Anda di halaman 1dari 2

Felita Aliya Salsabilla 8F/16

Dina Pertama Sekolah


Senin esuk sekitar jam setengah lima esuk Dayu tangi banjur adus, salat lan ngewangi ibune
masak banjur sarapan bareng bapak lan ibune, sawise sarapan sekitaran jam enem esuk Dayu
njupuk tase ning kamare lan pamitan marang bapak lan ibune. Dayu mangkat sekolah
nganggo sepeda, jarak antara omahe Dayu lan sekolahe lumayan adoh dadi kira-kira Dayu
butuh setengah jaman tekan sekolahan. Dayu akhire tekan sekolah, banjur tekan Dayu
langsung markirke sepedane ing parkiran mburi sekolah. Dina iki dina pertama Dayu dadi
bocah kelas siji SMP ning SMP Nusantara dadi Dayu semangat banget.

“Kelasku ing endi ya?” Dayu takon karo awake dewe sinambi mlaku tumuju lobi sekolah.
Dayu weruh ana sekumpulan cah wedok ing lobi sekolah banjur Dayu nyamperi sekumpulan
cah wedok mau “Nyuwun sewu mbak kula Dayu murid kelas pitu B, kula badhe tanglet kelas
pitu B ing endi ya mba?” Pitakonane Dayu lirih marang sekumpulan cah wedok. “Ooo..
Kelas pitu B ya, kelas pitu B iku tinggal lurus terus banjur belok kiwa ya…” Salah siji cah
wedok ing kumpulan mau jawab pitakonane Dayu. “Maturnuwun ya mba.”Dayu ngucapake
matur nuwun marang cah wedok siang mau jawab pitakonane Dayu. Dayu mlaku ninggalake
swkumpulan cah wedok mau banjur ngikuti arah petunjuk sing dinehi kakak kelase Dayu
mau. Sakuntara Dayu mlaku banjur Dayu tekan tempat ing mau diandani kakak kelase mau.
“Iho kok iki dudu kelas pitu B ya, kok malah tulisane gudang sekolah ya?” Dayu ngomong
ing njero atine. Ternyata Dayu diapusi karo kakak kelase mau. “Ya wis lah rapopo aku tak
muteri sekolahan wae sisan dadi ngerti sisi-sisi sekolah.” Dayu ngomong ing njero ati meneh.
Sakuntara wektu ternyata bel sekolahan wis muni nanging Dayu durung mlebu kelas. Dayu
langkahe dicepetke banjur let sepuluh menit setelah bel sekolah mau muni Dayu ketemu
kelas pitu B banjur ngetok pintu lan ngucapake “Assalamu’alaikum, kula nyuwun
pangapuran ibu guru njih kula telat” “Jenengmu sapa ya?” Bu guru tekon marang Dayu
banjur Dayu langsung mangsuli bu guru “Asminipun kula Dayu bu.” “Oalah Dayu ya masuka
disik, kenangapa kowe kok isa telat?” Bu guru tekon meneh marag dayu “Kula telat amargi
kula bingung goleki kelas ipun bu, kula sampun taglet kakak kelas nanging malah kula
disasarkanen bu.” Dayu mangsuli pitakonan ipun bu guru. “ Ooo ngono ta yo wis rapopo
lingguhan disik iki mau lagi perkenalan kok, kowe ngerti ora jenege kakak kelase mau?”
Dayu sinambi nggletekake tase nong kursi lan linggu njawab pitakonane bu guru “Kula mau
miring kancane manggil dheweke Sita bu.” Bu guru banjur ngomong “Oalah Sita yo, ya
menggo tak nasihati karo tak kone njaluk ngapura marang kowe ya.”

Jam istirahat bu guru pas-pasan karo Sita “Sita mau kowe ngisengi adik kelas ya?” “ Hehehe
inggih bu.” Sita njawab bu guru. “Ora oleh koyo ngono meneh ya sit, sakiki kowe jaluk
ngapura disik karo Dayu.” Bu guru nasihati Sitta sak untara. “Njih bu kula mboten ngulangi
maleh lan kura ajeng jaluk pangapura marang Dayu, matur nuwun bu sampun nasihati kula.”
Sita mlaku tumuju kelase Dayu sawise tekan Sitta ngomong “Dayu aku Sitta kakak kelasmu
aku njaluk ngapura ya mau aku mlasuke kowe.” Dayu sing lagi mangan karo koncone
mandek lan mangsuli Sitta “Mboten nopo-nopo mba kula sampun ngelalekake kejadian wau
kok.” “Sepisan meneh aku njaluk ngapura ya..” Sitta banjur metu saka kelase Dayu. Sawise
kedadean wau Sita njuk wis ra tau maneh ngisengi koncone utawa adik kelase.

Anda mungkin juga menyukai