telu karo lantai papat.
Cilakane ing taun kuwi, uga bebarengan ngrembake virus maut flu burung. Kawicaksane
pamarentah Indonesia wektu kuwi sing aweh prentah kudu mbrantas sakabehing unggas amarga
pageblug virus avian influenza sing kawentar kaceluk flu burung. Ndadekake pamarentah panik,
banjur sak ana-anane unggas gedhe cilik dimusnahake, dibakar kabeh, wusanane entek gusis. Cilakane
maneh ndonya internasional uga melu-melu gigrig marang pageblug iki. Kelakon, kabeh unggas lan
manuk rampung nggunung ora ana tilase, dipateni kabeh.
Ndhek taun 2006-2007 iku pancen kaya dene sakabehing kala bendhu pada mubal. Liyane
23
unggas, isu lelara anthrax uga ora kalah nggegirisine. Anthax dadi rajapati sing kompak kekancan
karo flu burung ningkes uripe manungsa. Mula kabeh sato kewan pungkasane dibasmi ora ana sisane.
Ya uwis… wis komplit tha. Sawah-sawah sak ndonya klelep lendhut, lemah wis ora ana sing bisa
ditanduri. Isen-isen laut rampung cures, kewan sing tumapak ing bumi uga sing mabur musna. Mula
akhir taun 2007 kaya dene kiamat, manungsa-manungsa padha ngglimpung, mati, amarga ora ana sing
bisa dipangan.
Untung aku karo bojoku sawijining manungsa sing beja. Anggonku dodolan sembako mbiyen
klebu wing sing julig, aku numpuk utawa basa gampange nimbun beras ing sawijining loteng sing
ndilalah ora konangan pamarentah, akehe 975 ton. Beras semono kuwi tak pangan karo bojoku kuwat
Pirang-pirang taun. Mula yen manungsa liyane padha pating glimpung mati, aku karo bojoku tetep
panggah urip.
Ing jaman kuwi ora akeh manungsa sing tetep isih urip. Sing tetep urip mesti manungsa-manungsa
julig, kaya dene awakku. Ya wes ben, sing wigati aku rak isih tetep urip dhewe.
Pitakone, apa sing mung njagakake beras semono ton kuwi kanggo bisa urip nganti 2037? Ora, ora
ngono, ndilalah ing taun 2010 pawongan warga negara Kanada kang aran Edward Austin kasil
nemokake formula gantine mangan sing awujud pil. Pil e cilik-cilik sak obat tidur CTM. Embuh apa
bahan-bahane, nanging mung cukup sedina ngombe pil siji wetenge manungsa wis krasa wareg. Aku
ora tuku pil kuwi nanging barter, ijolan karo berasku.
Kuwi mula bukane kena ngapaing taun 2037 iki gantine mangan ya pil kuwi, lan gantine ngombe,
nganggo suntikan, isine sawijining cairan, sedina mung cukup sak mili liter.
“Kung ora sare tha?” suwarane Utimaneh.
“Mengko sik,”jawabku alon, mesthi alon. Nanio, Safira, lan Hanif putu-putuku kabeh sing saiki
mung ngeleg-I pil lan saben-saben disuntik lengene.
Kenangapa mbiyen Lapindo ndadak bocor? Uga sato kewan padha dibasmi? Mripatku kembeng-
kembeng, kenangapa kok mbiyen ora kiamat sisan? Batinku. Mbok ya-a mbiyen sing gawe konstruksi
pipa Lapindo sing permane, direka supayane ora bisa bocor. Insinyur pirang-pirang mosok ora jegos?
Uga kena ngapa pamarentah aweh prentah grusa-grusu mbasmi sakabehing unggas, kok ya ora
dianakake sayembara dhisik sapa sing bisa gawe formula anti virus avian influenza kanggo
ngedhaleni flu burung kuwi lan ora sak sak-e mateni kabeh sato kewan amarga judheg ngadepi
anthrax? Dak gagas pamarentah wektu semono mung anggere gawe abahan. Bebasan lara kupinge
diamputasi gulune.
Lamat-lamat aku krungu pawongan kuwi takon Uti: “Gimana Bu, ada perubahan?”
“Belum, Dokter, tidak ada perubahan. Dia selalu berpikir bahwa saat ini sudah taun 2037”. “Entah
sejak rumah kami tenggelam oleh lumpur Lapino suami saya jadi begini!” swarane bojoku takrungu
sajak groyok, nanging aku ora mudheng sing dikarepake bojoku.
“Kalo gitu, terpaksa Bu, Bapak harus dibawa ke RSJ.”(Rumah Sakit Jiwa)
“Iya dokter, saya pasrah!”
“Kung!” swarane bojoku marang aku.
“Ana apa?” Wangsulku
“Kepengen tilik anake ing Australia apa ora?” Uti takon marang aku. 24
“Pengen” Wangsulku.
“Salin ya!”
“Iya.” Aku dikhanti Uti mlebu kamar, salin arep budhal niliki anakku ing Australia.
I. Sabanjure maca teks crita cekak ing dhuwur,wangsulana pitakon-pitakon ingngisor iki
kanthi patitis!
1. Ing ngendi kedadeyan crita cekak iku?

2. Taun pira wektu crita iku?

3. Sing dicritakake eyang kakung wektu taun piro?

4. Wektu kui umure eyang kakung pira?

5. Saiki umure eyang kakungpira?

6. Wayah jampira eyang kakung crita?

7. Apa sing njalari eyang kakung bisa crita kaya ngene iki?

8. Kepriye kahanan desane eyang kakung sawise ana bencana lendhut lapindo?

9. Kepriye nasibe eyang kakung saiki?

10. Apa sing bisa kokrasakake sawise maca cerkak ing dhuwur mau?

11. Anane lendhut lapindo mau ndadekake apa?

12. Kepriye panemumu ngengingi Bab lendhut lapindi?

25
13. Umpama kuwi sliramu ketaman lendhut lapindo, apasing kudu koklakoni saiki?

14. Pesan moraloposing kokjupuk saka cerkak ing dhuwur?

15. Critakna maneh isi cerkak ing dhuwur mau nganggo basamu dhewe!

16. Apa ana tembung kang angel? Tulisen banjur golekana tegese kanthi ndeleng ing bausastra
Jawa!

17. Apa basane ing cerkak “Gara-gara lendhut lapindo” iku gampang dimangerteni? Wenehana
pamawasmu kanthi bukti kang nyengkuyung!

18. Jlenrehna unsur orientasi cerkak “gara-gara lendhut lapindo” !

19. Sebutna ukara sing njlentrehna struktur resolusi ing cerkak “Gara-gara lendhut lapindo”!

20. Sapa sing ngarang cerkak “gara-gara lendhut lapindo” iku?


26
Paraf Guru dan point

TUGAS 2
Sawise nulis materi lan mangsuli pitakon babagan struktur crita cekak (cerkak), saiki coba GAWEA
CERKAK ditulis ing kertas folio. (minimal 2 halaman)
Paraf Guru dan
point

27

Anda mungkin juga menyukai