Anda di halaman 1dari 14

TES ASESMEN LITERASI NUMERASI

TINGKAT SEKOLAH MENENGAH PERTAMA


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VII (Tujuh)
Hari/ Tanggal : Sabtu, 20 November 2021
Waktu : 120 Menit

PETUNJUK UMUM
1. Isikan identitas Anda dengan benar
2. Tersedia waktu 120 menit untuk mengerjakan paket tes tersebut.
3. Jumlah soal sebanyak 40 butir, pada setiap butir soal terdapat 4 (empat) pilihan
jawaban.
4. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya dengan cermat.
5. Periksalah pekerjaan Anda sebelum dikirim / submit
6. Berdoalah sebelum mengerjakan

PETUNJUK KHUSUS
Pilihlah jawaban di bawah ini yang paling benar!
Gatekna teks wacan iki!
Kanca Anyar
Indri mlebu sekolah sepisanan ing dina iki. Indri minangka siswa anyar kelas 7 ing SMP
Bakti Luhur. Satekane sekolahan, ana ing njero kelas Indri ketemu karo kanca-kanca, Indri
banjur ngajak kenalan kancane sing lungguh ana ngarepe.
“Eh mbak, jenengmu sapa? Aku Indri.” Indri takon ngajak tetepungan kancane, karo
mesem.
“Jenengku Nisa.” Wangsulane kancane karo mesem uga.
“Mbiyen saka SD ngendi Nis?”
“Aku saka SD Suka Maju, lha kowe saka SD ngendi Indri?”
“Aku mbiyen saka SD Madusari.”
Ngono rembugane antarane Indri karo Nisa, bocah loro padha kenalan sadurunge pasinaon
kawiwitan.

1. Unggah ungguh basa kang digunakake Indri lan Nisa nalika kenalan bisa nuduhake
menawa… .
A. Bocah loro kuwi padha ngajenine
B. Nisa ora ngajeni marang Indri
C. Indri wis kenal karo Nisa
D. Indri lan Nisa saumuran

Gatekna Pacelathon iki!


Dina iki dina Minggu, Agus lan keluargane lagi kumpul ana ing teras mburi omah sinambi padha
jagongan.
Ibu : “Le, Agus jarene kowe pengen tuku sepedha onthel ya?”
Agus : “Nggih ibu, leres.”
Bapak : “ Lha jarene kowe duwe tabungan le?”
Agus : “Nggih pak, mangkih kula nyuwun tambah menawi kirang nggih? Hehe…”
Ibu : “Lha celenganmu pas riyaya Idul Fitri wingi rak wis nglumpuk sayuta limangatus
ewu ta le? Ditambahi simbah telungatus ewu. Durung pakdhe Narto lan bulik
Sumi nambahi rongatus ewu karo telungatus ewu. Lha akehmen celenganmu.”
Bapak : “lha kuwi tegese wis ana pira gunggunge celenganmu le?”
Agus : …..

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 1


2. Wangsulane Agus kang trep miturut unggah-ungguh basa yaiku…
A. “Dadosipun sampun ngempal kalih yuta tigangatus ewu pak.”
B. “Dados sampun ngempal rong yuta telungatus ewu pak.”
C. “Nggih pak, sampun nglumpuk kalihlikur yuta.”
D. “Sampun ngempal kalih yuta kalih atus pak.”

Gatekna Pacelathon ing ngisor iki!


Sore kuwi Rina dolan menyang omahe Sinta, bocah loro lagi pada asik jagongan.
Rina : “Sinta, wingi kowe dolan karo keluargamu neng Malioboro to?”
Sinta : “Iya Rin, aku karo bapak, ibu, lan adhiku.”
Rina : “Wah!, seneng ya? Rame ora neng kana Sin?”
Sinta : “Ya cetha rame ta. Eh… aku ketemu karo bu Siti lo, bu guru sing ngasta Mapel
Basa Jawa kae lo.”
Rina : “Apa iya? Bu Siti tindak Malioboro karo sapa?”
Sinta : “Bu Siti sing tindak Malioboro mung karo garwane kok.”
Rina : “Ooo…”
Rina lan Sinta nerusake anggone jagongan sinambi ngombe es teh lan ngemil slondok.

3. Sajrone pacelathon ing ndhuwur Rina lan Sinta anggone nyritakake bu Siti migunakake
unggah-ungguh basa…
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus

Gatekna Pacelathon iki!


Sore kuwi Adi didhawuhi ibune ngeterake surat ana daleme pak Cahyo. Bubar kuwi Adi
langsung bali maneh. Satekane ngomah Adi ditakoni karo ibune.
Ibu : “Le, wis bali? Pak Cahyo ana ndalem?
Adi : ………

4. Wangsulane Adi kang trep yaiku…


A. “Sampun bu, pak Cahyo kalau wau wonten ndalem. Seratipun sampun kula caosaken.”
B. “Sampun bu, pak Cahyo kala wau wonten nggriya. Seratipun sampun kula paringaken.”
C. “Mpun bu, pak Cahyo wonten nggriya. Suratipun mpun kula aturke.”
D. “Uwis bu, iki mau pak Cahyo langsung sing nampi surate.”

Gatekna teks wacan ing ngisor iki!


Ana ing sekolahanku saben wayah esuk nalika arep mlebu sekolah ana pembiasaan
senyum, sapa lan salam. Gandheng iki lagi pandemi mula pembiasaan senyum, sapa lan
salam ditindakake kanthi netepi protokol kesehatan. Para siswa unggah-ungguhe ya tetep
senyum diwujudake kanthi mesem, ngaturake salam minangka wujud sapaan lan salam
kang biasane kanthi ngaras astane bapak ibu guru diganti karo nangkepake tangan neng
dada karo manthuk.

5. Adhedhasar wacan ing ndhuwur para siswa ngaturake salam kagem bapak lan ibu guru. Ing
ngisor iki ukara kang nuduhake unggah-ungguhe siswa nalika ngaturake salam kagem
bapak lan ibu guru yaiku…
A. “Pak,bu… asmanipun sinten?”
B. “Sugeng enjing pak, sugeng enjing bu.”
C. “Nuwun sewu, ndherek langkung pak, bu.”
D. “Pak, bu kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.”

Gatekna wacan ing ngisor iki!


Budi bocah kang tansah nengenake unggah-ungguh, seneng mbiyantu kancane,
dheweke uga kepetung bocah kang enthengan. Dina iki Budi nggawa permen sawungkus
kang isine ana 50 iji. Sadurunge pasinaon diwiwiti permen kuwi didumake marang kancane
ing kelas rata. Kancane sakelas ana cacah 25.

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 2


Jam 07.00 bel wis muni mertandhani kegiatan pasinaon diwiwiti, saben dina pasinaon
diwiwiti kanthi kegiatan literasi suwene 15 menit. Bapak/Ibu guru uga wis samekta ing kelas.
Sawise kegiatan literasai bu guru maringi wara wara menawa pasinaon dina iki mengko
dipungkasi jam 10.00, amarga bapak ibu guru ana kegiatan workshop. Budi lan kanca-
kancane miwiti pasinaon ing sekolah kanthi tertib lan temen. Jam pelajaran sepisanan yaiku
Basa Jawa, materi kang arep disinau bab unggah-ungguh basa lan tindak tanduk.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur gatekna pratelan ing ngisor iki!


(1) Bu guru matur dhumateng para siswa bilih pasinaon dumugi jam sedasa.
(2) Kegiatan pasinaon ing sekolah dangunipun satus wolungdasa menit
(3) Kegiatan literasi rampung jam pitu langkung gangsal welas menit.
(4) Kegiatan pasinaon dangunipun tigang jam gangsal welas menit.
(5) Saben siswa ing kelas nampi permen cacah kalih saking budi.

6. Saka pratelan ing ndhuwur kang nuduhake pratelan kang jumbuh karo isine wacan yaiku…
A. (1), (2), (3)
B. (1), (2), (5)
C. (2), (3), (5)
D. (2), (3), (4)

Gatekna Teks wacan ing ngisor iki!


Sekolah

Wayah esuk jam 06.00 Dewi wis rampung anggone tata-tata arep mangkat sekolah. Ora
lali Dewi uga wis siap nganggo masker. Dewi kalebu salah sijine siswa kelas 7 ing SMP Sinar
Bangsa. Dina iki Dewi katon semangat lan sumringah, amarga iki dina sepisanan Dewi bakal
ketemu bapak ibu guru lan kanca-kanca ing pembelajarana tatap muka sawise 1,5 tahun iki
amung bisa nindakake pembelajaranan jarak jauh, apa maneh iki kalebu sepisanan Dewi bakal
ketemu bapak ibu lan kanca-kancane anyar ing SMP. Sadurunge mangkat sekolah ora lali Dewi
sarapan luwih dhisik, amarga ngendikane bapak ibu guru sadurunge nindakake pembelajaran
tatap muka para siswa kudu wis mangan lan ngombe sing cukup. Bubar sarapan Dewi ora lali
pamitan marang bapak lan ibu.
“Bapak, Ibu, kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.” Dewi pamitan karo salim
lan ngaras astane bapak lan ibune.
“Ya ndhuk, sekolah sing temen, aja lali tetep njaga protokol kesehatan!” Ngendikane bapak
nuturi Dewi.
“Iya ndhuk, ati-ati ya.” ibu uga ngendikani.
“Nggih pak,bu.” Dewi mangsuli banjur mangkat mlaku menyang sekolah.
Dewi mangkat sekolah amung mlaku, omahe Dewi kepetung ora adoh saka sekolahan udakara
amung 500 meter.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, gatekna pratelan ing ngisor iki!


(1) Dewi ngajeni Bapak lan ibunipun
(2) Dewi seneng marang bapak lan ibu
(3) Bapak lan ibu minangka tiyang sepuhipun
(4) Rasa gematine Dewi marang bapak lan ibu

7. Nalika pamitan marang bapak lan ibune Dewi migunakake unggah-ungguh basa krama, bab iki
amarga…
A. (1), (2)
B. (2), (3)
C. (1), (3)
D. (2), (4)

Gatekna wacan iki!


Jam 06.15 WIB Galang wis rampung adus lan nganggo sragam sekolah kang wis disetlika
mlithit. Galang banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing jenenge Gendhis. Sawise

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 3


rampung sarapan Galang lan Gendhis padha njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibune.
Galang ngajak salaman bapakne karo diaras astane.
Galang : “Pak, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah.
Kula nyuwun donga saha pangestunipun bapak!”
Bapak : “Iya le, muga-muga sliramu tansah antuk keslametan lan
lancar anggonmu sinau!”
Galang : “Matur nuwun Pak donganipun.”
Sawise iku Galang banjur pamit marang ibune, kanthi patrap kang padha marang
bapake.Semono uga Gendhis uga nindakake patrap kayadene kangmase iku. Gendhis pamit
marang bapak lan ibune
Galang : “Kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah, Bu!”
Ibu : “Sing ngati-ati ing dalan lan tansah manut dhawuhe bapak ibu
guru ya, Le!”
Galang : “Inggih ibu. Kula ngestokaken dhawuhipun panjenengan.
Pareng Bu, Pak!”
Gendhis : “Pareng nggih Pak, Bu, , nyuwun pamit rumiyin!”
Ibu : “Eh…le..nok iki sangune.” Ibune ngulungke dhuwit sepuluh ewunan loro
kanggo bocah loro
Galang & gendhis : “Matur nuwun nggih Bu.”

8. Ukara kang trep karo isi wacan kasebut yaiku …


A. Galang lan Gendhis sregep sinau saben dina, mula bijine apik.
B. Bocal loro saben diwenehi sangu mesthi dientekake kabeh ora ana sing dicelengi.
C. Saben arep mangkat sekolah bocah loro mau tansah pamitan marang bapak-ibune.
D. Galang lan Gendhis menawa mangkat sekolah diterke lan dipethuk dening wong tuwane.
9. Miturut wacan kasebut pira gunggunge sangune Galang lan Gendhis saben sesasi, upama
sesasine 24 dina?
A. Kalihdasa ewu rupiyah
B. Kaliahatus kawandasa ewu rupiyah
C. Kawanatus seket ewu rupiyah
D. Kawanatus wolungdasa ewu rupiyah
Gatekna pacelathon iki!
Bapak : ”Arep menyang ngendi le, kok wis dandan?”
Rudi : ”Badhe Latihan ngeband Pak.”
Ibu : ”Kancane sapa wae le?”
Rudi : ”Kathah kok bu, Amin, Sapta, Reno sedaya kanca sekolah. ”
Bapak : ”Ya kana, ning mulihe ora mampir-mampir, apa perlune wae, saiki kudu
waspada, virus COVID-19 akeh neng ngendi-ngendi.”
Rudi : ”Inggih Pak, kula bidhal riyin nggih Pak Buk, nyuwun pangestu.”
Ibu : ”Ya, ngati-ati le, ora sore-sore le mulih, karo kancane sing akur.”
Rudi : ”Inggih Bu.”
10. Apa piwelinge bapak marang Rudi?
A. Supaya Rudi tansah ngati-ati ing dalan
B. Rudi ora dikeparengake mulih nganti sore
C. Karo kancane didhawuhi sing akur ora ara padha pasulayan
D. Supaya waspada marang COVID-19 kang akeh ing ngendi-endi
Gatekna pacelathon iki!
Sawijining dina Hana ora mlebu sekolah, mula Hana banjur nyilih cathetan kancane supaya
ora ketinggalan wulangan. Hana banjur menyang omahe Rini.
Hana : ”Rin…aku nyilih buku cathetan pelajaran mau ya.”
Rini : ”lha ngapa kowe mau ora melu PJJ?”
Hana : ”Aku ki ndherekke simbah neng Puskesmas. Bu Warti maringi tugas apa
Rin?”
Rini : ”Tugase saka Bu Warti ki awake dhewe didhawuhi gawe peta konsep,
dikumpulke minggu ngarep.”
Hana : ”Oh ya, nuwun ya Rin.”

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 4


11. Nalika Hana omongan marang Rini ngomongake anggone ndherekake simbah ing
Puskesmas lan lan nakokake tugas saka Bu Warti, migunakake unggah-ungguh basa ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus

Gatekna teks iki!


Nalika pasinaon Basa Jawa ana siswa kang durung paham marang apa kang diterangake
dening Pak Samsul. Pak Samsul banjur menehi kalodhangan marang siswa sing arep
nyuwun pirsa.

12. Ukara kang becik tumrap siswa menawa arep nyuwun pirsa marang guru yaiku matur …
A. ” Pak, kula badhe tangklet Pak, amarga dereng mudheng.”
B. “ Pak, menawi kepareng kula ajeng taken.”
C. “ Pak, kula badhe nyuwun pirsa.”
D. “ Pak guru, aku arep takon.”

Gatekna ukara-ukara ing tabel iki!


No Ukara
1 Bapak tindak kantor kala wau jam 06.30 nitih sepedha motor.
2 Kula sampun dhahar sareng kalian budhe lan pakdhe.
3 Pak guru maringi tugas nulis teks cerita pengalaman kang nyenengake.
4 Aku didhawuhi ibuku tuku buku ana ing toko buku Prestasi.
5 Simbah maringi arta adhi kula kangge tumbas seragam.

13. Ukara-ukara kasebut kang migunakake unggah-ungguh basa ngoko alus yaiku …
A. 1 lan 3
B. 2 lan 3
C. 3 lan 4
D. 4 lan 5

Gatekna teks pacelathon iki!


Mulih sekolah Shinta lan Rani mlaku bebarengan. Ing dalan dheweke padha omong-
omongan bab vaksinasi.
Shinta :”Ren, awake dhewe iki kapan ya vaksin sing kapindho?”
Reni :”Tunggu wae kabar saka sekolahan.”
Shinta :”Lha nanging ing padukuhanku iki bola bali disiarke menawa warga
masyarakat kudu vaksin ping pindho.”
Reni :”Maksudmu njur arep melu vaksin melu kampung?”
Shinta :”Iya, menawa dikeparengke.”
Reni :”Matur bu guru wae, supaya jelas.”
Shinta banjur matur marang wali kelase, supaya oleh katrangan kang gumathok bab
vaksinasi iki.
Shinta :”Bu Guru, vaksin ingkang kaping kalih menika kapan nggih? Kedah nengga
saking sekolah menapa saged ndherek wonten kampung bu?
Bu Guru :”Nengga kabar saking sekolah riyin, kados minggu ngajeng.”
Shinta :”O nggih Bu Guru, matur nuwun.”

Adhedhasar pacelathon kasebut, gatekna ukara iki!


(1) Shinta lan Reni minangka kanca kang wis kulina srawung, mula anggone guneman
nganggo basa ngoko.
(2) Reni ora sarujuk menawa Shinta vaksin ing sekolahan.
(3) Shinta anggone matur marang bu Guru nganggo basa krama alus.
(4) Bu Guru anggone ngendika marang Shinta nganggo basa ngoko.

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 5


14. Ukara kang jumbuh karo isine pacelathon yaiku …
A. (1) lan (2)
B. (1) lan (3)
C. (2) lan (3)
D. (3) lan (4)

Gatekna pacelathon iki!


Dina Minggu awan ing pasar Fina ketemu karo bu Weni guru Bahasa Jawa ing sekolahane.
Fina banjur sapa aruh marang Bu Weni kang lagi arep mundhut lele.
Fina :”Sugeng siyang Bu Weni”
Bu Weni :”Sugeng siyang mba Fina, kalih sinten mba?”
Fina :”Kula piyambak Bu.”
Bu Weni :”Arep blanja apa mba Fina, kok mung dhewekan?”
Fina :”Kula menika diutus ibu supados tumbas bumbu pawon bu.”
Bu Weni :”Ibumu rak ya sehat to mba, kok kowe menyang pasar dhewe?”
Fina :”Ibu nembe momong adhik, kalian reresik griya bu.”
Bu Weni :”Ya wis kana gek ndang blanja, ndak selak ditunggu ibumu kanggo
mangsak.
Fina :”Inggih bu, matur nuwun

Sawise maca pacelathon, banjur gatekna pratelan iki!


(1) Fina duwe kapinteran blanja ing pasar.
(2) Fina ketemu karo gurune banjur sapa aruh kanthi bener
(3) Fina arep tuku jajan kanggo adhike sing ana ngomah
(4) Fina anggone matur marang Bu Weni nganggo unggah-ungguh basa kang bener.

15. Endi pratelan kang jumbuh karo isine pacelathon?


A. (1) lan (2)
B. (2) lan (3)
C. (2) lan (4)
D. (3) lan (4)

Gatekna Wacan ing ngisor iki!


Esuk kuwi bubar tata-tata keperluan sekolah lan sarapan Dewi ora lali pamitan marang
bapak lan ibu.
“Bapak, Ibu, kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.” Dewi pamitan karo salim
lan ngaras astane bapak lan ibune.
“Ya ndhuk, sekolah sing temen, aja lali tetep njaga protokol kesehatan!” Ngendikane bapak
nuturi Dewi.
“Iya ndhuk, ati-ati ya.” ibu uga ngendikani.
“Nggih pak,bu.” Dewi mangsuli banjur mangkat mlaku menyang sekolah.
Dewi mangkat sekolah amung mlaku, omahe Dewi kepetung ora adoh saka sekolahan
udakara amung 500 meter.

16. Adhedhasar wacan ing ndhuwur, temtokna pratelan ing ngisor iki jumbuh apa ora karo isine
wacan
A. Omahe Dewi adohe udakara 0,5 km saka sekolahan.
B. Dewi ora mangsuli marang pangandikane ibu.
C. Dewi ora pamitan marang bapak lan ibune.
D. Ibune Dewi weling supaya anggone menyang sekolah mruput.

Gatekna wacan iki!


Sakwise pamitan marang bapak lan ibune Shania nuli age-age njangkah sikile mecaki
dalan tumuju sekolahan. Sekolahane Shania ora adoh saka omahe mung udakara setengah
kilo meteran, mula saben dina dheweke cukup mlaku anggone sekolah. Anggone mlaku ana
ing sisih kiwa supaya tansah nemu keslametan. Angger wis metu saka gapura perumahan
mesthi banjur kepethuk kanca-kanca kang uga arep mlebu sekolah. Ana kang mlaku, ana
kang numpak pit, ana uga kang diterke wong tuwane kanthi numpak motor. Dalan tumuju

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 6


sekolahan tansaya awan tansaya rame, saka ramene bocah sekolah uga para pegawe
pabrik kang ora adoh saka pawiyatan kasebut.
Lakune bocah-bocah ngliwati daleme Pak Lurah kang lagi nyirami tanduran. Mula
bocah-bocah iku banjur padha ndhungklukake sirahe kanthi polatan sumeh, karo matur
nuwun sewu ndherek langkung. Ora let suwe bocah-bocah wis tekan sekolahan. Bocah-
bocah banjur padha ngucap salam marang guru kang jumeneng ing regol.

17. Adhedhasar wacan ing dhuwur aranana andharan iki bener apa salah
Andharan Bener Salah
Shania sakanca mlaku dhewe-dhewe anggone mangkat
sekolah. Metu saka gapura sepi ora ana kanca sing liwat.
Mbokmenawa wis dha mangkat, Shania tekan
sekolahan

18. Gathukna kang trep antarane ukara ing sisih kiwa karo unggah-ungguh basa ing sisih
tengen!
Ukara Pilihan
Ngendikane ibu, bapak arep tindak Surabaya sore iki. A. Krama lugu
B. Krama alus
C. Ngoko lugu
D. Ngoko alus

19. Ganepana cecek-cecek ing ukara iki kanthi milih wangsulan ing sisih tengen!
Aku sing didhawuhi……dhaharan simbah saben dina. A. maringi
B. nyaosi
C. nyukani
D. ngaturi

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli soal nomor 20!

Prof. Dr. Chaerul Anwar Nidom, guru besar biokimia lan biologi molekuler Unair,
Surabaya, mratelakake menawa virus Corona angel nginfeksi masarakat Indonesia amarga
masarakat Indonesia duwe tradhisi ngonsumsi unjukan utawa omben-omben herbal sarta
panganan kang akeh bumbu herbale, sawatara wektu kepungkur, narik kawigatene
masarakat.
Ing wulan kapisan tumekane pageblug Covid-19 (Maret 2020), sawatara bahan herbal
ing pasar-pasar tradhisional regane langsung mundhak ndedel. Temulawak, sere, jahe, lan
kunir kalebu jinising herbal kang disebutake Prof CA. Nidom bisa kanggo ngawekani lan
nelukake virus Corona, regane langsung ndedel. Ora mung mundhak 100 persen, nanging
nganti 200 persen. Ing pasar Beringharjo, Ngayogyakarta, upamane, temulawak kang
biasane regane Rp 5000 saben sekilograme, langsung mundhak dadi Rp15.000. Sere kang
biasa didol Rp 6000 satekem langsung ganti rega dadi Rp 18.000.
Semono uga jahe lokal alias jahe emprit, kang sakawit regane Rp 35.000/kg dadi Rp
50.000. Kunir kuning, yen adate regane mung Rp 6.000/kg, dadi Rp 15.000. Rega jahe
abang luwih larang maneh. Yen sakawit Rp 40.000/kg, dadi Rp. 100.000. Ramuan wedang
uwuh, kang bahan-bahane dumadi saka jahe, sere, godhong cengkeh, kayu manis, gula
batu, sarta kayu secang, ditambah gula batu, uga melu laris manis. Ora mung warga lokal
Ngayogyakarta wae kang padha mborong ramuan wedang uwuh. Akeh turis dhomestik saka
sanjabane DIY kang uga padha mborong wedang uwuh. Sumebar informasi yen wedang
uwuh uga manjur kanggo nyegah serangane virus Corona.

20. Kang njalari mundhake rega bahan herbal manut wacan kasebut yaiku….
A. Anane pandemi Corona njalari masyarakat Indonesia seneng ngonsumsi bahan herbal.
B. Tradhisi masyarakat Indonesia ngonsumsi omben-omben herbal sarta panganan kang
akeh bumbu herbale
C. Masyarakat Indonesia ngerti menawa tradhisi ngonsumsi unjukan utawa omben-omben
herbal sarta panganan kang akeh bumbu herbale ndadekake kebal karo virus Corona.

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 7


D. Pamanggihe Prof. Dr. Chaerul Anwar Nidom kang narik kawigaten masyarakat, menawa
tradhisi masarakat Indonesia ngonsumsi unjukan utawa omben-omben herbal ndadekake
virus Corona angel nginfeksi.

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 21 lan 22!

Ing wulan kapisan tumekane pageblug Covid-19 (Maret 2020), sawatara bahan herbal
ing pasar-pasar tradhisional regane langsung mundhak ndedel. Temulawak, sere, jahe, lan
kunir kalebu jinising herbal kang disebutake Prof CA. Nidom bisa kanggo ngawekani lan
nelukake virus Corona, regane langsung ndedel. Ora mung mundhak 100 persen, nanging
nganti 200 persen. Ing pasar Beringharjo, Ngayogyakarta, upamane, temulawak kang
biasane regane Rp 5000 saben sekilograme, langsung mundhak dadi Rp15.000. Sere kang
biasa didol Rp 6000 satekem langsung ganti rega dadi Rp 18.000.
Semono uga jahe lokal alias jahe emprit, kang sakawit regane Rp 35.000/kg dadi Rp
50.000. Kunir kuning, yen adate regane mung Rp 6.000/kg, dadi Rp 15.000. Rega jahe
abang luwih larang maneh. Yen sakawit Rp 40.000/kg, dadi Rp. 100.000. Ramuan wedang
uwuh, kang bahan-bahane dumadi saka jahe, sere, godhong cengkeh, kayu manis, gula
batu, sarta kayu secang, ditambah gula batu, uga melu laris manis. Ora mung warga lokal
Ngayogyakarta wae kang padha mborong ramuan wedang uwuh. Akeh turis dhomestik saka
sanjabane DIY kang uga padha mborong wedang uwuh. Sumebar informasi yen wedang
uwuh uga manjur kanggo nyegah serangane virus Corona.

21. Saka wacan kasebut, urutan mundhake rega herbal kang bener saka sere, jae emprit, lan
kunir kuning kang bener yaiku …
A. kalih welas ewu rupiah, gansal ewu rupiah, sangangewu rupiah
B. kaleh welas ewu rupiah, selangkung ewu rupiah, sangangewu rupiah
C. wolongewu rupiah, gangsal welas ewu rupiah, pitungewu rupiah
D. wolungewu rupiah, selangkungewu rupiah, pitungewu rupiah

22. Saka wacan kasebut, undhake rega temu lawak, sere, jae emprit, lan kunir kuning kang
paling akeh yaiku …
A. sere
B. jae emprit
C. temu lawak
D. kunir Kuning

Gatekna crita iki kanggo soal nomer 23 lan 24!

Nalika Antri

Kedadean iki dialami dening kakangku nalika udakara setengah taun kepungkur.
Wektu iku kakangku lagi antri golek surat keterangan sehat ing Rumah Sakit. Wong kang
golek surat keterangan sehat akeh banget, jalaran ngepasi karo pendaftaran seleksi CPNS.
Surat katerangan sehat minangka salah sawijining syarat kanggo ndaftar seleksi CPNS.
Sangking akehe sing golek surat katerangan sehat, kawit tengah wengi sadurunge subuh
wis padha antri teka ing Rumah Sakit.
Nalika iku kakangku lungguh ing kursi tunggu kang sumadya. Ngantuk lan kesel wis
ora dirasakake, amarga meh kabeh Rumah Sakit kahanane padha, antriane akeh. Ing jejere,
lungguh wong wedok kang lagi mbobot. Sauwise takon saperlune, pranyata wong wedok iku
asmane Anisa. Bu Anisa uga antri kanggo golek surat katerangan sehat, dheweke dikancani
garwane kang wektu iku lagi menyang supermarket cedhak Rumah Sakit saperlu tuku
wedang putih karo cemilan kanggo garwane.
“Bayu, piye kabare?” kanca kuliahe kakangku nyedhaki karo takon.
“Weh, kowe Za, Alhamdulillah apik.” Wangsulane kakangku sumringah. Dheweke
rumangsa seneng, ketemu kanca kuliahe lan antri bareng.
“Oleh nomer antrian pira?” Pitakone Reza kancane kakangku.
“Nomer 32, kamangka lehku mangkat ya wis gasik.”
“Tak kancani, aku malah wis nomer 50 iki lho!”

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 8


“Piye meneh, pokoke dilakoni wae.” Kandhane kakangku.
“Ngapunten nggih mba, nek pun ketemu Bayu kula njut lali nggon.” Reza nyoba nyapa
lan aweh katerangan marang wong wedok kang ana ing jejere kakangku.
“Nikah kok ya ora ngabari lho, selamat ya Yu, sedhela maneh kagungan putra.”
Kancane kakangku omong karo ngajak salaman kakangku.
Kakangku bingung plenggongan karo thingak-thinguk noleh banjur mesam-mesem rada
pekewuh.
“Aja ngawur, aku durung nikah.”
“Lha mbake iki sapa?” Pitakone Reza bingung karo nunjuk wong wedok ing jejere
kakangku.
“Iki mono Bu Anisa, piyambake ya lagi antri, padha karo awake dhewe.”
“Inggih, kula dede sisihane Pak Bayu. Kula namung ndherek lenggah wonten ngriki,
kalih negga semah kula.” Bu Anisa nyoba aweh katerangan.
“Menawi mekaten kula nyuwun ngapunten, Bu. Kula klentu.”
“Mboten dados punapa Pak.”
“Mulakno takon dhisik, supaya ora kleru.” Omong mangkono, kakangku karo ngampet
ngguyu.
Reza, kancane kakangku kisinan karo bola-bali njaluk ngapura marang Bu Anisa.

23. Manut jenis-jenis crita pengalaman, crita pengalaman kanthi irah-irahan Nalika Antri kalebu
jenis crita kang ....
A. ngguyokake/lucu
B. nyenengake
C. medeni
D. sedhih

24. Saka crita pengalaman kanthi irah-irahan Nalika Antri, gatekna ukara-ukara pitakon iki!
(1) “Kowe mrene karo sapa Yu?”
(2) “Ing jejermu iki apa garwamu?”
(3) “Iki sapa Yu, sing lungguh ing jejermu?”
(4) “Kapan anggonmu nikah, kok aku ora dikabari?”
(5) “Apa garwamu iki ya melu antri golek surat keterangan sehat?”

Manut panemumu pitakonan apa kang bisa ditakokake Reza marang Bayu nalika ketemu ing
Rumah Sakit supaya ora kisinan?
A. (1), (2), (3)
B. (1), (3), (4)
C. (2), (3), (4)
D. (3), (4), (5)

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 25-26!


………………………………………………………………………………..
Dalan kang dakliwati saya suwe saya sepi lan adoh saka padesan. Nanging aku lan
Prasetyo tetep nerusake anggone mlaku, senajan ora ngerti dalan kang diliwati iki bener apa
ora. Kiwa tengene mung alas jati kang saya katon peteng. Lamat-lamat ana swara kaya
wong omong-omongan. Alon-alon aku lan Prasetyo nyedhaki swara iku.
“Kae kaya ana wong padha omong-omongan, ayo mrana wae mengko takon yen arep
menyang desa Sambirejo arahe ngendi.”
“Ayo, kowe sing ngarep.” Wangsulanku karo minggir aweh dalan kanggo Prasetyo.
Alon-alon motorku takgas nututi motore Prasetyo.
“Endi wonge Pras, ana apa ora?”
“Suwarane mau kaya nang ngarep kono, ning papan kono kok ya peteng. Njajal lampu
motormu koksorotake papan ngarep kuwi!”
“Lhadalah, jebul ngarep dalan buntu, kono kuwi kuburan.”
Gage gage motorku tak puter balik banjur takgas sabanter-bantere. Prasetyo uga banjur
nututi anggonku puter balik ngedohi kuburan kang ana ing ngarepan. Anggone numpak
motor wis ora nggagas tekan ngendi, sing penting bisa ngedohi kuburan lan metu saka dalan
tengah alas mau.

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 9


Wenehana tandha centang ana ing wangsulan bener utawa salah, miturut pratelan kang ana
ing sisih kiwa!
No. Pratelan Bener Salah
25. Ing crita nuduhake papan kedadeane crita lan swasana
kang medeni, crita kasebut kalebu jenis crita pengalaman
kang medeni
26. Ing crita nuduhake kahanan kang sepi, lan crita kasebut
kalebu jenis crita pengalaman kang sedhih/susah

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 27 lan 28!

Gethuk

Pengalaman iki kedadean udakara sewulan kepungkur, nalika dina minggu sore aku
dolan ing Kota Gede. Niate pancen mung mlaku-mlaku karo manasi mobil kang arang
dinggo. Saploke ana Corona, aku sering nganggo motor kanggo lelungan. Jalaran anggone
lunga ora adoh saka ngomah, mula yen minggu sore aku metu saka ngomah kanggo manasi
mobil ngiras momong bocah-bocah.
Omahku asli Yogya, nanging anggonku tuku mobil plat B saka Jakarta. Jalaran wektu
semono nggolek kang regane murah tur barange apik. Ing Kota Gedhe kondhang karo
jajanane kang enak-enak, akeh bakul panganan tradisional kang dodol nganti tekan bengi.
Tekan pojokan pasar katon ana bakul gethuk, aku gage-gage riting lan mandheg ing
sacedhake bakul gethuk. Sauwise mudhun saka mobil, aku banjur nyedhaki bakule gethuk.
Sing dodol wong wadon kang umur-umurane stengah sepuh.
“Mangga pak gethuke tesih anget niki.” Mangkono anggone tawa bakule gethuk.
“Sewungkus regine pinten?”
“Kalihwelas ewu isine campur.”
Aku kaget krungu wangsulane bakule. Sajake bakule gethuk arep nuthuk rega, dumeh
tumpakanku mobil plat B. Apa dikira aku wong adoh sing ora tau tuku gethuk. Ora ngertiya,
aku iki pecinta gethuk sing wis kulina tuku gethuk nang ngendi-ngendi.
Aku banjur wangsulan setengah melehke “Lha kok awis, gethuk sewungkus rolasewu. Lha
wong kula niki nggih bakul gethuk je Yu.”
“Gethuk napa mawon kula apal gethuk lindri, gethuk alus, gethuk legendar, gethuk
ceprot, gethuk mawur, gethuk sokaraja, gethuk trio. Pun sedaya macam gethuk niku jajahan
kula. Sing bener mawon niki regane.”
Sajane aku mesakake karo bakule, nanging yen regane rolasewu sewungkus adoh saka
rega normal. Daksawang bakule gethuk mikir-mikir banjur mangsuli.
“Nggih mpun, sarehning njenengan niku nggih bakul gethuk, kula sadeni rega normal
mawon, sewungkus gangsalewu, hehehe…”
“Lha rak ngoten Yu, pun kula tumbas gangsal wungkus idhep-idhep ngge langganan
Yu.”
Wiwit wektu kuwe meh saben minggu aku tuku gethuk ing kono, jalaran gethuke pancen
enak tenan.

27. Saka wacan crita pengalaman kanthi irah-irahan Gethuk, gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
(1) Menawa arep tuku gethuk aja numpak mobil.
(2) Menawa tuku mobil aja plat B bisa njalari diapusi yen jajan.
(3) Dadi bakul aja mbeda-mbedakake rega kanggone sing tuku.
(4) Menawa ngregani dagangan kudune sing wajar kayadene ing bakul liyane.
(5) Menawa tetuku kadhangkala perlu nganyang, supaya oleh rega sing wajar.
Saka ukara-ukara kasebut, pelajaran apa wae kang bisa dijupuk saka crita pengalaman kang
asesirah Gethuk….
A. (1), (2), (3) C. (3), (4), (5)
B. (2), (3), (4) D. (4), (5), (1)

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 10


28. Saka crita pengalaman kang asesirah Gethuk, apa Bapak kang tuku gethuk iku pancen
bakul gethuk kaya sing dingendikakake marang bakule gethuk. Pilihen salah siji wangsulan
kang bener lan trep karo alasane…
A. Ora, jalaran dheweke tumpakane mobil.
B. Iya, jalaran dheweke ngerti sakabehe jeneng gethuk.
C. Iya, jalaran dheweke kandha marang bakule gethuk, menawa dheweke uga bakul gethuk.
D. Ora, jalaran dheweke ngendika menawa arep langganan lan saben minggu jajan gethuk
ing kono.

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 29 lan 30!

Sekolah nalika Pageblug Corona

Meh udakara rong taun aku ora mangkat sekolah. Pandemi Corona njalari bocah
sekolah ora oleh mangkat ing sekolahan. Menawa dipikir, kahanan kaya mangkono kewlik
saka adate. Jaman sadurunge ana pageblug Corona, saben bocah kudu tertib mangkat
sekolah. Nanging saiki kuwalikane, bocah sekolah ora oleh mangkat, sekolahe ditindakake
saka omahe dhewe-dhewe sarana HP utawa leptop kang disambungake internet. Kabeh iku
minangka usaha kang ditindakake kanggo ngendhaleni supaya virus Corona ora sumebar
saya nemen.
Sasuwene pageblug Corona, akeh wong kang kangelan ing babagan ekonomi. Bakul
ora payu dagangane, karyawan pabrik padha ditokake saka anggone nyambut gawe, usaha
transportasi ora payu lan esih akeh usaha liyane kang padha macet. Ewasemono kabutuhan
urip saya akeh, jalaran ketambahan kabutuhan kayadene vitamin, obat-obatan, masker lan
liya liyane kang diperlokake kanggo njaga badan supaya ora kena virus Corona.
Kalebu kabutuhan pulsa lan data internet kanggo bocah sekolah. Sasuwene pandemi
Corona akeh wong tuwa kang padha sambat, jalaran pendhak minggu kudu nukokake pulsa
kanggo sekolah anake. Kamangka kanggo nyukupi pangan saben dinane wae rekasa.
“Bu, nyuwun arta kangge tumbas pulsa.” Mangkono aturku marang Ibuku sawijining
dina. Anggonku matur takwaek wanekake, jalaran aku ngerti menawa Ibu durung mesthi
kagungan dhuwit. Nanging kebutuhan kanggo sekolahku uga ora bisa diselaki.
“Apa nggonmu tuku pulas minggu wingi wis entek Tik?”
“Sampun Bu, namung cekap kangge setunggal minggu.”
“Apa ora bisa diirit ta ndhuk?” Ibu takon serius marang putrane, Tika.
“Menika sampun kula irit Bu, paket datanipun namung kula gesangaken kangge
kabetahan sekolah. Menawi mboten kangge kabetahan sekolah paket datanipun kula
pejahi.”
“Coba dietung, anggonmu tuku pulsa rega pra lan olehe sepira?”
“Kula tumbas pulsa RP 30.000 lajeng kula paketaken mingguan pikantuk 7 giga.”
“Anggonmu sekolah sedina ngenteke pirang giga?”
“Rata-rata 1 giga bu, kadhang kirang saking 1 giga, kadhang nggih langkung.”
“Wingi pak RT ngumumake menawa mbutuhake wong 10 kanggo patungan masang
Wifi. Jare masange gratis, nanging saben wulan mbayar Rp100.000” Ibu ngendika
mangkono karo katon mikir.
“Menawa Ibu melu ndaftar kira-kira kepriye ndhuk?” Ibu mbacutake ngendikane.
“Nggih mboten napa-napa bu, menawi Ibu kagungan arta kangge mbayar saben
sasinipun.”
Sauwise dietung-etung pungkasane Ibuku mutusake kanggo ndaftar masang Wifi.

29. Sauwise maca wacan kang asesirah Sekolah Nalika Pageblug Corona, Tika lan Ibune yen
dirata-rata saben wulane bisa ngirit dhuwit pulsa sepira….
A. seketewu rupiah
B. kawandasa rupiah
C. tigang dasa ewu rupiah
D. kalih dasa ewu rupiah

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 11


Adhedhasar wacan kang asesirah Sekolah Nalika Pageblug Corona, gathukna pitakonan
kang trep karo wangsulan kang ana ing sisih tengen!
No Pitakonan Wangsulan
30. Apa kang njalari Ibune Tika mutusake A. Gratis anggone
kanggo ndaftar pasang Wifi? masang
B. Luwih irit tinimbang
tuku pulsa
C. Bayare mung Rp
100.000
D. Ngurangi duwit blanja

Pacelathon kanggo mangsuli pitakon nomer 31-32

Dina Minggu esuk Ratri lan Radit padha katon ibut tumandang gawe ing plataran omah.
Bocah loro iku didhawuhi reresik plataran supaya padhang semilak ora njembrung. Sinambi
reresik Ratri nembangke lagu “Kecik-kecik”.
Ratri : ”Kecik-kecik ditumpakna sepur
Sawo kecik ya dironce-ronce
Sapa pengin urip subur makmur
Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe
Oing numpak andhong sakdhokare
Oing gotong royong ro kancane”
Radit : ”Kowe kuwi nembang apa ta mbak?”
Ratri : ”Lagu kecik-kecik. Durung tau krungu lagu iki pa?”
Radit : ”Woalah, biyen wis tau mireng ning sekolahan nalika pak Ahmadi mulangake
materi parikan.”
Ratri : ”Iya, bener aku nembangake lagu iki supaya anggonmu nyambut gawe bisa luwih
semangat. Ayo enggal dirampungake supaya mengko bisa enggal leren.”
Radit : ”Siap komendan!”

31. Isi pacelathon ing dhuwur yaiku….


A. Pangudarasane Ratri lan Radit
B. Reresik plataran omah
C. Tembang kecik-kecik
D. Sinau parikan

32. Miturut lirik lagu” Kecik-kecik”, wose saka ukara sampiran sawo kecik ya dironce-ronce
yaiku….
A. Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe
B. Oing numpak andhong sakdhokare
C. Oing gotong royong ro kancane
D. Sapa pengin urip subur makmur

Pacelathon kanggo mangsuli soal no 33-34

Dina iki Yuli lagi mumet. Dheweke oleh tugas saka bu Ranti gawe parikan. Yuli banjur
marani mbakyune kang lagi leyeh-leyeh ana ing kamar.
Yanti : ”Ngapa, mlebu mlebu kok manyun.”
Yuli : ”Iki lho aku oleh tugas gawe parikan nanging aku isih bingung. Mbok aku diwenehi
inspirasi, Mbak.”
Yanti : ”Wis diterangke karo bu Ranti ta, kepiye carane gawe parikan.”
Yuli : ”Uwis ning aku isih bingung. Sekolah daring iki ndadekake aku ora mudheng karo
materi. Beda yen bisa ketemu langsung karo bu Ranti.”
Yanti : ”Kuwi amarga anggonmu sinau daring ora temenanan. Yen awakmu nyemak
temenanan materi kang diparingake bu Ranti mesti mudheng. Nah, saiki
permasalahanmu kuwi wae digawe parikan. Sing baku parikan iku kedadean saka
rong ukara utawa patang ukara kang migunakake purwakanthi swara.”
Yuli : ”Woiya bener mbak kandamu. Saiki aku wis oleh inspirasi.

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 12


Menyang sekolah ngeterake Rina
Atiku susah amarga corona
Ngeterake Rina diboncengake miring
Amarga corona sekolahe kudu daring.”
Yanti : ”Siiip, adhiku pancen pinter tenan.”
33. Isi pacelathon ing dhuwur yaiku….
A. jagongan karo mbakyune
B. mumet amarga tugas
C. sekolah daring
D. garap tugas
34. Ukara purwaka saka parikan karangane Yuli ing dhuwur yaiku….
A. Menyang sekolah ngeterake Rina
Atiku susah amarga corona
B. Ngeterake Rina diboncengake miring
Amarga corona sekolahe kudu daring
C. Menyang sekolah ngeterake Rina
Ngeterake Rina diboncengake miring
D. Atiku susah amarga corona
Amarga corona sekolah kudu daring
Pacelathon kanggo mangsuli soal no 35-36

Dina jumat legi mligi dina kanggo kerja bakti resik-resik sekolah. Bocah-bocah
didhawuhi ngresiki kelase dhewe-dhewe. Anita, Yanti lan Yuli kejatah sing nyapu. Bayu,
Dodi, Agus lan Made ngepel jogan kelas. Rio, Santi, Danang, lan Keisya ngresiki kaca
cendhela lan nata kelas. Dene bocah liyane padha reresik plataran sekolah. Sawise
rampung banjur padha ngaso sinambi padha bedhekan.
Anita : “Dhik, ayo padha siktar rengreng.”
Yanti : ”Apa kuwi mbak, siktar rengreng.”
Yuli : ”Reresik latar bareng-bareng. Ngono we ra ngerti!”
Rafi : ”Alaaah ngono aku ya bisa, Mbak! Saiki delengen tarsiktineng.”
Renita : “Mesti latare resik atine seneng. Hooh ta?”
Rafi : ”Mbak Reni ki pancen cahgeplahter tenan kok!”
Renita : ”Ya kudu ngono. Kowe ya bisa kok dadi bocah sregep sekolahe pinter!”
Rafi : ”Eh, Mbak. Aku wingi krungu kabar ana wong mati dilumpati kucing urip
lho!”
Renita : “Lah iya. Yen mati kucinge ora bisa mlumpat ngono!”
Rafi : ”Saiki bedheken! Aku mau weruh pitik ndhase telu lho!”
Renita : ”Pitik ndhase telu? Emm…kuwi pitik ajaib iya ta…”
Rafi : ”Salah! Pasrah ta mbak? Kuwi batangane pitik endhase dibuntel wulu.”
Renita :”We…kowe iya pinter ta dhik? Merga aku ora bisa nbedhik cangkrimanmu
mengko taktukoke jus pitik walik saba kebon.”
Rafi :”Asiiik, matur nuwun, mbak!”
Ora krasa bocah loro iku wis mari kesele mula banjur nerusake anggone reresik plataran.

35. Tuladha ukara cangkriman wancahan lan plesedan kang ana ing pacelathon ing dhuwur
yaiku….
A. Siktar rengreng lan cahgeplahter
B. Pitik ndhase telu lan pitik walik saba kebon
C. Tarsiktineng lan wong mati dilumpati kucing urip
D. Wong mati dilumpati kucing urip lan pitik walik saba kebon

36. Miturut pacelathon ing dhuwur, Cangkriman kang diandharake dening Renita yaiku
cangkriman kang awujud…lan ….
A. Wancahan lan blenderan
B. Wancahan lan irib-iriban
C. Blenderan lan irib-iriban

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 13


D. Irib-iriban lan awujud tembang
Pacelathon kanggo mangsuli soal no 37-38

Widada : ”Yen nyata pinter bedheken cangkriman iki, Gas!”


Bagas : ”Ya, apa coba kandhakna!”
Widada : ”Kewan apa sing sirahe ing sirah, wetenge ing sirah, sikile ing sirah?”
Bagas : ”Wah ya ora ana, mosok kewan kok apa-apane ing sirah, wis tobat aku.”
Widada : ”Kewan sing apa-apane ing sirah iku jenenge tuma sing ana ing sirahmu.
He…he…he….”
Bagas : ”Wah, ngece! Saiki genti aku sing takon, ana dara mencok ing dhuwur gendheng,
ditembang kena siji, saiki darane isih pira?”
Widada : ”Walah gampang, wangsulane darane isih papat.”
Bagas : ”Salah!”
Widada : ”Kok salah, yen lima dikurangi siji kuwi rakya papat ta?”
Bagas : ”Wangsulane nol alias entek. Mosok weruh kancane ketembak kok padha meneng
wae, arep bunuh diri pa? Mesti rakya jur mabur kabeh. Piye
Widada : ”Wo iya, jebul luwih pinter kowe, Gas.”

Wenehana tandha centang ana ing wangsulan bener utawa salah, miturut pratelan kang ana
ing sisih kiwa!
No Pratelan Bener Salah

37. Kewan sing sirahe ing sirah, wetenge ing sirah, sikile
ing sirah kalebu cangkriman plesedan
38. Ana dara lima ditembak kena siji, saiki darane isih pira?
Ukara bedhekan iki kalebu cangkriman irib-iriban.

Gatekna Wacan iki kanggo soal nomer 39-40!

Sawise pamitan marang bapak lan ibune Ayu nuli age-age njangkahake sikile mecaki
dalan tumuju sekolahane. Sekolahane Ayu ora adoh saka ngomahe mung udakara setengah
kilo meteran mula saben dina dheweke cukup mlaku anggone sekolah. Tekan ing dalan Ayu
kepethuk kanca-kancane kang aran Firman,Yesy lan Odi. Bocah-bocah mau anggone mlaku
gliyak-gliyak ora kesusu lan padha ngati-ati. Anggone mlaku padha jejer loro-loro. Supaya
gayeng sinambi mlaku Ayu menehi bedhekan kanggo kancane.
“Aku duwe bedhekan sapa sing bisa njawab mengko takjajakke bakso.”

Bapak pocung yen enom klambine gadhung


Yen wis rada tuwa
Si pocung klambine kuning
Tuwa pisan si pocung klambine abang
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Plembang
Ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana

Gathukna kang trep antarane ukara ing sisih kiwa karo unggah-ungguh basa ing sisih tengen!
No Cangkriman Wangsulan
39. Bapak pocung yen enom klambine gadhung A. Gajah
Yen wis rada tuwa B. Jerapah
Si pocung klambine kuning C. Pelem
Tuwa pisan si pocung klambine abang D. Mlinjo
40. Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Plembang
Ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana

Tes Asesmen Literasi Numerasi 2021/2022 Kls. 7 Bahasa Jawa 14

Anda mungkin juga menyukai