Anda di halaman 1dari 9

TES ASESMEN LITERASI NUMERASI

TINGKAT SEKOLAH MENENGAH PERTAMA

TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas : VII (Tujuh)

Hari/ Tanggal :

Waktu : 40 Menit

PETUNJUK UMUM

1. Isikan identitas Anda dengan benar

2. Tersedia waktu 20 menit untuk mengerjakan tes tersebut.

3. Jumlah soal sebanyak 20 butir, pada setiap butir soal terdapat 4 (empat) pilihan jawaban.

4. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya dengan cermat.

5. Periksalah pekerjaan Anda sebelum dikumpulkan

6. Berdoalah sebelum mengerjakan

PETUNJUK KHUSUS

I. Pilihlah jawaban di bawah ini yang paling benar!

Gatekna teks wacan iki!

Kanca Anyar

Indri mlebu sekolah sepisanan ing dina iki. Indri minangka siswa anyar kelas 7 ing SMP Bakti Luhur.
Satekane sekolahan, ana ing njero kelas Indri ketemu karo kanca-kanca, Indri banjur ngajak kenalan
kancane sing lungguh ana ngarepe.

“Eh mbak, jenengmu sapa? Aku Indri.” Indri takon ngajak tetepungan kancane, karo mesem. “Jenengku
Nisa.” Wangsulane kancane karo mesem uga.

“Mbiyen saka SD ngendi Nis?”

“Aku saka SD Suka Maju, lha kowe saka SD ngendi Indri?”


“Aku mbiyen saka SD Madusari.”

Ngono rembugane antarane Indri karo Nisa, bocah loro padha kenalan sadurunge pasinaon kawiwitan.

1. Unggah ungguh basa kang digunakake Indri lan Nisa nalika kenalan bisa nuduhake menawa…

A. Bocah loro kuwi padha ngajenine

B. Nisa ora ngajeni marang Indri

C. Indri wis kenal karo Nisa

D. Indri lan Nisa saumuran

Gatekna Pacelathon iki!


Dina iki dina Minggu, Agus lan keluargane lagi kumpul ana ing teras mburi omah sinambi padha
jagongan.

Ibu : “Le, Agus jarene kowe pengen tuku sepedha onthel ya?”

Agus : “Nggih ibu, leres.”

Bapak : “ Lha jarene kowe duwe tabungan le?”

Agus : “Nggih pak, mangkih kula nyuwun tambah menawi kirang nggih? Hehe…”

Ibu : “Lha celenganmu pas riyaya Idul Fitri wingi rak wis nglumpuk sayuta limangatus ewu ta le?
Ditambahi simbah telungatus ewu. Durung pakdhe Narto lan bulik Sumi nambahi rongatus ewu karo
telungatus ewu. Lha akehmen celenganmu.”

Bapak : “lha kuwi tegese wis ana pira gunggunge celenganmu le?”

Agus : …..
2. Wangsulane Agus kang trep miturut unggah-ungguh basa yaiku…

A. “Dadosipun sampun ngempal kalih yuta tigangatus ewu pak.”

B. “Dados sampun ngempal rong yuta telungatus ewu pak.”


C. “Nggih pak, sampun nglumpuk kalihlikur yuta.”

D. “Sampun ngempal kalih yuta kalih atus pak.”

Gatekna Pacelathon ing ngisor iki!

Sore kuwi Rina dolan menyang omahe Sinta, bocah loro lagi pada asik jagongan.

Rina : “Sinta, wingi kowe dolan karo keluargamu neng Malioboro to?”

Sinta : “Iya Rin, aku karo bapak, ibu, lan adhiku.”


Rina : “Wah!, seneng ya? Rame ora neng kana Sin?”

Sinta : “Ya cetha rame ta. Eh… aku ketemu karo bu Siti lo, bu guru sing ngasta Mapel Basa Jawa kae lo.”

Rina : “Apa iya? Bu Siti tindak Malioboro karo sapa?”

Sinta : “Bu Siti sing tindak Malioboro mung karo garwane kok.”

Rina : “Ooo…”

Rina lan Sinta nerusake anggone jagongan sinambi ngombe es teh lan ngemil slondok.

3. Sajrone pacelathon ing ndhuwur Rina lan Sinta anggone nyritakake bu Siti migunakake unggah-
ungguh basa…

A. Ngoko lugu

B. Ngoko alus

C. Krama lugu

D. Krama alus

Gatekna Pacelathon iki!

Sore kuwi Adi didhawuhi ibune ngeterake surat ana daleme pak Cahyo. Bubar kuwi Adi langsung bali
maneh. Satekane ngomah Adi ditakoni karo ibune.

Ibu : “Le, wis bali? Pak Cahyo ana ndalem? "

Adi : ………

4. Wangsulane Adi kang trep yaiku…

A. “Sampun bu, pak Cahyo kalau wau wonten ndalem. Seratipun sampun kula caosaken.”

B. “Sampun bu, pak Cahyo kala wau wonten nggriya. Seratipun sampun kula paringaken.”

C. “Mpun bu, pak Cahyo wonten nggriya. Suratipun mpun kula aturke.”

D. “Uwis bu, iki mau pak Cahyo langsung sing nampi surate.”

Gatekna teks wacan ing ngisor iki!

Ana ing sekolahanku saben wayah esuk nalika arep mlebu sekolah ana pembiasaan senyum, sapa lan
salam. Gandheng iki lagi pandemi mula pembiasaan senyum, sapa lan salam ditindakake kanthi netepi
protokol kesehatan. Para siswa unggah-ungguhe ya tetep senyum diwujudake kanthi mesem, ngaturake
salam minangka wujud sapaan lan salam kang biasane kanthi ngaras astane bapak ibu guru diganti karo
nangkepake tangan neng dada karo manthuk.
5. Adhedhasar wacan ing ndhuwur para siswa ngaturake salam kagem bapak lan ibu guru. Ing ngisor iki
ukara kang nuduhake unggah-ungguhe siswa nalika ngaturake salam kagem bapak lan ibu guru yaiku…

A. “Pak,bu… asmanipun sinten?”

B. “Sugeng enjing pak, sugeng enjing bu.”

C. “Nuwun sewu, ndherek langkung pak, bu.”

D. “Pak, bu kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.”

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Budi bocah kang tansah nengenake unggah-ungguh, seneng mbiyantu kancane,

dheweke uga kepetung bocah kang enthengan. Dina iki Budi nggawa permen sawungkus kang isine ana
50 iji. Sadurunge pasinaon diwiwiti permen kuwi didumake marang kancane ing kelas rata. Kancane
sakelas ana cacah 25.

Jam 07.00 bel wis muni mertandhani kegiatan pasinaon diwiwiti, saben dina pasinaon

diwiwiti kanthi kegiatan literasi suwene 15 menit. Bapak/Ibu guru uga wis samekta ing kelas. Sawise
kegiatan literasai bu guru maringi wara wara menawa pasinaon dina iki mengko dipungkasi jam 10.00,
amarga bapak ibu guru ana kegiatan workshop. Budi lan kancakancane miwiti pasinaon ing sekolah
kanthi tertib lan temen. Jam pelajaran sepisanan yaiku Basa Jawa, materi kang arep disinau bab unggah-
ungguh basa lan tindak tanduk.
Adhedhasar wacan ing ndhuwur gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Bu guru matur dhumateng para siswa bilih pasinaon dumugi jam sedasa.

(2) Kegiatan pasinaon ing sekolah dangunipun satus wolungdasa menit

(3) Kegiatan literasi rampung jam pitu langkung gangsal welas menit.

(4) Kegiatan pasinaon dangunipun tigang jam gangsal welas menit.

(5) Saben siswa ing kelas nampi permen cacah kalih saking budi.
6. Saka pratelan ing ndhuwur kang nuduhake pratelan kang jumbuh karo isine wacan yaiku…

A. (1), (2), (3)

B. (1), (2), (5)

C. (2), (3), (5)

D. (2), (3), (4)

Sekolah
Wayah esuk jam 06.00 Dewi wis rampung anggone tata-tata arep mangkat sekolah. Ora lali Dewi uga wis
siap nganggo masker. Dewi kalebu salah sijine siswa kelas 7 ing SMP Sinar Bangsa. Dina iki Dewi katon
semangat lan sumringah, amarga iki dina sepisanan Dewi bakal ketemu bapak ibu guru lan kanca-kanca
ing pembelajarana tatap muka sawise 1,5 tahun iki amung bisa nindakake pembelajaranan jarak jauh,
apa maneh iki kalebu sepisanan Dewi bakal ketemu bapak ibu lan kanca-kancane anyar ing SMP.
Sadurunge mangkat sekolah ora lali Dewi sarapan luwih dhisik, amarga ngendikane bapak ibu guru
sadurunge nindakake pembelajaran tatap muka para siswa kudu wis mangan lan ngombe sing cukup.
Bubar sarapan Dewi ora lali pamitan marang bapak lan ibu.

“Bapak, Ibu, kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.” Dewi pamitan karo salim lan ngaras
astane bapak lan ibune.

“Ya ndhuk, sekolah sing temen, aja lali tetep njaga protokol kesehatan!” Ngendikane bapak nuturi Dewi.

“Iya ndhuk, ati-ati ya.” ibu uga ngendikani.

“Nggih pak,bu.” Dewi mangsuli banjur mangkat mlaku menyang sekolah.

Dewi mangkat sekolah amung mlaku, omahe Dewi kepetung ora adoh saka sekolahan udakara amung
500 meter.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, gatekna pratelan ing ngisor iki!


(1)Dewi ngajeni Bapak lan ibunipun

(2)Dewi seneng marang bapak lan ibu


(3)Bapak lan ibu minangka tiyang sepuhipun
(4)Rasa gematine Dewi marang bapak lan ibu

7. Nalika pamitan marang bapak lan ibune Dewi migunakake unggah-ungguh basa krama, bab iki
amarga…

A. (1), (2)

B. (2), (3)

C. (1), (3)

D. (2), (4)

Gatekna pacelathon iki!

Dina Minggu awan ing pasar Fina ketemu karo bu Weni guru Bahasa Jawa ing sekolahane. Fina banjur
sapa aruh marang Bu Weni kang lagi arep mundhut lele.

Fina :”Sugeng siyang Bu Weni”


Bu Weni :”Sugeng siyang mba Fina, kalih sinten mba?”

Fina :”Kula piyambak Bu.”

Bu Weni :”Arep blanja apa mba Fina, kok mung dhewekan?”

Fina :”Kula menika diutus ibu supados tumbas bumbu pawon bu.”

Bu Weni :”Ibumu rak ya sehat to mba, kok kowe menyang pasar dhewe?”

Fina :”Ibu nembe momong adhik, kalian reresik griya bu.”

Bu Weni :”Ya wis kana gek ndang blanja, ndak selak ditunggu ibumu kanggo masak"

Fina :”Inggih bu, matur nuwun.

Sawise maca pacelathon, banjur gatekna pratelan iki!

(1) Fina duwe kapinteran blanja ing pasar.

(2) Fina ketemu karo gurune banjur sapa aruh kanthi bener

3) Fina arep tuku jajan kanggo adhike sing ana ngomah

(4) Fina anggone matur marang Bu Weni nganggo unggah-ungguh basa kang bener.

8. Endi pratelan kang jumbuh karo isine pacelathon?

A. (1) lan (2)

B. (2) lan (3)

C. (2) lan (4)

D. (3) lan (4)

Gatekna wacan iki!

Sakwise pamitan marang bapak lan ibune Shania nuli age-age njangkah sikile mecaki dalan tumuju
sekolahan. Sekolahane Shania ora adoh saka omahe mung udakara setengah kilo meteran, mula saben
dina dheweke cukup mlaku anggone sekolah. Anggone mlaku ana ing sisih kiwa supaya tansah nemu
keslametan. Angger wis metu saka gapura perumahan mesthi banjur kepethuk kanca-kanca kang uga
arep mlebu sekolah. Ana kang mlaku, ana kang numpak pit, ana uga kang diterke wong tuwane kanthi
numpak motor. Dalan tumuju sekolahan tansaya awan tansaya rame, saka ramene bocah sekolah uga
para pegawe pabrik kang ora adoh saka pawiyatan kasebut.

Lakune bocah-bocah ngliwati daleme Pak Lurah kang lagi nyirami tanduran. Mula bocah-bocah iku
banjur padha ndhungklukake sirahe kanthi polatan sumeh, karo matur nuwun sewu ndherek langkung.
Ora let suwe bocah-bocah wis tekan sekolahan. Bocahbocah banjur padha ngucap salam marang guru
kang jumeneng ing regol.

9. Adhedhasar wacan ing dhuwur aranana andharan iki bener apa salah

Andharan Bener Salah


Shania sakanca mlaku dhewe-dhewe anggone mangkat sekolah. Metu saka gapura sepi ora ana kanca
sing liwat. Mbokmenawa wis dha mangkat, Shania tekan sekolahan

10. Gathukna kang trep antarane ukara ing sisih kiwa karo unggah-ungguh basa ing sisih tengen!

Ukara Pilihan

Ngendikane ibu, bapak arep tindak Surabaya sore iki.

A. Krama lugu

B. Krama alus

C. Ngoko lugu

D. Ngoko alus
11. Ganepana cecek-cecek ing ukara iki kanthi milih wangsulan ing sisih tengen!

Aku sing didhawuhi……dhaharan simbah saben dina.

A. maringi

B. nyaosi

C. nyukani

D. ngaturi

Pacelathon kanggo mangsuli pitakon nomer 12-13

Dina Minggu esuk Ratri lan Radit padha katon ibut tumandang gawe ing plataran omah. Bocah loro iku
didhawuhi reresik plataran supaya padhang semilak ora njembrung. Sinambi reresik Ratri nembangke
lagu “Kecik-kecik”.

Ratri : ”Kecik-kecik ditumpakna sepur

Sawo kecik ya dironce-ronce

Sapa pengin urip subur makmur

Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe


Oing numpak andhong sakdhokare

Oing gotong royong ro kancane”


Radit : ”Kowe kuwi nembang apa ta mbak?”
Ratri : ”Lagu kecik-kecik. Durung tau krungu lagu iki pa?”
Radit : ”Woalah, biyen wis tau mireng ning sekolahan nalika pak Ahmadi mulangake materi parikan.”

Ratri : ”Iya, bener aku nembangake lagu iki supaya anggonmu nyambut gawe bisa luwih semangat. Ayo
enggal dirampungake supaya mengko bisa enggal leren.”

Radit : ”Siap komendan!”

12. Isi pacelathon ing dhuwur yaiku….

A. Pangudarasane Ratri lan Radit

B. Reresik plataran omah

C. Tembang kecik-kecik

D. Sinau parikan
13. Miturut lirik lagu” Kecik-kecik”, wose saka ukara sampiran sawo kecik ya dironce-ronce yaiku….

A. Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe

B. Oing numpak andhong sakdhokare

C. Oing gotong royong ro kancane

D. Sapa pengin urip subur makmur

Gatekno cangkriman ing ngisor iki nomer 14 - 15!

14. Bapak pocung yen enom klambine gadhung

Yen wis rada tuwa

Si pocung klambine kuning

Tuwa pisan si pocung klambine abang

wangsulan sing trep yaiku..


A. Gajah

B. Jerapah

C. Pelem

D. Mlinjo
15. Bapak pocung dudu watu dudu gunung

Sangkamu ing Plembang

Ngon ingone sang Bupati

Yen lumampah si pocung lembehan grana

wangsulan sing trep yaiku..

A. Gajah

B. Jerapah

C. Pelem

D. Mlinjo

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

16. puisi jawa modheren kasebut ....

17. apa sing di arani purwakanti...

18. apa basa sing di gunakake ing geguritan...

19. andharna kang di arani gita catur gatra sapada..

20. gaweo geguritan tema bebas minimal 4-5 larik lan sebutno guru gatra,guru lagu,lan guru wilangane!

Anda mungkin juga menyukai